Total Tayangan Halaman

Senin, 10 Mei 2021

ABANG-ABANG KEMBANG KERTAS (4)

 

4.

Jago kluruk ngganter tan sarenti ana jroning kombonng, sesautan rame swarane, mratandhani yen wus bangun esuk. Isih sepi mamring, njaba isih samun. Suprandene Iroh wis tangi, wis jibar-jibur adus neng jedhing. Awake wis bali krasa seger, rasa kesel kaya-kaya ilang katut kentir disapu banyu sing tumiba ing awake. Karo ngenteni kumandhange adzan subuh, mbukak ha pe menawa-menawa ana kabar sing wigati kanggo dheweke.

 

Sing dhisik dhewe  didelok , WAG KANCA TANDUR, Yung Warti ngelikne kanca-kancane neng grup WhatsApp kuwi :

"Aja lali lho ca, dina iki berjuang neng sawahe Pak Kandar, sawah nDara Naib Kutha bar kuwi ngalih nggone Mas Sigit, Tanggulasi"

 

Dijawab karo Yu Tijah kanthi nulis : "siap grak Bundha".

 

Lik Warni numpangi karo pitakonan : "salate nang omah apa neng sawah @Yung Warti?"

 

"Neng omah wae, nanging olehe wiridan aja suwe-suwe" wangsulane Yung Warti neng jawaban ngisore.

 

Akeh anggota grup sing semaur nganggo stiker Jempol.

 

Durung kober ndelok pesen WA liyane, saka Masjid Al-Hasan wis keprungu suwarane Ifat ngumandhangne adzan subuh. Iroh ngadeg mlaku nyang pasalatan arep nindakne kuwajiban shalat. Lagi wae rampung anggone shalat, ana suwara sepedha motor menggok nyang plataran omahe. Rukuh dicopot, "pakaian kerja" ne wis dienggo, Iroh metu mapagne sing lagi teka numpak motor.

 

"Tak kira rung tangi Roh" aloke Yu Sireng karo mateni mesin motore.

 

"Uwis kok Lik, sadurunge adzan mau aku wis adus kok" Iroh wangsulan karo mlaku nyedhak.

 

"Beneke mau wis padha budhal pa rung? kabeh mengko ngliwati ratan ngarepan kuwi, kejaba Dhe Sumbruk" Yu Sireng takon.

 

"Gajege wiwit mau durung ana suwarane wong liwat kok Lik" Iron wangsulan.

 

"Ya wis, dienteni neng kene wae nek ngono"

 

"Iya Lik"

 

Ora let suwe wong-wong andhahane Yung Warti wis padha teka. Ngerti nek Yu Sireng karo Iroh ngenteni neng ngarep omah, wong-wong mau padha mandheg, melu ngenteni kancane sing durung katon. Bareng wis jangkep ya terus padha ngunekne motore dhewe-dhewe budhal menyang papan nyambut gawe.

 

Sawah kuwi kondhang nganggo sebutan sawahe nDara Naib Kutha, merga sing yasa biyen, jaman rung Merdeka, Penghulu Kabupaten Madiun sing bareng wis pensiun bali menyang Desa banjur nukoni sawah pirang-pirang bau, sing nggarap para tangga teparone sing gelem kanthi cara maro. Yaiku nek panen asile diparo, sing separo sing nggarap sing separo bageyane sing duwe sawah. Ndara Naib Kutha wis suwe olehe seda, saiki sawah kuwi wis dadi duweke putu buyute, nanging sebutan sawahe Ndara Naib Kutha tekan saiki durung ilang. Sawah sing digarap Pak Kandar neng kono kuwi kabeh telung bau, sing separo digarap kanthi cara disewa lan sing separo digarap kanthi cara maro. Mula sok-sok sing duwe sawah, sing omahe ana kutha, teka niliki sawahe. Kerep wae karo tilik sawah nggawa panganan utawa liyane dihadhiahne wong-wong sing nyambut gawe neng sawah kono. Sing teka ora ajeg yen sing duwe dhewe yaiku Pak Muh, nanging sing kerep malah putra-putrane sing diutus supaya niliki sawah tinggalane leluhure kuwi.

 

Kira-kira jam wolu esuk, olehe tandur wis oleh meh setelon. Yung Warti prentah leren marang andhahane. Kiriman sarapan wis teka, sing ngeterne Pak Kandar karo bojone, dikancani wong siji maneh sing sandhangane ketok resik, priyayine alus ketok nek ora tau saba neng panasan, ngaggo topi lan kacamatanan. Satleraman wong mesthi ngarani nek kuwi sing duwe sawah utawa putrane, bocah nom sing bagus tur gagah pideksa. Sawuse Pak Kandar nyelehne gawane neng galengan, banjur mlaku nurut galeng ngetutne wong gagah kuwi, sajake Pak Kandar kepengin nuduh-nuduhne garapane menyang juragane.

 

Iroh, sawise wijik ora terus lungguh neng galengan cedhak gubug kaya kanca-kancane, nanging banjur ngrewangi bojone Pak Kandar karo Yung Warti, ngelung-ngelungne sarapan marang kanca-kancane. Sawuse rata anggone andum sarapan, lagi Iroh nusul mapan lungguh neng Galengan melu sarapan. Iroh ora ngerti, nek ana mripat loro sing ora kedhep tansah nguwasi sapari polahe saka dhuwur gubug.

 

"Dientekne wae sarapane Lur" nengah-nengahi sarapan Bojone Pak Kandar omong marang rombongan tandur kuwi "ora usah dingengehne ngge brekat, wong isine pancen mung cukup ngge sarapan saiki. Mengko wae nek wis mulih padha mampira, merga brekate tak tinggal neng omah"

 

"eng.........." keprungu suwara mbrengengeng, minangka wangsulan saka wong-wong.

 

"Mengko aja padha kaget" Bojone Pak Kandar nerusne olehe omong "brekatane mengko ora wujud sega kulup, nanging rupa beras karo bakal lawuhan lan bumbu-bumbune, kabeh garingan dadi ora gampang mambu. Terus ana tumpangan rupa jarit, sarung lan rukuh"

 

"Nggih matur nuwun Bu Kandar" wong-wong semaur bareng.

 

"Aja maturnuwun nyang aku, merga kuwi sing maring Bu Muh, sing diasta Mas Basuki kae" muni ngono kuwi Bojone Pak Kandar karo nudingi gubug sing neng kono padha lungguhan Pak Kandar karo wong sing ditutne mlaku-mlaku nurut galeng mau.

 

"Kuwi putrane Pak Muh ta Lik?" Yung Warti bisik-bisik nakoni Bojone Pak Kandar.

 

"Iya Dhe, asmane Mas Setya Basuki, putrane Pak Muh sing waruju" wangsulane Bojone Pak Kandar kanthi swara sing ora bisik-bisik.

 

"Layak ta Baguse ora jamak" Yung Warti kandha "upama aku jik duwe anak prawan ngono gelem aku ngepek mantu Mas kuwi he he he".

 

"Tunggale akeh Yung" Yu Sireng nyaut omongane Yung Warti "kowe sing gelem, kana sing emoh"

 

Wong-wong padha ngguyu kabeh krungu omongane Yu Sireng sing banter ngono kuwi.

 

"Upama klakon ya dadi lucu Yung" Yu Darmi nyauti.

 

"Lucu piye?" Yung Warti takon.

 

"Lha wong manuk merak kok arep kok kandhangne awor Sribombok lho? rak ya sida diguyu tengu"

 

wong-wong bali ngguyu maneh, Yung warti dhewe ya melu ngguyu.

 

"eeee lae, ya wong kuwi ora ngerti karo nugrahaning Pangeran kok" Yung Warti ngimbuhi guyune karo omong.

 

"Bener Yung kuwi" Sini mangsuli "sesuk-sesuk nek karo pakne Farel aku ditukokne Pajero Sport kowe tak jak shoping nyang Super Market ya?".

 

Guyune wong-wong kuwi sansaya rame, ngguyu omongane wong-wong sing sok-sok kegedhen angen-angen. Sing lanang buruh bangunan sing wedok buruh tandur, kok ya kober ngangen-angen tuku Pajero Sport barang.

"O iya Lik" Yung Warti ngomong nyang Bojone Pak Kandar "mengko aku karo cah-cah, bar saka kene rak nimbal tandur nggone Sigit, sawah Tanggulasi? dadi brekatane diampiri nek wis mulih saka sawahe Sigit, ya?".

 

"Ngono ? Ya Dhe" wangsulane Bojone Pak Kandar.

 

ana candhake.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...