19.
Nek ngugemi welinge mBok Randha Dirah iya nalikane isih waras biyen lan uga nalikane mBok Randha Dirah lara sing wekasane ndadekne patine, Jungkung nggagas kudune dheweke ngukuhi apa sing dadi tinggalane mBok Randha Dirah kabeh kuwi minangka duweke. Luwih-luwih selawase Jungkung ya durung tau weruh yen Mingkur sing lagi teka kuwi temen-temen ponakane mBok Randha Dirah. Dadi Jungkung duwe tekad ora arep ngulungne bandha donya tinggalane mBok Randha Dirah sing wis ngangkat dheweke dadi anake kuwi marang sapa wae, klebu marang Ki Lurah utawa Ki Bekel sing dadi wewakiling parentah Desa.
Beda sing digagas Jungkung, beda maneh karo sing ana gagasane Mingkur. Mingkur duwe pangira yen olehe meneng Jungkung lan ora enggal aweh wangsulan marang Ki Bekel sarta Ki Lurah kuwi amerga mbok menawa Jungkung isih bingung arep lunga menyang ngendi sawise yen omah sing dipanggoni kuwi dijaluk dening sing nduwe. Mingkur tumuli nuduhne jiwa wicaksanane marang nom-noman sing lagi wae ditinggal mati dening wong tuwane angkat kuwi.
"Aku ngerti nek wektu iki kowe lagi bingung, Jungkung" kandhane
Mingkur sawuse rada suwe kahanan sepi ora ana sing guneman "nek perkara
kowe arep manggon neng ngendi sawuse omah lan pekarangan sarta pategalan iki
kudu dadi duwekku, gandheng ngelingi kabecikanmu sasuwene ngenger marang Bibi
Dirah, kowe isih tak lilani mapan ing omah kene nanging jejermu neng kene ya
padha karo nalika Bibi Dirah isih urip, ya iku kowe mung saderma dadi rewang
samono uga olehmu ngopeni pategalan tinggalane Bibi Dirah, kowe ya mung wenang
ngopeni nanging ora wenang nduweni utawa murba wulu wetune pategalan".
"Wis genah ta, Jungkung?" Ki Lurah numpangi rembuge Mingkur "awit saka murahing penggalihe anak mas Mingkur, kowe ora ditundhung kudu lunga saka omah iki. Mula becike minangka wong sing ngerti ing reh tata krama, enggala ngaturake panuwun marang Nakmas Mingkur".
"Mangke rumiyin Ki Lurah" Jungkung wangsulan karo rada ndhangak nyawang Ki Lurah "jejer kula manggen ing griya mriki niku boten sadermi rencangipun sawargi Biyung Dirah, nanging kula ing mriki niki rumiyin awit dipun kersakaken dening Biyung kadhaku minangka yoga. Tangga tepalih ugi sami sumerep menawi kula menika dede rewangipun Biyung Dirah, nanging kula niki yoganipun. Lan saderngipun Biyung kapundhut dening Gusti, Biyung ninggal weling bilih sedaya ingkang dipun tilar Biyung menika dados gadhahan kula. Dados paugeran ingkang Ki Lurah dhawuhne ing ngajeng menika boten saged dipun cakne ing babagan menika, jalaran kanyatanipun pejahipun Biyung nilar yoga, inggih menika kula".
Ki Lurah, Ki Bekel lan Mingkur rada kaget krungu wangsulane Jungkung sing kaya ngono kuwi. Wangsulan kuwi cetha yen Jungkung wis rumangsa nduweni kabeh tinggalane mBok Randha Dirah lan ora nganggep babar pisan karo tekane Mingkur sing tekane ing kono jejer minangka ponakane mBok Randha Dirah sing arep ngukud bandha donya sing ditinggal mati dening Bibine.
"Kowe aja banjur keladuk wani ngono kuwi, Jungkung" Mingkur sing wangsulan dhisik dhewe marang tembunge Jungkung "kowe aja banjur ngawu gawar, rumangsa dadi anak angkate Bibi Dirah, aku minangka ponakane Bibi ngerti, jejermu neng kene kuwi merga kowe biyen bocah lola sing uripe ora pakra, merga Bibi duwe rasa welas kowe dikukup diopeni, ora kok didadekne anake".
"Sekedhap Kakang Mingkur" Jungkung wangsulan wani "tangga tepalih ing mriki sedaya ngertos nek kula niki anak pupone Biyung Dirah, dadi kula boten ngawu gawar kados sing ndika kandhakne niku".
"Jungkung" Ki Bekel guneman suwarne wiwit keprungu rada atos "kowe kena wae ngoceh nek kowe kuwi anak pupone mBok Randha Dirah, nanging kuwi ora ana gunane, merga ora ana bukti layang kekancingan sing ditapak astani Ki Lurah yen mBok Randha Dirah wis mupu kowe dadi anake".
"Dados paseksene para tangga tepalih ing mriki nek kula niki anake Biyung Dirah niku boten ndika pitados Ki Bekel?" Jungkung mangsuli kandhane Ki Bekel karo takon.
"Kapeksa sing mbok kandhakne paseksen kuwi ora bisa ditampa, Jungkung" wangsulane Ki Bekel "paugeran sing ana nyebutake yen ngangkat anak pupon kuwi kudu ana layang kekancingan sing ditapak astani dening Ki Lurah sing nalika iku isih madeg dadi Lurah. Utawa saora-orane, Ki Lurah, Ki Carik lan Ki Bekel kudu nekseni nek ana wong ngangkat anak dadi anak pupone. Kamangka aku minangka Bekel lan Ki Lurah babar pisan ora tau krungu nek kowe wis diangkat dadi anak pupone mBok Randha Dirah. Dadi panggah wae, kowe kuwi dudu apa-apane mBok Randha Dirah lan babar pisan ora nduweni wewenang njaluk tinggalane mBok Randha Dirah".
"Lha menawi Kakang Mingkur niki?" Jungkung takon karo suwara sing uga rada atos "selawase kula dados anake Biyung Dirah, dereng tau kula sumerep piyambake dugi mriki, malah tangga tepalih nggih mpun ngerti nek Biyung niku boten gadhah sedherek utawi kulawarga malih. Lha kok sareng Biyung Dirah pejah, dumadakan kanthi sekeca ngaku-aku minangka ponakane, niku napa nggih klebet nalar Ki Bekel?".
"Kuwi beda, Jungkung" Ki Lurah sing genti mangsuli pitakone Jungkung "sanajan wong sadesa sing dadi tanggane mBok Randha Dirah ora ngerti, nanging Anak Mas Mingkur panggah jejer dadi ponakane mBok Dirah, jalaran aku lan Ki Bekel wani madeg dadi seksi nek Anakmas Mingkur iki temen-temen ponakane mBok Randha Dirah".
Dumadakan wong lanang sing jeneng Mingkur kuwi ngobahne lambene, lan saka tutuke ngetokne suwara singsut sing banter banget ngemba suwarane manuk kedasih sing lagi ngasih-asih. Jungkung dadi kaget lan ora ngerti apa karepe Mingkur ngetokne suwara sing memper suwara sasmita kuwi.
"Upami kula boten percaya kalih paseksen ndika pripun Ki Lurah?" dumadakan tanpa merdulekne suwara singsute Mingkur Jungkung takon marang Ki Lurah.
"Yen kowe ora percaya karo paseksenku lan paseksene Ki Bekel, ateges kowe wis wani mirong kampuh jingga neng ngarepku, Jungkung" wangsulane Ki Lurah atos "kowe wis wani nantang paugeran lan pranataning desa, kowe mesthi bakal nampa pidana sing abot, malah yen kowe didakwa wis wani nantang pranatan ukumane padha karo wong sing mbalela, ya kuwi pidana pati".
Bareng karo menenge suwarane Ki Lurah nggone wangsulan marang Jungkung, dumadakan ing plataran omahe mBok Randha Dirah katon ana wong lima sing durung tau ditepungi dening Jungkung. Wong lima sing awake gedhe-gedhe kanthi sandhangan sing serem-serem kuwi padha mara lan ngepung omahe mBok Randha Dirah. Jungkung banjur ngerti apa maknane suwara singsut sing lagi wae metu saka lambene Mingkur.
"Saiki karepmu piye, Jungkung?" Ki Bekel banjur naker marang Jungkung "Kowe gelem mbiyantu aku karo Ki Lurah kanthi masrahake bandha tinggalane mBok Randha Dirah iki marang anak mas Mingkur? apa kowe milih nampa pidana merga wis kebukten yen kowe arep mbalela?".
"Kula boten butuh dipasrahi bandha tinggalane Bibi kula Ki Bekel" Mingkur guneman marang Ki Bekel sing lagi wae naker Jungkung "betah kula, kula mriki niki wau badhe ngukud bandha tilarane Bibi ingkang samangke sampun dados gadhahan kula, Ki Bekel kalih Ki Lurah sampun dados seksi nek lampah kula niki sampun leres lan sampun jumbuh kaliyan pranatan. Dene menawi wonten tiyang ingkang badhe nekad ngukuhi bandha tilarane Bibi niki, nggih kapeksa badhe kula singkiraken kemawon, idhep-idhep mbiyantu desa lan negara numpes tiyang ingkang cetha wantun mengsahi pranatan lan paugeraning desa".
Jungkung wis krasa yen Mingkur arep migunakne kekuwatan sing diduweni kanggo meksa dheweke lan ngrebut bandhane Biyung Pupone. Ngrumangsani yen awake ringkih lan Jungkung weruh dhewe yen Mingkur wis nekakne wong-wong kasar sing saiki ngepung omahe, sarta Jungkung uga ngrumangsani arepa kopat-kapita kaya ula tapak angin, kekejera kaya branjangan, ora bakal ana critane wong ijen bisa menang mungsuh panguwasa. Mula sawuse meneng sauntara Jungkung iya banjur kandha karo suwara sing abot, ditujokne marang Ki Lurah lan Ki Bekel :
"Inggih Ki Lurah lan Ki Bekel, badhea kados napa wekdal niki kula boten badhe wani mungsuh ndika kekalih lan kula nggih boten wani mungsuh tiyang ingkang nggadhahi kekiyatan tuwin panguwaos. Kula badhe kesah saking griya niki sak niki ugi. Mugi-mugi alusipun Biyung ing alam kalanggengan saged tentrem lan boten keganggu awit wontenipun prakawis menika".
Bubar muni ngono kuwi, tanpa salin lan tanpa tata-tata Jungkung banjur ngadeg, mlaku metu ninggalne omah sing dening sing duwe wis tau dipasrahne marang dheweke. Ki Lurah karo Ki Bekel ora mangsuli olehe pamitan Jungkung, malah keprungu ngguyu sajak wis kalegan atine. Ki Lurah ngguyu sansaya banter bareng-bareng karo guyune Ki Bekel lan Mingkur sing wis rumangsa bisa ngalahne Jungkung, nom-noman sing tenane bocah sing wis lola.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar