20.
Metu saka omah Jungkung wis ora tolah-toleh maneh, butuhe mlaku mengarep senajan ngendi sing arep dituju uga durung cetha. Nalika lakune Jungkung tekan kali sing kulina dienggo adus lan dolanan bocah-bocah, dheweke mandheg. Lelakon jaman dheweke didakwa lan dipilara dening Leya lan para rewange Ki Lurah, diece-ece minangka maling dening wong-wong lan bocah-bocah bali katon cetha ing pangeling-elinge. Neng Kali kuwi Jungkung nemoni crita sing ndadekne meh wae nyawane ilang, merga saking wentalane para rewange Ki Lurah lan nalika dheweke kebukti ora luput, ora ana siji-sijia wong sing gelem njaluk pangapura. Malah dheweke prasasat diumbar gumlethak neng emper pendhapane Ki Lurah kanthi kahanan sing isih sempaut merga dipilara dening wong-wong sing rumangsa ora tau tumindak luput dumeh lagi disampiri panguwasa. Jaman semana, Kuncung sing sembrana, Jungkung sing kudu cilaka, saiki genti mbuh sebab apa Ki Lurah lan Ki Bekel wis mentala ngrebut bandha tinggalane Biyunge Pupon, sing jare arep dipasrahne Mingkur sing ngaku-aku minangka ponakane mBok Randha Dirah, Biyung Pupone.
"Sajake pancen Dhanyange Desa kene iki ora lila nek aku manggon neng kene" kandhane Jungkung sajroning ati sawise kelingan lelakon-lelakon uripe sing mung tansah nemu kasangsaran ing desa kono kuwi "ya ta nek pancen ngono, jagad iki jarene jembar, aku tak lunga wae saka kene, golek panggonan sing Dhanyange gelem nampa ragaku manggon neng lemah babadane".
"Lha banjur lunga menyang ngendi?" batine sing sesisih takon "bener jagad iki jembar, nanging kowe durung tau ngerti desa liyane desa kene".
"Embuh sak manggon-manggone aku ora idhep, manggon neng alas ya ora apa-apa, upamaa mati dadi pakane dhemit alas tak kira kuwi isih luwih kepenak tinimbang urip neng desa sing mung aweh rekasaning urip iki".
Kanthi tekad kuwi, Jungkung banjur nerusne lakune mengulon, sokur mengko nek sawise ngliwati alas banjur kepethuk desa, upama ora ana desa sing dipethuki, uripa neng alas ya ora apa-apa, sing baku bisa adoh karo wong-wong sing saben-saben kelingan jeneng utawa wewayangane ndadekne atine Jungkung gela kaworan nesu merga rumangsa wis dianiaya uripe.
Kanthi ngrekasa Jungkung golek dalan kanggo liwat neng jero alas kuwi, karo mlaku dheweke tolah-toleh mbok menawa ana panggonan sing kena kanggo leren sokur banjur bisa didadekne panggonan kanggo nerusne uripe. Lagi wae Jungkung nggagas mangkono kuwi mau, dumadakan saka walik grumbul katon ana wewayangane wong lima sing mau mara menyang omahe Biyunge Pupon sawuse diceluk Mingkur nganggo suwara singsutan. Pating pencolot wong lima kuwi padha marani panggonane Jungkung sing lagi mandheg.
"He, Jungkung" salah siji saka wong lima kuwi takon karo nggetak "kowe arep menyang ngendi?".
Ditakoni kanthi cara sing kasar ngono kuwi Jungkung rumangsa ora seneng, luwih-luwih Jungkung ya ngerti nek sing takon kuwi cetha nek kancane Mingkur sing wis ngrebut bandha sing kudune dadi duweke.
"Aku arep minggat!" wangsulane Jungkung atos "eneng apa?".
Diwangsuli karo suwara sing atos, wong sing takon karo kanca-kancane padha ngguyu lakak-lakak. Guyune wong sing weruh barang sing lucu.
"Gek olehmu arep minggat kuwi menyang ngendi?" wong kuwi mau takon maneh karo ngguyu sajak ngece banget.
"Kowe rak ya wis weruh ta? aku iki arep mlaku menyang ngendi? butuhku minggat ya minggat, sateka-tekane lan sakuwate sikilku mlaku nggawa awakku" wangsulane Jungkung ora maelu nek digeguyu.
"Apa kowe wis niyat nglalu?" wong kuwi takon maneh "kowe mlaku arep nasak alas, kamangka isen-isene alas iki kajaba kewan-kewan galak sing sing dhemen mangsa menungsa ya akeh bangsane jim setan brekasakan sing panganane ya menungsa, ngertia sadurunge oleh sedina kowe mlaku neng alas kene iki, kowe wis mati tak kandhani, nek ora merga dipangan kewan galak ya diemplok bangsane brekasakan!".
"Kuwi dudu urusanmu, uwis ora sah ndadak takon-takon menyang aku maneh, aku arep nerusne lakuku" kandhane Jungkung karo arep jumangkah nerusne laku.
"Aja mbok terusne lakumu sing mung arep nemu pati dadi pangane kewan utawa brekasakan, Jungkung" kandhane wong kuwi mau ngendheg Jungkung sing arep mbacutne laku "tekaku kene mau mung arep aweh bebantu marang kowe, nek kowe wis niyat nglalu ora perlu ndadak adoh-adoh olehmu mlaku. Kene, manuta tak tugel gulumu, mengko ragamu tak ruktine kaya lumrahe wong sing wis mati, tak pendhem neng alas kene, banjur sirahmu tak tuduhne marang Juraganku, bar kuwi lagi tak pendhem neng desa kana".
Githoke Jungkung mrinding krungu gunemane wong kuwi, cetha nek Mingkur ora mung murih bandha tinggalane mBok Randha Dirah wae, nanging uga ngarah nyawane Jungkung. Ya gene Mingkur duwe tekad sing mangkono kuwi? Jungkung sing wis ngalahi lunga lan nglilakne bandha tinggalane mBok Randha Dirah dikuwasani Mingkur lan sing rupa lemah teles dikuwasani Ki Lurah karo Ki Bekel, teka isih diarah patine.
"Kowe aja ngira nek Ki Mingkur lan Ki Lurah lan Ki Bekel kuwi bisa mbok bodhokne Jungkung" kandhane wong mau maneh "rumangsamu wong-wong kae ora ngerti? rumangsamu nek kowe wis minggat saka omah ngono kuwi Ki Lurah, Ki Bekel karo Ki Mingkur wis lega? Ora Jungkung, wong-wong kae ngerti, olehmu lunga nggawa ati lara, mbuh kapan tahune, kowe mesthi bakal bali maneh menyang omah sing mbok tinggalne, males lara wirangmu marang Ki Mingkur, Ki Lurah lan Ki Bekel sing saiki lagi ngedum bandhane mBok Randha Dirah. Tak blakani ya Jungkung? Ki Mingkur kae pancen dudu ponakane mBok Randha Dirah, sing ndadekne Ki Mingkur dadi ponakane mBok Randha Dirah kuwi ya Ki Lurah karo Ki Bekel, pamrihe ben bandha tinggalane Mbok Randha Dirah bisa didum wong telu".
"Ora sah mbok kandhani aku wis ngerti!" wangsulane Jungkung.
"Nanging kowe rak durung ngerti nek aku sakancaku iki ya kepengin oleh bageyan saka bandha tinggalane Biyung angkatmu kae ta?" wong kuwi takon karo ngguyu ngece.
"Dadi kowe karo kanca-kancamu kuwi ya melik barang sing dudu duwekmu kabeh kuwi?" Jungkung mentheleng.
"Apa lupute nek aku kepengin oleh bagehan? wong aku ya bisa mujudi patukone?".
"Apa patukone ?"
"Sirahmu Jungkung!" wangsulane wong kuwi karo ngunus golok saka wrangkane "aku sakancaku iki bakal oleh bageyan nek wis bisa nyangking sirahmu lan nuduhne neng ngarepe Ki Mingkur. Mula dimen ora pati suwe nggonmu ngrasakne lara, saiki manuta wae, gulumu arep tak tugel nganggo golokku iki, aja kuwatir mengko awakmu bakal tak pendhem neng alas kene, sirahmu ya arep tak pendhem kanthi becik nek wis dipirsani karo Ki Mingkur, Ki Lurah lan Ki Bekel".
Jungkung ngerti nek ora ana pangarep-arep bisa menang mungsuh wong lima sing ana ngarepe kuwi. Aja maneh kok mungsuh wong lima sing kabeh nggawa gegaman, sedheng mungsuh wong siji wae Jungkung durung karuwan bisa ngalahake, lha wong ya sajege urip Jungkung kuwi durung tau sinau carane tukaran. Nanging Jungkung uga ora lila nek gulune ditugel, sirahe dipisah karo awake, Jungkung uga durung kepengin mati. Isih kepengin nerusne uripe. Olehe budhal minggat ninggal omahe iki mau wae uga merga saka kepengine olehe bisa nerusne urip. Satemene Jungkung ya ngerti nek minggat mlebu alas kuwi luwih mbebayani, merga kondhange neng alas kuwi akeh kewan galak lan uga akeh bangsane brekasakan. Nanging galake kewan lan nggragase brekasakan, pranyata sok-sok isih kalah karo galak lan nggragase manungsa. Saiki Jungkung dipeksa ngadhepi wong lima, mbuh dadine Jungkung kudu wani. Wani ateges mati, yen wedi cetha nek bakal mati. Jungkung arep nekad nglawan wong lima ing andhahane Mingkur kuwi.
"Kowe arep nglawan Jungkung?" wong sing nyekel golok neng ngarepe kuwi nggetak.
"Jangkrik wae dicekel nylenthik, apa maneh aku? Aku emoh mati saiki Lik!" wangsulane Jungkung karo suwara sing kedher.
"Caaa" wong kuwi nyeluk mbengoki kancane "Jungkung arep wani, ayo ditandangi!".
"Mandhak ngadhepi bocah cacingen kaya ngono wae kok kowe kuwi ndadak ajak-ajak ta ?" wangsulane salah siji saka kancane kuwi "mbok ndang ditandangi dhewe, mengko wae nek wis rampung, kowe gak sah melu cawe-cawe tumandang mendhem awake bocah kuwi".
"Ya uwis nek ngono" wangsulane wong sing nggawa golok kuwi karo tata-tata, nyilakne jarike banjur arep mlangkah maju nyedhaki Jungkung sing uga wis tata-tata nempuh tekane bebaya.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar