21.
Jungkung nglirik ngiwa sarta nengen, jroning pikirane mung golek dalan kanggo mlayu sing angel diburu dening wong lima sing arep gawe patine kuwi. Nanging Jungkung isih api-api arep nglawan luwih dhisik, dadi mungsuhe ora ana sing ngira yen dheweke satemene arep mlayu ngoncati. Petungane Jungkung yen sepisanan mungsuhe nyerang dheweke bakal ngendhani, mengko nek mungsuhe wis klena, dheweke ora arep males nanging banjur mlayu sakayange, mbrobos ketele gegrumbulan. Temenan serangan sepisanan, Jungkung isih bisa ngendhani kanthi becik, goloke mungsuhe ora nganti ngenani awake. Nanging bareng serangan kapindho, Jungkung jebul ora bisa endha, wetenge kena didugang mungsuhe, sing ndadekne Jungkung krasa senep lan lara banget, malah dheweke rubuh neng lemah saking ora kuwat ngempet larane. Mungsuhe ngguyu cekakakan karo marani Jungkung sing ngglethak neng lemah.
"Wis Jungkung tangia nek nyata kowe arep nglawan" kandhane wong mau ing sela-selane guyune "nanging nek nggatek aku, timbang kowe tangi banjur tak dugang ndhasmu, luwih becik kowe meneng wae neng kono, mengko tak beleh gulumu saka ngarep ben ora kesuwen nggonmu ngrasakne lara".
Jungkung ora wangsulan uga ora bisa tangi, dheweke wis nyipta yen sedhela maneh bakal mati kanthi ditugel gulune dening wong-wong andhahane Mingkur kuwi. Jungkung mung bisa pasrah marang sing gawe urip. Jungkung tau krungu crita yen sawise mati manungsa bakal manggon nek ora neng suwarga sing endahe ngungkuli kedhaton, isine kabeh sarwa nyenengake, ya kono kuwi papane wong sing becik kelakuwane ora akeh dosane, ya neng neraka sing isine klabang karo ula kanggo nyiksa marang wong sing akeh tumindak dosa. Jungkung ora bisa ngarani dheweke kuwi klebu wong becik apa wong sing kakehan dosa, nanging sadurunge mati Jungkung ya isih eling yen Gusti kagungan sipat sing welas asih, mula gandheng rumangsa yen wis ora bisa nglawan mungsuhe sing ateges kudu ditugel gulune, Jungkung isih kober nyebut nenuwun marang Gusti supaya dislametake ora dicemplungne menyang neraka.
Wong sing nyekel golok kuwi tumuli njambak rambute Jungkung, digeret mendhuwur supaya Jungkung bisa lungguh, kanthi mangkono bakal luwih gampang olehe nugel gulune. Jungkung merem ora wani nyawang gaman sing arep nyembeleh gulune.
"Saiki klakon tak tugel gulumu kowe Jungkung, ndhasmu bakal diijolne lemah teles tinggalane Biyung angkatmu" kandhane wong sing nggawa golok kuwi karo arep numpangne landheping goloke menyang gulune Jungkung.
"He setan alas, sapa kowe wani-wani arep ngregeti papan kene kanthi arep nyembeleh menungsa sing wis ora duwe daya he?" durung nganti goloke wong kuwi nyenggol gulune Jungkung, dumadakan ana wewayangan kumleyang mrepegi papan kuwi karo ngucp pitakonan kanthi suwara sing sereng. Tangane wong sing lagi teka kuwi wis kenceng nggoceki tangan sing nyekel golok, saking kencenge golok kuwi nganti tumiba ing lemah.
Jungkung ngelekne mripate, jebul neng kono wis ngadeg wong gedhe dhuwur, sandhangane sarwa ireng, tangane sing siji sajak entheng nyekel tangane wong sing arep nyembeleh gulune, digeret munggah nganti wong sing mau nyekel golok, kaya pitik sing lagi bubar dibeleh banjur diangkat salah siji suwiwine.
"Aku ngerti kowe wong lima iki nek ndelok sandhang panganggomu cetha nek andhahane Si Mingkur, wong Undur-undur iya apa ora?" Wong sing lagi teka kuwi takon karo nyawang wong-wong andhahane Mingkur kuwi genti genten, sauntara sing dicandhak tangane wis ora bisa apa-apa, krasa yen tenagane dumadakan wis entek, temah ora kuwat ngglawat.
Sing ditakoni padha ora ana sing wangsulan. Malah sing papat padha mlaku maju karo nyepakne gegamane dhewe-dhewe.
"Oo dadi kowe arep nglawan aku ?" Wong sing lagi teka kuwi takon karo suwara sing banter "padha lekna matamu kabeh ya? Nek kowe kabeh durung ngerti, ya aku iki sing aran Sima Rekta, ya Sima Abang. Kene ndang padha maju mrene nek pancen kepengin tak pecahne ndhasmu kabeh".
Krungu wong sing lagi teka kuwi nyebut jenenge, wong papat sing wis siaga karo gegamane padha mandheg, wong papat kuwi katon kaget. Luwih-luwih bareng Sima Abang, nguculi tali klambine, dhadhane diungalne mengarep katon ing dhadhane Sima Abang ana rajah (tato) gambar macan galak sing lagi mangap. Wong papat kuwi kaget, campur rasa miris, malah banjur padha ndheprok nyelehne gegamane dhewe-dhewe.
"Piye?" Sima Abang takon maneh.
"Kula boten wantun kalih panjenengan nDara, kula ajrih, kula nyuwun pangapunten" wong sing mau tangane digoceki Sima Abang.
Sima Abang ngguyu banter, nganti godhong-godhong garing sing durung ucul saka wite padha gogrog kaperbawab dening guyune. Andhahane Mingkur kuwi dadi sansaya wedi, merga guyune Sima Abang krasa kaya arep ngrontog-ngrontogne isen-isene dhadhane wong-wong kuwi.
"Kowe andhahane Mingkur kabeh kudune padha tak pateni merga wis arep gawe regede papan lerenku, nanging dina iki aku lagi ora kepengin gawe pepati, mula sadurunge aku nesu kowe gek padha minggat saka ngarepku kene, minggat sing adoh lan aja wani-wani bali mlebu alas kene maneh" kandhane Sima Abang sawuse meneng olehe ngguyu.
"Inggih, nDara, kula badhe kesah saking mriki" wangsulane wong sing mau dicekel tangane dening Sima Abang makili kancakancane, banjur tangi lan aweh sasmita kanca-kancane supaya padha lunga ngetutne dheweke.
Ora suwe wong lima andhahane Mingkur kuwi banjur kaya setengah mlayu ninggalne papan kuwi. Ora sumbut karo omongane marang Jungkung sadurunge Sima Abang teka.
Jungkung sing uga weruh tekane Sima Abang lan weruh apa sing wis ditindakne, banjur tangi mbrangkang marani Sima Abang sing isih ngadeg ana papane sakawit.
"Kula ngaturaken panuwun Bendara" kandhane Jungkung sawise tekan ngarepe Sima Abang, isih karo mbrangkang.
"He sapa jenengmu Le?" Sima Abang takon karo mesem, tembunge wis ora kasar kaya dhek mau nalika guneman karo andhahane Mingkur.
"Nami kula Jungkung Bendara" wangsulane Jungkung.
"Ya wis, aku wis ngerti ya gene kowe arep dibeleh dening wong-wong mau, merga pancen salahmu dhewe" wangsulane Sima Abang.
"Inggih nDara, salah kula napa nggih?" Jungkung takon apa lupute.
"Luputmu mung siji, ya kuwi kowe ora bisa gelut, dadi Mingkur karo Lurahmu kae ya padha wani tumindak ngrebut warisane Biyungmu Angkat. Upama kowe kuwi bisa gelut lan menangan, ora bakal wong-wong kae wani marani kowe banjur gawe crita sing digawe-gawe kanggo ngrebut bandha sing kudune dadi duwekmu dhewe" wangsulane Sima Abang.
Jungkung ora bisa semaur maneh, wong pancen nyatane dheweke ora bisa gelut tenan. Lan ya lagi iki Jungkung krungu yen wong ora bisa gelut kuwi jebul luput. Mula Jungkung ya banjur meneng wae. Sima Abang banjur nutugne olehe kandha :
"Ngertia Jungkung, jagad iki wis sansaya tuwa, jaman saiki iki sing menangan kuwi sing bakal kuwasa. wong sing ora bisa gelut, uripe bakal njleput, merga bakal gampang dikalahne dening wong sing menangan. Mula dadi wong kuwi nek kepengin urip kepenak kudu dadi wong menangan. Aku wis weruh nek bebalunganmu kuwi yen diopeni bisa ndadekne kowe wong menangan, nanging ya kudu gelem rekasa nyinaoni ulah kanuragan. Yen kowe gelem dadi muridku, mangka sajroning wektu kurang saka setahun kowe mesthi wis dadi wong menangan, nek mung Lurah, Bekel utawa Mingkur saandhahane kae ora bakal bisa menang munsuh kowe. Piye kowe kepengin dadi wong menangan apa pilih kaya saiki iki, uripmu mung dienggo dolanan dening wong-wong sing rumangsa menang kae?".
Krungu kandhane Sima Abang sing ngono kuwi, Jungkung rumangsa seneng atine. Mula ora sranta sikile Sima Abang banjur dirangkul karo guneman :
"Guru, kula sagah dados murid panjenengan lan kula sumpah wiwit dinten menika kula badhe ndherek sedaya dhawuh saha piwucalipun Guru dhateng kula".
"Bagus!" Sima Abang aweh wangsulan karo suwara sing nuduhne senenging atine "Yen ngono, aja kesuwen saiki melua aku lan urip bareng awor aku neng pondhokanku kana".
Muni ngono kuwi, karo tangane Sima Abang nyandhak awake Jungkung digeret supaya ngadeg. Jungkung mung bisa nurut, nalika Sima Abang mlaku arep mulih, Jungkung ngetutne neng mburine. Wiwit dina kuwi, Jungkung wis dadi muride Sima Rekta alias Sima Abang. Lan manggon kumpul ana Paguron Parang Abang, bareng lan para muride Sima Abang liyane.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar