dening : immir
5.
Jam loro awan lagi mentas saka sawahe Sigit, wong-wong sing butuh nindakne sembahyang padha wudlu neng sumur sawah kono, banjur golek enggon dhewe-dhewe kanggo nindakne shalat, nadyan neng ara-ara Yung Warti ngajak olehe shalat kanthi jamaah. Pawadane, nadyan ta wis rada telat wektune nanging bisa ditambeli nganggo jama'ah, dadi ora pati nglirwakne dhawuhe Gusti Allah. Lagi bareng wis rampung nggone padha shalat , banjur padha mlaku menyang ratan nyedhaki pit motore dhewe-dhewe.
"Yung Warti" Yu Sireng ngomongi Baboke Tandur sadurunge nyetater motore "Bojone Pak Kandar kirimana WA ben brekatane dicepakne".
"Walah ndadak di-WA barang neh? wong jare mau wis disiapne ngono lho? mengko nek awake dhewe teka kana rak ya uwis" wangsulane Yung Warti.
"Ya wis nek ngono" Yu Sireng ora ngeyel kaya adate.
Iring-iringane wong mulih saka tandur kuwi menggok nyang platarane Pak Kandar sing jembar, wong-wong kuwi padha markir kendaraane dhewe-dhewe. Lawang omahe Pak Kandar mung mbukak separo. Nanging kuwi wis dadi pratandha yen sing duwe ana omah, ora lunga.
"Roh, kowe sing isih nom dhewe, uluka salam kana" Yung Warti prentah marang Iroh. Ora semaur Iroh mlaku ngunggahi tlundhakan emper, banjur nyedhak lawang.
"Assalamu'alaikum" Iroh uluk salam, suwarane mlebu omah keprungu tekan omah mburi.
"Wa'alaikum salam" keprungu suwara wangsulan, disusul Bojone Pak Kandar mecungul saka lawang omah mburi, ngerti nek sing uluk salam Iroh, gage bojone Pak Kandar takon "Oh, Lha kancane endi Roh?"
"Nika taksih teng latar nika" wangsulane Iroh karo ngawe kanca-kancane supaya nyedhak.
"Beneran nek ngono Roh" Bojone Kandar ngomongi Iroh sadurunge kanca-kancane nyedhak "mengko aja mulih dhisik, aku karo pakmu gedhe arep ngajak omongan kowe sethithik".
Iroh rada gumun, jroning atine tuwuh pitakon, apa ana sing ora pas anggone melu tandur iki mau?, jeneh wis kondhang nek bojone Kandar kuwi senengane maido wong sing nyambut gawe neng sawahe. Nanging Iroh ora semaur apa-apa kajaba mung ngiyani.
"Kanca-kancane jaken mlebu Roh, tak jupukne brekatane" kandhane Bojone Kandar omong karo menyat arep njupuk brekatan .
"Teng emper mawon mBokdhe, niki taksih sami teles lan dereng resik kok" wangsulane Iroh.
Wong-wong padha nusul Iroh munggah nyang emper, mung Yu Sireng sing panggah mbegagah linggih neng pit motore.
"Brekatanku cangkingna pisan Roh" Yu Sireng mbengoki Iroh saka motore.
Iroh manthuk, ora semaur.
Bojone kandar metu maneh karo nyangking tas kresek pirangt-pirang, kiwa tengen. Wong-wong sing ana emper kuwi didumi siji-siji nganti rata.
"Lha kowe ki thik gak mrene ngapa ta Reng?" Bojone Kandar nakoni Yu Sireng sing isih lungguh neng motore.
"Jik reget kabeh Yu, ndhak ngregeti keramik" wangsulane Yu Sireng "bageyanku titipna Iroh wae Yu".
"Iya" wangsulane Bojone Kandar "nanging dienteni sedhela ya? Iroh jik arep dijak rembugan Pakdhene sedhela" banjur kandhane marang Iroh "kana Roh ndang mlebu kana Pakdhemu wis ngenteni neng kursi kae lho!".
Iroh mlebu banjur nemoni Pak Kandar sing lungguh kursi ruang tamu.
Bubar nampani brekatan wong-wong banjur padha pamitan, mung Yu Sireng sing kepeksa keri, merga ngenteni Iroh sing isih dijak jagongan Pak Kandar karo bojone ana jero omah.
Bareng wis sauntara suwe anggone Yu Sireng ngenteni, wekasan Iroh metu diuntapne Pak Kandar karo bojone nganti tekan emper.
"Ya nek anu, dirembug karo Bapak dhisik ta Roh!" keprungu Pak Kandar ngandhani Iroh "kowe ya bisa langsung matur dhewe nyang Mas Setya, nomer hape ne ya sing mau".
"Nggih Pakdhe" wangsulane Iroh ya bisa dirungokne Yu Sireng barang "boten badhe wantun kula ngrumiyini telpon utawi WA dhateng Pak Bas, saderenge kula ditimbali langkung rumiyin".
"Iya-iya bener kuwi Roh" Bojone Pak Kandar mbenerne Iroh "Paling mengko sedhela engkas, wonge rak telpon, wong nomermu ya wis tak kirimne kok".
"Nggih empun Dhe, matur nuwun, kula tak wangsul rumiyin" Iroh pamitan maneh.
"Iya, iya sing ngati-ati".
Yu Sireng nyetater montore karo mbengok pamitan :
"Suwun lho Yu, tak balik dhisik" kandhane.
"Ya, ngati-ati" wangsulane sing dipamiti karo ngangkat tangane.
Alon-alon Yu Sireng ninggalne platarane Pak Kandar, kanca-kancane wis adoh ninggalne dheweke karo Iroh. Nanging Yu Sireng ya ora ngresula, malah kepara seneng merga kajaba brekatan sing padha karo kancane, Iroh karo Yu Sireng isih diimbuhi jajan karo bojone Pak Kandar, diwadhahi kresek liyane.
"Thik suwi temen mau dijak ngomong apa wae lho Roh?" karo nyetir motore Yu Sireng nakoni Iroh, lumrah wong kuwi pancen senengane pengin ngerti urusan sing tenane dudu urusane.
"Diomongi nek enek Lowongan Pekerjaan neng Perusahaane Pak Muh" wangsulane Iroh blaka "lha nyang Pakdhe Kandar nek gelem aku dikon njajal nglebokne lamaran".
"Lha pormasine pa cocok? gajege Perusahaane Pak Muh ki urusane bangsane tegel, keramik, beton kraton ngono kuwi ki? kok kowe sing ditawani?" Yu Sireng nakoni maneh.
"Embuh Lik" wangsulane Iroh " aku ya durung ngerti genahe kok. Nanging aku mau ya mung nyauri enggih ngono".
"Lha mau gajege Yu Kandar omong nek nomermu wis dikirimne nyang Pak Bas, Pak Bas ki sapa maneh ta Roh?".
"O alah kuwi ta?" Iroh ngguyu "Pak Bas ki putrane Pak Muh sing mau ndelok awake dhewe tandur, jarene Dhe Kandar sing ngabari nek Perusahaane Pak Muh ana lowongan ya Pak Bas kuwi, terus jare Pak Bas ngersakne nomer Hapeku ngono".
"Oooo, mesthi Mas Bas mau wis jatuh cinta pada pada pandangan pertama nyang kowe Roh" Yu Sireng semaur.
"Heleeeh" Iroh njiwit pundhake Yu Sireng "kowe kok dadi ketularan duwe angen-angen kaya Yung Warti dhek esuk ta Lik?".
"Beda Roh, wis ta titenana wae, mbuh mengko utawa sesuk Mas Bas rak kirim WA nyang kowe"
"Iya kirim WA ngabari formasi sing ditawakne neng Perusahaane Bapakne" Iroh wangsulan.
"Kuwi wiwitane, sebagai pembuka pintu, selanjutnya terserah Anda ha ha ha".
"Lhah, kowe kuwi kok senengane marahi wong ngumbar angen-angen suwung lho Lik".
"Kandhani kok, titenana omongane Likmu iki".
Iroh wis ora semaur merga wis tekan ngarep omahe. Brekatane Yu Sireng sing maune digawakne, banjur diselehne neng cantholan ngarep.
"Gak mampir dhisik Lik?" Iroh tawa-tawa ngampirne.
"Ora, nek ngganggu olehmu maca WA" wangsulane Yu Sireng karo ngguyu diterusne nglakokne montore.
Ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar