Total Tayangan Halaman

Sabtu, 08 Januari 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (043)

 


43.

Ora krasa wis sepuluh tahun kepara luwih Sima Loreng madeg nglurahi Padhukuhan Pelanggolan sing saiki wis mundhak jembar, jalaran akeh wong sing padha teka lan nembung kepengin mangayom marang Pelanggolan lan dening Sima Loreng ya diwenehi palilah mbukak alas minangka papan kanggo manggon lan pategalan. Papan sing biyen dibabad sepisanan kae, wis manggon neng tengah-tengahe padhukuhan anyar. Papan kono mundhak dina dadi sansaya reja, merga akeh bakul sing padha teka kulak asil tetanen kanggo didol neng papan liya. Wong Pelanggolan dhewe uga ora sethithik sing banjur padha nindakne laku dagang, dodolan wulu wetune padhukuhan kono menyang papan liya sarta nekakne barang-barang saka liya papan sing ing Pelanggolan durung ana. Sesambungan antarane Desa Pacar Pandheyan lan Pelanggolan uga isih lumaku kanthi becik.

 

Kahanan Padhukuhan Pelanggolan tansah tentrem lan ayem, merga ing kono ora tau keprungu ana wong sing gelem nindakne laku cidra, cilike colong jupuk gedhene nganti ngampak, kabeh padha wedi marang kawibawane Ki Pelanggolan sing nduweni kasekten prasasat tanpa tandhing. Kasektene Ki Pelanggolan dicakne kanggo ngayomi kawula ing Pelanggolan kabeh asarana njaga jejege paugeran padhukuhan sing wis digarisake. Jroning nindakne kuwajiban minangka Lelurah ing Pelanggolan, Ki Pelanggolan direwangi dening Lasma sing olehe ngrewangi uga nganggo carane dhewe, ya iku sok nganggo cara manungsa sok nganggo cara prayangan lan para Bebau padhukuhan sing dipilih dening wargane minangka wakile Ki Pelanggolan ing dhukuhe. Dadi ana perkara apa wae sadurunge digawa menyang ngarepe Ki Pelanggolan, luwih dhisik nek bisa dirampungi dening Bebau sing wis kapiji mau. Kang mangkono kuwi mesthi wae sansaya ndadekne panguripan ing Pelanggolan dadi sansaya tumata.

 

Nanging, panguripane warga Pelanggolan sing wis tentrem kuwi dumadakan dadi horeg. Ora merga anane mungsuh utawa parangmuka sing nekani, nanging watara wis ana sewulan, wong-wong ing Padhukuhan padha katiban rasa miris lan wedi. Akeh para warga sing dumadakan ngonangi ana macan gembong sing gedhe banget, kerep saba neng padhukuhan. Malah uga ana sing kandha jarene macan gembong kuwi macan siluman, merga sok cat katon cat ora. Maune Lasma sing minangka wewakil lan paramparane Padhukuhan ora sepiroa anggone nggagas klawan anane kabar kuwi, awit kanyatane nganti saprene durung ana korban sing dadi mangsane macan gembong kuwi. Pikirane Lasma kandha, yen temen ing Pelanggolan kerep disaba macan sing gedhene ora mekakat, mesthine wis ana kewan ingon-ingone warga sing ilang digondhol dadi mangsane, nanging nyatane aja maneh kok sapi utawa kebone warga nek ana sing ilang, jeneh wedhus-wedhus sing kerep diumbar aglar ing pangonan wae kabeh isih wutuh ora ana sing kalong. Lagi bareng para Bebau padha kandha nek bener ing Pelanggolan kerep ditekani Macan gembong sing kluyuran, merga para bebau kuwi kabeh wis meruhi dhewe anane macan gembong sing saba neng Padhukuhan kuwi, Lasma banjur ngajak para Bebau bebarengan ngadhep neng ngarepe Ki Pelanggolan.

 

"Mengko dhisik ta" tumanggape Ki Pelanggolan nalika Lasma karo para Bebau nglaporake bab Macan Gembong sing kerep kluyuran ing padesan "aku iki wis rada suwe kerep metu ijen tanpa kanca, ya ing wayah awan ya ing wanci bengi, mubeng desa, nanging aku babar pisan durung tau kepethuk karo macan sing padha ndika critakne kuwi. nDika kabeh kuwi wis padha nyipati dhewe apa mung saka jarene?".

 

"Nek aku, bares wae durung tau weruh Kyai" wangsulane Lasma apa anane "embuh nek para bebau kuwi, padha weruh dhewe apa mung jarene ?".

 

"Nuwun sewu Ki Pelanggolan" Bebau Garem sing uga Bebau sing tuwa dhewe ing antarane para bebau ing kono aweh wangsulan "kula lan para kadang bebau sadaya niki nggih sami kalih ndika lan Ki Lasma. Inggih menika, nalika para warga sami cluluk menawi wonten Sima Gembong ingkang kluyuran ing padhukuhan, kula sedaya inggih sami boten pitados. Nanging sareng kula lan para kadang menika sumerep piyambak, nembe kula lan para kadang sami pitados, bilih crita bab Sima Gembong menika dede cariyos ingkang ngayawara".

 

"Dadi ndika kabeh wis padha weruh dhewe?" Ki Pelanggolan takon.

 

"Leres Kyai" Bebau ing Gulon genti sing mangsuli "kula sedaya mila sampun sumerep saestu, nanging kula sedaya ugi sami gumun".

 

"Gumun sing kepiye?" Ki Pelanggolan takon maneh.

 

"Gumun kaliyan Sima Gembong menika" wangsulane Bebau Gulon "Sima gembong menika babar pisan boten ganggu damel dhateng tiyang utawi raja kayan ing padhukuhan mriki, malah kula saged mastani menawi Sima kala wau estunipun Dewa ingkang tedhak ing Marcapada kanthi sesinglon wujud macan".

 

"Kok ndika bisa ngarani nek kuwi Dewa? banjur dhasar ndika apa?" pitakone Ki Pelanggolan marang Bebau Gulon sing ngarani nek Macan sing kluyuran kuwi sesinglone Dewa.

 

"Kula wastani menawi Sima gembong niku Dewa, jalaran sepisan boten purun ganggu damel, kaping kalih nalika kula sakanca sami memanuki lampahipun, Sima kala wau  jebul mapanipun wonten ing Jatigrowong, ingkang mapan ing pinggiring wana. Sima kala wau njedhulipun ugi wangsulipun inggih ing Jatigrowong mriku, kamangka Jati growong niku growonganipun alit, namung cekap dipun lebeti tiyang, menawi Sima ageng niku mesthine boten cekap. Nanging kanyatanipun inggih ngoten niku wau" wangsulane Bebau Gulon sing sajak mantep karo apa sing dipercaya.

 

"Gegayutan kalih ingkang dipun aturaken Ki Gulon niku Kyai" Bebau Garem guneman maneh "kangge ngunjukaken pakurmatan dhateng Dewa kala wau, menapa prayoginipun para warga kapurih caos dhahar dhateng Panjenenganipun? menika kangge pakurmatan murih Dewa kala wau boten duka dhateng awakipun piyambak jalaran sampun karawuhan Dewa nanging malah babar pisan boten atur pasegahan. Namung kemawon, kula sakanca bares kemawon dereng mangertos caranipun caos dhahar dhateng Dewa menika. Sandyan ta makaten, kula pitados bilih Ki Pelanggolan tartamtu sampun pana cara-caranipun caos dhahar dhateng Dewa kasebat, pramila kula sakanca cadhong dhawuh menapa ingkang kedah kula sakanca lampahi".

 

Ki Pelanggolan mung manthuk-manthuk, durung aweh wangsulan apa-apa. Durung aweh pituduh marang para bebau sing padha ngadhep kuwi. Jalaran wektu kuwi, Ki Pelanggolan kaya diosikake, kabeh wecane Ki Gedhe Cupuwatu sing dicritakne Ki Sodagar Widaru biyen dumeling kanthi cetha ing pangrungu batine Ki Sima Loreng. Menang-meneng Ki Pelanggolan rumangsa seneng, jalaran nadyan durung kepethuk karo Macan Gembong sing jarene kluyuran lan manggone neng Jatigrowong pinggir alas kuwi, nanging Ki Pelanggolan wis meh bisa mesthelkne nek satemene Macan gembong kuwi wewujudane Ki Sima Abang, gurune sing lagi digoleki. Ki Pelanggolan banjur kepengin ngajak rembugan Lasma, ya Ki Dhadhapsulasma sing tenane isih siswane Raden Sengkan utawa Ki Bantarjati, luwih dhisik. Mula Ki Pelanggolan banjur aweh wangsulan marang para Bebau sing lagi padha ngadhep :

 

"Ngene ya Ki Bebau kabeh, aku durung bisa aweh wangsulan marang ndika kabeh babagan Macan Gembong sing jare ndika sesinglone Dewa kuwi. Mengko bengi aku arep mahas ing sepi, nenuwun marang Allah murih kaparingan pituduh sing bener kanggo nyikepi anane Macan Gembong sing nadyan ora gawe kapitunane warga, nanging wis gawe mirise wong-wong ing Pelanggolan kene kabeh. Sesuk klawan wektu kang padha karo wektu iki, ndika kabeh padha tekaa mrene, mbok menawa aku wis bisa mangsuli apa sing kudu ndika tindakne".

 

"Inggih Kyai" wangsulane para Bebau bebarengan "samangke kepareng kula sedaya wangsul rumiyin".

 

"Iya sing ngati-ati"

 

Saungkure para Bebau, KiPelanggolan banjur guneman nakoni marang Lasma :

 

"Paman Lasma apa ndika ora ngerti apa api-api ora ngerti?" .

 

"Sing nDika kersakne apa Ki?" Lasma mbalik takon.

 

"Sapa satemene Macan gembong sing jarene singlone Dewa kuwi ?"

 

"Aku satemene wis ngira Ki, nanging aku ora wani ndhisiki" wangsulane lasma karo mesem.

 

"Yen ngono, aku bisa mesthekne Paman, ora suwe maneh aku bakal ketemu karo Guruku sing uga sedulur tunggal gurune Paman, Ki Sima Abang".

 

"Nanging ndika kudu eling lho Ki" Lasma aweh tutur marang Ki Pelanggolan.

 

"Eling bab apa Paman ?" Sima Loreng takon.

 

"Wecane Ki Gedhe Cupuwatu, apa sing bakal kedaden yen ndika kepethuk karo Ki Sima Abang" wangsulane Lasma "bares wae, aku isih kuwatir menawa nganti ana apa-apa sajroning ndika arep nemoni Ki Sima Abang sing isih wujud Macan gembong kuwi".

 

"Apa wae bakal tak adhepi kanthi leganing atiku Paman, waton aku bisa kepethuk karo Guruku maneh" wangsulane Ki Pelanggolan manteb.

 

 

ana candhake

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...