100.
Pranyata ing iring iring kering suwiwine Garudha Nglayang Prajurit Mataram wis rada adoh ngalendhong memburi diorak-arik prajurit saka paguron Tangen sing perange rusuh lan awur-awuran. Satemene ora merga saking prigele para murid Paguron Tangen sing ndadekne wadya bala Mataram, nanging merga para murid pethingane Panembahan Dewa Karkatha akeh sing mlumpuk ana kono ngombyongi lekase Panembahan Alit sing disisihi dening Puthut Jayandaga. Wiwitane ngadhepi para murid Paguron Tangen sing tandange awur-awuran kuwi, prajurit Mataram sing dipandhegani Tumenggung Tirtakusuma nadyan rumangsa risih nadhahi pisuh lan tembung sing lekoh, isih bisa kanthi gampang nranggulangi. Nanging bareng Panembahan Alit lan Puthut Jayandaga ngetokne pangabaran sing ditujokne marang para prajurit rucah, mangka kanthi cepet barisan Mataram kedheseg mundur, akeh sing padha nandhang tatu kaya kobong dening geni, anjur digeret memburi dening kanca-kancane saprelu ditambani, Sansaya suwe sansaya mundhak busekan kahanane prajurit Mataram ing swiwi kering kuwi.
Weruh kahanane prajurite akeh sing padha tatu malah kira-kira uga ora sethithik sing kudu gugur dadi wadaling perang, sakala muntab Tumenggung Tirtakusuma, tumuli muter pedhang pusakane nyaketi sumbering mala. Sawise cetha yen sumbering kekuwatan sing kuwawa ngobrak-abrik barisan sing dipandhegani kuwi Wong setengah umur sing pawakane gedhe dhuwur, ya iku Panembahan Alit Dewa Danu lan paraga kang kira-kira umur telung puluhan tahun sing uga katon mencorong prabane, Tumenggung Tirtakusuma nuli aweh sasmita Panji Bantaran supaya ngendheg lakune paraga sing luwih nom dene Tumenggung Tirtakusuma dhewe milih nyaketi wong sing setengah tuwa sing sajake duwe ngelmu kanuragan sing luwih dhuwur.
"Nyata kasekten sing ngedab-edabi Kisanak" kandhane Tumenggung Tirtakusuma sawise cedhak karo Panembahan Alit "eman dene mung dicakne marang prajurit rucah sing ringkih, nyata ndadekne sudane rasa pangalembanaku marang ndika".
"Sapa kowe wani nyedhaki Panembahan Alit?" Panembahan Alit takon nuduhne praen sing sajak mejanani lan ngremehake "mau tak sawang saka kadohan wis muter pedhang, mbabati para siswaku sing uga durung pati baud ngudang gegaman, saiki kowe wani nyedhaki aku".
"O dadi ndika sing jeneng Panembahan Alit? sedulur nome Ki Gedhe Tangen kuwi?" Tumenggung Tirtakusuma mbalik takon karo mesem semu ngece "ditepungne wae, aku Tumenggung Tirtakusuma, Kisanak".
"Mung pangkat Tumenggung wani ngayoni Panembahan Alit he?" Panembahan Alit nggetak nganggo suwara santak "endi sing jeneng Singasari kuwi, eman yen mung kowe sing ngadhepi aku, mangsa ngentekna wektu sapanginang yen mung kudu ngoncatne nyawamu menyang Yamani?".
"Ora sah nggoleki sing ora katon Dewa Danu" wangsulane Tumenggung Turtakusuma "bisa ngasorake yudane Tumenggung Tirtakusuma wae wis bisa ndadekne kuncarane jenengmu".
Ora suwe wong loro kuwi wis ora nutugne olehe omong-omongan maneh, kekarone wiwit siyaga nggoleki lenane mungsuhe murih gampang dirubuhake ing tengahing paprangan sing sansaya rame kuwi.
Panji Bantaran wis adu arep karo Puthut Jayandaga, kekarone padha dene olehe wis ngliga gegamane dhewe-dhewe. Puthut Jayandaga apa dene Panji Bantaran nggunakne gegaman sing padha, ya iku pedhang pusaka sing dudu pedhang lumrah, nanging pedhang sing digawe saka waja pilihan entheng nanging landhepe tanpa upama.
"Sapa jenengmu Prajurit sing wani ngadhang lakune Puthut Jayandaga siswa pinilihe Rama panembahan Dewa Karkatha he?" Puthut Jayandaga takon bareng weruh yen ana wong sing ngaglah kanthi pedhang ligan neng tangan ngadhang lakune.
"O, kowe ta sing jeneng Puthut Jayandaga kuwi?" wangsulane Panji Bantaran karo mesem sajak ngece "ditepungne wae, jenengku Bantaran, siswa saka Paguron Kalisuruh, sing saiki ngabdi ing Mataram minangka Panjining para prajurit. Ayo Jayandaga aja mung mungsuh prajurit rucah cobanen iki Bantaran siswa Paguron Kalisuruh".
"Setan kowe Bantaran" Puthut Jayandaga misuh karo semaur "ayo tandhingana kridhaku yen pancen kowe wis bosen weruh padhange srengenge ing wayah awan".
Bubar muni ngono kuwi, Puthut Jayandaga banjur nyiayagakne jurus-juruse arep dienggo nelukne Panji Bantaran sing uga wis siyaga ing dhiri ngadhepi kadigdayane Puthut Jayandaga sing mau wis ngobrak-abrik barisane. Mangka ora let suwe ing papan kono wis rame ait anane perang tandhing antarane Paji Bantaran sing mungsuh Puthut Jayandaga. Kekarone padha umur-umurane, padha dene duwe kaprigelan lan kadigdayan sing nggegirisi, mula perang antarane senapati loro kuwi sansaya suwe dadi sansaya rame.
Beda maneh kahanan sing mapan ing tengah kang minangka punjering barisan saka Paguron Tangen. Sanadyan Tumenggung Yudapati wis kondhang yen klebu unusaning prajurit Mataram, sing kasektene wis kondhang kaonang-onang ing saidering Mataram. Nanging bareng ngadhepi Panembahan Dewa Karkatha jebul rumangsa kacipuhan. Sing adhepi nyata yen duwe kadigdayan sing angel dijajagi sepira jroning ngelmune, kabeh pangrangsang lan serangane Tumenggung Yudapati tansah ora oleh gawe, Panembahan Dewa Karkatha prasasat kaya Gunung waja, saben-saben serangane Tumenggung Yudapati kena ditangkis, Pangarsaning Paguron Tangen kuwi babar pisan ora ngalih saka adege, panggah utuh kuda-kudane. Kosok baline wis wola-wali Tumenggung Yidapati tiba krengakangan neng lemah lan kapeksa jempalitan kanggo nylametne nyawane.
Pangeran Singasari sing krungu saka palaporane prajurit panyambung warta yen kahanane Tumenggung Yudapati banget mutawatiri jalaran kudu ngadhepi senapati agunging mungsuh, sing jenenge Panembahan Dewa Karkatha, tumuli obah nyedhaki arep aweh bebantu marang andhahane sing lagi karepotan ngadhepi mungsuhe kuwi. Nalika lakune Pangeran Singasari wis meh tekan papan olehe ngunggar kasudiran Tumenggung Yudapati lan Panembahan Dewa Karkatha, nanging durung cedhak banget lire durung bisa nggunakne tenaga aweh bebantu marang andhahane, mbarengi karo dugangane Panembahan Dewa Karkatha kanthi kekuwatan wutuh ngarah marang dhadhane Tumenggung Yudapati. Tumenggung saka Mataram kuwi kaget, ora ana kalodhangan kanggop endha. Nanging Tumenggung Yudapati ora kentekan pengarep-arep, sakuwate aweh panangkis kanggo ngadhepi serangan sing mbebayani kuwi. Dhengkule diangkat karo tangan karone dirapetne lengene kanggo ngayomi dhadhane. Nanging sing ditangkis nganggo lengen sing dilambari dhengkul Tumenggung Yudapati kuwi kekuwatane Panembahan Dewa Karkatha, ajaa kok mung ditangkis nganggo lengen lan sikil, sanajan dicegati nganggo tameng waja pisan ora bakal kuwat nadhahi dugangane Pengarepe Paguron tangen sing prasasat tanpa tandhing kuwi. Tumempuke sikil karo lengen, nuwuhake suwara jumegrug, Tumenggung Yudapati kontal memburi watara limang jangkah, kuda-kudane ambyar, adege dadi gonjing. Tumenggung Mataram kuwi mutah getih, panyawange dadi kuwur, ambegane seseg angel naris nafas supaya bisa ngisi dhadha sing larane ora karu-karuwan. Panembahan Dewa Karkatha mlumpat mengarep, nyedhaki mungsuhe banjur nata tenagane arep mungkasi nggone perang tandhing sarana nguntapne nyawane Tumenggung Yudapati sing wis ora duwe daya kekuwatan apa-apa.
"Wektune kowe pamitan marang anak bojomu Yudapati, dina iki uga nyawamu kudu ilang merga ketiban tanganku iki" karo muni ngono kuwi Panembahan Dewa Karkatha ngobahake tangane sing wis ngepel diarahne menyang pernah sirahe Tumenggung Yudapati sing wis ora bisa ngadeg kanthi jejeg. Pangeran Singasari sing tekane kono mau arep aweh pitulungan marang andhahane sarana nggenteni ngadhepi Panembahan Dewa Karkatha dadi kaget, merga weruh yen Tumenggung Yudapati sing wis ora bisa apa-apa kuwi sirahe arep ditibani kepelan dening mungsuhe. Nanging Pangeran Singasari ora kober aweh pitulungan utawa nylametne andhahane kuwi, kegawa saka papan sing rada adoh. Tumenggung pethingan saka Mataram kuwi ya wis ora duwe pangarep-arep maneh, jroning atine wis nyipta yen kudu gugur dadi sawur tawuring negara Mataram. Kanthi ngeremake mripate Tumenggung Yudapati nyebut asmaNe kairing pandonga muga-muga Gusti kepareng nampa sowane.
Nanging bola-bali wis dadi pocapan, yen pati uripe manungsa kuwi gumantung ana pangwasaNe. Sanadyan mung kari sasiliring bawang, yen Gusti durung ngersakne meksa ana sabab sing teka ngundurake tekane pati sing durung ngenggoni titi wancine. Nalika kepelane Panembahan Dewa Karkatha sing sinurung daya kekuwatan utuh kuwi kurang sakecu saka sirahe Tumenggung Yudapati, dumadakan arahing pupuhan menggok adoh mengiwa, ndadekne pamupuhe Panembahan Dewa Karkatha mung ngenani papan suwung. Pangarep Paguron Tangen kuwi keseret dening kekuwatane dhewe temah tiba mengarep semu mangering. Nanging Panembahan Dewa Karkatha nyata wong digdaya, nadyan wis kejongor mengarep, nanging isih bisa nggulungake ragane banjur mletik mendhuwur ngadeg klawan kuda-kuda sing jejeg siyaga ngadhepi bebaya.
"Iblis Keparat kowe Lasma" Panembahan Dewa Karkatha misuh karo nesu sing tanpa upama, dheweke lagi ngerti jebul sing wis nyurung lengene mengiwa temah pamupuhe marang Tumenggung Yudapati luput malah dheweke tiba kejongor mengarep mau, Ki Lasma wong sing wiwit mau mung nyawang olehe tetandhingan karo Tumenggung Yudapati.
"Dosamu wis kakehan Ki Gedhe Tangen" wangsulane Ki Lasma karo mesem "aku ora mentala weruh ndika nambah dosa kanthi arep mupuh senapati sing wis tanpa daya kuwi".
Tumenggung Yidapati sing wis luput saka pamupuhe mungsuhe kuwi lamat-lamat melu krungu wangsulane Ki Lasma marang Panembahan Dewa Karkatha.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar