42.
Sauntara kuwi Lasma sing nganggo carane bangsa prayangan wis adoh ninggalne papan lerene Sima Loreng. Upama nggunakne carane manungsa lumrah, kira-kira sedina utuh durung arep nemokne papan sing digoleki, ya kuwi papan sing ana wong sing dodolan piranti kanggo babad alas, kaya dene wadung, pecok, ganco, pacul, arit lan sapiturute. Nanging gandheng nganggo carane bangsa prayangan durung ngantri setengah ari, Lasma wis bisa ngubengi papan kono lan ngulat-ulati endi ana pandhe utawa pasar sing adol barang sing digoleki. Lakune Lasma nyabrang bengawan mengalor, ngendi-endi isih sepi, durung ana padhukuhan, kajaba mung pating dlemok ana omah loro utawa telu sing isih sarwa prasaja, kuwi wae ya ora akeh cacahe. Nganti Lasma nemokne papan sing rada akeh omahe lan wewangunane wis rada becik, kira-kira ana sepuluh somah sing omah siji lan sijine ora pati adoh lete, watara ya ana seketan dhepa. Dadi papan kono wis kena diarani padhukuhan, nanging Lasma durung ngerti jenenge kuwi padhukuhan apa. Racak-racak saben omah duwe latar sing jembar sanadyan antarane latar karo dalan sing kanggo liwat ora ana pager sing matesi. Meh ing saben plataran akeh kethukulan kembang Pacar Banyu sing nedheng-nedhenge kembang. Lasma mbacutne nggone ngulat-ulati papan kono kuwi, kupinge krungu suwarane wong sing lagi dolanan palu, nuthuki wesi lan waja, mratandhani yen ing kono ana Pandhe sing lagi nyambut gawe. Lon-lonan Lasma nggunakne carane manungsa lumrah maneh, nyedhaki wong sing lagi mandhe kuwi.
"Kula nuwun Kisanak" Lasma uluk salam, sawise tekan ngarep lawange omah sing kanggo mandhe. Ing omah kuwi katon ana wong telu, sing siji lagi lungguh neng lincak, sing siji nyandhak palu gedhe lan sing sijine maneh lagi nyepak-nyepakne wesi sing kudu dipalu dening sing nyekel palu.
"Mangga" wong telu bareng wangsulan karo nyawang Lasma.
"Mangga mlebet mriki mawon Kang" wong sing lungguh neng lincak kuwi ngongkon Lasma supaya mlebu.
"Inggih matur nuwun Kisanak" wangsulane Lasma sing banjur melu lungguh neng lincak.
"Nuwun sewu, kula kok nembe sumerep niki. nDika niku sedherek king pundi nggih Kisanak?" wong sing lungguh lincak kuwi takon "lan paring asma sinten?".
"Inggih Kisanak, mila leres kula nembe sepisan niki mriki, griya kula tebih saking brang wetan mrika, nanging skniki nembe ajeng mbabad wana kangge padhukuhan wonten ing brang kidul mriku. Nami kula Lasma Kisanak" wangsulane Lasma blaka apa anane.
"Inggih ditepangaken kemawon kula Srapat, lha sing nyepeng palu niku ponakan kula namine Gerit, pandhene niku adhi kula piyambak namine Demung" wong kuwi nepungake jenenge lan jenenge kanca-kancane sawise Lasma nepungake jenenge banjur ditutugne nganggo pitakonan maneh "ndika nembe babad wana teng Brang Kidul ? ing tembing pundi nggih Ki Lasma? sampun wiyar menapa nembe badhe wiwit? tiyang pinten sing tumut babad napa sedaya saking Brang wetan ?".
Lasma ngguyu, ditakoni nganggo pitakonan sing pirang-pirang ngono kuwi.
"Saking mriki nggih watawis lampahan sedinten kirang Ki" wangsulane Lasma karo ngangen-angen nganggit crita murih sing diajak omong bisa percaya lan bisa nampa karepe "ancer-anceripun nggih kidul wetan mrika. Tiyang niki nutugne babadipun simbah kula rumiyin kok Ki, mbabad dereng rampung lajeng ditilar kesah ngalih dhateng papan sanes, dados niki namung mangsuli babadan lami. Kanca kula nggih nembe namung kalih sedherek kula setunggal thok. Lan kula kalih sedherek kula nggih badhe nampi kanthi remen menawi wonten sedherek ingkang mbetahaken papan lajeng ngersakaken tumut babad dahteng mrika".
"Dados nek namung mangsuli, teng mrika boten babad malih Ki?" Demung sing lagi rampung olehe nyepuhi barang pandeyane melu takon.
"Gandheng babadan niku sampun lami anggenipun nilar, inggih babad malih Ki" wangsulane Lasma nggenahne kandhane "namung kemawon ingkang dipun babad dede kajeng-kajeng ageng malih, namung gegrumbulan lan kekajengan ingkang taksih alit. Sitinipun nggih sampun rata, dados nggih boten patos rekaos".
"Lha menawi wonten sing ajeng tumut babad mengke napa nggih angsal bagehan sitine Ki?" Gerit, wong sing mau nyekeli palu genti sing takon.
"Niku ngaten Kisanak" Lasma banjur nggenahne kandhane "siti ingkang sampun rata lan tilas babadan lawas niku wiyare wonten seket bau langkung. Niki badhe kula dandosi kalih sedherek kula murih dados padhukuhan malih, pramila menawi wonten sedherek ingkang badhe tumut ndandadosi inggih adhe pikantuk jatah siti, kangge pakarangan griya ugi kangge pategilan".
