Total Tayangan Halaman

Senin, 07 Maret 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (101)

 

101.

Ora let suwe panyawange Tumenggung Yudapati sansaya klemun-klemun, lan kanthi lon-lonan senapati Mataram kuwi rubuh banjur digotong mundur dening andhahane sing kajibah aweh pitulungan marang prajurit sing ketaton utawa gugur ing madyaning paparangan. mBarengi karo digotonge Tumenggung Yudapati, Pangeran Singasari wis tekan papan kono, gandheng Panembahan Dewa Karkatha wis adhep-adhepan karo Ki Lasma, Pangeran Singasari ya banjur meneng karo ngulatne sing lagi omong-omongan kuwi.

 

"Setan alas tenan kowe Lasma" kandhane Panembahan Dewa Karkatha "dina iki kowe kudu nampa pidana pati saka aku, merga luputmu sing wis tumpuk undhung, keparat".

 

"Pidana pati?" wangsulane Ki Lasma sajak ayem wae "apa ora kuwalik kuwi Ki Gedhe Tangen?. Nek aku aku cetha yen ora duwe kaluputan, jalaran aku dudu andhahan ndika, nanging yen ndika luputmu wis cetha ya iku wani mirong kampuh jingga nantang pangwasane Kanjeng Sinuhun ing Mataram, malah wis kumawani nganggo sebutan Panembahan barang, mula sadurunge kebacut tak kira luwih prayoga yen ndika pasrah bongkokan wae marang Prajurit Mataram, manut disowanake Panembahan Senapati minangka bandan, mbok menawa kanthi mangkono ndika ora bakal nampa pidana sing abot".

 

"Keparat ora kena dieman tenan kowe Lasma, klakon tak suwek-suwek cangkemmmu sadurunge tak sunduki dadi pangewan-ewan ing papan kene iki" wangsulane Panembahan Dewa karkatha karo tata-tata arep ngrangsang Ki Lasma sing uga wis pasang kuda-kuda.

 

"Satemene aku ngrumangsani Ki Gedhe Tangen" kandhane Ki Lasma karo mripat ora kedhep nguwasi Pangarsaning Paguron Tangen kuwi "ndelok kasekten sing wis tak weruhi, ndika kuwi nyata pantes lamun mungsuh Senapati Agung Mataram ya Gusti Pangeran Singasari, nanging gandheng ndika duwe pepenginan arep nyuwek-nyuwek cangkemku luwih dhisik, ya bakal tak turuti lan tak ladeni apa abamu, cobanen bisa apa ora ndika nyuwek-nyuwek cangkemku gedhene nyunduki aku dadi pangewan-ewan ing papan kene".

 

Panembahan Dewa karkatha wis ora sabar maneh, mencolot mengarep karo ngirimne sadhukan ngarah lambunge Ki Lasma.  Nanging Ki Lasma jebul luwih prayitna, kanthi gampang sadhukane Panembahan Dewa Karkatha bisa diendhani, kanthi ngingerne adege rada miring mangiwa, banjur kanthi cepet kepelane diarahne marang dhadhane Panembahan Dewa Karkatha sing ragane keseret tenagane dhewe mengarep merga panyadhuke mung ngenani papan suwung. Nadyanta mangkono pranyata Panembahan Dewa Karkatha luwih trampil, dheweke ora gelem dhadhane ketiban kepelane Ki Lasma sing nyegat obahing ragane kuwi, kanthi cukat klawan Aji Uler Keket Panembahan Dewa Karkatha bisa njengkelit temah kepelane Ki Lasma mung ngenani angin wae.

 

Ora suwe wong loro kuwi wis rame nggone adu katiyasan, padha dene olehe golek limpene mungsuh sing diadhepi. Sanadyan kapetung wis tuwa jebul kekuwatan, kaprigelan sarta kacukataning obahe  lan landhunging napase Ki Lasma ora kalah karo Panembahan Dewa Karkatha. Salapis mbaka salapis Panembahan sing dadi tetunggule Paguron Tangen kuwi wiwit ngundhakne aji jaya kawijayane, Ki Lasma uga ora gelem sembrana lan nganggep remeh marang mungsuhe, yen Panembahan Dewa Karkatha ngundhakne aji jaya kawijayane, Ki Lasma uga daya-daya ngimbangi kanthi cara kang padha. Pangeran Singasari sing mung nyawang olehe wong loro kuwi adu katiyasan, babar pisan ora ngira yen Ki Lasma wong ndesa sing maune dianggep wong lumrah kuwi, jebul duwe kasekten sing nyata ngedab-edabi. Kamangka Pangeran Singasari uga sumurup yen satemene Panembahan Dewa Karkatha kuwi duwe kasekten sing kena diarani punjul ing apapak, lan jerone ngelmu kanuragane angel dijajagi nganggo kakuwatan wantah. Mula Pangeran Singasari menang-meneng rumangsa gumun marang kadibyane Ki Lasma lan sajroning batin ngudarasa :

 

"Ki Lasma wong tuwa kuwi satemene sapa? nek ndelok solah tandange nuduhne yen wong iki ngelingne aku marang crita-crita lawas, ya iku critane wong sekti jaman sing adoh kawuri?".

 

Rasa gumune Pangeran Singasari kuwi meh padha karo rasa gumune Wasi Nagasekti sing kethetheran ngadhepi Ki Gedhe Pelanggolan. Muride Panembahan Naga Wilis ya Nagajiwa  saka Patalan kuwi rumangsa judheg sajroning atine. Sakehing ngelmu lan aji jaya kawijayane wis ditumplak kabeh kanggo ngadhepi mungsuhe. Suprandene Ki Gedhe Pelanggolan ajeg tansah bisa ngimbangi lan malah kepara bisa nyirep kabeh pangabarane. Tuwaning umur lan ringkihing raga jebul babar pisan ora ndadekne Ki Gedhe Pelanggolan suda kaprigelan lan kadigdayane, malah kepara katon luwih mateng anggone ngecakne ngelmu kanuragan simpenane. Sansaya suwe Wasi Nagasekti sansaya krasa yen olehe tetandhingan karo Pangarsane Paguron Jatigrowong iki ditutug-tutugne, tan wurunga dheweke bakal kentekan tenaga lan bisa-bisa bakal cilaka ing madyaning paparangan. Mula olehe ngladeni Ki Gedhe Pelanggolan, Wasi Nagasekti milih ngirit tenagane sarana ngendhani serangane mungsuh lan ora wani adu kekuwatan, tangkep jaja kantaran bau.  Sanadyan Wasi Nagasekti uga weruh yen tandange sedulur-sedulure saka Patalan sing ngadhepi para senapati Mataram isih katon timbang, lire durung bisa diarani endi sing luwih unggul lan endi sing luwih asor katiyasanung jurit, nanging  Wasi Nagasasi wiwit nggagas arep golek dalan piye bisane tinggal glanggang colong playu murih ora dadi kurbane paprangan antarane Paguron Tangen mungsuh wadya bala Mataram kuwi.

 

Sauntara kuwi, para siswa Paguron Jatigrowong lan Prajurit Desa Grumbulan sing mungsuh para siswa paguron Tangen, wiwitane pancen rada kacipuhan. Jalaran kaya sing kacaritakne yen murid Paguron tangen kuwi perange rusuh lan seneng ngumbar pisuh sarta tembung sing lekoh. Nanging ora suwe sabanjure, katon barisan saka Grumbulan lan Jatigrowong kuwi susut cacahe, kamangka ora ana sing nandhang tatu utawa gugur dadi tawuring perang. Lan eloking kahanan, akeh para siswa Paguron Tangen sing banjur padha rubuh ora bisa tangi maneh, sanadyan tatune ora mbebayani tumrap kaslametaning jiwane. Akeh para Murid Paguron Tangen sing dumadakan krasa yen balung garese kaya putung-putunga ketiban barang atos sing disabetake. Sansaya suwe sing rubuh sansaya akeh, mula sisane siswa Paguron jatigrowong sing isih katon, akeh sing padha gumun, awit kaya-kaya ana kekuwatan sing ngayomi lan aweh bebantu sajrone ngadhepi mungsuhe.

 

Kahanan ing barisan saka Grumbulan lan Jatigrowong kuwi tiba kwalik karo kahanan ing suwiwine Garudha nglayang iring kering. Suwiwi kering sing dipandhegani Tumenggung Tirtakusuma kabiyantu dening Panji Bantaran kuwi sansaya ketleyek mundur kena pangamuke gadhinge gelar Diradameta sing dipandhegani Panembahan Alit lan kabantu dening Puthut Jayandaga. Sanadyan wis kondhang minangka prajurit sing wudu ing tandhing, pranyata Tumenggung Tirtakusuma ora kuwawa ngadhepi kasektene Panembahan Alit Dewa Danu sing ngamuk kaya bantheng ketaton. Sansaya suwe adu kasekten karo Tumenggung Tirtakusuma, adege Panembahan Alit sansaya katon tanggon, beda adoh karo tandange Tumenggung Tirtakusuma sing sansaya suwe malah sansaya kendho. Kamangka Tumenggung Tirtakusuma wis ngecakne kabeh ngelmu simpenane, ewa samono panggah ora bisa ngimbangi tandange Panembahan Alit ya Panembahan Dewa Danu sedulur enome Panembahan Dewa Karkatha kuwi. Solahing pedhange Tumenggung Tirtakusuma sing luwih cepet lan trengginas tinimbang solahe manuk srikatan kuwi babar pisan ora bisa nyenggol kulite Panembahan Alit. Malah Cis pusaka sing digawa dening Dewa danu kuwi bola-bali meh wae gawe patine Senapati Mataram kuwi.

 

Nganti ing sawijining kalodhangan, Tumenggung Tirtakusuma kena kalimpe, sikile Panembahan Alit klakon bisa ndugang ngenani lambunge, ndadekne senapati kaparcayane Pangeran Singasari kuwi kontal memburi banjur rubuh neng lemah ora bisa obah, sawise mutah getih kenthel rupa abang semu ireng. Ora sranta Panembahan Alit mencolot mengarep banjur arep namakne cise diarahne gegere Tumenggung Turtakusuma sing isih mengkurep ana lemah kangelan olehe arep obah.

 

Kang bareng karo kuwi, keprungu pambengoke Panji Bantaran sing sambat kelaran, pedhange mencelat saka gegemane kena panyabete Puthut Jayandaga sing uga nggunakne pedhang pusakane. Panji Bantaran mencolot memburi ngedohi mungsuhe, nanging Puthut Jayandaga emoh kelangan mungsuhe, tumuli mencolot maju mburu Panji Bantaran sing wis tanpa gegaman , pedhange Puthut Jayandaga ngener kenceng ngarah pernah jantunge mungsuhe.

 

"Iblis laknat ora genah!"

 

"Setan belang keparat!"

 

Dumadakan ana suwara pisuh sing bantere kagila-gila, pisuhe Panembahan Alit lan Puthut Jayandaga.  Kekarone padha kagete, uga padha ngrasakne lara ing epek-epek tangane. Pusaka Cis sing dening Panembahan Alit arep digunakne nyubles gegere Tumenggung Tirtakusuma dumadakan mencelat kena disabet nganggo pang kayu dening sawijining paraga kang nyandhang jubah putih lan praupane ditutupi nganggo topeng klikane kayu waru. Sauntara Pedhange Puthut Jayandaga sing meh wae nembus dhadhane Panji Bantaran, dumadakan tiba neng lemah merga ditampek nganggo oyot Tungkul dening paraga sing nganggo jubah warna ireng lan praupane ditutupi nganggo topeng klikane kayu jati.

 

"Iblis laknat ora genah" pisuhe Panembahan Alit karo ngulati wong sing nganggo jubah putih kuwi "sapa jenengmu teka wani ngganggu gawe marang Panembahan Alit he?".

 

"Ditepungne wae Panembahan Dewa Danu" wangsulane paraga jubah putih kuwi karo suwara ngece "aku Carang Wreksa, andhahane Gusti Menggung Tiurtakusuma. Ayo yen nyata perwira, tumuli jupuken Cis pusakamu sing mbok guwang neng lemah kuwi, tandhingana pusakaku Pang Gulun  sing wis tak gawa iki".

 

ana candhake

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...