Total Tayangan Halaman

Selasa, 11 Januari 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (045)


45.

Ora kacaritakake piye bingunge para Bebau sing ditinggal, Ki Pelanggolan karo Ki Lasma wis budhal lunga menyang pinggir alas kulon padhukuhan, nggoleki Jatigrowong. Kanggo njagani nek Macan Gembong kuwi pranyata dudu Ki Sima Abang, Ki Pelanggolan luwih dhisik ngetrepne aji jaya kawijayane, lagi banjur mapan samadhi ing ngisore wit Jati sing gedhene padha karo tepung gelange wong loro sing nggandheng tangan, nanging jerone growong. Ki Lasma mapan watara telung dhepa saka papane Ki Pelanggolan, padha olehe laku samadhi mung bedane Ki Lasma tansah nyambi ngulat-ulati Ki Pelanggolan mbok menawa ana bebaya sing nyedhaki.

 

Pitung dina pitung bengi Ki Pelanggolan lan Ki Lasma nindakne laku samadhi ing Jatigrowong, nanging babar pisan durung ana tandha-tandha Ki Sima Abang arep nemoni. Lan sajrone wong loro mapan ana kono, Macan gembong sing sasat saben dina metu saka Jatigrowong, keluyuran ing padhukuhan uga ora ngaton. Nyandhak dina kawolu, dumadakan ana suwara sing tanpa wujud kandha marang Ki Pelanggolan, mbagekne tekane lan ngabarake keslametane. Ki Pelanggolan ora pangling yen kuwi suwarane gurune, ya suwarane Ki Sima Abang.

 

"Padha slamet satekamu ing papan kene Sima Loreng?" kandhane Sima Abang sing ora ngatonake wujude kuwi .

 

"Awit pangestunipun Guru, raharja sowan kula" wangsulane Ki Pelanggolan kanthi ati sing seneng merga nggagas nek wis klalon bakal kepethuk karo gurune "bekti kula katur Bapa".

 

"Iya Sima Loreng" wangsulane Sima Abang tanpa ngatonake wujude "pangabektimu wis tak tampa gawe senenging atiku. Banjur nduwe karep apa kowe teka neng papan kene Sima Loreng lan sing lungguh neng cedhak watu kumalasa kae sapa?".

 

"Inggih Bapa" wangsulane Ki Pelanggolan "waleh-waleh menapa kula namung kepengin saged kepanggih saha nyumerepi karaharjanipun Guru, ingkang sampun pinten-pinten tahun boten nate kula sumerepi, kula sampun kangen sanget dhateng piwucalipun Guru. Dene ingkang lenggah ing sacaketing sela ageng nika, nuwun inggih Ki Dhadhapsulasma tilas siswanipun Resi Wresaya ingkang kenging walat jalaran kapeka sarana nedha Tigan Redi, lajeng dening Raden Sengkan kadhawuhan ngancani kula minangka sarana luwar saking walatipun".

 

"Pancen Wresaya kae jinising Iblis tenan kok" dumadakan Sima Abang nggereng "kuwi mesthi Wresaya sing nom, jalaran Wresaya sing tuwa wis mati tak klethak sirahe, sawise aku dipaeka temah salin wewujudanku sing kaya ngene iki. Ngertia Sima Loreng, nggonku durung ngatonake wujudku marang kowe iki jalaran aku kuwatir yen nganti Kowe kaget weruh wewujudanku sing saiki iki".

 

"Nuwun inggih, estunipun kula inggih sampun mangertos ingkang Guru sandhang awit saking candhalanipun Resi Wresaya, dados kula boten badhe kaget malih menawi sumerep wewujudanipun Guru ingkang sampun santun dados Sima ingkang agengipun nglangkungi agengipun maesa benthung".

 

Ki Sima Abang ora enggal semaur, nanging gerenge isih keprungu rada banter. Gerenge Macan sing lagi nesu. Ki Pelanggolan krungu nggerenge gurune ngono kuwi babar pisan ora wedi, dheweke wis iklas upama nganti gurune lali lan banjur ilang sipat kamanungsane malih dikuwasani sipat macane, banjur dheweke ditubruk dadi mangsane. Nanging jebul sanajan lagi nesu, Ki Sima Abang ora banjur kelangan sipat kamanungsane, panggah eling yen sing dijak guneman kanthi sesingidan kuwi murid sing banget diasihi, ketitik banjur guneman maneh, nanging tetep durung gelem ngatonake wewujudane :

 

"Dadi kowe wis ngerti panandhang sing tak sandhang iki Sima Loreng? Sapa sing wis aweh weruh marang kowe?".

 

"Inggih Guru" wangsulane Ki Pelanggolan "estunipun nalika kula ngupadi Guru, kula kepanggih kalih siswanipun Ki Gedhe Cupuwatu, inggih piyambakipun ingkang nyariyosi kula".

 

Ki Pelanggolan banjur nyaritakne kanthi runtut, lelakone wiwit dheweke ngambah sukune Gunung Wilis, banjur ketemu karo Sodagar Widaru sing tumuli disusul dening Ki Lasma sing wektu kuwi isih nganggo jeneng Dhadhapsulasma, tekan anggone babad alas lan yasa padhukuhan sing saiki dadi Padhukuhan Pelanggolan, banjur anane kabar Macan Gembong sing saben-saben tansah kluyuran ing padhukuhan sing wekasane dheweke lan Ki Lasma banjur mutusake nindakne laku semedi ing papan kono kuwi. Kabeh dicritakne tanpa ana kang kecicir. Sanajan ora katon Ki Sima Abang uga nyemak kanthi tenanan kabeh sing dicritakne muride kuwi.

 

"Pancen Ki Gedhe Cupuwatu kae nyata sedulur lan kancaku sing becik atine" kandhane Ki Sima Abang sawuse Ki Pelanggolan "dheweke luwih dhisik bisa necep ngelmu saka Kyai Bantarjati ya Kyai Bantarangin sing satemene uga Raden Sengkan, dadi urut-urutane aku iki isih klebu sedulur nom sapaguron karo Ki Gedhe Cupuwatu lan Dhadhapsulasma sing saiki wis salin jeneng dadi Lasma, kae uga klebu sedulur nom tunggal guru karo aku, dadi jeneng wis pas yen kowe ngaturi Lasma kae nganggo sebutan Paman".

 

"Inggih Bapa" wangsulane Ki Pelanggolan "samangke kaparenga Bapa Guru enggal ngatingalaken salira dhateng kula menapa dene dhateng Paman Lasma".

 

"Aja seneng kesusu Sima Loreng" kandhane Ki Sima Abang "sadurunge aku ngatonake wewujudanku ing ngarepmu, Pamanmu Lasma kae celuken mrene, ana sing prelu tak kandhakne marang kowe wong loro sadurunge aku ngatonake wujudku".

 

"Inggih Bapa" wangsulane Ki Pelanggolan banjur nyedhaki papane Ki Lasma semedi.

 

"Paman Lasma ditimbali Guru" kandhane Ki Pelanggolan sawuse tekan sandhinge Lasma.

 

"Piye?" Ki Lasma takon sajak kaget "ndika wis kepethuk karo Ki Sima Abang?".

 

"Lho? Apa Paman ora weruh yen aku lagi wae jejagongan karo Guru?" Ki Pelanggolan genti sing mbalik takon.

 

"Bener ngger" wangsulane Ki Lasma sareh "pancen aku weruh, ndika umak-umik kaya lagi guneman, nanging guneman karo sapa aku ora ngerti lan aku uga ora krungu apa sing wis ndika kandhakne".

 

"Bapa Guru durung kepareng ngatonake wewujudane marang awake dhewe Paman" Ki Pelanggolan aweh katrangan "Guru uga durung mentala nyipati aku nampa sabab saka panjenengane. Saiki ayo mrana, Guru arep paring pangandika marang awake dhewe luwih dhisik sadurunge Guru ngatonake salirane".

 

"Pancen Ki Sima Abang nyata wong sing sekti mandraguna" Lasma grenengan ijen "ingatase aku iki klebu bangsa prayangan, nanging bisa digawe ora krungu marang ukara sing dikandhakne marang Ki Pelanggolan.......".

 

"Uwis Paman, ora sah ndadak nggreneng kaya ngono, kuwi merga saka pangati-atine Guru wae" Ki Pelanggolan ngandhani Lasma "ayo saiki ndang bareng aku ngadhep panjenengane Guru".

 

"Mangga Ki Pelanggolan tak dherekne" Ki Lasma banjur ngadeg, wong loro kuwi mlaku menyang Jatigrowong sing dhek mau dienggo Ki Pelanggolan semedi.

 

"Padha rahayu satekamu Adhi Lasma" lagi wae Lasma mapan lungguh neng sandhinge Ki Pelanggolan wis keprungu suwarane Ki Sima Abang sing durung katon wewujudane.

 

"Awit pangestu ndika Ki Sima Abang, rahayu sowan kula, bekti kula katur Ki" wangsulane Lasma.

 

"Ha...ha...ha....." Ki Sima Abang gumuyu sajak seneng "tak tampa pangabektimu Adhi, aku ngaturake panuwun marang si Adhi sing wis gelem ngancani lan momong anakku Sima Loreng sasuwene iki".

 

"Dhawah sami-sami Ki Sima Abang" wangsulane Lasma "inggih estunipun sedaya kala wau kula lampahi namung awit mundhi dhawuh saking Panjenenganipun Raden Sengkan utawi Kyai Bantarangin, inggih Ki Bantarjati minangka sarana murih kasaenan kula piyambak, dados kedahipun kula ingkang matur nuwun dhateng Ki Pelanggolan ingkang sampun kersa kula dhereki".

 

"Iya, iya Dhi" Ki Sima Abang bali guneman "wis sansaya katon cetha wohe nggonmu nggeguru marang Ki Bantarjati, Guruku ya gurumu, ketitik saka basamu sing ora dhemen ngatonake lelabuhan lan mburu pangalembana, malah kepara ndhisikne jiwa andhap asormu. Iki ngene ya Dhi?".

 

"Inggih kados pundi Ki?" Ki Lasma nugel rembuge Ki Sima Abang.

 

"Aku arep njaluk tulung maneh marang si Adhi" kandhane Ki Sima Abang sabanjure.

 

"Inggih Kakang, kula badhe nglampahi sedaya dhawuh ndika Ki Sima Abang, sedherek sepuh kula ingkang dereng nate kula sumerepi wewujudanipun" wangsulane Ki Lasma.

 

"Dhawuhe Bapa Kyai Bantarjati marang si Adhi nalika samana, si Adhi kadhawuhan ngancani Sima Loreng nganti dheweke bisa kepethuk karo gurune yaiku aku. Nanging si adhi rak ya wis ngerti wecane Kakang Cupuwatu lumantar muride sing jenenge Widaru ? ya iku, ana rong perkara sing salah siji bakal tumiba marang anakmu si Sima Loreng yen dheweke nekad kepengin kepethuk karo aku, kamangka wis cetha nek rong perkara kuwi ora ana sing ora mbebayani tumrap anakmu Si Sima Loreng sing saiki wis ngalih jeneng dadi Ki Pelanggolan iki. Dadi saupama saiki aku gelem ngatonake wujudku marang si adhi apa dene Sima Loreng, tan wurunga Sima Loreng bakal nampa sabab saka walat sing lagi tak sandhang. Tak cethakne sepisan maneh, yen Sima Loreng nekad kepengin ketemu adu arep karo aku, dheweke bakal salin wujud kaya wewujudanku sawise aku kena walat merga paekane Resi Wresaya biyen. Satemene aku ora wentala nyumurupi muridku iki salin wujud dadi Macan, nanging kodrating jagad kudu lumaku mangkono, mula wajibe ya kudu dilakoni. Mung panjalukku marang si Adhi, tulung mongen anakmu si Sima Loreng mengko nganti dheweke bisa luwar saka sabab walat iki, ya iku mbesuk yen wis kepethuk muride Ki Tanparupa sing wujude ana nom-noman loro sing lagi nindakne laku lelana, ing kono si Adhi bakal luwar bisa bali dadi wujud manungsa lumrah lan Sima Loreng uga bakal pulih dadi manungsa maneh. Piye Dhi? Apa si adhi gelem nuruti panjalukku iki?"

 

 

ana candhake.

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...