dening : immir
1.
Satemene ya wis ngerti lan ya wis apal nek mengko neng Terminal Tirtonandi Sala, bus-e mesthi leren rada suwe. Nanging Sodik milih semaur nek mudhun Sidowayah, nalikane Kondhektur bus mubeng njaluki ongkos marang penumpange. Pancen esuk kuwi Sodik rumangsa yen ngantuk, dadi munggah bus Patas Yogya - Surabaya saka Terminal Giwangan ya banjur sendhen kursi mripate diremne, mapan turu. Pikire Sodik nadyan mengko neng Sala buse ngetem suwe ya ora apa-apa, buse leren dheweke ya arep melu leren. Kaya padatan Bus sing mau kebak, bareng tekan Sala kari sethithik sing ora mudhun. Sodik ngalih enggon golek kursi sing dadi senengane ya kuwi kursi sing pas mburine sopir. Batine Sodik mengko nek wayahe mudhun ben cedhak lawang, dadi ora kesuwen.
Karo mangku tas ransele Sodik mapan turu, sendhen neng bangku sing dilungguhi. Bakul-bakul asongan sing munggah bus nawakne dagangane ora ana sing direken. Wohe jagongan karo mbakyune lan mase ipe mau bengi sing nganti tekan wengi ditambah durung mlebu wayah subuh wis tangi, ndadekne Sodik ngantuk sing angel olehe ngampet. Lagi lungguh sedhela wis angler olehe turu, nglilir-nglilir bareng bus wis rada adoh ninggalne terminal. Sodik nyawang menjaba, tekan Palur batine. Nglirik mengiwa, kursi ing sisihe sing mau ora ana sing nglungguhi saiki wis kisenan penumpang, bocah wadon sandhangane brukut jilbaban.
Pas Sodik nglirik karo ngulat-ulati sing lungguh neng sandhinge kuwi, mbarengi sing dilirik noleh nyawang prenahe Sodik. Atine Sodik nratab, sunaring mripate tempuk karo sunar mripate bocah wadon sing rumangsane Sodik duwe daya tarik tersendiri kuwi. Gageyan bocah wadon kuwi ngalihne panyawange, samono uga Sodik uga banjur ndhingkluk nyawang jogane bus sing ditumpaki.
"Badhe tindak pundi mBak?" kanggo nutupi rasa kagete Sodik ngajak omong bocah sing lungguh neng jejere kuwi.
"Badhe dhateng Ngawi" wangsulane Bocah wadon kuwi, suwarane empuk miturut panampane kupinge Sodik "lha Mase?".
"Ngawi?" Sodik genti wangsulan "kula namung dugi Sidowayah mawon kok. mBake daleme Ngawi napa badhe tuwi sedherek dhateng Ngawi?".
"Badhe wangsul Mas" kandhane bocah wadon kuwi semanak "niki wau saking niliki ponakan ingkang Kost teng Yogya. Lha Mase daleme Sidowayah ta?".
"Kedunggalar mBak" Sodik aweh wangsulan "nuwun sewu tepangaken kula Sodik Salim, mBake ngagem asma sinten?".
"Kula Waginem Mas" wangsulane bocah wadon kuwi karo mesem "awon nggih Mas? namine tiyang ndhusun".
"Sami mawon mBak" wangsulane Sodik karo mesem "nami paringane tiyang sepuh niku sae sedaya mBak, niku nami asli jawa, nek jeneng kula niki rak semu ke arab-araban".
"Inggih Mas, tiyang rumiyin criyosipun Simbok kula lair pas dinten Wage, mangsa nem" Waginem guneman nggenahne asal-usule dijenengne Waginem.
Ora krasa wong loro sing lagi wae kepethuk kuwi wis ketok akrab, banjur padha crita akeh-akeh nyritakne saka olehe padha lelungan saka Yogya. Waginem crita yen bubar ngendhangi anake mbakyune sing kost neng Yogya merga isih kuliah neng UII. Olehe ngendhangi merga dikongkon mBakyune sing wis limang tahun luwih manggon neng Negara Taiwan dadi TKW, lan sasuwene kuwi anake wedok sing mung siji dititipne wong tuwane, banjur saiki dikongkon kuliah neng Fakultas Ekonomi UII Yogya. mBakyune Waginem sing jeneng Ponatun dhewe, olehe lunga menyang Taiwan dadi TKW kuwi sabubare rumah tanggane buyar, ditinggal sing lanang sing ora karuwan parane. Gandheng Ponatun duwe panemu yen anake kudu pinter ora kaya dheweke, Ponatun kepengin supaya anake bisa sekolah sing dhuwur, lan kanggo supaya pinter yegti mbutuhne wragat, mula Ponatun wani nekad budhal menyang Luwar Negeri kanggo golek dhuwit supaya anak sing wis ora dipikirne bapakne kuwi bisa sekolah sing pinter. Lha wragat kanggo nyukupi kabutuhane anake kuwi saben wulan dikirim saka Taiwan menyang adhine sing jeneng Waginem kuwi.
"Dados entrane ngoten niki kalih sinau dadi tiyang sepuh Mas" kandhane Waginem mungkasi critane "tiyang gadhahane Yu Pon niku kajawi yogane estri nggih kantun kula kalih simbok, gek simbok nggih mpun sepuh pisan".
"Oo, keng Bapak sampun boten wonten nggih mBak?" Sodik wangsulan nganggo piakonan.
"Sampun Mas" wangsulane Waginem "bapak kula niku tilar donya nalika kula taksih alit, nembe ajeng mlebet SD. Dados kula niki anak Randha wiwit alit Mas".
"Kok sami nggih mBak?" Sodik wangsulan karo mesem "kula nggih anak randha lho? Malah kula dereng nate sumerep bapak kula piyambak, tiyang Bapak seda niku nalika kula nembe umur tigang tahun".
"Mas Sodik putra waruju nggih?" Waginem genti sing takon.
"Leres mBak, putranipun Ibu niku namung kalih mbajenge mBakyu kula sak niki dhateng Yogya, sampun gadhah anak kalih sing setunggal sampun SMP sing setunggal sampun TK, lajeng ragile kula".
Sodik ya ba njur crita yen wingi olehe menyang Yogya kuwi merga ndherekne Ibune sing kajaba wis kangen karo putu-putune uga arep mriksakne kesehatane nyang Rumah Sakit papane Mas-e Ipe nyambut gawe, mbakyune Sodik dhewe nyambut gawene mulang dadi ASN ing salah sijine Perguruan Tinggi neng Yogya.
"Lha kok keng Ibu dipun tilar Mas?" Waginem takon sawuse Sodik rampung olehe nyritakne olehe menyang Yogya.
"Inggih, murugaken teng griya nggih gadhah open-open ingkang boten saged ditilar dangu-dangu mBak" wangsulane Sodik karo mesem "jane nggih boten patos tega nilar Ibu, nanging Ibu piyambak paring dhawuh murih kula wangsul, supados boten dangu-dangu damel repotipun tangga ingkang dipun titipi damelan griya, kula nggih kapeksa wangsul rumiyin".
"O Makaten nggih Mas?" Waginem nanggapi wangsulane Sodik karo mesem "teng dalem sambenipun Mas Sodik menapa ta?"
"nGgih kados limrahipun tiyang dhusun neh mBak" wangsulane Sodik karo rada ngguyu "sareng Ibu sansaya sepuh mila lajeng kangge ngopeni sabin tilaranipun sawargi Bapak dipun pasrahaken dhateng kula, kalih katambah kalih ngopeni ayam kampung kalih Lembu tuwin menda".
"Wadhuh hebat nggih?" Waginem nyelani rembug karo mesem "jebul Mas Sodik niki Petani ngrangkep Peternak nggih?".
"Petani napa ta mBak?" wangsulane Sodik karo ngguyu "Petani niku nek sabine wiyar, lha sabin tilarane Bapak niku namung cekap kangge maem tiyang sagriya, nyopak boten perlu nempur wos mawon. Gek Lembu sing kula openi nggih namung kalih, mendane namung pitu pasadhiyan disade nek wancine wulan Besar, nggih kangge tambah-tambah nyekapi kabetahaning gesang mBak, najan ayame Ibu niku namung babon tiga kalih kemanggang pinten nika, nanging rak nggih betah dipun kandhangaken nek wancine sonten?".
"inggih Mas" kandhane Waginem krungu wangsulane Sodik sing ngono kuwi "niku namine nggih mpun lumayan, kula piyambak teng nggriya namung njagakne buruh umbah-umbah kalih nyetlika dhateng tiyang-tiyang ingkang kengkenan kok Mas, kalih sekedhik-sekedhik ngrencangi Simbok sadeyan pracangan ing griya".
"Inggih mBak" wangsulane Sodik "sedaya menika menawi dipun lampahi kanthi remening manah linandhesanngagengaken raos syuikur dhateng Gusti Allah, insya'allah badhe murakabi awit bierkahan dening Gusti Allah".
"Amiin, leres menika Mas"
Ora krasa lakune Bus Patas jebul wis ngliwati dalan cedhake Monumen Surya, Sodik wis wayahe arep mudhun sedhela maneh wis tekan Sidowayah. Ora let suwe Sodik pamitan nek arep ndhisiki mudhun, marang Waginem.
"Inggih Mas, ndherekaken sugeng tindak, ngatos-atos lho Mas!".
"Inggih Matur nuwun mBak" wangsulane Sodik karo ngadeg, banjur mlaku nyedhaki lawang Bus sing ditunggu dening Pak Kenek.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar