Total Tayangan Halaman

Jumat, 14 Mei 2021

ABANG-ABANG KEMBANG KERTAS (7)

dening : immir


7.

Awan panas, langite kemu mendhung, Setya Basuki nggelak mobile ngliwati dalan-dalan padesan. Pancen disengaja olehe arep bali menyang Demangan ora liwat dalan gedhe. Beda karo pas budhal mau, mung sedhela wis tekan nggon sing dituju, merga liwat Tol mudhun Ngawi, diterusne liwat dalan aspalan. Baline iki, Setya pilih liwat dalan-dalan desa sing saiki wis akeh sing pavingan. Setya kepengin nyoba ngliwati dalan sing kerep dicritakne Bapakne, yen jarene biyen kerep nek arep nyekar Eyang Buyute sing sumare neng Ngarengan, direwangi numpak pit saka Madiun, liwat dalan-dalan padesan. Pranyata, bener sanadyan kahanane wis beda adoh karo jaman nom-nomane Bapakne, ngliwati dalan desa kuwi pancen ana "seni tersendiri" sing nengsemake. Kajaba ora kudu akeh sesimpangan, nyelip utawa diselip mobil-mobil liyane, sesawangan padesan lan pasawahan bisa nuwuhake rasa ayem sajroning ati. luwih-luwih tumrap Setya sing lagi wae ketaman rasa aneh sing nggremet ing jero dhadhane. Rasa sing nggugah ati lanange tangi, sawuse sawantara wektu sengaja disingkur dening pikir, murih meneng ora obah.


"Ya kudu diadhepi klawan sabar Bas" pituture Ibune telung tahun kepungkur bali dumeling ing angen-angene "pancen wenanging titah kuwi mung tekan ikhtiyar, dene sing kudu dumadi kabeh kudu nurut garising pesthi".


"Inggih Bu" wangsulane Setya wektu kuwi, yaiku sawise bali saka kuburan Cangkring, ngeterne Siti Asih, pacangane. Siti Asih prawan asli Badung, Denpasar sing jeneng asline Ni Made Siti Asih, sing lagi umur rolikur tahun kuwi pinesthi kudu marak ing ngarsane Gusti Allah, kanthi liwat dalan merga kasrempet mobile wong sing lagi mendem Miras, ngepasi Siti Asih numpak sepedha ing ratan cedhak omahe.

Kamangka nalika semana, rembug bocah padha bocah wis dadi, sajroning tahun kuwi bocah loro sing padha dene tresnane kuwi arep miwiti urip bebarengan. Panglamare Pak Muh marang wong tuwane Siti Asih ya wis ditampa klawan senenging ati. Malah wis padha mathuke, nem sasi sawuse lamaran bocah loro kuwi bakal dijodhokne klawan resmi, nut lan tuntunananing agama lan aturane negara. Nanging, kanyatane : siji pesthi, loro jodho, telu wahyu, papat drajat, lima nugraha kuwi kabeh wis tinulis ing layang Jangkaning Jagad, ya Serat Jitabsara kang dadi sengkeraning Gusti, utawa basa liyane wis sinerat ing taqdiring Allah kang kamot ing Lauh Mahfudz.


Sanadyan ing gelar wujud, Setya katon tatag santosa teguh timbul padha padatane. Nanging satemene atine suwek rowak-rawek, kaya dijejuwing. Malah rasaning atine Setya kaya-kaya urip iki wis tanpa ana gunane babar pisan, wong sing wis dadi lesaning katresnane wis ora ana. Tumrap Setya, jagad iki wis kelangan wanita sing bisa nampa katresnane. Mula ora aneh yen Setya banjur milih nyingkur marang kabutuhaning jiwa lanang sing kudune merlokake kawigatening wong wadon. Mung rahayune, wiwit cilik Setya ginulawenthah dening wong tuwane kanthi kebak rasa tresna. Mula playuning katresnane Setya ora banjur anjog mung nuruti hardhaning hawa, ora banjur nyemplung jagad peteng sing tundhone mung ngrusak jiwa lan ragane. Nanging katresnane Setya disuntak lan disebar kanthi dhasar kamanungsan. Lumantar profesine sing dadi guru neng SMA, Setya Basuki kaya-kaya wis ora duwe kabutuhan liya kajaba mung arep nularake ilmu sing didarbeni lan minterake murid-muride. 


Ibune sing satemene ngerti apa sing wis dumadi sajroning jiwane Setya, ngrasakne nelangsa sajroning atine. Bu Muh, sing uga sawijining Guru Senior duwe wawasan sanadyan tata gelar anake lanang kuwi anggone nindakne kuwajiban katon tenanan malah kepara sok luwih saka tenanan, nanging Bu Muh uga weruh yen kuwi ora murni tuwuh saka prenthuling ati suci sing iklas saka anake lanang, nanging luwih dominan tuwuh saka rasa konpensasi. Lan adhakane kang mangkono niku ora bisa langgeng. 


Mula Bu Muh banjur mbudidaya nggolek-nggolekne jodho anake lanang, istingarah bisa mbalekne Setya Basuki marang jatidhirine sing asli. 


Wis ping telu Bu Muh api-api njaluk tulung Setya ngeterake sanja ing omahe guru yunior ing sekolahane Bu Muh. Guru senior sing ayu rupane, alus bebudene, tur duwe jiwa patriotik sajroning nindakne kuwajibane. Bu Muh duwe pangarep-arep supaya anake lanang bisa kegugah ati lanange lan ora nganggep yen wanita sing keneng ditresnani kuwi ora mung Siti Asih thok. Nanging kanyatane, atine Setya panggah adhem, kukuh ora obah, angker kaya tugu waja sinukarta.


"Wis ta Bu" Pak Muh aweh pitutur marang bojone nalika Bu Muh wadul perkarane anake lanang "ati kuwi pancen bisa mobah mosik awit saka karepe sing duwe ati, nanging uga ana kalane mobah mosiking atine kawula iku awit diobahake dening Dzat Sing Wenang Murba lan Masesa atining titah. Dadi mbok manawa wae mengko yen wis teka titi wancine anakmu lanang mesthi bakal bali marang kapribadene dhewe, awit saka sih rahmating Allah. Saiki padha disawang wae, menyang ngendi pangumbaraning atine anakmu lanang, waton anggone dolan ora neng papan sing mbebayani tumrap awake lan bebrayan ya ditogne wae, mengko yen wancine bali harak ya bali dhewe".


Lakuning kendharaan sing digelak Setya wis tekan Desa Tempuran, yaiku ing pinggir rel sepur Dhusun Melikan. Neng ngisore wit Trembesi pinggir ratan sing ngrembuyung godhone, Setya leren. Mobile diendhegne. Ora adoh saka kono katon wong-wong nyambut gawe neng sawah sing ora perduli karo panasing srengenge sing sasat ngobong awake. Setya mesem, ngguyu cubluking pikire sing sasuwene iki duwe gegambaran yen wong-wong tukang tandur, macul kuwi mung wong desa sing cedhak watu adoh ratu, ngertine mung lendhut karo rengkek, kebatan pirantine wong tani. Nanging dina iki mau Setya wis diwelehake dening Gusti Allah, yen pranyata gegambaran sing ana pikirane sasuwene iki kleru. 


Mau, dheweke weruh dhewe ana wong tandur sing yen ing papan liya nduweni kaluwihan sing luwih onjo tinimbang kanca-kancane. Ya, Koiroh aktivis Rohis sing kritiis, pinter dhebat lan bawa rasa. Aktivis Pramuka sing trengginas lan trampil. Koiroh sing kalem, seneng tetulung marang kanca rowange sing mbutuhake. Koiroh sing kulina ora grogi ngadhepi anake wong sugih, ora gumedhe ngadhepi kanca-kanca sing anake wong ora duwe. Koiroh sing praupan, solah bawane, omongane ............ mirip banget karo sawargi Ni Made Siti Asih.


"Hm..............."  ora krasa Setya unjal ambegan, dheweke ora bisa ngendheg lakuning angen-angene, wiwit mau weruh Koiroh sing katon dudu Tukang Tandur modhel KW. Nganti banjur takon-takon menyang Pak Kandar lan Bu Kandar sing gegayutan sapa satemene Koiroh kuwi, nganti takon nokmer hape ne barang. Nganti gawe crita marang Pak lan Bu Kandar yen Perusahaane Bapakne mbutuhne tenaga anyar. Nganti ora bisa diampet anggone kepengin weruh omahe Koiroh lan ngerteni isen-isene.


"Hm............" Setya Basuki mesem dhewe. Mesin mobile diurupne, dheweke kepengin enggal tekan omah. Mobile mbalik, tekan kuburan Melikan menggok nyabrang rel nurut dalan sing ora adoh maneh bakal anjog dalan gedhe tumuju Madiun.


ana candhake.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...