98.
Panembahan Dewa Karkatha sing weruh nek ana wong mlayu mbalik memburi maneh wis ngerti nek kuwi genah nek cucuk lakune prajurit Mataram, mula banjur aweh prentah marang salah siji muride sing kajibah aweh tengara marang kabeh wadya balane supaya nglepasake panah sendaren mendhuwur. Iku minangka tengara prentah supaya gelar baris Diradameta sansaya dikuwati, jalaran mungsuh wis cetha ora adoh mapan ana ngarepe. Nanging panah sendaren kuwi mung mbengung tanpa tanja, jalaran gelar baris Diradameta sing diprentahne dening Panembahan Dewa Karkatha wiwit mau bengi ora bisa dicakne kanthi sampurna, jalaran pancen murid-murid Paguron Tangen ora tau diwulang bab gelaring perang, mung diwarahi lah kanuragan sing mung wujud carane ngadhepi mungsuh ijen padha ijen utawa carane tukaran sing ora nganggo gelar perang.
Panembahan Dewa Karkatha dadi gela bareng noleh memburi lan weruh lakuning barisan saka Paguron Tangen sing dipandhegani jebul ora bisa ngecakne gelar perang kanthi sampurna sing dikarepake . Kanthi rada kesusu Panembahan Dewa Karkatha nyedhaki papane Panembahan Alit.
"Iki kepriye Dhi? kok bocah-bocah kuwi malah sakarepe dhewe? Mumpung durung kebacut, tulung prentahna marang Jayantaka lan Jayandaga supaya ndandani barisane luwih dhisik" prentahe Panembahan Dewa Karkatha marang adhine "yen ora enggal didandani bisa ndrawasi tenan iki mengko".
"Sendika" wangsulane Panembahan Alit sing banjur mlayu nggoleki Puthut Jayantaka lan Puthut Jayandaga sing mau wis ditata manggon ana gadhinge gelar Diradameta, sauntara Panembahan Dewa Karkatha mapan njaga sirahe lan Panembahan Alit minangka tlalene gajah.
Sauntara kuwi saka barisan Garudha nglayang sing dicakne wadya bala Mataram katon wis sansaya cedhak marani papane barisan saka Paguron Tangen. Tumenggung Yudapati sing manggon dadi cucuking garudha karo nggawa saperangan prajurite ngener marani pernahe Panembahan Dewa Karkatha. Ora krasa Pangarepe Paguron Tangen sing wis ngerigne kekuwatan wong sewu luwih kuwi, nggegetne untu, selak kepengin ngremuk prajurit sing marani papane kuwi.
"Mandheg!" Panembahan Dewa Karkatha mbengok karo ngethungne tangane ngendheg lakune Tumenggung Yudapati sing mung kari watara selawe jangkah ana ngarepe. Nanging sing diendheg sajak ora nggatekne, lagi bareng wis cedhak banjur mandheg karo semaur.
"Aku Tumenggung Yudapati saka Mataram" kandhane Tumenggung Yudapati "sing ana ngarepku iki barisan saka ngendi? Padha minggira aku arep menyang Paguron Tangen".
"Tumenggung?" Panembahan Dewa Karkatha semaur banter "lekna mripatmu, iki barisan saka Paguron Tangen, nggawa karep apa kowe nggawa prajurit arep menyang Paguron Tangen He?".
"Tiba kabeneran yen iki barisan saka Paguron Tangen" wangsulane Tumenggung Yudapati karo mesem "tekaku kene merga ngemban dhawuh saka ngersa dalem Kanjeng Panembahan Senapati supaya nimbali wong sing nganggo jeneng Panembahan Dewa Karkatha supaya sowan menyang Mataram saiki uga. Mula tulung tuduhna marang aku endi sing jenenge Dewa Karkatha kuwi?".
"Piye? tekamu kene dikongkon Tilas Lurah Pasar Pajang sing jeneng Sutawijaya kuwi ?" Panembahan Dewa Karkatha semaur karo ngguyu ngece "bali lan kandhaa marang anake Pemanahan sing saka Desa Sela kuwi, yen dheweke kepengin kepethuk Panembahan Dewa Karkatha dikeparengake yen gelem laku dhodhok wiwit saka Mataram nganti tekan Paguron Tangen kene he he he ..........".
"Lancang pangucapmu Kisanak, sapa aranmu he?" Tumenggung Yudapati takon karo nggetak, atine wiwit panas krungu ucape Panembahan Dewa Karkatha sing durung nyebutne jenenge.
"Kowe takon jenengku?" Panembahan Dewa Karkatha semaur karo ngguyu sing sansaya banter "ya iki sing aran Panembahan Dewa Karkatha sesembahanmu sing sejati, gage ndhodhoka lan atur pangabekti, sepira gedhene luputmu bakal tak ngapura, waton kowe gelem enggal nindakne apa sing dak prentahake mau!".
"Ooo jebul ndika sing wis wani nganggo sebutan Panembahan Dewa Karkatha ?" Tumenggung Yudapati wangsulan suwarane isih keprungu sareh "saiki tak takoni pisan engkas, ndika milih tak sowanake menyang Mataram kanthi becik-becik apa milih tak kendharat minangka bandan he?".
"Setan kowe Yudapati" Panembahan Dewa Karkatha guneman santak "yen kowe ora enggal minggat saka kene, aja takon dosamu yen klakon tak tugel gulumu ing papan kene".
Karo muni mangkono kuwi, Panembahan Dewa Karkatha wis ngecakne ajine sing klebu pethingan, ya iku aji Sembur Gunung. Jalaran Panembahan Dewa Karkatha duwe petung yen senapati-senapati Mataram kudu digawe mati luwih dhisik, kanthi mangkono prajurit-prajurite bakal kamigilan lan buyar dhewe-dhewe. Yen ora nganggo cara kuwi, Panembahan Dewa Karkatha rumangsa kuwatir yen prajurit-prajurite sing jebul durung wasis ngecakne gelar sing ditata bakal gampang dikalahne dening prajurite mungsuh. Mula Panembahan Dewa Karkatha kepengin ing jurus kapisan dheweke wis bisa mateni Tumenggung Yudapati, nganggo ajine sing aran Semburgunung kuwi.
Sauntara kuwi, jebul ing arisan iring kiwa lan lan barisan iring kanane Tumenggung Yudapati lan Panembahan Dewa Karkatha sing isih tantang-tantangan kuwi, wis luwih dhisik dumadi perang brubuh ya kuwi perang sing ora nganggo aba babar pisan. Jalaran para murid Paguron Tangen sing wis rumangsa duwe kadigdayan luwih dhuwur tinimbang sapepadhane titah kuwi, bareng weruh yen ana barisan Prajurit Mataram nyedhak, sakala ditrajang wani, tanpa nganggo tantang-tantangan luwih dhisik.
Ki Gedhe Pelanggolan sing uga sumurup yen perang brubuh wis campuh, tumuli aweh sasmita marang siswa-siswa saka Paguron Jatigrowong lan Prajurit Desa Grumbulan supaya nyedhaki prajurit sing mau ndherekne Tumenggung Yudapati karo nuduhne janur kuning sing dikalungne neng gulune. Prajurit Mataram sing weruh yen ana barisan kalung janur kuning nyedhak banjur padha mesem asung sasmita yen wis padha ngerti lamun sing nyedhaki kuwi klebu rowange dhewe. Bareng wis oleh esem saka prajurit Mataram, Ki Lurah Kuwera saandhahane karo para siswa Jarigrowong tumuli nginger adhepe, siyaga ngadhepi para pandhereke Panembahan Dewa Karkatha.
"Apa karep ndika iki Ki Gedhe?" Wasi Nagasekti sing mau mapan ora adoh karo Panembahan Dewa Karkatha nyedhaki Ki Gedhe Pelanggolan, banjur takon karo suwara sereng.
"Kaya sing ndika sawang Wasi Nagasekti" wangsulane Ki Gedhe Pelanggolan karo suwara sing sajak ayem "wong-wong Grumbulan lan bocah-bocahku saka Jatigrowong wis padha ngerti endi sing bener lan endi sing luput, uga wis padha weruh yen tekane Prajurit Mataram iki arep ngluwari Padhukuhan Pelanggolan saka cengkeremane Paguron Tangen lan Paguron Ngampon, mula wis salumrahe yen wong-wong Grumbulan padha melu nyengkuyung lekase Prajurit Mataram".
"Setan kowe Pelanggolan" Wasi Nagasekti sakala muntap, karo muni ngono kuwi siswa saka Paguron Patalan kuwi mencolot karo ngirimne dugangan ngarah lambunge Ki Gedhe Pelanggolan.
Nanging Ki Gedhe Pelanggolan luwih prayitna, tekane sikile Wasi Nagasekti sing ngarah lambunge dipapag nganggo dhengkul sing ditekuk munggah, dikuwati nganggo tangan loro sing ngamping-ampingi. Tempuking kekuwatan antarane Wasi Nagasekti lan Ki Gedhe Pelanggolan, ndadekne Ki Pelanggolan kontal mundur telung jangkah, sauntara Wasi Nagasekti mencelat memburi watara limang jangkah lan meh wae ndadkne tiba klumah.
"Iblis tuwa ora kena dieman" karo grenengan Wasi Nagasekti tumuli nata kuda-kudane lan siyaga arep ngirim serangan maneh. Ki Pelanggolan ora gelem kalah, nuli nata adege, siyaga nempuh Nagasekti sing dipilih dadi mungsuhe ing paprangan esuk kuwi.
Sauntara iku, Ki Lurah Grumbulan saandhahane sarta para siswa Jatigrowong uga wiwit tumandang, para murid Paguron Tangen sing rumangsa wis dicidrani, banjur padha ngamuk nyolahne gegamane dhewe-dhewe nedya gawe cilakane wong-wong Grumbulan lan siswa-siswa Jatigrowong. Ora suwe ing papan kono keprungu suwara rame sing campur adhuk dadi siji. Suwara pisuh, suwara sambat, suwara jerit wor lan suwara gegaman sing benthikan. Ki Gedhe Pelanggolan sing ngladeni tandange Wasi Nagasekti isih kober nglirik tandange siswa-siswane, jebul tandange para siswa Jatigrowong ora nguciwani, kanthi gampang bisa ngladeni solahe mungsuhe lan Ki Gedhe Pelanggolan rumangsa lega, jebul ngelmu kanuragane para siswane isih adoh manggon ing dhuwure mungsuh-mungsuhe. Mung siji sing ndadekne para siswa Jatigrowong rada kacipuhan, jalaran mungsuh-mungsuh sing diadhepi karo tandang padha ngetokne pisuhan sing lekoh lan saru, kang mangkono kuwi ndadekne siswa-siswa Jatigrowong padha gila lan keri kupinge.
Lan jebul meh kabeh murid Paguron Tangen kuwi karo perang lambene bola-bali ngetokne tembung saru lan lekoh, sing ora pantes diucapne. Kang mangkono mau ndadekne Prajurit Mataram sing ora kulina krungu tembung saru lan lekoh dadi risih, neng kupinge krasa keri merga krungu tembung sing nggegilani. Mula lakune perang sing dhasare wiwit kawitan wis wujud perang brubuh sansaya suwe dadi sansaya rusuh.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar