Total Tayangan Halaman

Senin, 13 Desember 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (017)

 


17.

Tekan kalurahan Jungkung dikongkon ngadeg neng latar, Leya banjur nyeluk kanca-kancane. Bocah umur sepuluh tahun sing raine wis bengeb kabeh kuwi banjur genti genten dipala, ana sing njambak rambute, ana sing njewer kupinge, ngaplok sirahe, ana uga sing nganggo cuthik lengen lan kentole Jungkung disabeti nganti nggaler-nggaler. Jungkung wis ora kuwat sambat maneh, dheweke wis ngira nek mbok menawa dina iki wis teka titi wancine mati. Wong-wong desa akeh sing padha nonton, ngrubung lan ngupengi Jungkung sing arep diadili, diadili merga wis kedakwa njupuk ali-aline Kuncung sing tiba neng kali. Akeh wong sing rumangsa welas weruh kahanane Jungkung sing wis remoh-remoh awake, nanging uga ana sing melu ngigit-igit, merga sengite marang bocah nadyan durung pati gedhe nanging wis wiwit seneng melik barang sing dudu darbeke, nek diumbar lan ora diajar, bocah ngono kuwi bisa nenulari kanca-kanca sabarakane.

 

Nadyan wis dipala nganti ora karu-karuwan dening rewang-rewange Ki Lurah, nanging Jungkung panggah meneng, babar pisan ora mangsuli pitakon sing ditujokne marang dheweke. Sing mangkono kuwi ora ndadekne sing padha nakoni welas, nanging malah sansaya nesu lan nambahi anggone milara marang Jungkung. Bareng wis Jungkung wis thele-thele, Ki Lurah metu saka omah arep aweh putusan marang bocah sing wis kedakwa njupuk ali-aline Kuncung, anake lanang. Satemene Ki Lurah ya rada anyel krungu nek ali-aline anake lanang sing durung suwe olehe ndandakne neng nggone kemasan sing ana kutha kuwi ilang, merga wis bola-bali Kuncung dikandhani supaya nek dolan ali-aline ora dienggo, lha kok malah adus neng kali wae ali-aline panggah digawa, wekasan ceblok lan ditemu bocah sing jenenge Jungkung. Maune pas oleh wadulan saka Nyai Lurah nek ali-aline Kuncung ditemu Jungkung, Ki Lurah duwe niyat arep aweh ganjaran marang sing nemu ali-ali kuwi, nanging bareng oleh wadulan nek sing nemu jebul ora ngaku, Ki Lurah banjur malih dadi nesu.

 

Karo nyeret tekene sing digawe saka pring lanang sing temu rose, Ki Lurah miyak kepungane wong-wong sing ngrubung Jungkung. Leya, rewange Ki Lurah sing nggawa Jungkung menyang latar Kalurahan bareng weruh nek Lurahe wis mara, gageyan njupuk kursi kanggo lungguh lurahe sing arep wiwit nakoni lan ngadili si Jungkung.

 

"Sapa jenengmu Le?" karo suwara sing ora nuduhne yen lagi nesu Ki Lurah takon.

 

"Jungkung, Ki Lurah" wangsulane Jungkung karo ndhingkluk, rasane awake isih ora karuwan larane.

 

"Apa sing wis mbok tindakne kok kowe nganti digawa tekan kene lan arep diadili iki?" pitakone Ki Lurah sabanjure.

 

Jungkung mung ndhingkluk bingung olehe arep nata ukara kanggo aweh wangsulan.

 

"Jungkung mendhet ali-aline Kuncung, Ki Lurah" salah siji saka bocah telu sing mau adus bareng Kuncung neng kali semaur banter.

 

"Aku ora nakoni kowe" Ki Lurah noleh bocah sing semaur kuwi karo wangsulan "sing tak takoni Jungkung, ora sah melu omong nek durung tak takoni, ngerti?".

 

"Nggih ngertos Ki Lurah" wangsulane bocah kuwi karo ndhingkluk, wedi.

 

"Jungkung" kandhane Ki Lurah marang Jungkung sabanjure "aku arep takon, wangsulana kanthi sing sabener-benere. Nek nganti kowe ora jujur, aku mesthi ngerti. Lan nek nganti kowe wani ngapusi aku, kowe mesthi tak penthung nganggo tekenku iki. Nek keneng sirahmu, mesthi pecah, nek keneng sikilmu, mesthi pepes lan ora bakal bisa mlaku selawase. Mula wangsulana pitakonku kanthi jujur, ngerti?".

 

Rada suwe Jungkung kaya dhek mau, angel olehe arep mangsuli kandhane Ki Lurah sing ngono kuwi. Ki Lurah wiwit nesu, Jungkung wis dianggep nyepelekne marang dheweke sing olehe nakoni ora nganggo nggetak-getak kaya wong-wong sing mau wis nakoni Jungkung.  Dumadakan, saka jero omah, Kuncung mlayu marani papan kono karo bengok-bengok ngundang jenenge bapake.

 

"Bapa, bapa......" kandhane Kuncung sawise tekan panggonane Jungkung diadili.

 

"Ana apa maneh?" Ki Lurah wangsulan karo mencerengi anake lanang kuwi.

 

"Anu, anu....." Kuncung wangsulan karo suwara gugup.

 

"Anu apa? Omong ki sing cetha!" Ki Lurah nggetak.

 

"Anu, ali-ali ku jebul keri neng kenap cedhak paturon" wangsulane Kuncung karo nuduhne ali-ali ana tangane "ora sida ilang neng kali".

 

"He?" Ki Lurah kaget karo nyawang ali-ali lan dithungne anake lanang.

 

Wong-wong sing ana kono melu kaget, kabeh padha nyawang pernahe Kuncung sing lagi teka karo nggawa ali-aline.  Jungkung sing maune mung ndhingkluk, banjur melu-melu ngingeti Kuncung . Mripate Jungkung sing wis abuh-abuh merga dipala dening Leya karo rewang-rewange Ki Lurah, weruh Kuncung nyekeli ali-aline sing mau didakwakne nek wis tiba neng kali lan ditemu Jungkung.  Dumadakan rasa lara ing tatu-tatune Jungkung merga dipala dening wong-wong sing wis nakoni lan ndakwa dheweke, sing maune ora dirasa, malih dadi krasa lara, lara banget. Ora sambat apa-apa Jungkung sing maune ngadeg, banjur rubuh neng lemah, mripate diremne.

 

Wong-wong dadi sansaya kaget, gageyan Ki Lurah prentah supaya Jungkung dijunjung digawa menyang pendhapa. Tekan pendhapa Jungkung diglethakne neng klasa dirubung wong pirang-pirang. Jungkung mung bisa meneng, ora bisa ngarani rasane awake maneh, sing cetha awak sakujur ora ana sing ora lara. Ana wong wadon sing rumangsa welas, njupuk banyu neng ebor banjur dicedhakne lambene Jungkung, dikongkon ngombe. Bubar ngombe Jungkung banjur bali merem maneh, cat eling-cat ora.  Sanajan ta mangkono, kanthi lamat-lamat Jungkung isih krungu nalika ana suwarane wong sing lagi teka nggoleki Ki Lurah.

 

"Badhe ngaturi pirsa Ki Lurah" kandhane wong sing lagi teka mau.

 

"Iya, ana perkara apa?" wangsulane Ki Lurah nakoni sing lagi teka.

 

"Biyang Jungkung, warandha sing griyane caket kucur nika, pejah" wong sing lagi teka kuwi aweh kabar marang Ki Lurah.

 

"Mati? Kena apa?" Ki Lurah takon karo suwara sing nuduhne rasa kaget lan kuwatire.

 

"Pejah limrah Ki Lurah, tiyange anggenipun sakit sampun tigang peken, boten mantun lan siang niki wau pas semah kula ajeng niliki, jebul sampun pejah" wong kuwi aweh katrangan.

 

"Lha nek mung mati merga lara rak ya wis lumrah? Ya gene kowe ndadak mrene ?" Ki Lurah takon karo suwara sing nuduhne nek rada muring "ngerti nek tanggane mati ki ya gek ndang diupakara piye mesthine?, lha kok malah ditinggal nggoleki aku? sing kudu tak urus ki akeh, sing bisa ditandangi tanpa ngandhani aku ndang ditandangi, ora sah ndadak nggoleki aku dhisik".

 

"Nyuwun pangapunten Ki Lurah" wong kuwi wangsulan "Biyang Jungkung niku boten gadhah kulawarga sanes kajawi anakipun setunggal nggih sing namine Jungkung niku, lha pas Biyang Jungkung pejah, si Jungkung boten wonten griya, kula padosi teng pundi-pundi boten kepanggih, lajeng kula disanjangi lare alit ngoten, criyose Jungkung dilarak ki Leya teng Kalurahan ajeng diadili mergi mendhet ali-aline Gus Kuncung putrane Ki Lurah, mula kula nggih lajeng mriki niku wau, kajeng kula nek saged angsale ngadili si Jungkung mbok disumenekne rumiyin, mengke nek mpun rampung angsale ngubur Biyunge, nembe diadili. Pripun Ki Lurah? Lha Jungkung napa tesih dilebetne pakunjaran?".

 

Kabeh omongan antarane Ki Lurah karo wong sing lagi teka kuwi, lamat-lamat isih bisa dirungokne Jungkung sing tenagane wis entek. Jungkung babar pisan ora bisa obah, ora kuwat nangekne awake. Krungu nek wong tuwane wis mati, Jungkung mung bisa njerit nanging ora kuwat ngetokne suwarane. Jungkung bengok-bengok nangis, nanging ya mung kandheg neng jero ati. Esuk mau dheweke pamitan marang biyunge, arep mbudidaya golek srana kanggo wragad gawe tebusan, slametan neng Kucur papane mBah Brewok sing wis nibakne walat marang biyunge.

 

"Biyung tak tinggal dhisik ya?" pamite Jungkung mau esuk "aku tak golek dhuwit ngge gawe wragad slametan kaya sing diomongne mBah Dhukun wingi kae. Nek wis ditebusi, Biyung rak ndang mari larane".

 

Pas dipamiti ngono kuwi mau esuk, biyunge ora semaur mung bisa manthuk karo nyawang Jungkung. Luhe biyunge katon dleweran.

 

Jebul dina iki mau Jungkung ora oleh kaya apa-apa, malah lagi wae arep ngemplok sega pawehe wong sing arep aweh gaweyan, durung sida, kaesusu selak dilarak Leya, dipilara banjur digawa menyang latar Kalurahan arep diadili. Saiki bareng wis ana bukti yen nyatane Jungkung ora luput lan ora nemu ali-ali sing mau ilang kuwi, durung nganti bisa nelakne rasa senenge, malah ana kabar yen biyunge wis mati. Jungkung ora bisa mikir maneh, lan olehe omongan antarane Ki Lurah karo wong sing teka nggawa kabar mau sabanjure, Jungkung wis ora bisa krungu maneh. Jungkung wis ora eling apa-apa, Jungkung ora kuwat ngempet rasa lara ing raga lan ing jero batine.

 

 

ana candhake.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...