3.
Kaya padatan nek teka saka lelungan, sawise nglebokne pit motore neng papane Sodik banjur mapan lungguh neng kursi. Sampir sing tinanggenah tunggu omah lan makili Sodik sasuwene ora ana omah gageyan nyedhak arep nglapurake apa-apa sing prelu dingerteni dening juragane. Mligine ing babagan gaweyan sing nalika Sodik aep budhal dipasrahne kabeh marang Sampir. Simpen sing wis suwe olehe ndherek ing kulawarga kuwi ya banjur tanggap, ora suwe sawise Sodik mapan lungguh daya-daya Simpen ngladekne kopi pahit kanggo Sodik lan kopi sing legi kanggo bojone. Pancen wis rada suwe Sodik kuwi nek ngombe kopi seneng sing ora nganggo gula.
"Ana sing nggoleki aku apa ora Lik sasuwene tak tinggal wingi kae?" Sodik miwiti guneman ngajak omong sing arep aweh lapuran.
"Enggih enten Mas, ning nggoih kula warah nek panjenengan tindak Yogya dados nggih boten sios madosi" wangsulane Sampir.
"Sapa? butuh apa?" Sodik takon maneh.
"Sartana dikengken bapakne" wangsulane Sampir
"Sartanane Om Hari ta? dikongkon apa?" durung tutug olehe kandha Sampir, Sodik wis munggel rembug nganggo pitakonan maneh.
"Enggih, jane ajeng ngrepoti Mas Sodik ken ngeterne Bu Sarmun teng Rumah Sakit, tiang Bu Sarmun criyose dirujuk teng Rumah Sakit Sala" wangsulane Sampir.
"Lha mobil tak tinggal neng omah lho? wong sampean ngerti dhewe Ibu wingi ngersakne nitih Bus Patas, kuncine rak tak titipne Lik Simpen ta? nek enek wong njaluk tulung mobile keneng dienggo, waton ana sing nyetiri. Lha Lik Simpen apa gak omong nyang sampean?" Sodik wangsulan nganggo pitakonan.
Pancen ing lingkungan kono kuwi, sanajan sing duwe mobil kuwi ya klebu rada akeh, nanging sing kondhang enthengan kuwi mung Sodik. Mligine nek kanggo ngeterne wong lara sing arep mertamba, ora arep metung wektu, mbuh esuk mbuh tengah wengi pisan, Sodik mesthi kanthi legawa gelem ngeterne kanthi lelahanan alias gratis, ora tau gelem nampani nek sing njaluk tulung aweh dhuwit kanggo ijole bensin. Ngono kuwi ditindakne Sodik wiwit duwe mobil sing sepisanan wujud Suzuki Carry biyen nganti ganti mobil ping telu saiki rupa Terios modhel sing anyar dhewe.
Sing diarani Bu Sarmun kuwi isih sedulure bojone Om Hari, sedulur tunggal simbah nek karo Bu Kaji, ibune Sodik. Dadi nek karo Sodik isih keneng diarani kadang katut
"Jane Make lare-lare nggih criyos" Sampir wangsulan sawise meneng rada suwe "nanging lha wong sing saged nyetir niku namung Mas Munir, gek ndelalah pas Ibune Cilik sakit niku, Munir dipadosi boten enten, gek Sartana piyambak SIM-e mpun pejah, dados nggih boten wantun. Siose nggih lajeng ngengken Ramuji Wonokerto mriku".
"Ya wis nek ngono, bakune sing lara wis diterne nyang Rumah Sakit" kandhane Sodik sabanjure "mau aku ya pethuk Munir neng Sidowayah kana, nanging ya ora kober omong-omongan wong pas aku mudhun saka bus, dheweke munggah, dadi ya simpangan, embuh arep lunga menyang ngendi aku ya ora kober takon, ketoke arep lunga adoh wong sing ditumpaki Bus patas jurusan Surabaya".
"Enggih, beneke ajeng ngurus damelan teng Jombang napa pripun ngoten"
"Ya wis, lha urusan gaweyan sing tak pasrahne sampean wingi piye?" Sodik genti takon urusane dhewe.
"Sedaya beres Mas" wangsulane Sampir karo mesem ketok nek atine lagi mongkog "sedaya galengan sabin empun dipopok sedaya, malah kedhokane nggih mpun dados garon, pupuk kandhang sing dicawisne teng wingking griya nika mpun disebarne sedaya dados nggih mpun ketutup kalih lendhut garon, toyane kula gung, mengke mawon nek mpun wancine angkler kalih ngalusne kantun mbedhahi lak-ane".
"Sokur nek pancen ngono, wong olehe tandur isih sepasar maneh ta?" Sodik mangsuli lapurane Sampir karo seneng.
"Enggih, anu Mas wingi Mantri Bambang mriki, criyose panjenengan dhawuhi nyuntik lembune?" Sampir nutuigne olehe lapuran.
"Iya, piye? wis disuntik apa durung? kok wiwit mau aku durung krungu olehe bengah?" Sodik takon maneh.
"Empun, bar disuntik wingi nika nggih terus mingkem boten bengah malih, ketoke dados niku, wong Mantri Bambang wingi nggih criyos nek wekdale nyuntik empun pas wektune, mugi-mugi mengke pedhete jaler nggih Mas?" Sampir wangsulan karo mesem.
"Ya muga-muga wae" kandhane Sodik nglegani tembunge Sampir "Ya wis nek ngono, ketoke mripatku isih rada ngantuk gek awakku ya isih rada kesel aku tak leren dhisik nek ngono".
"Nggih Mas"
Sodik ngadeg banjur mlebu kamare, salin genti nganggo sarung mapan ngglethak neng dhipane. Karo ngglethak Sodik kober nggagas critane Sampir sing ngabarne nek Bu Sarmun digawa menyang Rumah Sakit Sala mau. Sak jane ngono, neng atine Sodik kuwi isih ana rasa bingget karo kulawargane Om Hari, Pakne Cilik kuwi. Nanging merga Sodik bisa nggunakne nalar lan nata atine kanthi becik, binggeting atine bisa digawe samudana sing ndadekne ora ketara.
Biyen sawise rampung olehe kuliah neng Al-Azhar Cairo, Mesir Sodik tau duwe sesambungan tali katresnan karo prawan ayu tangga desa sing jenenge Susiana, kaya sing dikandhakne Ririen pas jagongan mau bengi kae. Sambunging katresnan antarane Sodik karo Susi kuwi satemene wis suwe, wiwit Sodik arep lulus saka Madrasah Mualimin Gontor Ponorogo biyen. Wektu kuwi Susi isih kelas telu SMP. Nganti Sodik lulus lan oleh gelar LC saka Al-Azhar, lan bali menyang desane, sesambungan katresnan kuwi mlaku kanthi becik-becik wae. Sesambungan katresnan antarane putune Nabi Adam loro kuwi dadi pedhot banjur bubrah ora nggenah bareng Sodik lunga ninggalne desane, nindakne pengabdian marang almamatere yaiku Pondok Modern Gontor, dadi Ustadz ing salah sijine Pondok Gontor Putri sing manggon neng sawijining kutha ing Jawa Timur.
Ditinggal lunga rada suwe, Susiana kena godha. Sing dadi panggodha ora ana liya kajaba sedulure Sodik dhewe, sing sadurunge Susiana gandheng karo Sodik, wis suwe olehe ngendhem rasa seneng marang prawan ayu sing merak ati kuwi. Ya kuwi Munir, anake lanang Om Hari, Pak Cilike Sodik dhewe.
Wiwitane tekane Munir sing ndolani Susi neng omahe ya ditampa lumrah dening Susi. Nalika Munir ngandhakne apa sing dadi isen-isening atine, Susi kanthi sabar lan sareh aweh wangsulan yen Susi ora duwe niyat arep nampik katresnane Munir marang dheweke, nanging aweh wangsulan :
"Ngene ya Mas Munir, oraa tak kandhani mesthine panjenengan ya wis pirsa lan mireng dhewe nek sesambungan tresna antarane aku karo Mas Sodik kuwi dingerteni wong akeh. Bapak karo Ibuku ya wis pirsa lan uga wis nayogyani sesambungan kuwi, samono uga Ibune Mas Sodik uga wis pirsa lan uga wis sarujuk. Mung kari ngenteni lamaran kanthi resmi wae. Dadi ya aja dadi penggalih panjenengan yen aku ora bisa nampa katresnan panjenengan marang aku".
"Nanging sadurunge disekseni Pak Naib lan diijabne neng ngarepe para seksi, Dhik Susi kuwi isih legan lho Dhik. Sapa wae wenang ngayunake dadi sisihane Dhik Susi, klebu aku sing suwe ngendhem rasa tresna marang slirane" wangsulane Munir nalika Susi ngandhakne yen ora bisa nampa katresnane Munir sing dikandhakne ing ngarepe.
"Iya Mas, aku matur nuwun banget marang Panjenengan sing wis kagungan rasa tresna marang aku, nanging ya pangapurane panjenengan wae sing gedhe ya Mas? jalaran aku kapeksa ora bisa nimbangi katresnan panjenengan marang aku. Rasa tresnaku marang Mas Sodik lan rasa tresnane Mas Sodik kuwi wis dipirsani dening Bapak Ibu lan uga Ibune Mas Sodik, dadi ora mung aku sing kepengin diwengku dadi garwane Mas Sodik lan Mas Sodik kepengin ngepek bojo aku, nanging malah wis luwih saka kuwi, Bapak karo Ibuku wis kepengin banget duwe mantu Mas Sodik lan Ibune Mas Sodik ya wis kepengin banget duwe mantu aku. Dadi sepisan maneh tak suwun marang Mas Munir, kersaa murungake olehe kagungan kersa arep mengku aku dadi garwa panjenengan ya Mas?" kanthi tatag lan tembung sing cetha Susiana aweh wangsulan marang Munir sing sajake arep nekad apepawadan dumeh durung ana janur ajur sing dadi pratandha yen sesambungan katresnan antarane Sodik karo Susi isih bisa diowahi.
Krungu wangsulane Susi ngono kuwi, jebul Munir ora gelem mundur olehe nelakake rasa tresnane. Dikandhani nganggo tembung sing becik ngono kuwi, Munir ora mendha nanging malah sansaya ndadra. Malah banjur arep nekad nibakne srana nganggo tembung sing manis nanging tenane mawa wisa sing banget mbebayani. Munir meneng rada sauntara, pikirane wiwit makarya, atine dikongkon ngrakit ukara sing bisa dadi srana kanggo medhotne rasa tresna ing atine Susi marang Sodik.
"Ngene ya Dhik" kandhane Munir sawise kasil nata ukara ing sajroning atine "aku ngerti nek Bapak Ibu kene kuwi wis cocok karo Mas Sodik, nanging aku dadi mesakne banget marang Bapak Ibu kene, luwih-luwih marang Dhik Susi, yen klakon Dhik Susi kebacut dadi bojone Mas Sodik. Kang mangkono kuwi mau, merga mung jalaran mBak Susi uga Bapak lan Ibu malah kepara Budhe Kaji kae pisan, durung pirsa sapa satemene Mas Sodik lan kepiye mungguh sing dadi pakulinane Mas Sodik wektu iki".
ana candhake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar