79.
Nanging
sadurunge aku ngaturake apa sing dadi pepenginaning atiku marang Ki Tanparupa
lan Sang Hyang Ijo, dumadakan aku kelingan yen sakawit niyatku tekan Tanah Jawa
iki rak arep nggoleki Ki Cahyangumbara. Lan pancen ora ana kepenginan sing
gedhene ngungkuli pengining atiku bisa dadi sisihane Ki Cahyangumbara.Mula
sadurunge aku matur sing neka-neka, aku kepengin luwih dhisik nyuwun pirsa marang
Ki Tanparupa, ing ngendi dununge Ki Cahyangumbara. Olehku arep wani matur
mangkono mau jalaran Ki Cahyangumbara tau kandha yen dheweke kuwi isih siswane
Ki Tanparupa.
“Nyuwun
pangapunten Ki Tanparupa” aku matur ngati-ati murih ora gawe gelane Ki Tanparupa
“kula sakalangkung pitados bilih sadaya kawontenan ingkang wonten ing
salumahing bumi sakureping akasa menika, jengandika Kyai tartamtu sampun
nguningani. Kalebet ingkang sakalangkung winados jengandika boten badhe
kalepyan, inggih ingkang sampun kelahir menapa dene ingkang taksih kineker ing
salebeting manah kula, ugi ingkang sampun dumados miwah ingkang badhe
kedadosan, jengandika tamtu ugi sampun uninga. Inggih awit saking menika, saestu
kula suwun Jengandika Rama Kyai keparing pitedah saha kalidamar dhateng kula
gegayutan kalihan sedya kula wiwit bidhal saking nagari Setambul kala
samanten”.
“Dhuh Gusti
paringa pangapura” sadurunge paring wangsulan, luwih dhisik Ki Tanparupa nyebut
asmaning Gusti, lagi banjur ngendika alon “ndika aja kleru Nini, aku iki mung
titah wantah, ora duwe kaluwihan apa-apa lan uga ora ngerti apa-apa kajaba sing
wis tak weruhi liwat panyawang, pangrungu sarta pangrasaku. Kuwi wae ya sok
asring ora bener, sing tak kira miturut asiling panyawangku bener sok jebul
keliru, awit beda karo kanyatan sing sabenere. Kaya upamane sing miturut
pangrunguku tak sengguh suwarane waranggana kaswargan jebule suwara
rengeng-rengenge Kanjeng Bagindha Ijo. Sing kagungan kaya sing ndika kira tak
duweni mau tak kira ya mung titahing Gusti kang kinacek wae, dene kaweruhku
durung mantra-mantra bisa nyaketi titah kang kinacek mau. Sanadyan ta mangkono,
yen Nini Dewi Kusali ngersakne mundhut marang aku, coba dingendikakne wae, mbok
menawa aku bisa atur wangsulan sing bisa nocogi kersa ndika”.
Jebul Ki
Tanparupa malah ngalingi yen duwe kawaskithan pininjul, malah kepara milih ora
mamerake kaluwihane sarta mung ngaku yen ora luwih saka titah-titah lumrah
liyane. Ewa samono, Ki Tanparupa ngeparengake aku supaya ngaturake apa sing tak
karepne.
“Waleh-waleh
menapa Rama Kyai” wekasan aku banjur blaka “badhe kula tutupana ingkang kados
menapa inggih tanpa gina, estunipun ingkang nyurung lampah kula saking nagari
Setambul dumugi ing tanah Jawi menika jalaran kula madosi Kakang Mas Ki
Cahyangumbara ingkang badhe kula suwitani dadosa sisihan kula. Samangke kula
suwun dhumateng jengandika Rama Kyai kersaa paring pitedah ing pundi menggah
dunungipun Kakang Mas Cahyangumbara?”.
Krasa lega
rasane atiku sawise ngucapake tembung panyuwunan marang Ki Tanparupa sing
mangkono kuwi mau. Nanging Ki Tanparupa ora tumuli paring wangsulan malah karo
mesem panjenengane noleh marang Sang Hyang Ijo. Sang Hyang Wilis uga nimbangi
mesem banjur manthuk lan ngobahne kethekane, wangsulan tanpa mawa suwara
apa-apa.
“Mengko
dhisik Nini Dewi Kusali” karo mesem Ki Tanparupa ngendika “Nini Dewi Kusali
dhawuh yen arep suwita marang Ki Cahyangumbara bisaa dadi sisihane, kuwi ateges
Nini Dewi ngersakne jejodhowan karo Ki Cahyangumbara. Kamangka sing arane wong
arep jejodhowan kuwi kudu disarujuki jodho siji lan sijine, ora bakal kelakon
lamun mung keplok tangan sasisih. Yen saka Nini Dewi Kusali cetha yen kersa
dadi jatukramane Ki Cahyangumbara, lha apa Nini Dewi Kusali uga wis pirsa
mungguh isen-isening atine Ki Cahyangumbara ing babagan jejodhowan iki?”.
“Nyuwun
pangapunten Rama Kyai” kapeksa aku kudu blaka maneh “bares kemawon kula dereng
mangertos menggah raosing manahipun Kakang Mas Cahyangumbara, nanging kula
pitados kanthi pangestunipun Rama Kyai, gegayuhan kula murih saged ngladosi
Kakang Mas Cahyangumbara saestu badhe kasembadan”.
“Kajaba saka
kuwi” Ki Tanparupa ngendika maneh “sajroning kapitayan sing dirasuk dening Ki
Cahyangumbara, ana pranatan ya kuwi lamun jejodhowan jodho sing dipilih kudu
nduweni kapitayan sing padha. Tak kira mokal Ki Cahyangumbara gelem nglecek
agama sing wis dirasuk lan salin agama sing padha karo kapitayan sing ndika
ugemi”.
“Dede Kakang
Mas Ciptangumbara ingkang kedah santun agami Rama Kyai” wangsulanku tatag
“nanging kula ingkang badhe ndherek kapitayan ingkang dipun agem dening Kakang
Mas Cahyangumbara”.
“Nini Dewi
Kusali kudu ngerti” Ki Tanparupa katon karo ngangkat imbane olehe ngendika
“sing jenenge kapitayan kuwi dudu barang dolanan, bisa dicopot lan dienggo
sakarepe dhewe. Awit sing jenenge Agama sing embane Ageman, kuwi pangagem lahir
trusing batin, puluha lahire ngucap lan ngaku ngrasuk sawijining agama utawa
kapitayan, manawa olehe nglahirake ora tumus tumekaning batin, kuwi padha wae
karo ngrusak agama utawa kapitayane dhewe. Semono uga nalika wong ngaku wis
ngrasuk agama utawa kapitayan tinamtu, lakuning uripe kudu jumbuh karo
piwulanging agama lan kapitayan kang rinasuk. Wiwit jagad wetan nganti jagad
kulon, sakehing agama lan kapitayan kuwi mulangake mamayu hayuning bawana lire
ora kena gawe rusaking jagad titipan saka Kang Maha Kawasa iki, ora kena gawe
kapitunane sapa wae, dadi sanadyan ngaku jarene wis ngrasuk agama utawa
kapitayan tinamtu lamun lakuning uripe isih dhemen ngremehake liyan, gawe
kapitunaning sasama, mbubrahi jagad sing wis tumata, kuwi padha wae wong sing
ngapusi awake dhewe. Yen ndika ngersakne ngrasuk agama kaya sing dirasuk Ki
Cahyangumbara sing padha karo agama kang tak rasuk, mung jalaran saka kepengine
ndika bisa urip jejodhowan karo Ki Cahyangumbara, kuwi padha wae anggon ndika
ngrasuk agama mung dedolanan, sawayah-wayah rasa sengsem ndika marang Ki
Cahyangumbara entek, kanthi gampang ndika ngipatake kapitayan ndika lan ngalih
marang kapitayan liyane. Apa ora mangkono Nini Dewi Kusali?”.
“Dhuh Rama
Kyai” aku matur kanthi tulusing ati “samendhang datan wonten ingkang karempit,
sadaya ingkang jengandika dhawuhaken menika tuhu sedaya leres. Nanging mugi kauningan Rama Kyai, kula mbedhal
lolos saking Setambul tanpa pamitan dhateng Kanjeng Ibu tuwin Kanjeng Rama
wiwitanipun mila inggih awit nuruti raosing branta ingkang ngranuhi manah kula.
Nalika samanten kula sampun prasetya salebeting manah, sanadyan mawi
pangurbanan menapa kemawon badhe kula tempuh sauger saged katampi pasuwitan
kula dhateng Kakang Mas Cahyangumbara. Nanging manawi babagan kapitayan,
saderengipun kula matur ingkang sesambetan kalihan Kakang Mas Cahyangumbara
kala wau, estunipun manah kula sampun kepencut kepengin ngrasuk kapitayan kados
ingkang jengandika ugemi menika, labet kula nyarujuki sedaya ingkang Rama Kyai
dhawuhaken kala wau. Dados anggen kula badhe nggantos kapitayan kula saking
kapitayaning leluhur kula bangsa jim ing Setambul dados ngrasuk kapitayan ingkang
dipun rasuk Rama Kyai menika mila mijil saking prenthuling manah ingkang suci.
Lan kula ugi prasetya bilih badhe angugemi kapitayan ingkang badhe kula rasuk
menika kanthi sawetahipun, lahir trusing batos lan kawujudaken mawi lampah
gesang sadinten-dinten. Inggih awit saking menika, dhuh Rama Kyai samenika ugi
kula nyuwun supados Rama Kyai kersa anuntuni kula sarta kaparenga paring dhawuh
sarat-masrut menapa ingkang kedah kula wujudi murih kula saged ngrasuk
kapitayan kados kapitayan jengandika Rama Kyai”.
“Nini Dewi
Kusali” Ki Tanparupa ngendika maneh “sadurunge aku minangkani pamundhut ndika
sing keri dhewe iki mau, aku prelu ngandhakne ing ngendi mapane Ki
Cahyangumbara lan apa sing ditindakne ing papane kuwi. Ya iku dina iki nganti
embuh kapan rampunge, Ki Cahyangumbara lagi ngayahi jejibahan saka Sang Hyang
Wilis, ya iku nyampurnakne ngelmune ing telenging Sendhang Mustikaning Warih.
Dene Sendhang kasebut wektu iki isih ana ing sajabaning alaming manungsa kang
kasatmata iki, uga dudu alaming bangsa jim lan lelembut liyane. Dadi ora saben
wong kalebu aku, bisa ngambah alam papane Sendhang Mustikaning Warih wektu iki.
Dene minangka tandha lamun Ki Cahyangumbara wis rampung nggone ngayahi
jejibahane, ya iku wujude Sendhang Mustikaning Warih sing ngalih papaning bumi
kang kasatmata iki. Miturut dedongengan sing tak tampa saka Sang Hyang Wilis,
bumi kang bakal kapanggonan Sendhang Mustikaning Warih kuwi prenahe ana
sangisore Gunung Mahendra sisih lor, sakulone kali Sumber Lanang”.
Ki Tanparupa
kendel anggone ngendika, mbok menawa paring wektu marang aku kanggo matur,
nanging aku durung bisa matur apa-apa. Mung saka rumangsaku, ana rasa aneh sing
nggremeti jantungku. Dadi gelem ora
gelem aku banjur nggagas apa sing marakne jantgungku kaya ana sing nggremeti
iki. Nanging uga panggah ora ngerti.
“Ora prelu
digagas Nini” Ki Tanparupa ngendika maneh “sing obah-obah sajroning jejantung
kuwi ora liya sasmita saka Sang Hyang Wilis sing saiki wis adoh lunga saka kene
tanpa aku lan ndika kapan olehe lunga, ya ngono kuwi watak wantune Sang Hyang
Wilis sing ora kena digagas babar pisan”.
Aku lagi
ngerti nek Sang Hyang Wilis sing mau lenggah ing sisihe Ki Tanparupa jebul wis
ora ana. Sanadyan Ki Tanparupa dhawuh supaya ora digagas, nanging jengkare Sang
Hyang Wilis sing tanpa tak ngerteni iki wis gawe gumun lan bingunge atiku.
Ana candhake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar