81.
Kawontenan
lajeng dados sepen, Ki Lurah Sarkara boten saged gineman menapa-menapa,
pranyata leres ingkang kadhawuhaken Nyai Pandhanwangi saderengipun miwiti
cariyos kala wau, boten wonten pedahipun Ki Sarkara mangertosi sinten
sejatosipun Nyai Pandhanwangi. Namung kantun satunggal ingkang dereng dipun
ngertosi dening Ki Lurah, wekdal menika piyambakipun gesang ing alam menapa?
Lan sadaya wewangunan ingkang sampun dipun paringaken dening Nyai Pandhanwangi
dhumateng piyambakipun menika nyata menapa maya?.
“nDika aja
nguwatirake kahanan ndika Ngger” Nyai Pandhansari ngendika malih, kawistingal
menawi panjenenganipun sampun saged maos isen-isening manahipun Ki Lurah
Sarkara “ndika ora kesasar dalan dalin dadi brekasakan, ndika panggah isih
asipat manungsa lan mapan ing jagad kang nyata. Mung wae kanggo sawatara pancen
kahanan papan iki isih tak tutupi nganggo warana, dadi ora bisa dingerteni
dening bangsa manungsa tanpa palilah saka aku. Sedhela maneh warana iki arep
tak kukut, dadi ndika bali wutuh manggon neng alam nyata jangkep klawan
sipat-sipate, kang durung ana lamun kepengin nganakne uga nganggo
pambudidayaning raga kang nyata ora bisa dianakake mung sarana cipta. Ya
rahayune, anggonku ngrewangi mbabat alas yasa Desa iki wis oleh rada jembar lan
wewangunan-wewangunan kang tenane dianakne klawan cipta wis padha dadi mung
kari nyampurnakne wae. Sabanjure ndika kari nutugake nggon ndika babad alas iki
murih dadi lan becike. Aja samar lan aja kuwatir, sajroning wektu kang ora
suwe, bakal akeh wong sing nekani papan kene, nembung marang ndika ke[engin
mangayom dadi kawula ing kene. Ya wong-wong sing padha neneka kuwi sing bakal
nyepetake nggon ndika babad alas lan yasa desa. Nanging welingku marang ndika,
sing ngati-ati wong-wong sing padha teka mengko duwe watak sing ora padha, ana
sing becik ya ana sing ala. Sing becik bisa dadi kanca lan sing ala bisa
nuwuhake bebaya”.
“Inggih
Nyai, samangke kula nyuwun pitedah menapa ingkang kedah kula lampahi kangge
salajengipun?” Ki Lurah Sarkara nyela rembag nyuwun pitedah malih.
“Sumurupa Ki
Lurah” Nyai Pandhanwangi paring wangsulan “kaya kang wis tak kandhakne ing
ngarep, wiwit dina iki aku wis ora kawenangake paring pambiyantu marang ndika
nganggo cara kaya sasuwene iki, aku mung bisa paring pambiyantu saka kadohan
sing ora bisa ndika ngerteni. Awit ora suwe maneh aku bakal bali menyang
alamku, lan ndika ora bakal bisa kepethuk karo aku maneh, kajaba yen mung liwat
ing pasupenan. Dadi pamrayogaku marang ndika, becik ndika nyuwun pirsa marang
Ki Jurudah utawa Ki Prasanta, awit priyayi sakarone kuwi kang dipercaya dening
Kanjeng Ratu Setyawati murih paring pambiyantu marang ndika”.
Sareng
kalihan telasing ucapipun Nyai Pandhanwangi ngkang makaten menika, Putri Jim
ingkang aslinipun asma Dewi Kusali menika ical saking pandulunipun Ki Lurah
Sarkara. Ki Lurah sakalangkung sedhihipun. Boten nyana babar pisan manawi badhe
pepisahan kalihan Nyai Pandhanwangi ingkang boten sakedhik anggenipun paring
pambiyantu dhateng piyambakipun. Wonten raos getun lan keduwung salebeting
manahipun Ki Lurah Sarkara dene boten nggega kalihan dhawuhipun Nyai
Pandhanwangi saderengipun miwiti nyariyosaken lelampahanipun, kadereng saking
raos kepengin nyumerepi wewadi ingkang angranuhi manahipun. Nanging inggih
lajeng dipun pupus bilih sadaya menika sampun kaserat ing garising pesthining
gesangipun.
Dinten-dinten
candhakipun ingkang dipun tindakaken Ki
Lurah Sarkara inggih nutugaken anggenipun mbabad wana. Yasa padhukuhan ugi yasa
pategilan tuwin pasabinan, kabiyantu dening Ki Pawit lan rencang-rencangipun. Dhawuhipun
Nyai Pandhanwangi pranyata leres, meh saben dinten wonten kemawon tiyang
ingkang sami dugi ing siti tilas babadan ingkang samangke sampun gadhah nami
Padhukuhan Kepuh Agal, nembung dhateng Ki Lurah badhe ndherek babad lan
kepengin mangayom dhateng Ki Lurah minangka kawula ing Kepuh Agal mriku.
Anggenipun sami dugi ing mriku wonten ingkang namung ijen-ijenan, wonten
ingkang mbekta kulawarganipun, malah ugi wonten ingkang kenging kawastanan
sabregada ingkang nggadhahi pangajeng. Sadaya katampi kanthi sae dening Ki
Lurah Sarkara lan kaparingan palilah ndherek mapan ing Kepuh Agal mriku. Kanthi
makaten ndadosaken sansaya cepet ngrembakanipun Dhusun Kepuh Agal.
Anuju
sawijining dinten Ki Lurah Sarkara emut dhateng welingipun Nyai Pandhanwangi.
Ingkang paring dhawuh supados nyuwun pirsa dhateng Ki Jurudah menapa dene Ki
Prasanta menawi piyambakipun mbetahaken pitedah kangge ngrembakanipun Dhusun
Kepuh Agal. Nanging Ki Lurah Sarkara boten mangertos ing pundi mapanipun
Priyantun kalih ingkang ugi sampun kathah paring pambiyantu dhumateng
piyambakipun menika. Ngemuti sadaya menika, Ki Lurah sakalangkung ing
sungkawanipun. Saking santeripun anggenipun menggalih satemah kabekta dhateng
alaming pasupenan.
Inggih ing
pasupenan menika Ki Lurah Sarkara karawuhan Ki Jurudah lan Ki Prasanta malah
Nyai Pandhanwangi ugi ndherek rawuh. Malah Nyai Pandhanwangi ingkang langkung
rumiyin parinmg dhawuh dhateng Ki Lurah Sarkara.
“Ki Lurah
Sarkara” makaten ngendikanipun Nyai Pandhanwangi “aku rumangsa melu seneng dene
Kepuh Agal saiki wis dadi Desa sing gedhe tur reja, jangkep sapategalan lan Pasawahane.
Nanging Ki Lurah uga kudu ngerti, sanadyan tata gelar dumadine Kepuh Agal sing
kaya mangkono mau ya merga saka pambudidayane Ki Lurah lan para warga ing Kepuh
Tunggal kabeh, nanging satemene uga awit saka pambiyantune Ki Jurudah lan Ki
Prasanta lan kanca-kancane kang melu rerewang tanpa ndika weruhi lan ora
diweruhi dening wong-wong sing saiki padha dadi warga ing Kepuh Agal”.
“Inggih Nyai” atur wangsulanipun Ki Lurah Sarkara kalihan
kurmat “estunipun sanaosa kulaboten sumerep, nanging kula ugi ngrumaosi bilih
salebeting nandangi padamelan nutugaken mangun Kepuh Agal, kraos menawi wonten
kekiyatan gaib ingkang anyengkuyung lan ambiyantu dhateng kula sakanca, temah
sadaya saged lumampah kanthi rancag lan boten nate mrangguli panggodha
menapa-menapa. Inggih sasampunipun Nyai paring dhawuh ingkang makaten nembe
raos ngungun ing manah kula saged ical. Boten langkung dhumateng Ki Jurudah
saha Ki Prasanta, kula namung saged ngaturaken genging panuwun”.
“Sing tak
tindakne karo Ki Prasanta lan kanca-kanca prajurit Kraton Ngiyom ing Kepuh Agal
kuwi mung saderma nindakne kuwajiban Ki Lurah” ingkang paring wangsulan dhateng
Ki Sarkara Ki Jurudah “lan sing aweh pambiyantu ora mung wong saka Ngiyom wae,
malah andhahane Nyai Pandhanwangi ya ora kalah cacah akehe sing tandange ya
padha sengkud-sengkud”.
“Inggih Kyai”
Ki Lurah matur maneh “kula ugi namung saged ngaturaken panuwun dhumateng para
sepuh ingkang boten negakaken kula. Inggih mugi-mugi Gusti Ingkang Maha Agung
paringa kanugrahan dhumateng Kyai kekalih saha Nyai Pandhanwangi”.
“Kajaba saka
kuwi Ki Lurah” Nyai Pandhanwangi ngendika malih “kaya sing wis tak kabarake
marang ndika nalika samana, wektu iki Kutharajane Tanah Jawa wis sida ngalih
menyang Alas Mentaok sing saiki salin jeneng dadi Kuthagedhe Mataram lan sing
ngratoni Tanah Jawa sing wajib tak gugu dhawuh-dhawuhe saiki Kanjeng Panembahan
Senapati Ing Alaga, sing jaman isih timur ngagem asma Raden Danang Sutawijaya utawa
Mas Ngabei Loring Pasar. Lan magepokan karo Desa Kepuh Agal uga wis tak
unjukake ing ngarsane Rekyana Patih Mandaraka dadi mbok menawa ora suwe maneh
bakal ana punggawa saka Mataram sing bakal paring layang kekancingan marang
ndika Ki Lurah Sarkara”.
“Ngaturaken
genging panuwun Nyai”
“Sabanjure,
babagan sing tak kandhakne yen wong-wong sing padha teka melu mangayom marang
Desa Kepuh Agal kae, yaiku pepanthane manungsa sing duwe watak angkara, sajake
iki wis ana sing tata-tata arep mbalela” Nyai Pandhanwangi ngendika malih “Ya
iku wong-wong sing tenane tekane ing Kepuh Agal kuwi merga keplayu lan dadi
burone Prajurite Panembahan Mas ing Madiun. Wong-wong kuwi pancen klebu
manungsa sing manembah marang Iblis, dadi tumindake mung tansah gawe kisruhing
jagad wae. Lha babagan iki dudu sanggemanku maneh, nanging wis dadi tanggung
jawabe Senapati Kraton Ngiyom” .
“Bener sing
dingendikakne Nyai Pandhanwangi kuwi mau Ki Lurah” Ki Jurudah numpangi
rembagipun Nyai Pandhanwangi “nanging ndika ora prelu was utawa sumelang.
Jalaran salira ndika kuwi wis nyawiji karo Pusaka Ngiyom sing ndika gadhuh ya
iku Keris Kyai Pantek. Ora jeneng mangeranake marang Keris Kyai Pantek,
para-para sing duwe sedya ala marang Desa Kepuh Agal ora bakal menang perbawa
karo Lurah Kepuh Agal sing wis nyawiji karo Kyai Pantek”.
“Inggih Kyai”
Ki Lurah atur wangsulan dhateng Ki Jurudah “kula sanget pitados kalihan ingkang
jengandika dhawuhaken, namung kemawon kapeksa taksih wonten ingkang kula
sumelangaken Kyai”.
“Apa maneh
Ki Lurah?” Ki Jurudah mundhut pirsa.
“Manawi
dinten samangke ing Kepuh Agal boten wonten ingkang nyumelangi, nanging kula
kuwatos benjing menawi kula sampun boten wonten ? Inggih menawi Lurah ing Kepuh
Agal sapengker kula saged manunggal kalihan Kyai Pantek? Menawi boten harak
inggih sakalangkung andrawasi ta Kyai?”.
Ana candhake
matur sembah nuwun peparingipun Dongeng SMW
BalasHapusSAMI-SAMI
BalasHapus