Total Tayangan Halaman

Rabu, 12 Januari 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (046)

 


46.

Lasma ora enggal semaur aweh wangsulan marang sing dikandhakne Ki Sima Abang , malah tolah-toleh ngiwa nengen, sipating prayangane dicakne kanggo nggoleki ing ngendi satemene Ki Sima Abang manggon. Nanging pranyata panggah wae, Ki Lasma ora bisa ngawruhi ing ngendi dununge Ki Sima Abang sing suwarane cetha bisa dirungokne kanthi becik kaya lumrahe wong lagi jejagongan. Ki Lasma uga banjur nggagas, nek dheweke semaur ora saguh nuruti apa sing dikandhakne Ki Sima Abang murih dheweke gelem momong Ki Pelanggolan yen sawayah-wayah kesababan walat saka gurune temah salin wujud dadi Macan Gembong, tan wurunga Ki Sima Abang ya banjur murungake nggone gelem nemoni muride. Kang mangkono kuwi genah nek Ki Lasma ora kasil nggone ngancani Ki Pelanggolan nganti bisa nemokne gurune.  Lan tundhone ora bakal klakon dheweke bisa pulih dadi manungsa lumrah, dheweke bakal dadi setengah bacingah sing mbesuk yen tumekeng pati bakal ditampik dening langit apa dene bumi, jiwa ragane selawase  bakal klambrangan sajroning pasiksan.

 

"Inggih Ki Sima Abang" wekasane Ki Lasma ya banjur wangsulan "kados ingkang sampun kula aturaken ing ngajeng, sedaya dhawuh ndika Kakang Sima Abang badhe kula lampahi kanthi suka renaning manah, kula badhe tansah anyartani Ki Pelanggolan kangge salami-laminipun, sanaosa Ki Pelanggolan badhe wujud menapa kemawon, kula badhe setya anyartani panjenenganipun".

 

Keprungu suwara gumuyu, guyune Ki Sima Abang sing wis rumangsa lega jalaran sing dadi panjaluke wis disaguhi dening Ki Lasma.

 

"Yen mangkono, Adhi Lasma lan kowe Sima Loreng, padha tata-tataa" kandhane Ki Sima Abang ing pungkasane guyune "aku bakal nemoni ndika sakloron. Lan aja padha kagetkaro apa sing bakal dumadi sawise aku sapanginang adu arep karo ndika sakloron".

 

Rampung olehe kandha Ki Sima Abang, dumadakan kahanan dadi peteng ndhedhet lelimengan. Ki Pelanggolan apa dene Ki Lasma padha ora bisa ngingeti apa-apa kajaba rupa ireng sing peteng. Bumine dadi horeg, ana lindhu sing ora karu-karuwan rasane. Ana suwara pating jlerit mbuh suwarane sapa sing memper suwara ing alaming dongeng yaiku suwara panjerite Iblis Laknat saka dhasaring neraka, sinelanan karo suwara pambaunge asu ajak, panggerone singa barong lan pangakake Ula Naga sing lagoi keluwen arep luru mangsan. Ki Pelanggolan lan Ki Lasma banjur nanggapi kanthi mangeningake ciptane sinartan rasa pasrah marang purbaning Allah, masrahake pati lan uripe mung marang Allah Dzat Tan Kena Kinaya apa.

 

Bareng wong loro kuwi wis bisa masrahake pati lan uripe marang Allah kanthi iklhlas rila lahir trusung batin, ora suwe lindhu banjur sirep, suwara-suwara sing ora karuwan wiwit ilang lan mbaka sethithik pedhut peteng sing nutupi jagad wiwit sumingkir. Lan bareng kahanan wis bali padhang, ing ngarepe Ki Pelanggolan lan Ki Lasma katon ana wong sing lungguh sila, mripate merem lan tangane nindakne laku sembah kalbu ing ngarep dhadha, Ki Sima Abang.

 

"Guru.........." ora sranta Ki Pelanggolan mbengok nyebut gurune.

 

"Iya Sima Loreng" wangsulane Ki Sima Abang karo mbukak mripat lan nyelehne tangane neng pangkon.

 

"Guru boten wujud Sima kados warta ingkang sampun kula tampi?" Ki Pelanggolan takon "malah katingal saliranipun Guru langkung pengkuh prakosa, sanaosa tandha-tandha tambahing yuswa ugi katingalan kanthi wujud rikmanipun Guru ingkang sampun pethak kados perak sedaya".

 

"Bener apa sing dadi kandhamu Sima Loreng" wangsulane Ki Sima Abang karo sedhih, ana luh sing tumetes mili nelesi pipine "dina iki aku wis luwar saka walate ngelmu ireng piwulange Resi Gadhungan Wresaya. Nanging kabeh iki mau tinebus dening rasa rila legawaning atimu lan Adhi Lasma sing gelem aweh pangornanan marang aku".

 

"Kok saged makaten cethanipun kados pundi Kakang?" Ki Lasma genti sing takon, Ki Lasma menang-meneng rumangsa eram ndulu wujude Ki Sima Abang sing gagah prakosa kuwi.

 

"Cethane mangkene Adhi" wangsulane Ki Sima Abang "miturut weca sing tak tampa saka Kyai Bantarjati, gurune awake dhewe biyen, walat sing tak sangga iki bakal ilang bareng karo kepethukku karo muridku Sima Loreng. Nanging aku ora enggal tumandang nggoleki muridku iki, jalaran kaya sing tak kandhakne lan diwecakne Kakang Cupuwatu marang muride sing banjur padha mbok rungokne biyen, yaiku yen nganti nggonku kepethuk muridku iki aku sajroning kinuwasan dening sipat macanku, mangka aku bakal ora eling yen Sima Loreng kuwi muridku banjur tak badhog kaya dene macan mangsa kidang, kosokbaline nek nalika kepethukku karo muridku iki sajroning aku eling marang sipat kamanungsanku, mangka wewujudan macan sing tak sandhang iki bakal ngalih marang Sima Loreng. Saiki wis kelakon aku bali wujud manungsa lumrah, sedhela maneh Sima Loreng yen srengenge wis angslup ing waliking cakrawala sisih kulon, mbarengi jumedhule lintang sore bakal ilang wujud kamanungsane, nanging malih dadi Macan gembong kaya wewujudanku sadurunge aku pulih iki mau. Lan iki wis ora bisa diowahi maneh, lelakon sing disandhang Sima Loreng wajibe kari dilakoni. Lelakon mangkono mau yen Sima Loreng bisa sabar lan pasrah marang Allah, mangka bakal oleh tamba, bisa bali wujud manungsa maneh mbarengi karo Adhi Lasma uga pulih dadi manungsa lumrah. Yaiku mbesuk yen sira wong sakloron bisa kepethuk karo taruna loro sing lagi nindakne laku lelana tumuju menyang alam kaswargan, taruna loro kuwi muride Ki Tanparupa, titahing Allah sing selawase uga durung tau tak weruhi. Mangkono kuwi mau kabeh ya saka pitutur sing tak tampa saka suwargi Kyai Bantarjati".

 

"Kados pundi Kakang Sawargi Kyai  Bantarjati? menapa Kyai Bantarangin sampun dumugining seda? Kenging menapa sedanipun Raden Sengkan menika Kakang?" Ki Lasma katon kaget krungu Ki Sima Abang nyebut asmane Ki Bantarjati klawan sebutan sawargi sing ateges wis seda.

 

"Bener Adhi" wangsulane Ki Sima Abang "Guru wis suwe nggone seda, seda lumrah kanthi lantaran gerah sawatara dina. Nanging sedane Guru kuwi sing ndadekne aku nambahi dosa sing ora sethithik cacahe, ya sabab sak baliluku dhewe sing durung ganep nggonku ngrasuk agamane Kanjeng Nabi kang jumeneng Rasulullah kaya sing wis diwulangake dening Guru Raden Sengkan".

 

"Menapa kula kaparengaken mangertosi cariyos ingkang ndika dhawuhaken niku Kakang?" Ki Lasma takon sajake kepengin weruh crita sing magepokan karo sedane Kyai Bantarangin.

 

"Mesthi wae oleh Adhi" wangsulane Ki Sima Abang "jalaran ora si adhi njaluk, mesthi bakal tak critakne kabeh lelakon kuwi marang Adhi Lasma lan Sima Loreng sing saiki wis ngalih dadi Ki Pelanggolan iki. Lan yen wis rampung olehku crita, aku ya ora bisa suwe-suwe manggon neng kene maneh, aku kudu enggal-enggal lunga ninggalne papan iki".

 

"Guru badhe tindak malih?" Ki Pelanggolan takon semune rada kuciwa sajroning atine, jalaran durung nganti ilang rasa kangene gurune wis arep lunga maneh pisah karo dheweke "lajeng badhe tindak pundi malih Guru?".

 

Takon ngoni kuwi, Ki Pelanggolan babar pisan ora kelingan maneh yen mengko sabubare suruping surya dheweke bakal salin wujud dadi macan kaya sing dikandhakne gurune mau.

 

"Bener Sima Loreng" wangsulane Ki Sima Abang "aku kudu lunga saka kene, ora merga karepku dhewe, ora merga aku ora seneng kumpul maneh karo muridku, nanging iki merga isih ana gaweyan lan kuwajiban sing kudu tak tindakne jumbuh karo dhawuhe guruku nalika samana, isih ana kuwajiban tumrapku sawayah-wayah aku wis karuwat lan bali bisa wujud dadi manungsa maneh".

 

"Ketingalipun ayahan ingkang kedah dipun tindakaken guru menika dangu menapa boten Guru ?" Ki Pelanggolan takon maneh "saestu kula kuwatos menawi kula sampun boten saged panggih malih kalih Guru".

 

"Kuwi aku ya ora ngerti Sima Loreng" wangsulane Ki Sima Abang "sing cetha, dhawuhe Guru aku bisa nggayuh ngelmu kasampurnan yen aku bisa ngrasuk agamaku kanthi wutuh lan bener, lan ing kono aku mbutuhake Guru wujude Ngulama ya Guru Sejati sing wujude piwulang agama suci lha lungaku saka kene kuwi ora uwal saka nggonku kepengin nggayuh ngelmu kasampurnan kuwi. Mula aku ya ora bisa mesthekne kapan rampunge. Sanajanta mangkono, aku minangka manungsa kang ora bisa owah saka pepenginan, aku nitipake murid sing tak tresnani ya iku awakmu, marang adhi Lasma kaya sing wis tak kandhakne sadurunge aku ngatonake wujudku mau. Aku percaya awit saka pamomonge Adhi Lasma, sliramu mesthi bakal lulus nindakne sabar lan tawakal marang Allah temah enggal antuk pitulunganNe".

 

Nalika iku wektune wis meh surup, srengenge wis nyedhaki cakrawala sisih kulon lan arep ambles ing kana. Ki Pelanggolan dumadakan ngrasakne sirah sing ngelu wor lan mumet, sarandhuning awak krasa panas. Dansaya suwe ora sansaya suda nanging malah sansaya ndadra, nalika Ki Pelanggolan sambat, Ki Sima Abang mung aweh wangsulan supaya nggedhekne rasa sabar lan tawakal ngandelne rasa percaya marang pangwasane Allah sing maha kuwasa. Ambarengi suruping surya, rasa sing dirasakne dening Ki Pelanggolan wis ilang, nanging nalika Ki Pelanggolan ngingeti awak lan tangan sarta sikile, jebul kabeh wis malih, malih dadi Macan gembong sing gedhene kagila-gila. Ki Lasma sing weruh owah-owahan ing ragane Ki Pelanggolan kuwi sak kal dadi ngoplok, kringete dleweran metu saka sarandhuning awake, ketang saka wedine.

 

 

ana candhake.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...