Total Tayangan Halaman

Selasa, 14 Desember 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (018)

 


18.

Lon-lonan Jungkung noleh ngiwa nengen. awake isih krasa lara kabeh. Jungkung lali mbuh wis pirang dina dheweke ngglethak neng amben sing saiki diglethaki kuwi. Keri dhewe sing dielingi Jungkung, dheweke ngglethak neng pendhapa kalurahan, digoleki wong arep dikabari nek biyunge wis mati. Bar kuwi Jungkung wis lali kabeh, ora eling apa-apa. Ngerti-ngerti saiki dheweke wis ngglethak neng amben sing selawase durung tau dingerteni.  Neng panggonan sing kahanane beda adoh karo omahe, cetha nek iki neng omahe wong liya, dudu neng omah sing kulina dipanggoni karo wong tuwane. Alon-alon Jungkung tangi, mapan lungguh, dheweke kelingan yen isih duwe kuwajiban sing  kudu ditindakne, ya iku ngubur Biyunge sing jarene wong sing kabar-kabar mau wis mati.

 

"Wis bisa lungguh dhewe ta ngger?" dumadakan ana suwarane wong takon sing banjur mara nyedahki. Jungkung noleh asale suwara, katon wong sing mau aweh panganan marang dheweke, sega neng layah lawuh jangan bening karo bothok lirih, sing durung kober dipuluk kesusu diparani dening Leya, rewange Ki Lurah sing nggoleki ali-aline Kuncung.

 

"Aja dienggo tangi dhisik nek pancen durung kuwat, Jungkung" wong wadon setengah tuwa kuwi guneman maneh karo mapan lungguh neng cedhake "sanadyan sing abuh-abuh wis kisep kabeh, tatu-tatune wis padha garing, nanging ya aja dipeksa kanggo tangi dhisik, ben nganti waras tenan".

 

"Kula niki teng pundi ta Yung? lan Biyunge kula pripun? mesakne nek dereng enten sing ngupakara layone" Jungkung guneman lirih karo nyawang wong wadon setengah tuwa sing lungguh neng sandhinge kuwi.

 

"Ora sah mikir sing abot-abor dhisik!" wong wadon kuwi semaur alon "kowe tak kon ngeterne menyang omahku kene, aku ora tega nek kowe arep diseleh neng empere Kalurahan kanggo diopeni ben waras, kuwi wis sepasa kepungkur, lan biyungmu uga wis dirukti kanthi apa mesthine dening sedulur-sedulur kene, suk emben wae nek awakmu wis waras tenan, kuburane biyungmu tilikana lan resikana kaya lumrahe kuburane wong liyane. Saiki sing baku kowe kudu waras luwih dhisik".

 

Jungkung ora semaur maneh, sirahe krasa mumet panyawange bali klemun-klemun. Jungkung bali mapan ngglethak kaya mau. Meh setengah sasi Jungkung diopeni neng omahe mBok Randha Dirah sing ora duwe anak. Kanthi kebak rasa welas asih Jungkung diopeni, ditambani nganggo bobokan gegodhongan sing dingerteni mBok Randha Dirah, nganti waras tenan.

 

Bareng Jungkung wis waras, tenagane bali pulih, gandheng mBok Randha Dirah urip ijen, Jungkung banjur dipek dadi anake, Jungkung sing wis ora duwe sapa-sapa kuwi ya gelem. Urip dadi anake mBok Randha Dirah, Jungkung dadi luwih kopen. Sanajan mung sethithik, mBok Randha Dirah duwe pategalan sing asile cukup kanggo urip karo Jungkung. Dadi Jungkung ora saben dina ider bau, tawa tenaga kanggo golek panganan saemplokan. Dhasare Jungkung kuwi bocah sing sregep, tegalane mBok Randha Dirah ya dadi luwih becik kahanane. Tanduran Ketela Pohung, Uwi, gembili lan sapiturute dadi sansaya subur lan sansaya akeh ngetokne asile. Tanduran klapa ya mundhak dadi sansaya mbriyet uwohe, amarga saben-saben tansah dikresaki dening Jungkung. mBok Randha Dirah dadi sansaya asih lan tresna marang anak pupone kuwi.

 

Nanging, ana unen-unen sing ngandhakne yen krodhaning ati tan kuwawa mbedhah kuthaning pasti, karepe sing dadi lakon kudu manut karo sing gawe crita, kuwi nyata ora bisa diselaki. Telung tahun ngrasakne urip sing rada temata, mBok Randha Dirah ketaman lelara, wis ora kurang-kurang Jungkung ngupadi tamba, nekani Dhukun lan wong tuwa supaya Biyunge Pupon kuwi bisa waras. Nanging, mundhak dina larane mBok Randha ora suda, nanging malah sansaya ndadra, wekasan mbarengi tumibane wektu sing becik, mBok Randha Dirah katimbalan dening Gusti Allah, bali menyang jaman kelanggengan. Rasa sedhih ing atine Jungkung sing saiki wis ngancik meh diwasa ora kena digambarake. Kanggone Jungkung ditinggal mati Biyunge dhewe karo ditinggal mati dening Biyung pupone kuwi padha. mBok Randha Dirah jaman isih urip  kuwi tau crita, yen uripe neng ngalam donya iki sawuse ditinggal mati dening bojone, mung kari ijen tanpa sanak tanpa kadang. Mula bareng Jungkung gelem dipupu dadi anake, mBok Randha Dirah rumangsa nampa kanugrahan, uripe wis ora kijenan maneh. Jungkung sanadyan mung anak pupon digegadhang bisoa mbesuk nyambung sejarah uripe. Jungkung dhewe sing ngrumangsani yen wis jinunjung panguripane sak jege dadi anake pupon mBok Randha Dirah, janji sajroning ati bakal mendhem jero mikul dhuwur marang wong sing wis gelem ngramut uripe.

 

Let pitung dina sabubare mBok Randha Dirah dikubur, ambeneri bareng karo Jungkung bali saka pategalan, ing omahe ana dhayoh sing mara dikancani karo Ki Lurah lan Ki Bekel. Wong lanang sing merdhayoh kuwi umur-umurane kira-kira limang tahunan luwih tuwa tinimbang Jungkung, sandhangane katon sarwa becik lan resik, nuduhne nek wong kuwi kecukupan uripe. Gage wae Jungkung mbagekne sarta ngacarani tamu mau apa dene Ki Lurah lan Ki Bekel padha mlebu neng jero omah. Jungkung uga gage wae anggone ngglear klasa kanggo lungguh dhayoh-dhayohe.

 

"Ngene ya Jungkung" kandhane Ki Lurah marang Jungkung sawise mapan lungguh neng klasa "tekaku mrene iki mau, kajaba kepengin ngerti kabar kuwarsanmu ya ana perlu sethithik karo kowe".

 

"Inggih Ki Lurah" wangsulane Jungkung kurmat banget. Senajan satemene atine Jungkung isih krasa bingget marang Ki Lurah, kelingan jaman dheweke didakwa ndhelikne ali-aline Kuncung lan sawise dipala lan dipilara dening rewang-rewange Ki Lurah, upama ora ditulungi mBok Randha Dirah kira-kira wae Jungkung wis mati nusul Biyunge.

 

"Lha sing dadi perluku karo kowe, aku mung ngeterne Anak Mas Mingkur iki" kandhane Ki Lurah sabanjure, Jungkung durung wangsulan mung sajak nyemak lan ngrungokne apa sing dikandhakne dening Ki Lurah "Anak Mas Mingkur iki, isih kapernah pulunan karo sawargi mBok Randha Dirah ya wong sing mbok dhereki sasuwene iki. Wong tuwane anak mas Mingkur iki, isih mbakyune mBok Randha Dirah. Lha sing dilenggahi wektu iki ana Desa Bokor sak lore desane dhewe kene iki".

 

"Lha lajeng  Kakang Mingkur punika rawuh mriki menapa badhe tuwi dhateng Biyung Dirah?" Jungkung medhot kandhane Ki Lurah karo takon "gandheng samangke Biyung sampun boten wonten, menawi kepareng kula saged ndherekne Kakang Mingkur dhateng pasareyanipun Biyung".

 

Muni ngono kuwi, Jungkung karo ngeling-eling apa sing tau dicritakne dening Biyung Pupone sing ngandhakne nek mBok Randha Dirah kuwi ora duwe sedulur. Lan selawase dadi anake mBok Randha Dirah, Jungkung durung tau weruh ana sedulur utawa kulawargane mBok Randha Dirah sing sanja menyang omah kono kuwi. Iki kok mara-mara ana wong teka sing ngaku-aku nek isih ponakane mBok Randha Dirah? Apa sing dadi tujuwane?.

 

"Perkara   niliki pasareyane mBok Randha kuwi bisa dirembug mengko Jungkung" Ki Bekel melu guneman "sing luwih baku, yaiku bab barang darbeke mBok Randha Dirah sing saiki wis ditinggal keri neng donya".

 

"Kersanipun kados pundi Ki Bekel?" pitakone Jungkung marang Ki Bekel, nalare Jungkung wiwit nggagas lan wiwit bisa ngira-ira mungguh tujuwane Mingkur sing ngaku-aku isih ponakane mBok Randha Dirah kuwi.

 

"Miturut paugeran sing lumaku ing desa kene wiwit jaman kuna makuna biyen, yen ana wong sing ora duwe anak utawa turun sing isih urip, mangka bandha donya sing ditinggal sawise wong mau mati, mangka banjur dadi kukubane desa. Sanadyan mangkono, upama wong sing mati mau isih duwe ponakan utawa sedulur sing isih urip, mangka bandha tinggalane mung satelon sing dadi kukubane Desa, lha sing rong protelon dening Desa kudu dipasrahne marang sedulur utawa ponakane sing isih urip kuwi mau" Ki Bekel aweh wangsulan marang Jungkung karo aweh pangerten babagan bandha tinggalane wong sing wis mati adhedhasar paugeran sing ana.

 

"Lha saiki, gandheng mBok Randha Dirah nyatane ya wis ora ana, kamangka mBok Randha Dirah kuwi kagungan ponakan siji yaiku Anakmas Mingkur iki. Mula tekaku kene iki mau arep ngandhani kowe, supaya kowe tumuli metu saka omahe mBok Randha Dirah iki kanggo selawase, sebab omah lan kabeh bandha tinggalane mBok Randha Dirah sing wujud omah lan pategalan iki wis dadi kagungane Anak Mas Mingkur, dene lemah teles sing manggon neng sakulone Kucur kae bakal dadi bandha duweke desa" Ki Lurah nyambung kandhane Ki Bekel marang Jungkung.

 

Jungkung ora bisa kumecap kanggo wangsulan, atine ora trima yen kudu lunga saka omah kono kuwi. Kuwi omahe Biyunge Pupon sing tau kandha yen sawayah-wayah Biyunge pupon kuwi dipundhut dening sing Kuwasa mangka kabeh sing ditinggalne dadi duweke Jungkung.

 

ana candhake.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...