Total Tayangan Halaman

Rabu, 12 Januari 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (047)

 


47.

Ki Sima Abang sing weruh kahanane Ki Pelanggolan sing wis wujud macan gembong persis kaya wewujudan sing disandhang sasuwene iki, katon sedhih. Nanging wekasane ya banjur dipupus arep dikapakna wong kuwi barang sing wis kebacut diniyati dening Ki Pelanggolan dhewe, lan ya mung nganggo sarana kuwi Ki Sima Abang bisa luwar saka walat sing disandhang sarta ya liwat dalan iki margane Ki Dhadhapsulasma bisa bali marang sipat kamanungsane kanthi wutuh. Mula Ki Sima Abang ya banjur ngendika marang muride sing wis wujud macan gembong klawan sabar :

 

"Sima Loreng, saiki wis kelakon awakmu salin wujud dadi macan sing nggegirisi nganti pamanmu Lasma wae kamigilan kaya mangkono. Nanging yen wis kulina rasa wedi ing atine Lasma marang awakmu mesthi banjur ilang. Dina iki, awakmu wis nuduhne darma bhektimu marang guru lan pamanmu, awit iya mung sarana iki aku apa dene Pamanmu sing lagi nampa sesiku enggal bisa bali pulih kaya maune. Mula welingku marang awakmu ngger, murih pangorbananmu ora muspra sia-sia becik awakmu aja nganti ninggalne rasa sabar lan tawakal marang Allah".

 

"Inggih Guru pangestunipun Guru ingkang tansah kula rantos" wangsulane Ki Pelanggolan tanpa nuduhake rasa cuwa babar pisan "lajeng sasampunipun wujud kula kados makaten menika, menapa ingkang kedah kula lampahi ? menapa namung kendel ing papan menika nindakaken lampah tapa sinambi ngrantos rawuhipun Pangumbara siswanipun Ki Tanparupa ingkang badhe ngruwat sukerta kula menika ? Menapa wonten ayahan sanes ingkang kedah kula lampahi?".

 

"Sumurupa Jungkung" wangsulane Ki Sima Abang "satemene sabecik-beciking titah kuwi yaiku titah kang migunani tumrap uripe lan tumrap panguripane titah liyane. Gegayutan karo iku, ngiras pantes ngenteni tekane pitulungane Allah lumantar siswane Ki Tanparupa sing mbuh wayahe mesthi tekan kene, sira nindakna lakune wong maratapa, ngurang-ngurangi mangan lan nendra, ngakehna eling marang Dzat Kang Maha Tunggal kang mangwasani urip lan patinira, sambinen ndarma bektene ngelmu sing wis sira gadhuh kanggo katentreman lan kararjane warga padhukuhan yayasanira".

 

"Sampun cetha dhawuh saking Guru" Ki Pelanggolan guneman maneh "nanging, kados pundi anggen kula badhe nglampahi ingkang pungkasan kala wau, jeneh wewujudan kula kados makaten, tartamtu para warga padhukuhan badhe girap-girap menawi sumerep kula, kados anggenipun girap-girap nalika Guru ameng-ameng ing Padhukuhan saderengipun menika, temah wonten ingkang gadhah panganggep bilih Guru menika Dewa ingkang sesinglon wujud Sima menapa?".

 

"Iya, iya Sima Loreng" wangsulane Ki Sima Abang aweh wangsulan "yen para warga padhukuhan padha wedi lan gila weruh wewujudan macan sing samono gedhene kuwi aran lumrah lan ora aneh yen banjur padha duwe panganggep sing neka-neka marang aku lan awakmu mengko. Kanggo njagani murih kedadeyan lan panganggep sing kleru ora dibaleni maneh, ing kene ana Adhi Lasma sing bisa dadi talanging basamu marang para warga padhukuhan. Ora perlu Adhi Lasma nggenahne nek sing wujud macan kuwi Ki Pelanggolan, nanging cukup kandha marang wong-wong ing Pelanggolan yen Macan gembong sing manggon neng Jatigrowong kene iki dudu jinise Macan sing memungsuhan karo titah liyane, malah kepara kosok baline bisa dadi mitra sing becik kanggo para warga padhukuhan, dadi wong padhukuhan aja padha wedi".

 

"Inggih Kakang" Ki Lasma sing jenenge wiwit disebut dening Ki Sima Abang enggal-enggal melu semaur "sedaya dhawuhipun Kakang Sima Abang badhe kula estokaken sak sae-saenipun".

 

"Matur nuwun Adhi" wangsulane Ki Sima Abang "ing kene perlu tak kabarake marang Adhi Lasma lan anakku Sima Loreng, gegayutan karo jejibahan sing arep padha mbok lakoni".

 

"Menapa menika Kakang?" pitakone Ki Lasma.

 

"Sing kapisan kabar sing tak tampa nalika aku nindakne laku samadi embuh pirang tahun kepungkur, yaiku Resi Gadhungan sing ngaku jeneng Wresaya, perlu sira mangerteni jeneng Resi Wresaya kuwi jeneng sebutan mbuh apa karepe aku ora ngerti, sok sapaa sing ngesuhi Paguron sing manggon sacedhake Bengawan tempur mesthi ngango sebutan Resi Wresaya, Resi Wresaya sing saiki wis ora ana maneh, jalaran mbarengi karo madege Ki Pemanahan dadi Ki Gedhe Mataram sawuse rampung nggone mbabad alas ing Mentaok,  Resi Wresaya ngalih papan awor karo guru-gurune manggon neng Alas Patalan, manunggal karo wong sing nganggo sebutan Panembahan aran Panembahan Nagawilis, sing manembah marang Jim sing wujud Ula Gedhe aran Nagawilis sing mertapa neng sumbere Kali Lanang utawa Kali Angsoka ya Kali Soka sing manggone neng perenging Gunung Lawu sisih lor".

 

"Lha lajeng ingkang ngesuhi Paguron sacaketing Bengawan Tempur sinten Guru?" Ki Pelanggolan nyela rembug.

 

"Miturut warta gaib sing tak tampa Panembahan Nagawilis ngersakne supaya paguron-pagurone  kabeh muride lan wong-wong sing manunggal karo dheweke supaya dilebur dadi siji mamap ing alas Patalan kana, klebu pagurone Resi Wresaya" Ki Sima Abang mangsuli karo nutugne critane "Nanging pranyata murid-muride Resi Wresaya ora kabeh gelem ngalih nyawiji menyang Patalan utawa menyang Paguron Nagawilis. Ya iku sing saperangan dituwani dening Ganjur lan sing saperangan dituwani dening Rudawa. Murid rong perangan kuwi padha dene olehe kepengin marisi Pagurone Resi Wresaya, sing wekasane banjur padha memungsuhan nganti dadi perang rame, sing ndadekne tilas pagurone Resi Wresaya sing cedhak Bengawan tempur kuwi rusak kabeh, wewangunan sing ana padha kobong dening genining perang padha sedulur. Embuh critane wekasane, Ganjur sakancane kanthi oleh pambiyantune wong-wong saka Gunung Gamping sumingkir mangulon lan ngedegne Paguron anyar sing diarani Paguron Tangen, Ganjur banjur ngalih jeneng dadi Ki Gedhe Tangen. Lan Rudawa sakancane banjur nyawiji karo wong sekti saka alas Lo Dhoyong, ngedegne Paguron anyar ing alas Ngampon, Rudawa dadi lurahe para cantrik dene wong sekti saka Lodhoyong kuwi sing didegne dadi Pangarsaning Paguron kanthi sebutan Ki Gedhe Julunggeni".

 

Ki Sima Abang leren sedhela olehe crita, Ki Lasma apa dene Ki Pelanggolan sing wis wujud Macan kuwi durung bisa ngerteni mungguh ana sambung rapete apa antarane sing dicritakne Ki Sima Abang karo jejibahan sing diemban dening Ki Pelanggolan lan Ki Lasma. Mula kekarone ya durung ana sing padha takon, ngenteni nek wis ana tandha yen sing dicritakne Ki Sima Abang kuwi ana sambung rapete karo dheweke wong loro.

 

"Kuwi mau sing kapisan" Ki Sima Abang nutugne olehe crita "dene kang kaping pindho, iki gandheng rentenge karo lepasing panandhangmu wong sakloron".

 

"Inggih kados pundi Kakang?" Ki Lasma gurawalan olehe takon.

 

"Ki Pelanggolan lan Adhi Lasma sapungkurku mengko utawa sesuk kudu mbudidaya nusun kekuwatan" wangsulane Ki Sima Abang.

 

"Liripun kados pundi Guru?" Ki Pelanggolan takon.

 

"mBesuk yen wis teka titi wancine,  Ki Julunggeni apa dene Ki Gedhe Tangen bakal gawe sengsarane warga Padhukuhan yasanmu wong sakloron kuwi. Lan kuwi minangka pratandha arep tekane Sang Pangumbara muride Ki Tanparupa sing bakal nuntun awakmu sakloron luwar saka walat lan bali marang wujudmu sakawit. Sikep apa sing bakal padha ndika pilih marang Julunggeni lan Ki Gedhe Tangen saandhahane kabeh,  prayoga manuta marang pituduh sing diwenehne dening muride Ki Tanparupa kuwi. mBok menawa ing kono bisa kasembadan sedyamu ngruwat dhiri bali marang wujud lan sipat kang sakawit" wangsulane Ki Sima Abang.

 

"Ngaturaken genging panuwun awit sedaya pitedah ndika Kakang Sima Abang" wangsulane Ki Lasma sajak seneng "sedaya paweling ndika badhe kula estokaken".

 

"Inggih Guru" Ki Pelanggolan uga melu semaur "pangestunipun Guru tansah kula suwun, mugi kula kekalih saged nindakaken sadaya sarana murih saged wangsul dhateng wujud sakawit".

 

"Iya Adhi Lasma lan awakmu Sima Loreng" kandhane Ki Sima Abang sabanjure "wengi iki aku durung arep budhal ninggalne Jatigrowong kene, jalaran isih ana sing kudu tak critakne marang awakmu sakloron, kenaa kanggo tambahing colok madhangi lakumu sabanjure".

 

"Inggih Guru" wangsulane Ki Pelanggolan "kula badhe mirengaken sadaya dhawuhipun Guru kanthi saestu".

 

"Iya, nanging iki wektune wis rada wengi  uga aku isih mbutuhake sesuci sawuse luwar saka panandhang. Dadi aku arep sesuci dhisik, sesuk wae yen wayah awan lagi aku arep crita maneh".

 

Ki Sima Abang banjur ngadeg, ninggalne Ki Lasma lan Ki Sima Abang sing wujud macan gembong sakebo benthung gedhene.

 

 

ana candhake.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...