Krungu wangsulane Lasma sing mangkono kuwi mau, Srapat, Demung lan Gerit ketok nek kapencut. Wong telu kuwi banjur nembung arep melu mbabad lemah neng brang kidul sing dibabad Sima Loreng karo Lasma. Kanggo mbuktekne apa sing dikandhakne Lasma, dina iku wong telu kuwi arep melu Lasma. Lan yen sajake mathuk, mangka wong telu kuwi arep ngajak sedulur-sedulur liyane sing durung duwe papan garapan supaya melu mbabad neng lemah babadane Lasma. Sedulur-sedulure wong telu kuwi ora manggon neng padhukuhan kono kuwi, nanging isih manggon neng omah-omah prasaja sing mau diliwati Lasma. Srapat, Demung lan Gerit dhewe, olehe kepencut arep melu Lasma jalaran neng padhukuhan kono kuwi, uga ora duwe lemah garapan babar pisan. Wong telu kuwi manggon neng kono mung dodol tenaga dadi Pandhe sing pengasilane ora sepiroa.
Sidane kelakon baline Lasma neng papan panggonane leren Sima Abang nggawa barang-barang sing dibutuhne minangka pirantining babad. Srapat, Demung lan Gerit uga wis nembung marang Sima Loreng nek arep nunut urip melu babad neng kono lan yen diolehi arep ngajak sedulur-sedulure supaya melu bebadra neng kono. Sima Loreng sing dhasare mung butuh kepethuk gurune lan babad alas sarta yasa padhukuhan kuwi mung minangka sarana bisane methuki gurune ora kabotan karo panembunge wong telu kuwi mau.
"Lha nek ndika ngalih mrene, banjur sing nerusne gaweyan ndika neng desa ..... apa jenenge ? sapa?" pitakone Sima Loreng marang Srapat.
"Kula nggih boten ngertos Ki" wangsulane Srapat "tiyang mrika nika wonten sing purun mandhe napa boten?"
"Yen ngono ngene wae" Sima Loreng aweh pamrayoga "jalaran kabisanmu ing ulah laku pandhe kuwi temene dibutuhne dening wong akeh, sedulur-sedulur ndika sing kepengin melu bebadra neng kene ya ben melu bebadra, dene ndika ora perlu melu babad, lire ngene ndika panggah oleh bagean lemah garapan lan pekarangan kaya sedulur liyane, dene kuwajiban ndika wong telu yaiku yasa pirantining babad lan pirantining tetanen kanggo nggarap lemah neng kene. Mengko yen wis wayahe nenandur, ndika bali mrene melu nenandur, bubar kuwi ndika bali maneh menyang Desa Pandhean kana nindakne gaweyan ndika minangka Pandhe".
"Desa Pandhean niku pundi ta Kyai?" Lasma sing uga melu jagongan ntambul gunem, takon marang Sima Loreng.
"Ya Desa sing dienggoni Kisanak Srapat sakancane kuwi ta Ki Lasma" wangsulane Sima Loreng "tak jenengne Pandhean kuwi merga wiwit mau ndika apa dene Ki Srapat sakancane kuwi ora ana sing nyebut jenenge desa kono kuwi".
"Oo alaaah" Lasma lagi ngerti sing dikarepne Sima Loreng "pancen desa kana kae kuwi durung ana jenenge, maune arep tak jenengne Desa Pacar, merga akeh Kembang pacar banyu sing thukul neng saben pekarangane warga kana, nanging durung sida tak kandhakne".
"Ya wis, yen ngono kanggo ngarani desa kana kae, murih gampange tak jenengne Desa Pacar Pandhean".
"Inggih Kyai kula tumut nekseni" Srapat karo kancane padha wangsulan.
Dina-dina candhake, sawuse sedulur-sedulur lan sanakane Srapat padha teka melu bebadra neng lemah sing mung kethukulan gegrumbulan kuwi, Srapat Demung lan Gerit banjur bali menyang Pacar pandhean nutugne olehe dadi Pandhe.
Ora nganti suwe nggone babad, papan kono wis katon resik lan tumata. Omah-omah wiwit digawe kanggo manggon, pategalan minangka sumbering pangan uga wis padha ditanduri. Papan kono wis malih dadi Padhukuhan. Sawise nampa wisik mbuh saka ngendi asale, dening Sima Loreng papan kono kuwi dijenengne Desa Pelanggolan. Lemah babadan wis didum kanthi adil jumbuh marang kabeh sing padha melu babad, klebu marang Srapat, Demung lan Gerit. Kajaba iku uga disisihne lemah sing dadi bageyane Padhukuhan, digarap bebarengan dene asile kanggo wragad murih sansaya tumatane padhukuhan Pelanggolan. Para wargane uga wis sarujuk kabeh yen sing dipilih kanggo nglurahi Padhukuhan Pelanggolan ora ana liya kajaba Sima Loreng sing banjur salin jeneng dadi Ki Pelanggolan.
Wektune ora leren tansah mlaku maju, dina ganti sasi, sasi ganti tahun, wis limang tahun luwih Ki Pelanggolan momong lan ngesuhi warga ing padhukuhane. Padhukuhan kuwi sansaya suwe dadi sansaya rame, merga wiwit akeh sing padha teka melu manggon neng kono. Panguripane wargane uga dadi sansaya makmur, asile pategalan luwih saka cukup kanggo nutup kabutuhane urip. Sanajan ta mangkono, Ki Pelanggolan durung katon rumangsa seneng atine, ora merga mikir kahanane wargane sing wis cukup, nanging Ki Pelanggolan tansah kelingan lan kepngin enggal bisa kepethuk karo Gurune sing miturut wecane Ki Gedhe Cupuwatu lumantar Sodagar Widaru Ki Sima Abang manggon ing sakiwa tengene papan kuwi.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar