80.
Kegawa rasa
gumun merga lungane Sang Hyang Wilis sing ora tak ngerteni kuwi mau, nganti
rada sauntara aku mung meneng, malah kena diarani ndomblong jalaran ora dhong.
Lagi aku bali eling maneh yen lagi ngrembug perkara sing wigati, bareng Ki
Tanparupa bali ngendika :
“Aku wis
kandha yen lungane Sang Hyang Wilis ninggalne papan kene iki mau ora susah
digagas, jalaran nek ndika nggagas lungane Sang Hyang Wilis iki mau, bisa
ndadekne ndika nglalekne rembug wigati antarane ndika lan aku, sanadyan ta
olehe nglalekne kuwi ya mung sedhela”.
“Nyuwun
pangapunten Rama Kyai” aku atur wangsulan karo ndhingkluk, ngrumangsani
kaluputanku.
“Ora dadi
apa Nini” ngendikane Ki Tanparupa karo mesem “saiki luwih prayoga nutugne
rembug sing durung rampung mau, harak ya ngono ta ?”.
“Leres Rama”
aku atur wangsulan “sumangga Rama Kyai kaparenga paring dhawuh malih, kula pun
Kusali siaga mirengaken”.
“Gegayutan
karo kahanane Ki Cahyangumbara sing ora bisa dipethuki nganti embuh kapan
pirang puluh utawa pirang atus tahun wektune, apa ora luwih prayoga manawa Nini
Dewi Kusali murungake wae kersa olehe arep methuki Ki Cahyangumbara? Banjur
milang-miling ngulati mbok menawa ana priya liya saka bangsa jim utawa bangsa
manungsa sing sajake bisa nocogi penggali ndika?” Ki Tanparupa banjur paring
rerigen marang aku sawuse ngandharake kahanan sing dilakoni Ki Cahyangumbara
wektu iki.
Aku kudu
ngakoni apa sing didhawuhake dening Ki Tanparupa kuwi ora ana alane lan nek
digagas nganggo nalar sing waras, pancen ngenteni wong sing ora karuwan kapan
bisane dipethuki, padha wae ngenteni kambange watu item lan keleme prau gabus.
Nanging, aku dhewe ya ora ngerti ya gene ing atiku iki ora ana priya liyane
Kakang Mas Cahyangumbara sing bisa nggugah ati wadonku. Mula tekading atiku,
aku ora arep ngladeni pria sapa wae, kajaba Kakang Cahyangumbara, sanadyan mbuh
kapan bisane kelakon.
“Ngaturaken
genging panuwun awit peparingipun rerigen dhateng kula Rama Kyai” wasana aku
matur prasaja “nanging sampun dados antebing manah kula, bilih ing jagad menika
boten wonten pria sanes ingkang badhe kula suwitani minangka garwa kajawi
namung Kakang Mas Cahyangumbara kemawon. Inggih awit saking menika, ngantosa
jaman menapa anggenipun Kakang Mas Cahyangumbara saged timbul malih ing alam
ingkang saged kula ambah, badhe kula rantos. Salajengipun kula nyuwun dhumateng
jengandika Rama Kyai paring tuntunan murih kula saged mlebet dhateng agami suci
ingkang jengandika rasuk saha kaparenga nglintiraken seserepan piwucaling agami
suci menika, badhe kula sinau lan badhe kula cakaken salebeting gesang kula.
Saha ngiras pantes ngrantos timbulipun Kakang Mas Cahyangumbara ingkang badhe
angiring dumuginipun Sendhang Mustikaning Warih ing bumining para manungsa
menika, kula badhe nenuwun dhumateng Gusti murih Gusti paring pangayoman
dhumateng Kakang Mas Cahyangumbara temah saged lebda ing karya, tartamtu
kemawon anggen kula nenuwun mangke badhe kula jumbuhaken kalihan piwuca
jengandika Rama Kyai”.
“Yen pancen
mangkono sing dadi tekad ndika Nini Dewi Kusali, samengko bakal tumuli tak
tuntun ndika ngrasuk agama sing tak rasuk, yaiku agama kang tinurunake dening
Gusti lumantar para Utusan-Ne, wiwit Utusan Kang Kapisan kang jejuluk Kanjeng
Nabi Adam nganti Utusan Kang Pamungkas ya Kanjeng Nabi Muhammad Kang Jumeneng
Rasulullah, ya iki kang winastan Agama Islam kang ateges Agama kang mulangake
murih kaslametaning jagad saisine”.
Sawise aku
dituntun ngucapake sahadat loro. Dening Kanjeng Rama Kyai Tanparupa sing saiki
wis dadi Guruku, aku kaparingan tetenger utawa jeneng anyar yaiku Nyai
Pandhanwangi utawa Nyai Pandhansari. Aku banjur kadhawuhan lerem sawatara wektu
ing papan kono saprelu nampa piwucal bab agama sing saiki tak rasuk, ya iku
agama piwucale Kanjeng Nabi sing miyos ing Tanah Mekah lan Jumeneng neng
Medinah, kapiji dening Gusti minangka Pamungkasing Para Utusan kanggo
kaslametan lan karaharjaning Jagad Saisine kanthi adil tanpa mbedak-mbedakne
jinising bangsa, pangkat lan drajat, lanang utawa wadon, kabeh padha ing
ngarsane Gusti Kang Maha Kawasa ya iku kabeh kuwi drajate mung Kawula, ya iku
kawulane Gusti. Mula aran titah kang murang tata lamun ana titah kongsi
kumawani ngremehake titah liyane, jalaran padha-padha titahe. Dene lamun ana
titah sing kaparingan kanugrahan embuh apa wujude, apa kuwi sing wujud bandha
donya temah dadi wong sugih, embuh kuwi wujud pangkat sing temahan dadi wong
cekel panguwasa, embuh kuwi wujud kaendahan temah dadi wong sing bagus utawa
ayu, embuh sing rupa kawruh sing temahan bisa ndadekne wong dadi pinter, uga
sing wujud kasekten lan kasudibyan, kuwi kabeh mung titipan saka Gusti murih
digunakne sarana kanggo manembah marang Gustine. Mula yen kongsi ana titah sing
katitipan kaluwihan saka Gusti banjur kleru anggone ngecakne bakal luwih gedhe
walate.
Sawise rada
sawatara wektu aku lerem ing papan kono nampa piwulang saka Kanjeng Rama Kyai
Tanparupa. Rama Kyai banjur pamit arep nutugne ngayahi jejibahan sing aku ora
dikeparengake ngerti kaya apa wujude jejibahan kuwi. Sing cetha manggon ing
papan liya sing adoh karo papan sing tak enggo leren kuwi. Sasuwene ditinggal,
dening Rama Kyai aku kadhawuhan nindakne piwulange agama, ya piwulange Rama
Kyai, ya iku supaya aku ngideri Tanah Jawa sing wektu kuwi kareh lan katata
dening Kanjeng Sultan Ali Akbar kang ngedhaton ing Demak Bintara. Babar p;isan aku
ora kalilanan nepungake dhiri karo kang ngasta pusaraning adil ing Tanah Jawa,
nanging aku kadhawuhan asung bebantu klawan sesidheman murih ora kawistara.
Dene carane, aku kudu melu njaga katentremaning Tanah Jawa, jumbuh karo kabisan
sing tak duweni. Kajaba kuwi, aku uga kadhawuhan tansah aweh tetulung marang
bangsa apa wae, ya bangsa jim ya bangsa manungsa sing lagi nandhang kasangsaran
kanthi lila legawa tanpa pamrih apa-apa kajaba pamrih marang palimirmaning
Gusti Kang Maha Suci.
Ya sasuwene
aku nglakoni dhawuhing Guru kuwi aku banjur duwe tetepungan sing akeh, sing
jebule nduweni jejibahan sing ora beda karo jejibahan sing tak emban. Ing
antarane tepunganku ya sing wis ndika tepungi
kaya dene Kanjeng Ratu Setyawati ing Kraton Pangayoman utawa ing Sendhang
Ngiyom lan sapukawate sing jeneng Ki Jurudah lan Ki Prasanta uga mBah Tambak
sing ndika temoni sepisanan sawuse ndika mlaku sajroning urip kacingkrangan
saka Kutha Pajang,
Guruku ya
Rama Kyai Tanparupa, kala-kala uga rawuh nemoni aku. Saben-saben sajroning
Kutharaja ana ontran-ontran, utawa yen Sing Jumeneng Nata ing Tanah Jawa iki
arep ganti, Rama Kyai ajeg rawuh nemoni aku lan paring weling supaya aku ora
kepilut melu cawe-cawe ing prakara kang gegayutan karo reh parentahing nagara.
Aku ora diwenangake ngrewangi salah siji saka para kang rebut panguwasa, aku
mung kadhawuhan nyekeli paugeran siji, ya iku : Ratu sing saiki sing tak
dhereki, Ratu sing arep teka sing tak enteni. Mula sasurute Sultan Trenggana
ing Demak, sing banjur kasusul anane ontran-ontran rebut panguwasa antarane
putrane Kanjeng Pangeran Surawiyata, sing asmane Pangeran Arya Penangsang ing
Jipang, karo putrane Ki Ageng Pengging utawa Ki Kebo Kenanga sing uga isih
putra mantune Kanjeng Sultan ing Demak Bintara, ya iku Raden Mas Karebet ing
Pajang, aku milih sumingkir sawatara. Aku milih ngulati endi kawula Demak sing
mbutuhne pitulungan, ing kono aku nindakne kuwajiban.
Durung suwe
iki, Rama Kyai Tanparupa uga paring warah lamun ing telenging Alas Gawat sing
jeneng Alas Mentaok kerep nganton ana cahya sumunar anelahi. Bareng Kangjeng
Rama Kyai ngulati saka cedhakan, jebule cahya kuwi cahyaning wahyu Kraton Tanah
Jawa. Lan Rama Kyai Tanparupa uga nguningani, ing alas kono lagi dibabati arep
didadekne Kutha Gedhe. Kamangka Alas Mentaok kuwi sing kagungan Ki Gede
Pemanahan ya kuwi ganjaran saka Kanjeng Sultan Pajang, sawuse Ki Gedhe
Pemanahan klakon bisa numpes Pangeran Arya Penangsang, lha sing mandhegani
mbabat alas kuwi ora liya Raden Danang Sutawijaya putrane Ki Gede Pemanahan
sing uga kapundhut putra angkat dening Kanjeng Sultan ing Pajang. Lan sing
miturut Rama Ki Tanparupa rada katon aneh maneh, ya iku ngendikane Rama Ki
Tanparupa, Titise Sang Hyang Nawangsasi
salah siji saka tetungguling Widodari ing Jonggirisalaka, sing saiki madeg dadi
Narendraning bangsa Jim ing Samodra Kidul, asring rawuh menyang Alas Mentaok
kono, sapatemon karo Raden Danang Sutawijaya. Dhawuhe Rama Ki Tanparupa, mbok
menawa wae Kraton Tanah Jawa sing saiki mapan ana Pajang rinenggan Kanjeng
Sultan Adiwijaya, bakal ngalih menyang Kutha Gedhe sing saiki lagi dibabat ing
Alas Mentaok. Lan ing babagan iki, sepisan maneh aku ora dikeparengake melu
cawe-cawe yen ana ontran-ontran sasurute Kanjeng Sultan Pajang mengko. Malah
dening Rama Kyai Tanparupa aku diweruhne yen wektu kuwi ana titahing Gusti sing
lunga ninggalne Kutha Pajang lan banget mbutuhake pitulungan. Lan sajrone aku
aweh pitulungan marang titah kuwi, bakal nuwuhake rasa sengit saka bangsa jim
marang sing tak tulungi. Mula kanggo ngayomi titah sing tak tulungi kuwi mau,
aku banjur martakne yen titah kuwi ora liya putraku dhewe. Yen ndika ora ngerti
sapa titah mau, saiki tak jarwani, titah kuwi ora liya ya ndika dhewe Ki Lurah
Sarkara”.
Nyai
Pandhansari amungkasi anggenipun nyariyosaken lelampahanipun, andadosaken Ki
Sarkara njegreg kadya tugu waja sinukarta.
Ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar