2.
Mudhun saka Bus Sodik kepethuk karo Munir sedulur nakdulure, nanging mung padha esem-eseman thok minangka tandha sapa aruhe, ora merga piye-piye mung sabab merga Sodik kesusu selak mudhun sauntara Munir kesusu arep munggah melu nunut bus sing mau ditumpaki Sodik. Bareng karo Sodik mudhun saka dalan aspalan arep mlaku menyang papan penitipan sepedhane, bus sing mau ditumpaki wis adoh olehe mlayu. Karo mesam-mesem minangka wangsulan marang Tukang Ojek sing padha ngrubung ngetutne lakune, Sodik bablas menyang penitipan sepedha.
"Mbeta pit piyambak kok Mas" kandhane Sodik marang para Tukang Ojek sing ora marem mung disauri karo esem lan tembung "boten". Lagi bareng diwangsuli mangkono kuwi mau Tukang-Tukang Ojek lagi gelem padha sumingkir ngalih. Tekan nggon penitipan sepeda, Sodik ora kesusu mlebu njupuk pit montor sing dititipne neng kono. Nanging malah mapan lungguh neng dhingklik dawa sing diselehne dening sing duwe neng ngarep omah sisihe lawangan mlebu. Ngrogoh sak ngetokne rokok karo korek. Sodik wiwit nyedhot rokoke, olehe ngempet rasa kepengin udut wis rada suwe. Pas neng omahe mBakyune olehe udud ndadak kudu metu saka omah rada adoh, ben ora kaweruhan Ririen, mBakyune utawa Kahar, kangmase ipe. Merga wong loro kuwi, banget olehe ora seneng nek ngerti Sodik ngrokok. Lumrah wong Ririen kuwi Dosen neng FKIP lha Kahar kuwi dokter neng Rumah Sakit PKU. Ketambahan mau sing ditumpaki Bus sing nganggo AC, dadi ya ora bisa ngrokok. Mula bareng wis mudhun saka Bus, olehe ngrokok jan dikepenakne tenan ngana kae, ora kesusu njupuk sepedha motor sing dititipne banjur bablas mulih menyang omahe.
"Lho sampun kundur ta Mas?" lagi wae Sodik ngematne enake pega udut tanpa weruh sangkan parane, Pak Kawit sing duwe titipan sepedha wis linggih neng sisihe karo takon "lha keng Ibu pundi?".
"Nembe mawon Pak Kawit, sareng Eka niku wau napa?" wangsulane Sodik karo noleh nyawang Pak Kawit "Ibu taksih kantun dhateng Yogya".
"O enggih, paling Bu Kaji taksih dereng mantun kangene kalih wayah-wayahe" kandhane Kawit sabanjure. Pancen wong sing wis kulina srawung karo kulawargane Sodik ki nek ngarani Ibune Sodik akeh sing nganggo tembung Bu Kaji, merga sawargi Pak Ali, bapake Sodik karo Bu Siti, Ibune Sodik, pancen wis tau ngibadah Haji sadurunge Sodik lahir biyen.
"Pinten Pak? Sedinten kalih sedalu lho?!?" Sodik takon karo ngelungne dhuwit limang ewon marang Kawit sing wis nuntun pit motore Sodik menjaba.
"Biasa Mas, sekawan ewu" wangsulane Kawit karo nampani dhuwit sing dilungne Sodik "sekedhap nggih? susuke kula pendhetne riyin".
"Sampun Pak Kawit, matur nuwun" wangsulane Sodik karo mapan lungguh nyetater pit motore.
"Nggih sampun, matur nuwun lho Mas" Pak Kawit ngaturne panuwune.
Ora let suwe Sodik ya banjur wiwit nggelak sepedhane tumuju omahe. Olehe mlaku blas ora banter, wong disambi karo ngrokok. Lagi bareng rokoke wis entek lan uthise dibuwang neng pinggir ratan, olehe ngepit Sodik rada dibanterne. Nanging ya ora banter kaya lumrahe bocah-bocah nom numpak pit motor ngana kae.
Karo numpak pit motore, dumadakan Sodik kelingan Waginem, bocah wadon sing mau lungguh neng sisihe wiwit saka Sala nganti tekan Sidowayah. Ana rasa aneh sing nggremet ing jero dhadhane Sodik, nadyan mung tepung neng dalan, nanging ana rasa aneh ing atine Sodik marang bocah wadon sing omahe Ngawi kuwi mau. Nek rupane pancen ya keneng diarani ayu, nanging jaman saiki apa ana ta bocah wadon sing ora ayu?. Nyandhang nganggone sing prasaja nanging mantesi, tembung-tembunge sing alus lan grapyak, slaga lan tingkahe yen rembugan olehe katon sopan lan ruruh, ndadekne Sodik kasengsem. Ora krasa karo nyetir pit motore Sodik mesem dhewekan. Satleraman wewayangane Waginem bali ngaton ana angen-angene, disusul karo wewayangane Ririen, mBakyune sing mau bengi rada taneg olehe ngajak jagongan dikancani Kahar sisihane.
"Umurmu saiki iki wis ngancik telung puluh lho Dik" kandhane Ririen mau bengi "dadi aja mbok anggep isih nom wae. Kowe kuwi wis wayahe mikir golek sisihan, aja nganti ketuwan olehmu arep rabi. Mesakna anak-anakmu mbesuk".
"Iya Yu, tak ndang golek sisihan" wangsulane Sodik karo mesem "ning ya kudu sabar, wong jenenge tekane jodho kuwi ora kena didadak, kabeh mung manut purbane sing ngecet lombok".
"Alaah, kowe kuwi saben-saben dielingne supaya ndang mikir golek bojo, mesthi wangsulanmu ngono kuwi" kandhane Ririen sabanjure "apa kowe durung bisa nglalekne si Susi? apa malah kebacut jinja banjur mbok gebyah uyah padha asine, kabeh bocah wedok mbok anggep padha karo dheweke?. Aja kaya ngono kuwi ya Le, emanen awakmu dhewe, apa kowe ki ora mesakne Ibu sing wis kepengin banget direwangi olah-olah neng pawon karo mantune?".
"Yu Rien ki kok ya bisa wae lho?" Sodik wangsulan karo ngguyu "aku iki blas wis ora kelingan karo tilasane Munir sing saiki lunga nyang luwar negeri kae, malah aku rak ya wis bola-bali kandha nek aku pedhot karo Susi jaman semana kae, ora musibah nanging malah kepara oleh berkah, dadi tak jaluk Yu Rien aja nyebut-nyebut bab bocah kae maneh, ora becik. Jane aku ki ya kepengin banget bisa gawe renane penggalihe Ibu sing saben-saben tansah dhawuh supaya aku iki enggal omah-omah, nanging ya kuwi mau Yu, jenenge siji pesthi, loro jodho, telu wahyu, papat pangkat, lima kanugrahan kuwi kabeh karegem ana pangwasane Gusti. Rak ya ngono ta Mas?" Sodik genti nyawang marang Kahar, kangmase Ipe.
"Kuwi bener Dhik Sodik" wangsulane Kahar karo mesem "pancen ana unen-unen, gegarane wong akrami kuwi dudu bandha dudu rupa, amung ati pawitane, yen gampang luwih gampang, yen angel-angel kelangkung. Nanging saben wong sing isih legan, kuwi kasampiran nduweni panjangka supaya ing mbesuke bisa nuwuhake turun, lha sranane kudu omah-omah. Dadi bisane omah-omah kuwi kena diarani panjangka, lha bisane kasembadan panjangkane kudu dijangkah, ora mung meneng ora obah".
"Rungokna kuwi Dik" Ririen numpangi rembug "kowe kuwi kudu mbudidaya murih enggal bisa ndang oleh jodho, ora kok mung ketungkul mikir gaweyan banjur lali sembarang kalire ngono kuwi. Gajege kowe biyen sadurunge iki ya tau mbudidaya nyedhaki Susi sanajan wekasane sambunging atimu karo Susi banjur bubrah ora nggenah, nanging kowe ora bisa selak nek kowe tau duwe rasa tresna marang bocah wadon. Lan saiki, sing luwih baku, kowe kudu luwih pinter ngandhani rasamu, neng donya sing jembare ora winates iki, bocah wadon kuwi cacahe akeh banget, dadi ya ora mung Susi dhewe, uga merga cacahe wong wadon sing tanpa wilangan akehe, watak, wantu lan tekune mesthi wae dhewe-dhewe, ora kabeh kaya Susi. Kuwi kowe kudu ngerti".
"Iya, iya Yu" Sodik wangsulan sareh "aja kuwatir, ya tulung atune Ibu, nek aku arep mbudidaya nggoleki bocah wadon sing gelem tak dadekne jodhoku, ora liwat aku nyuwun tulung Mas kahar karo Yu Rien, tulung aku dibantu donga, muga-muga Gusti Allah paring kasembadan marang apa sing dadi panjangkaku".
"Iya Dhik Sodik" Kahar luwih dhisik wangsulan "tak dongak-dongakne muga-muga jodhone Dhik Sodik enggal ketemu. Aamiin".
"Aamiin" Sodik melu ngamini.
"Nek aku ora mbok jaluk, mesthi wis luwih dhisik ndongakne Dik" Ririen genti sing aweh wangsulan "nanging ya kuwi mau, donga lan panyuwunan marang Gusti Allah kuwi ora kena mung mandheg neng ndona lan nyuwun thok, kudu disranani mbudidaya lan setiar".
"Iya Yu, aku ngerti" .
Sodik mesem maneh, karo ngangen-angen apa sing dirembug karo mbakyu lan mase ipe mau bengi, wewayangane Waginem bola-bali ngaton ing sela-selaning angen-angene.
"Apa kira-kira mBak Waginem mau bisa dadi jatu kramaku ya?" karo rada isin karo atine dhewe Sodik nakoni awake dhewe.
"Lha kowe gelem apa ora upama Waginem kae dadi jodhomu ngono?" suwaraning ati saka sisih liyane genti nakoni.
"Ketoke ya gelem" wangsulane atine dhewe "ning sing kana gelem apa ora ya? gek apa wis duwe calon apa durung?".
"Upama Waginem kae mau gelem karo kowe, banjur olehmu arep nyambungne atimu karo atine kepriye? Ngawi kuwi kuwi amba, kamangka kowe ya durung ngerti omahe? Kowe kuwi ya kebacut kok, jaman saiki kok ora gelem takon nomer ha-pe ne?" suwara saka ati sisih kana mau genti takon karo melehne. Sodik kangelan olehe arep wangsulan.
Sauntara kuwi, ora krasa lakune pit motor sing disetiri jebul wis menggok neng plataran omahe. Tekane Sodik dipapagne karo ngguya-ngguyu sajak seneng dening Sampir, rewange sing kulina dikon ngrewangi ngopeni sapi lan nggarap sawahe. Sampir bojone Simpen, rewange Ibune sing saben dina dadi kongkonane Bu Kaji yen ngersakne apa ta apa.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar