102.
Oleh panantang saka wong jubah putih sing praupane ketutupan topeng kuwi, Panembahan Alit sakala muntap kanepson wae, meh nyundhul mbun-mbunane. Panembahan Alit ngerti nek wong jubah putih kuwi olehe nyebut jenenge cetha nek mung sakepenake wae, dijumbuhne karo gegaman sing lagi dicekeli, ya iku pange wit gulun, carang wreksa kuwi tegese rak pange kayu. Ora nganggo guneman maneh kanepson sing mau arep disuntak marang Tumenggung Tirtayasa genti diarahne marang paraga sing lagi teka sing cetha nek wis ngremehne dheweke, Cis pusaka sing isih gumlethak neng lemah dijupuk banjur maju arep dienggo ngadhepi wong sing wis lancang nampel gegamane mau.
Sing ora kalah kagete karo Panembahan Alit Dewa Danu ya Puthut Jayandaga. Epek-epeke sing panas merga pedhang sing wis diulurne arep nembus dhadhane mungsuhe ditamplek dening wong sing dumadakan teka, sing sandhangane jubahan warna ireng kathik praupane ditutupi topeng sing digawe saka klikane kayu jati. Kanthi trengginas Puthut Jayandaga njupuk pedhange sing gumlethak neng lemah banjur mencolot memburi, nguwasne wong sing lagi teka karo takon :
"Keparat !, sapa kowe menungsa ora tata, wani nladhung lawaran tanpa sesumbar? solahmu kaya pitik tukung diumbar ing padaringan he?" .
"Sing gedhe pangapuramu Puthut Jayandaga" wangsulane wong jubahan ireng sing praupane tutupan topeng kuwi ayem "aku ora nyana yen jebul kowe kuwi durung prigel nyekel gegaman, tiwas mau tak tampek nganggo oyot tungkul iki he he he. Ditepungne wae jenengku Tungkul Ireng, dene tekaku kene arep njajal sepira kasektene muride Ki Gedhe Tangen sing jeneng Puthut Jayandaga. Mula aku mau namplek pedhangmu jalaran aku kuwatir lekasku arep njajagi sepira jerone ngelmumu kuwi ora keturutan merga kaselak kowe dadi bandane Bendaraku, Panji Bantaran".
"Setan kowe Tungkul Ireng" Puthut Jayandaga semaur karo misuh banter "mripatmu pancen wois picak, upama pedhangku ora mbok tamplek kanthi licik, sing mbok arani Bendaramu kuwi mesthi wis jebol dhadhane. Teka kowe wani guneman nek aku bakal dadi bandane Bantaran he?".
"He he he " Tungkul Ireng ngguyu lirih "aja ngawur kowe Jayandaga, apa rumangsamu dhadhane Bendaraku kuwi ulet godhing lumbu ngono apa piye? nek mung pedhangmu kuwi wae cetha nek ora bakal tumama nek ditadhahi jajane Panji Bantaran. Saiki ayo dibuktekne, nek pancen kowe sekti mandraguna ayonana iki Tungkul Ireng andhahane Panji Bantaran sing ngisor dhewe, yen pedhangmu kuwi bisa ninggal tatu neng ragaku, lagi kowe pantes ngadhepi Panji Bantaran, nanging ya kuwi entek-entekane kowe mesthi dadi bandan".
Puthut Jayandaga wis ora bisa ngempet nesune maneh, tumuli mencolot maju. Pedhange diputer kaya kitiran, ngepung wonmg sing ngaku jeneng Tungkul Ireng kuwi. Sauntara Panji Bantaran sing wis lolos saka bebaya, tumuli njupuk pedhange sing mau tiba neng lemah, banjur tumandang ngadhepi prajurit rucah murid-muride panembahan Dewa Karkatha saka Paguron Tangen.
Tumenggung Tirtakusuma sing mau wis nyipta yen bakal tumekeng pati ing madyaning paprangan, kanthi ditulungi dening prajurit andhahane, wis bisa ngadeg maneh. Tangane panggah isih nyekeli gagang pedhange. Tumenggung sing sekti mandraguna kuwi ora ngira yen nyawane isih ana sing nylametake, mung emane kanthi ndelok sandhang panganggone sarta praupan sing ketutupan topeng, ndadekne Tumenggung Tirtakusuma durung ngerti sapa wong sing wis aweh pitulungan marang dheweke kuwi. Luwih gumun maneh senapati pethingan saka Mataram kuwi bareng meruhi, wong sing aweh pitulungan mau saiki gulet adu kasekten karo Panembahan Alit. Kekarone wis padha dene olehe nggunakne ngelmu-ngelmu simpenane, saking cepete nggone padha obah, wong loro sing lagi perang kuwi wis ora katon maneh wujude, sing katon mung kaya angin gambul ing mangsa ketiga nyedhaki mangsa labuh, cahya putih lan cahya ireng sing mubeng-mubeng klawan suwara sing nggegirisi.
Panembahan Alit sing kasektene mung kacek sausap ing ngisore Panembahan Dewa Karkatha, rumangsa gumun ngadhepi mungsuhe. Kabeh pangabaran sing diwetokne tansah bisa kanthi gampang disirep dening wong sing ngaku jeneng Carang Wreksa kuwi. Sakehing aji jaya kawijayane wis disok kanggo nglumpuhne mungsuhe, parandene tumibane aji jaya kawijayan kuwi kaya atusan geni tumper sing nyemplung menyang jerone blumbang sing kebak banyune. Malah aji sing kanggo ngayomi ragane murih ora kena disenggol dening serangane mungsuhe, ya iku aji Lembu Sekilan sing wiwit mau wis dicakne, jebul babar pisan ora ana gunane. Wis wola-wali sikil utawa tangane Carang Wreksa wis tumiba ing ragane sing nuwuhake rasa lara. Wekasan Panembahan Alit tumuli matak aji pamungkase sing uga sinebut Aji Bajrageni. Aji iki mbutuhake surungan hawa murni sing gedhe, sing bisa nguras tenagane sing nggunakne. Nanging sapa sing ketiban dayane aji Bajrageni, mbuh lumantar sadhukan sikil utawa pupuhan tangan sarta lumantar Cis pusaka sing digawa, mesthi bakal lebur dadi awu.
Carang Wreksa sing ngerti nek mungsuhe wis nggunakne aji pamungkase, ora gelem yen nganti kecolongan, tumuli ngetogne kekuwatane. Tumibane dugangan utawa sudukan Cis Pusaka saka Panembahan Alit ora diladeni, iki dhadha endi dhadha, nanging Carang Wreksa milih nggunakne kacepetaning obahe sarta kekuwataning tenagane sing dipunjerne neng pang kayu gulun sing dadi gegamane. Kesit ngungkuli that-thit, cukat ngluwihi kilat, Carang Wreksa tumandang, pang kayu gulun kanthi nuli-nuli disabetne menyang wentis kiwane Panembahan Alit sarta balung garese sisih tengen. nDadekne sing disabet remuk bebalunge. Panembahan Alit njerit kelaran, banjur gumebrug tiba neng lemah ora eling apa-apa maneh, semaput klawan mengkurep kaya arep ngrangkul lemah.
mBarengi Panembahan Alit rubuh ing bumi, Puthut Jayandaga sing uga wis ngetog kabeh aji jaya kawijayane kapeksa rubuh neng lemah, merga kedhisikan pundhak kiwa lan pundhak tengene kena disabet nganggo Oyot Tungkul sing digawa dening Tungkul Ireng, ndadekne balung pundhake Puthut Jayandaga kuwi tugel. Kaya dene Panembahan Alit, Jayandaga wis ora bisa obah semaput ngathang-athang ana dhuwur lemah.
Para murid Paguron tangen sing uga weruh yen Panembahan Alit lan Puthut Jayandaga rubuh neng lemah dadi padha kaweden, banjur tanpa ana sing aba, prajurit-prajurit kuwi mlayu memburi arep ninggalne palagan, golek slamet dhewe-dhewe. Prajurit Mataram nututi nguber ing mburine.
Sauntara kuwi, ing tengah-tengahing barisan Wasi Nagasekti sing wis nemu kalodhangan, tumuli nglebokne tangan kiwane menyang tutuk, ngetokne suwara suwitan, aweh sasmita marang para pendhereke supaya ninggalne palagan, bablas bali menyang Patalan. Jalaran Wasi Nagasekti wis kentekan akal kanggo ngadhepi kasektene Ki Gedhe Pelanggolan. Janggan Nagatingkir, Janggan Nagaluwing lan Janggan Nagaemprit sing uga rumangsa kangelan ngadhepi mungsuhe, bareng krungu sasmita saka Wasi nagasekti sing ngajak oncat ninggal palagan, tumuli padha mencolot mundur banjur mlayu ninggalne mungsuhe dhewe-dhewe.
Panembahan Dewa Karkatha sing rumangsa ditinggal dening para sekabate, dadi sansaya nesu. Luwih-luwih pranyata Ki Lasma sing diadhepi kuwi jebul dudu mung wong loro saudhon telu saurupan, nanging tansah bisa ngimbangi aji jaya kawijayan sing dicakne. Panembahan Dewa Karkatha tumuli matak aji Bajrageni kaya sing mau dicakne Panembahan Alit, nanging wis mapan ing trap-trapan dhuwur dhewe. Pangarsane Paguron Tangen kuwi kepengin ndadekne ragane Ki Lasma lebur dadi sawalang-walang ketiban ajine.
Pangeran Singasari sing uga nguningani aji sing arep ditamakne dening Panembahan Dewa Karkatha kuwi, sakala nratab. Ana rasa tidha-tidha, apa Ki Lasma kuwawa nadhahi apa ora. Nanging bawane satriya tama, Pangeran Singasari ora wani mrentah Ki Lasma supaya masrahne mungsuhe marang panjenengane. Ki Lasma dhewe uga ngerti apa sing arep dicakne dening Panembahan Dewa Karkatha lan uga ngerti apa sing kumlembar ing angen-angene Pangeran Singasari. Ki Lasma mesem, sajroning atine, wong tuwa tilas prayangan kuwi duwe lekas arep gawe mareme Pangeran Singasari sing pranyata duwe rasa pangeman marang dheweke. Ki Lasma tumuli matak ajine sing aran Saritirta, aji sing ditampa saka sawargi Raden Sengkan ya Kyai Bantar Jati duk ing uni.
Nalika Panembahan Dewa Karkatha maju lan namakne aji Bajrageni sing dipounjerne ing tapak tangane, Ki Lasma mapagne nganggo aji Saritirta uga nganggo tapak tangane. Tapak tangan loro sing beda asale kuwi tempuk, Panembahan Dewa Karkatha kontal memburi watara limang jangkah, adege dadi rada sempoyongan. Sauntara Ki Lasma sing temene bisa mbalekne kekuwataning aji Bajrageni kuwi ngglundhungake awake mangiwa, gulung-gulung nyedhaki papane Pangeran Singasari. Sawuse bisa mapan lungguh neng lemah, Ki Lasma karo nyembah guneman marang Pangeran Singasari :
"Nyuwun sanjata pitulungan Gusti Pangeran, borong anggen badhe paduka murba Ki Gedhe Tangen ingkang sampun boten saged kula atasi malih".
"Lerena Ki Lasma" wangsulane Pangeran Singasari alon "genti tak adhepane menungsa ora tata sing wis kumawani nganggo sebutan Panembahan Dewa Karkatha kuwi".
Saka kadohan wong sing nganggo jubah putih lan jubah ireng ngaweruhi kabeh apa sing wis ditindakne Ki Lasma kuwi mau. Kekarone padha mesem.
"Adhi, sajake gaweyan sing dadi kuwajiban ing papan kene iki wis rampung" kandhane sing nganggo jubah putih.
"Kersane Kakang?" sing jubah ireng takon.
"Ayo bali menyang Bengawan, nerusne laku supaya enggal tekan papan kanggo miwiti mlaku ndharat ngunggahi sukune Gunung Lawu" wangsulane si Jubah Putih.
Wong loro kuwi daya-daya mlaku menyang Bengawan tumujuu prau getheke sing wis pirang-pirang dina dicancang neng pinggiring gisik. Nanging sepira kagete Rangga lan Marga bareng ngerteni kahanan praune sing wis morak-marik ora karuwan. Nanging olehe kaget ora suwe, merga kuwi sasmitaning jagad, supaya muride Ki Tanparupa loro kuwi wiwit mlaku liwat dharatan, ngunggahi gunung Lawu sing saka papan kono wis katon gagah adege.
sigeg.
salajengipun menawi wonten wekdal saged kasambet SMW VI.
Sendang M W 5. Seri 35 kok mboten wonten
BalasHapusWONTEN KOK, COBI DIPUN PIRSANI MALIH.
BalasHapus1 Januari 2022
BalasHapus