Total Tayangan Halaman

Kamis, 13 Mei 2021

ABANG-ABANG KEMBANG KERTAS (6)

                                                                   dening : immir


6.

Kaya padatan nek mulih saka tandur, Iroh ya bablas menyang pawon luwih dhisik. Depi nek ngerti mbakyune wis teka ya terus gita-gita mapagne. Brekatan saka olehe tandur nggone Sigit ditampani Depi banjur sega lan lawuhane dipisah, segane diumplek neng cething, lawuhane ditata neng piring.

"Lha kuwi apa mBak?" pitakone Depi nalika weruh tas kresek gedhe sing uga diselehne neng meja.

"Brekatan saka nggone Pakdhe Kandar, brekatan modhel kutha, mbuh apa isine" wangsulane Iroh "delokana dhisik, aku tak adus karo nggirahi salin".

Iroh banjur mlaku menyang sumur, Depi ya banjur ndhudhahi isine tas kresek sing jare brekatan cara kutha kuwi mau.  Berase disok diworne beras sing ana padaringan,bumbon, bawang, brambang lsp didokok neng pragen, sarden, gula, teh, kopi bubuk instan, susu kaleng, sirup didokokne neng panggonane dhewe-dhewe. Mung kari sarung, klambi koko, sajadah lan rukuh sing isih ana dhuwur meja kono, ditunggoni Depi karo bola-bali diiling-ilingi sajak seneng marang barang-barang kuwi.

Bubar adus lan ngumbahi sandhangane, Iroh bali marani adhine neng pawon, wis salin panganggo sing resik.

"Isine apa Dhik?" karo mapan lungguh Iroh takon.

"Pepak mBak, apa-apa enek" wangsulane Depi karo mesem "kaya bingkisan lebaran wae. Beras, bumbon, sarden, gula, teh, kopi, sirup malah eneng sarung, klambi koko, sajadah lan rukuh barang. Pakdhe Kandar thik loman temen ya mBak? gek entek pirang juta no ngge mbrekati wong-wong sing tandur kuwi?".

"Jare mBokdhe kandar mau, kuwi brekatan sing maringi Pak Muh putu buyute ndara Naib Kutha sing kagungan sawah sing digarap Pakdhe Kandar" wangsulane Iroh nggenahne "dadi niyate kira-kira ya karo sedhekah, andum begja marang wong-wong ora duwe kaya awake dhewe ngene iki".

"Oh, iya nganti lali aku" dumadakan Depi njelih alon. Iroh rada kaget,

"lali? ana apa?" pitakone.

"Anu, mau eneng wong mrene" wangsulane Depi "takon, apa bener nek kene iki omahmu, ngono".

"Sapa? lanang apa wedok? wis tuwa apa isih nom-noman?" Iroh genti mbrondong pitakonan. Depi ngguya-ngguyu.

"Nek karo awake dhewe ya rada tuwa sethithik, wong lanang, asmane Pak Setya, omahe Demangan, Madiun, jarene kenal mBak Iroh merga wonge mulang neng SMADA Ngawi" wangsulane Depi.

Ana rasa geter sethithik neng atine Iroh. Satemene, mau pas sarapan neng sawahe mau Pak Kandar mau, Iroh wis mbatin, nek sing teka neng sawah didherekne Pak Kandar mau , nadyan dheweke durung tau diwulang neng jero kelas, nanging kuwi klebu gurune, merga wong kuwi ya mulang neng SMA loro, sekolahane. Nanging, Iroh ora wani nyapa, kajaba ngelingi kalungguhane sing mung buruh tandur, uga kuwatir nek pangirane luput, mung wong sing madha rupa lan mirip asma. Pancen satemene, antarane Iroh karo Setya kuwi wis rada tepung apik. Iroh sing sregep melu kegiatan ROHIS kerep ketemu karo Setya sing uga kerep dadi nara sumber ing kegiatan mau, aktipe Iroh sing kerep takon lan uga sikep kritise Iroh, wis narik kawigatene Setya, najan mung dipendhem neng jero batine dhewe. Uga Iroh sing seneng neng kegiatan Pramuka, kerep ketemu karo Setya sing kabeneran uga jejer minangka salah sijine Pembina sing aktif.

Dumadakan Iroh mesem kecut, Pak Setya nate rada nesu karo dheweke merga pas ditakoni Pak Setya, wangsulane dianggep kleconan.

"Kegiatannya di rumah mBak Iroh itu apa?" pitakone Pak Setya ing sawijining kalodhangan mirunggan.

"mBantu tiyang sepuh Pak" wangsulane Iroh wektu kuwi nganggo basa jawa krama.

"Lha Bapak Ibu neng dalem ngastane apa ta? Wiraswasta ya?" Pak Setya genti nganggo basa jawa uga anggone takon.

"Bapak kula satunggaling Nelayan Pak" wangsulane Iroh.

"Apa? Nelayan? Awakmu kuwi kok seneng klecon lho? ditakoni serius kok wangsulane guyon!" suwarane Pak Setya keprungu nek ora seneng marang wangsulane Iroh sing ngono kuwi. Luwih-luwih bateng Iroh ngguyu, dilirik pasuryane Pak Setya ketok nek muring.

"Leres lho Pak" wangsulane Iroh karo ngempet guyune "Bapak kula niku boten saged tani, tiyang boten gadhah sabin, boten saged dagang, tiyang boten gadhah toko, boten gadhah kantor, ning gadhah walesan kalih pancing, damelane Bapak niku pados ulam dhateng Benawi Solo, angsa-angsalane disade damel nyekapi kabetahan sedinten-dintenipun, tiyang Bapak niku statusipun ngrangkep, dados Bapak ngiras dados Ibu. Lha kanca-kanca nek nyenggaki kula, criyose kula niku anake nelayan, kula nggih boten isin kok dados anake Bapak, mila atur kula wau Bapak kula niku satunggaling Nelayan, kersane radi keren sakedhik tinimbang dados Tukang Mancing".

"Ohhhhh......." Pak Setya katon nglenggana "aku sing luput nek ngono, ya sepurane wae ya mBak? Lha sedulure mBak Iroh ki kabeh pira ?".

"Inggih Bapak" wangsulane Iroh alus "boten dados punapa. Kula gadhah Mas setunggal, adhik kalih, Bapak".

"Thik malah nglamun ta mBak?" Depi nyuwara rada banter, lamunane Iroh buyar.

"Heh, ora kok" wangsulane Iroh karo ngguyu "lha wonge mrene Pak Setya duwe kersa apa?"

"Jare ya mung pengin ngerti omahe mBak Iroh thok, nek ana wektu longgar jare nek dolan mrene wis weruh panggonanane" wangsulane Depi "malah mau wonge ya crita, yen lagi wae kepethuk mBak Iroh, ning mBak Iroh ethok-ethok ora kenal. Mesthi wae tak bantah, nek critane kuwi crita khayal lan ora mungkin, wong mBak Iroh lagi buruh tandur kok kepethuk Pak Setya, rak ora mungkin ta? Nanging wonge malah ngguyu, jare mengko nek mBak wis mulih aku kon takon dhewe. Jane piye ta mBak genahe?".

Iroh mesem amba, banjur wangsulan :

"Ngene lho critane, kowe ngerti sak jane kajaba Guruku, Pak Setya ki sapa ?".

"Lha sapa? pacare mBak ya? waow..... kereeeen, seneng aku nek duwe Mas Pak Setya sing gantheng ngana kae" Depi nigas gunem karo ngguyu banter.

"Hus" Iroh mrengut "aja ngawur, diguyu tengu kapok kowe mengko!".

"Lha sapa mBak?"

"Pak Setya Basuki kuwi, putrane Pak Muh, Pak Muh kuwi wayah buyute nDara Naib Kutha sing kagungan sawah garapane Pakdhe Kandar kae, mau Pak Setya niliki sawahe Bapakne, dadi ya kepethuk aku neng sawah kana. Anane aku ora nyapa, merga aku ya ora wani ta neh? wong aku ki mung buruh tukang tandur mosok arep degsura nglorohi majikane juragan? kajaba saka iku aku ya ora ngira nek Pak Setya ki putrane Pak Muh, tak kiira ya mung wong madha rupa wae. Aku lagi ngerti bareng dicritani mBokdhe Kandar pas ngampiri brekatan kuwi mau".

"Oooooooo" Depi mlongo.

"Bunder!" Iroh mrengut.

 

ana candhake.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...