Total Tayangan Halaman

Kamis, 03 Maret 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (097)

97.

Srengenge mangsa ketiga lagi wae njudhul saka jagad sisih wetan, sunare tumiba ing barisan wadya bala Mataram sing disalirani dhewe dening Pangeran Singasari minangka Senapati Agung. Maneka warna pratandha sing wujud rontek lan umbul-umbul sarta bandera kang manekawarna katon nambahi wibawaning barisan sing budhal menyang Paguron Tangen. Nalika kuwi lakune barisan Mataram wis meh tekan karo papan sing dituju, kari kira-kira kurang saka sewu depa. Pangeran Singasari tumuli aweh aba supaya barisan sing masang gelar Garudha Nglayang kuwi mandheg dhisik, nanging panggah ing kahanan prayitna lan siyaga.

 

"Ki Tumenggung Yudapati" Pangeran Singasari nimbali Tumenggung Yudapati sing uga jejer dadi salah siji saka senapati, sawise barisam Mataram kuwi mandheg "ndika wae sing mlebu menyang Paguron Tangen luwih dhisik, aweh kabar marang wong sing wani nganggo jeneng Panembahan Dewa Karkatha kuwi, yen dheweke katimbalan marak menyang Mataram bareng salaku ndika. Dene menawa dheweke selak lan wani ndaga dhawuh ndika, kuwi sing kena kangge pawadan Mataram ngrabasa Paguron Tangen".

 

"Sendika Gusti, kepareng bidhal lan nyuwun tambahing pangestu" wangsulane Tumenggung Yudapati, sing banjur ngeplak gigir jaran sing ditunggangi temah mlaku maju tumuju menyang regoling Paguron Tangen.

 

Sauntara kuwi, ing Paguron Tangen uga wis wiwit rame. Panembahan Dewa Karkatha sing wis nampa kabar saka prajurit sandine yen wadya bala Mataram wis nyedhaki pagurone, tumuli mrentah para andhahane supaya budhal mapagne. Panembahan Dewa Karkatha ora kepengin, pagurone klebon prajurit Mataram, mula kabeh andhahane banjur diprentah supaya mapagne tekane wadya bala saka Mataram ing jabane Paguron, kanthi mangkono papane luwih jembar lan luwih omber.

 

"Para sedulurku pandherek Trah Majapahit kabeh" kanthi suwara banter Panembahan Dewa Karkatha aweh  pambombong marang andhahane sing cacahe ewon kuwi "dina iki awake dhewe oleh dhawuh saka Sang Hyang Kala Mercu supaya mendem bangkene wong-wong Mataram sing nekad nglurug papan kene, aja ana sing padha tidha-tidha, ing paparangan iki ndika kabeh mesthi bakal menang. Mula murih getihe wong Mataram ora njejemberi bumi Paguron Tangen kene, luwih becik yen olehe nyirnakne wong-wong Mataram kuwi mapan ana sajabaning Paguron wae, Ngerti?".

 

"Inggih ngertos Panembahan" wangsulane para pangareping wadya bala saur manuk.

 

"Puthut Jayantaka lan Puthut Jayandaga" Panembahan Dewa Karkatha nimbali puthut loro sing dadi  bau kanan keringe "ing peperangan mengko, panggah nggunakne rancangan sing wis tumata kanthi becik wingi kae, para siswa sing wis kapiji mangarsani barisan siswa-siswa liyane, para pangarsaning paguron sing saka Desa-desa lan padhukuhan mandhegani siswane dhewe-dhewe, kabeh kuwi dadi tanggung jawabmu sakloron".

 

"Nuwun inggih ngestokaken dhawuh Rama Panembahan" wangsulane Puthut Jayantaka lan Puthut Jayandaga bebarengan .

"Aku, Adhi Panembahan Alit, Dhimas Wasi Nagasekti lan adhi-adhiku, Janggan Nagatingkir, Janggan Nagaluwing lan Janggan Nagaemprit, bakal mubeng-mubeng ngiteri paprangan nggoleki senapati pethingane Mataram. Yen Si Singasari temenan melu budhal, kuwi sing arep tak adhepi dene liyane bisa diadhepi karo sing wis tak sebutake mau" kandhane Panembahan Dewa Karkatha nutugne rembuge "aku percaya, yen Singasari wis dadi bathang semono uga para senapati liyane uga wis padha mati, prajurit Mataram mesthi bakal pasrah bongkokan kabeh".

 

"Kawula nuwun inggih Rama Panembahan" wangsulane Puthut Jayandaga "samangke kaparenga kula ngrumiyini mbidhalaken prajurit medal saking Paguron mriki".

 

"Ora murih nambahi bombonge para siswa kabeh, aku lan Adhimas Nagasekti sing ndhisiki metu liwat gapura ngarep" wangsulane Panembahan Dewa Karkatha "lan minangka pandhereking miyosku, tak prentahne marang Ki Gedhe Pelanggolan lan Ki Lurah Grumbulan supaya ngerigne prajurit lan siswa-siswane minangka cucuking jurit bareng karo lakuku".

 

"Inggih sendika Ki Gedhe Tangen" wangsulane Ki Gedhe Pelanggolan.

 

"Sebutan Ki Gedhe Tangen wis ora ana Ki Gedhe Pelanggolan" Panembahan Dewa Karkatha mencereng nyendhu guneme Ki Gedhe Pelanggolan "sing ana Panembahan Dewa Karkatha, senapati agung barisan Trah Majapahit sing kapiji dening Rama Panembahan Nagawilis ya Panembahan Nagajiwa sing madeg ing Patalan".

 

Ki Gedhe Pelanggolan meneng ora semaur maneh, mung batine ngguyu dhewe. Mau olehe nyebut jeneng Ki Gedhe Tangen, ora merga lali, nanging pancen disengaja murih Panembahan Dewa Karkatha kuwi muring, pranyata muring tenan sanajan ora nganti misuh-misuhi dheweke.

 

"Wis, saiki ayo prentahna marang andhahanmu Jayantaka supaya nabuh bendhe minangka tandha budhale wadya ngetutne lakuku" Panembahan Dewa Karkatha tumuli prentah marang Puthut Jayantaka lan banjur jumangkah  budhal metu saka Paguron Tangen arep mapagne wadya bala saka Mataram. Ki Gedhe Pelanggolan lan Ki Lurah Kuwera tumuli aweh sasmita marang prajurit Grumbulan lan siswa-siswa Jatigrowong supaya budhal nututi Panembahan Dewa Karkatha, lan ora lali karo prentah supaya ngalungnme janur kuning sing wis disiyagakne wiwit wingi ing gulune dhewe-dhewe.

 

Sanadyan wis dirancang lan ditata, jebule para siswa saka Paguron Tangen mligine sing saka njaba paguron padha ora mudheng karo prentahe Puthut Jayantaka lan Puthut Jayandaga sing dikandhakne lumantar para murid sing wis dipercaya minangka bawahane Puthut Loro kuwi. Ngerti nek Panembahan Dewa Karkatha wis budhal metu saka paguron, wong-wong kuwi ora ngenteni diprentah pangarepe banjur budhal nututi lakune Panembahan Dewa Karkatha, Panembahan Alit lan Wasi Nagasekti sarta murid-muride Panembahan Nagajiwa sing bareng karo Panembahan Dewa Karkatha. Malah saking cepete nggone obah, wong-wong mau nganti rebut gancang karo lakune prajurit Grumbulan lan siswa-siswa Jatigrowong. Pancen sajake murid-murid sing saka njabaning Paguron Tangen kuwi duwe karep kepengin tansah cecaketan karo Panembahan Dewa Karkatha.

 

Lekase murid-murid sing ora manut tatanan kuwi jebul ditiru dening murid-murid liyane, klebu murid-murid sing sinaune ing jerone Paguron Tangen. Mula Gelar sing wis dirancang lan diprentahne dening Panembahan Dewa Karkatha yen Wadyabala saka Paguron Tangen kuwi pasang gelar Dirata Meta, dadi bubrah . Sing ana malah ora akeh bedane karo gelare wong-wong ndesa sing lagi budhal menyang bengawan merga arep golek iwak nalika bengawane pladhu merga tekane banjir kapisan ing mangsa labuh.

 

Panembahan Dewa Karkatha , Panembahan Alit Dewa Danu, Wasi Nagasekti lan pandhereke sing  ora ngerti nek andhahane jebul ora bisa ngenggoni gelar sing ditetepake kuwi ora mandheg olehe mlaku, malah sing digoleki Panembahan Dewa Karkatha ya kuwi Ki Gedhe Pelanggolan karo Lurah Kuwera. Pancen Panembahan Dewa Karkatha duwe karep kaya sing dijaluk dening Ki Gedhe Pelanggolan lan Ki Lurah Grumbulan, ya kuwi mapanake barisan Prajurit Grumbulan lan barisan Paguron Jatigrowong ing ngarep dhewe. Panembahan Dewa Karkatha duwe gagasan sepisan kepengin weruh sepira kadibyane barisan loro kuwi, kapindho upama kudu ana kurbane paprangan, yen sing luwih dhisik dadi kurban kuwi prajurit Grumbulan utawa siswa-siswa Jatigrowong, temen ora pati ndadekne kapitunane Panembahan Dewa Karkatha.

 

"Ki Gedhe lan Ki Lurah" kandhane Panembahan Dewa Karkatha sawise wong loro sing digoleki kuwi sumusul mlaku ora adoh saka papane "aja adoh-adoh karo aku!. nDika wong loro wis padha saguh dadi pucuking jurit, mengko yen kepethuk mungsuh ing palagan aja nganti gawe wirangku!"

 

"Inggih sendika" wangsulane Ki Gedhe Pelanggolan karo mesem semu ngece "Ki Gedhe Tangen sampun kuwatos, mboten-mboten menawi kula kalih tiyang-tiyang kula badhe damek kuciwaning penggalih ndika".

 

"Setan kowe Ki Gedhe Pelanggolan" Panembahan Dewa Karkatha misuh lirih, atine rumangsa gela merga sepisan maneh Ki Gedhe Pelanggolan olehe ngundang jenenge nganggo sebutan "Ki Gedhe Tangen".

 

"Eh, nyuwun pangapunten Ki...eh... Panembahan" Ki Gedhe Pelanggolan api-api rumangsa luput "kula kesupen, menawi Ki Gedhe tangen sampun boten wonten, ingkang wonten Panembahan Dewa Karkatha, sepisan malih nyuwun pangapunten Panembahan".

 

Panembahan Dewa Karkatha ora semaur, mripate lagi nyawang mengarep, ora adoh saka papane ana wong numpak jaran sing dumadakan mandheg banjur nginger jarane lan digebrag mlayu bali ora nutugne lakune.

 

Satemene sing diweruhi Panembahan Dewa Karkatha kuwi mau ora liya Tumenggung Yudapati sing maune arep menyang Paguron Tangen, ngabari Panembahan Dewa Karkatha yen katimbalan dening Panembahan Senapati saiki uga. Nanging bareng Tumenggung Yudapati sumurup akehing wadya sing mapagne tekane, salah siji saka senapati Mataram kuwi mbalik, arep matur marang Pangeran Singasari yen perang wis arep diwiwiti tanpa nganggo penget apa-apa.

 

 

ana candhake.

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...