99.
Sauntara nalika Ki Pelanggolan karo Wasi Nagasekti wis rame ngunggar kasudiran, kekarone padha dene olehe lawaran ora ana sing nyekel gegaman, nanging jurus-jurus sing dicakne nyata jurus-jurus sing mbebayani, singa sing lena bisa tumekeng pati ketiban tangan utawa sikil, Ki Lasma isih kasengsem olehe nyawang Panembahan Dewa Karkatha sing lagi anderpati karo Tumenggung Yudapati. Katon yen Panembahan Dewa Karkatha banget olehe ora sabar, daya -daya kepengin enggal bisa gawe patine mungsuhe, ngelmu Semburgunung piyandele wis bola-bali dicakne diarahne menyang ragane Tumenggung Yudapati. Nanging Tumenggung sing wis wareg ngadhepi mungsuh ing paprangan kuwi katon yen ora gigrig atine. Sanadyan Tumenggung Yudapati ya wis ngrumangsani yen Panembahan Dewa Karkatha kuwi duwe kasekten adoh ing dhuwure, suprandene kagawa rasa tanggung jawab minangka senapati sing mandhegani andhahane sing uga lagi padha ngadhepi mungsuhe bdhewe-dhewe, Tumenggung Yudapati babar pisan ora kepengin tinggal glanggang colong playu. Mung wae, gandheng ngrumangsani yen nganti adu kekuwatan mesthi kalahe, Tumenggung Yudapati sajrone ngadhepi Panembahan Dewa Karkatha ora tau wani nangkis seranganing mungsuhe, mung ngendhani banjur genti males aweh serangan sing ora kalah mbebayani. Dhasar kekarone uga wis padha nggunakne gegaman piyandele dhewe-dhewe, Panembahan Dewa Karkatha mandi Tumbak sing pucuke katon mramong kaya mawa, Tumenggung Yudapati nyekel pedhang tipis sing ulet lan duwe kelandhepan kagila-gila.
Bola-bali Tumenggung Yudapati nibakne awake mangiwa banjur nggulung ngendhani tumibaning tumbak sing prasasat tanpa kendhat ngarah peranganing ragane, uga kerep wae niba memburi banjur mletik kangge ngendhani tumibane sadhukan saka Panembahan Dewa Karkatha. Ngerti yen serangane ajeg luput, Panembahan sing dadi tetunggule Paguron Tangen kuwi sansaya mundhak kanepsone. Luwih-luwih bareng bola-bali olehe mancing supaya Tumenggung Yudapati gelem ngladeni adu karosan lan kekuawatan ora tau diladeni, malah milih olehe nibakne serangan nggoleki papan-papan sing sela. Panembahan Dewa Karkatha tumuli ngundhakne aji jaya kawijayan sing dicakne kanggo ngadhepi mungsuhe, ing pangangkah supaya tumuli enggal bisa njebol dhadhane Tumenggung Yudapati nganggo tumbak pusakane.
Sauntara ora adoh saka papan kono, murid-murid saka Paguron Patalan pandhereke Wasi Nagasekti uga wis oleh tandhing dhewe-dhewe. Janggan Nagatingkir wis adu kasantikan mungsuh Panji Asmana andhahane Tumenggung Yudapati, Janggan Nagaluwing sing maune ngamuk mrana-mrene ngobrak-abrik prajurit Mataram wis mandheg merga diendheg dening Panji Pangestu, panjawat kanane Tumenggung Yudapati, sing banjur padha silih ungkih genti kalindhih adu kaprigelan, lan Janggan Nagaemprit uga lagi diteter kasektene dening senapati Tandur, prajurit Mataram sing apangkat Lurah nanging duwe kasekten sing ora kena disangga entheng.
Ing papan liya, para murid saka Paguron Tangen sing olehe perang nganggo cara rusuh mung wewaton supaya bisa menang, kajaba nggunakne tenagane uga nggunakne rembug sing saru lan lekoh, wis akeh nuwuhake rasa anyel ing atine prajurit-prajurit Mataram. Prajurit-prajurit pandhereke Pangeran Singasari kuwi ora sethithik sing banjur kepancing melu tumandang kanthi ngawur, mung nuruti ati anyel kasempyok suwara rusuh sing mlebu ana kupinge. Ora mung prajurit rucah sing dhemen ngumbar tembung saru lan lekoh, sanajan wis madeg dadi para penggladhi ing paguron sing didegne ing desa-desane, para murid Paguron Tangen kuwi uga isih ora ninggal watak seneng ngetokne suwara pisuh lan rembug sing saru carup lekoh. Kang mangkono kuwi ndadekne para Tumenggung saka Mataram sing ngadhepi uga akeh sing banjur melu getem-getem kepengin enggal ngrampungi mungsuhe. Paprangan wis sansaya rame, perang brubuh sing tebane mblabar nganti pirang-pirang atus dhepa ambane.
Ing papan iring kanan saka papane Panembahan Dewa Karkatha, watara ana satus dhepa adohe, Puthut Jayantaka sing maune ngenggoni minangka gadhing kanane gelar Diradameta, rumangsa marem atine Prajurit Mataram sing ing papan kono dipandhegani dening Panji Udaya andhahane Tumenggung Dahanapati, katon ketleyek mundur memburi merga diamuk dening murid-murid Paguron Tangen sing dibantu kekuwatan aji Laharbeninge Puthut Jayantaka . Sauntara Panji Udaya sing mbudidaya ngendheg lajune barisan saka Paguron Tangen kuwi uga wis sansaya kethetheran ngladeni tandange salah sijining Puthut sing pinercaya dening Panembahan Dewa karkatha kuwi. Malah ing sawijining kalodhangan, pedhange Panji Udaya klakon ucul saka gegeman merga nangkis pambabate pedhange Puthut Jayantaka. Lan nalika Panji Udaya mencolot mundur, pucuking pedhange Puthut Jayantaka nututi ngarah marang jantunge Panji Udaya.
Senapati Mataram sing apangkat Panji kuwi wis nyipta yen wis tumiba mangsane dheweke gugur dadi wadaling perang, nanging dumadakan nalika pucuk pedhange Puthut Jayantaka kari kurang sakecu saka kulite Panji Udaya, pedhang kuwi ceblok neng lemah ucuk saka tangane Puthut Jayantaka. Ana sawijining pawongan sing nganggo jubah ireng, praupane ditutup nganggo topeng sing digawe saka blanbukan kayu jati, lagi wae nyabetake oyot wit Tungkul marang pedhange Puthut Jayantaka.
"Setan alas" Puthut Jayantaka misuh banter merga pedhange ucul saka gegeman lan epek-epeke krasa panas kaya mentas nggegem mawa "sapa kowe heh, menungsa ora tata? Ya gene raimu mbok tutupi nganggo klikane kayu jati heh?".
"He he he ......." pawongan sing nganggo jubah ireng kuwi ngguyu, ketara yen suwarane digawe-gawe "ya gene ndadak nganggo takon barang Puthut Jayantaka? mesthine kowe wis ngerti nek aku iki prajurit Mataram sing uga nampa dhawuh ngrangket sesembahanmu Ki Gedhe Tangen".
"Iblis kowe munyuk elek" diwangsuli nganggo suwara sing diowahi lan digawe-gawe sajak ngece ngono kuwi Puthut Jayantaka sansaya nesu, karo njupuk pedhange sing gumlethak ing lemah banjur takon maneh karo suwara sugal "karepku sapa jenengmu he Munyuk elek sing ora wani nuduhne rai?".
"Lucu kowe wis ngerti yen jenengku Munyuk Elek ngono lho Puthut Bagus?" wong sing nganggo topeng klikane kayu jati kuwi wangsulan karo ngguyu "merga raiku wis nuduhne jenengku, kanggo nutupi isinku rai iki tak tutupi nganggo klikane kayu jati iki, ngerti? nanging nek kowe pengin weruh jeneng sing tak tampa saka wong tuwaku ya kena wae, ya iku Tungkul Ireng".
Puthut Jayantaka wis ora guneman maneh, sikile jumangkah maju nyedhaki wong sing ngaku jeneng Tungkul Ireng kuwi karo ngobahne pedhange sing wis diileni nganggo aji Lahar Bening , diarahne marang gulune Tungkul Ireng.
Ora suwe wong loro kuwi wis campuh rame mamerne aji jaya kawijayane dhewe-dhewe. Pranyata Tungkul Ireng babar pisan ora keganggu karo ajine Puthut saka Paguron Tangen sing ngedab-edabi kuwi. Ing sawijining kalodhangan, kanthi trengginas Tungkul Ireng, karo ngendhani sudukan pedhange Puthut Jayantaka isih kober nyabetake Oyot Tungkul sing dadi gamane kuwi menyang pundhak kiwa tengene mungsuhe. Sakala Puthut Jayantaka sing selawase urip durung tau ngrasakne kalah yen kerengan karo sapa wae, dina iku klakon tiba lungguh neng lemah, tangan loro-lorone ora bisa diobahne maneh jalaran balung pundhake wis pedhot ketiban oyot tungkul, gegamane mungsuhe.
"nDara Panji tulung ndika banda lan ndika tambani Puthut Jayantaka sing mpun tugel balung pundhake niki!" wong sing ngaku aran Tungkul Ireng kuwi nyuwara banter aweh prentah marang Panji Udaya sing mau meh wae tumekan pati ing pucuk pedhange Puthut Jayantaka sing saiki nglumpuk tanpa daya, ngeremne mripat nggeget untu, seanajan ora sambat katon yen lagi ngempet lara.
Bubar muni ngono kuwi, Tungkul Ireng banjur mencolot ngadoh ndlusup keteling prajurit sing lagi padha perang, ilang saka pandulune Panji Udaya.
"Jebul oyot tungkul kuwi ora kalah ampuhe karo pecut sing mbok sabukne kuwi Dhi?" nalika Tungkul Ireng wis rada adoh ninggal papan rubuhe Puthut Jayantaka, ana wong sing ngadhang playune karo kandha.
"Ah, Kakang iki bisa wae, upama aku ora jalaran tresna marang Kakang ngono, temen wegah tenan aku dikongkon nganggo jubah amoh lan nganggo topeng blabukan kayu sing ambune sengir iki kok!" wangsulane Tungkul Ireng karo ngguyu.
"He he he.... ayo saiki nggoleki ing ngendi dununge Puthut sing sijine, aku kuwatir yen nganti Puthut kuwi ngecakne aji jaya kawijayane kaya sing lagi wae ditindakne sedulure lanang iki mau, bisa-bisa senapati Mataram ngalami kaya sing dialami Panji Udaya iku mau" wangsulane wong sing ngadhang laku mau karo mlaku ninggalne papane. Tungkul Ireng ora semaur banjur ngetitne wong mau karo mripate bola-bali ngingeti lakune paprangan sing sansaya ora karu-karuwan gelare.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar