82.
Midhanget
aturipun Ki Lurah ingkang nguwatosaken Dhusun Kepuh Agal menawi piyambakipun
sampun boten wonten makaten menika, Ki Jurudah lan Ki Prasanta sami
pandeng-pandengan. Sareng sampun sawatawis wekdal, lajeng Ki Prasanta paring
dhawuh :
“Mulane ta
Ngger, putra ndika kae wiwit wulangana nggegulang marang atine, wulangen laku
prihatin murih gampang nampani nugrahaning Gusti. Awit satemene bisane Keris
Kyai Pantek nyawiji marang ndika kuwi satemene dudu karep ndika utawa karepe
Kyai Pantek, nanging amung nugraha saka Gusti Kang Maha Kawasa. Andilalah ndika
kuwi kuwawa bampa kanugrahan kuwi jalaran ndika wis kasil anggon ndika
nggegulang ing kalbu sing satemah bisa lantip panggraita ndika”.
“Kawula
nuwun inggih ngestokaken dhawuh Kyai” atur wangsulaipun Ki Lurah Sarkaram
salebeting manhipun Ki Lurah mila ngrumaosi bilih sampun radi klintu anggenipun
nggulawenthah yoganipun, namung nuruti raos tresna dhateng yoga lajeng
anggenipun nggulawenthah radi angugung dhateng pun Pradapa.
“Iya Ki
Lurah, sing prelu ndika ngerteni maneh, aja kongsi Keris Kyai Pantek ucul saka
pangwasa ndika. Jalaran yen nganti Keris Pusaka Kraton Ngiyom kuwi tumiba ing
tangane wong sing duwe watak angkara, mangka bakal ndadekake sengsarane kabeh
kawula ing Desa Kepuh Agal” Ki Prasanta paring dhawuh malih “mula welingku
marang ndika yen ana sapa wae sing nembung arep nyuwun ngampil pusaka kuwi
kanthi pawadan apa wae, aja pisan-pisan ndika ulungake sarta reksanen sing
permati aja nganti keris pusaka kuwi kacidra dening wong, yen nganti ana sing
duwe sedya ngrebut pusaka kuwi saka tangan ndika, kamangka ndika rumangsa ora
kuwat ngukuhi becik mlayua balekna pusaka kuwi ing papan asale. Kang mangkono
mau kanggo njaga murih warga ing Kepuh Agal tumiba ing kasangsaran sing bebasan
ora ana enteke. Lan weling iki uga kandhakna marang sapa sing bakal nutugne
nggon ndika nyekel paprentahan ing Desa Kepuh Agal, murih padha nindakne
paweling saka aku iki”.
“Nuwun
Inggih Kyai” kalihan manah ingkang radi trataban Ki Lurah Sarkara atur
wangsulan kalajengaken nyuwun pirsa malih “nanging mugi kauningan, Kyai Pantek
menika peparing saking Kanjeng Ratu Kraton Pangayoman lumantar jengandika
kekalih, kamangka jengandika leremipun wonten ing Alam Maya ingkang boten
sadhengah manungsa saged ngambah, lajeng kados pundi marginipun saged
mangsulaken Kyai Pantek ing papanipun sakawit?”.
“He he
he…..” Ki Jurudah gumujeng mireng aturipun Ki Lurah dhateng Ki Prasanta makaten
menika, Nyai Pandhanwangi ugi tumut mesem, lajeng Ki Jurudah tumuli paring
pangandika “aja samar lan aja kuwatir Ki Lurah, sanadyan Kraton Pangayoman
utawa Kraton Ngiyom kuwi wujud Kraton ing Alam Maya, nanging bisa dititik saka
alam nyata. Ing sisih kidul kana, saka papan kene watara lakon seprapat dina,
ana sendhang sing dadi tuking kali. Sendhang kuwi jenenge Sendhang Ngiyom, ya
ing alam maya ing walike Sendhang Ngiyom kuwi manggone Kraton Ngiyom ing alam
maya. Mula yen arep mbalekne Pusaka Kyai Pantek menyang asale, Pusaka Kyai
Pantek cukup dilarung ing Sendhang kono, mangka bakal tekan papane sekawit”.
Sareng
kalihan telasing dhawuhipun Ki Jurudah makaten menika, Ki Lurah Sarkara nglilir
saking anggenipun sare. Lan sanaosa namung ing alam pasupenan, sedaya dhawuh
saking Nyai Pandhanwangi, Ki Jurudah menapa dene Ki Prasanta tinanem kukuh ing
manah lan emutanipun Ki Lurah Sarkara, sadaya dhawuh lan piweling kala wau
kadadosaken jimat salebeting jiwanipun.
Dinten terus
lumampah boten wonten kendelipun. Dhusun Kepuh Agal sampun sansaya rame lan
reja. Sansaya dinten sansaya wiyar papan kangge padhukuhan, labet sansaya
kathah titiyang ingkang sami dugi lan ndherek mangaup lan pados sandhang tedhan
wonten mriku. Kados ingkang dipun dhawuhaken Nyai Pandhanwangi ing
pasupenanipun Ki Lurah Sarkara, ing satunggaling wekdal Kalurahan Kepuh Agal
karawuhan priyagung saking Mataram, ingkang ngagem asma Tumenggung
Tesengkusuma, ngemban dhawuh saking Patih Mandaraka minangka wewakil samparan
Dalem Kanjeng Panembahan Senapati Ing Alaga. Ki Lurah Sarkara dipun dangu
sampun manteb manunggal kalihan Mataram menapa taksih tidha-tidha. Ki Lurah
inggih lajeng matur prasaja, bilih Kepuh Agal menika kabawah dening Mataram lan
sadaya warga tuwin kawula ing dhusun mriku mangayom sahandhaping panguwaos
dalem Kanjeng Panembahan Senapati ing Alaga. Mireng aturipun Ki Lurah Sarkara
makaten menika, Tumenggung Tesengkusuma sakalangkung rena panggalihipun.
Sasampunipun sepisan malih Ki Lurah Sarkara ngucapaken prasetya kasetyanipun
dhateng Nagari Mataram, Raden Tumenggung Tesengkusuma lajeng pamit kundur
kanthi nilar wekas menawi Dhusun Kepuh Tunggal wonten rubeda ingkang boten
saged dipun rampungaken dening Ki Lurah, murih Ki Lurah utusan sowan dhateng
Mataram saprelu nyuwun pambiyantu.
Jebul
lekasipun Ki Lurah Sarkara ingkang mangayom dhateng Nagati Mataram menika boten
sedaya warga Kepuh Agal nyarujuki. Kyai Daka salah satunggal saking tiyang
ingkang duginipun ing Kepuh Agal mbekta kanca ingkang kathah. Mastani bilih Ki
Lurah Sarkara sampun tumindak klentu. Kyai Dala lajeng nyebar wartos ingkang
boten leres dhateng warga Kepuh Agal bilih Ki Lurah Sarkara sampun nyade Kepuh
Agal dhateng Mataram lan ndadosaken Warga Kepuh Agal minangka gedibalipun
Panembahan Senapati ing Alaga. Dene pawadan ingkang dipun engge dening Kyai
Daka, jalaran Kepuh Agal menika bumi mardika, ingkang yasa Dhusun Kepuh Agal
menika inggih titiyang ingkang samangke dados warga Kepuh Agal menika. Jaman
lara-lapanipun mbabad wana, Mataram babar pisan boten cawe-cawe, boten urun
bandha menapa dene tenaga, sareng samangke Kepuh Agal sampun reja dugi dening
Ki Lurah lajeng kapasrahaken dhateng Mataram. Menika cetha menawi boten leres.
Mokal menawi boten wonten petang winadi antawisipun Mataram kalihan Ki Lurah
Sarkara.
Warta dora
ingkang dipun sebar lan dipun gethok-tularaken dening Kyai Daka lan
andhahanipun menika pranyata mandi. Kathah tiyang-tiyang sami nggega menapa
ingkang dipun kojahaken dening Kyai Daka lan rencang-rencangipun. Ingkang sami
sarujuk kalihan pamanggihipun Kyai Daka menika, radin-radin para kaneman
ingkang umu-umuranipun sapantaran kula, ingkang jaman miwiti babad wana inggih
dereng ngertos menapa-menapa.
Sareng ing
pundi-pundi kathah ingkang ngrembag babagan menika, Ki Lurah Sarkara lajeng
ngempalaken para warga Kepuh Agal ing Kalurahan. Sedaya warga inggih sami
ndugeni menapa ingkang dados timbalanipun Ki Lurah. Malah Kyai Daka anggenipun
dugi sesarengan kalihan rencang-rencangipun, sedaya sami sikep gegaman kados
tiyang badhe nglurug perang kemawon. Ki Pawit inggih pangarsaning para warga
ingkang wiwitan mbabat wana menika sanadyan sampun thuyuk-thuyuk saking
sepuhipun ugi dugi, mila radin-radin kanca rencangipun Ki Pawit ingkang
sepisanan mapag duginipun Ki Lurah Sarkara, wekdal menika ugi sampun
sepuh-sepuh. Benten kalihan kawontenanipun Kyai Dangsa lan kanca-kancanipun,
sanadyan estunipun inggih sampun sepuh, nanging kabekta kalebet tiyang ingkang
remen ing reh ulah kanuragan, badanipun taksih sami ketingal keker lan kiyeng.
“Para
sedulurku kabeh” sasampunipun para warga sami mlempak Ki Lurah Sarkara wiwit ngendika
"ndika kabeh mesthine wis padha ngerti yen durung suwe iki, aku minangka
Lurah ing Kepuh Agal kene lagi wae nampa tamu saka Mataram utusane Rekyana
Patih Mandaraka minangka wewakil Ngersa Dalem Kanjeng Panembahan Senapati ing
Alaga, kang sesilih Gusti Raden Tumenggung Tesengkusuma. Lumantar panjenengane
Gusti Patih Mandaraka paring pananting marang aku apa isih ngugemi dhawuh
sapisanan sing tak tampa sadurunge aku miwiti mbabat alas arep yasa Desa kene
iki. nDika kabeh prelu mangerteni, anggonku wani lan gelem mbabat alas kanggo
padesan jangkep sapategalan lan pasawahane iki, awit oleh palilah sing saka
sing ngratoni Tanah Jawa kene iki, sing wektu kuwi Kratone manggon neng Kutha
Pajang lan sing jumeneng Nata, Sampean Dalem Kanjeng Sri Sultan Adiwijaya.
Lumantar punggawa kang wenang ing babagan iki, aku nampa dhawuh supaya mbabad
alas ing sakiwa tengene Wit Kepuh sing paling gedhe, sing karan Kepuh Agal,
kanggo padhukuhan, pategalan lan pasawahan. Kajaba saka kuwi, aku uga
kaparingan ganjaran pangkat Lurah, ya iku nglurahi Desa sing lagi arep tak gawe
kuwi. Lagi sawise kuwi aku budhal lan dipapag dening Kakang Pawit sakancane.
Lan sawise oleh babadan sauntara banjur sedulur-sedulur liyane padha nusul sing
dadi ngrembaka kaya sing ana wektu iki. Lan rawuhe Gusti Raden Tumenggung
Tesengkusuma kuwi, paring kabar menawa saiki paprentahan wis ngalih menyang
Mataram, Kanjeng Sultan Adiwijaya wis surud ing kasedan jati lan sing jumeneng
nata genti Samnpean Dalem Kanjeng Panembahan Senapati ing Alaga Sayidin
Panatagama Kalipatullah Tanah Jawa. Mula bareng aku ditanting apa isih ngugemi
dhawuh kapisan sadurunge aku miwiti mbabad alas yasa Desa Kepuh Agal iki, aku
banjur nganyari nggonku prasetya ya kuwi aku lan kawula ing Kepuh Agal iki
panggah mangayom ing sahandhaping samparan Dalem Kanjeng Panembahan Senapati
awit Kepuh Agal iki wewengkon lan kebawah Kraton Mataram……”.
“Lha ingkang
kantun piyambak menika ingkang ndadosaken boten pas lan menawi dipun lajengaken
saged ndadosaken mbubrahaken tatanan Ki Lurah” dereng ngantos rampung
anggenipun Ki Lurah Sarkara ngendika, sampun kapunggel dening Kyai Daka ingkang
ngangkat tanganipun kalih nyuwanten radi seru.
Ki Pawit lan
para sepuh ketingal sami kaget sedaya
sami noleh ningali papanipun Kyai Daka.
Ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar