ABANG-ABANG KEMBANG KERTAS
dening : immir
3
Iroh ngadeg njupuk kendhi sing tumumpang ing tatakan cedhak lawang. Kendhi diulungne adhine ora karo omong apa-apa, kendhi ditampani Depi terus dilangga banyune telung ceglokan. Kendhi banjur diselehne neng lincak .
"Besanan piye ? karepmu mbesuk nek kowe wis duwe anak arep kok jodhokne karo anake Ita ngono?" Iroh nakoni adhine.
"Ora ngono mBak" Depi wangsulan "sing arep tak jodhokne ki Bapak karo Ibune Ita"
"Kuwi karepmu apa karepe Ita?"
"Ya karepku, ya karepe Ita"
"Lha terus?"
"Ita tak omongi tak kongkon matur Ibune, lha Ita ya ngongkon aku supaya matur Bapak".
"Lha terus?"
"Kok teras-terus wae ta mBak?" Depi mrengut maneh.
"Lha iya lah, wong critamu durung rampung, Ita wis omong Ibune apa durung?" Iroh ngguyu.
"Uwis. Jarene Ita, Bu Nur ngguyu. Ora wangsulan mathuk utawa orane mung jarene ngomong ngene : kowe karo Depi kuwi kok ya ana-ana wae lho, karo maneh apa ya Ibu arep diarepi karo Bapakne Depi?".
"Lha tembunge Bu Nur kuwi dening Ita dianggep Bu Nur setuju?".
"He eh" wangsulane Depi manteb.
"Lha Bapak wangsulane piye?".
"Ya kuwi Bapak terus nesu-nesu".
Iroh ngempet guyune krungu wangsulane adhine sing sajak ora nrimakne merga dinesoni Bapakne kuwi.
"Olehe nesu ki piye? mosok nesune Bapak kaya kowe, mbesengut terus ngglethak neng kasur nyandhak bantal ngge nutupi rai?" Iroh takon.
"Bapak mangsuli rada sereng, kandhane ngene : kowe kuwi aja kaya wong goblog!, Bapakmu iki isih duwe bojo, Ibumu durung mati lan Buku Nikahe Bapak ya isih utuh, kok kon rabi maneh ki karepmu piye? karo maneh rumangsamu jejodhowan ki kok anggep gampang ngono piye?"
Iroh meneng sedhela tembunge bapakne sing dikandhakne neng Depi kuwi nyoba dipikir karo nalar kadiwasane.
"Lha kowe ora wangsulan?" sing metu saka lambene Iroh malah pitakonan.
"Aku takon nyang Bapak ngene : Lha Ibu ki jane neng ngendi ta Pak?. Tak takoni ngono kuwi Bapak sansaya muring, wangsulane : Nek Bapak ngerti ibumu neng ngendi ya mesthi wis nyusul lan ngajak bali ta nDhuk, utawa nek ibumu ora gelem mulih, bapak bisa mutusake pisah apik-apikan ben buku nikahe ditarik Pengadilan Agama. Uwis kowe durung wayahe mikir bab iki, tugasmu kuwi mikir sekolahmu piye ben lancar, bisa dadi bocah pinter ora dadi bocah sing seneng ngurusi perkara sing dudu perkarane. Ngerti?. Bapak terus ngadeg, ngalih nyandhak pancing, njupuk kepis terus lunga, malah wedange wae ya ora dientekne kae lho".
Iroh meneng pikirane mumbul ngangen-angen apa sing lagi wae dicritakne adhine kuwi. Pancen wis rada suwe Sumbaga, jenenge Bapakne Iroh, sing luwih akrap disebut Pak Bagong kuwi, senengane ndhewe lan dadi wong meneng sing ora pati duwe gunem. Iroh dhewe ngerti nek bapakne malih ora tau srawung utawa jagongan karo tangga-tanggane, geleme metu awor kancane nek dhong pas sambatan, kerja bakti, utawa nglayat, kuwi wae nek pas wayahe leren seneng nyingkir rada ngadoh karo kanca-kancane. Omong-omongan karo anak-anake ya nek dhong ana perlune wae. Nek esuk wis budhal mancing, kerep mulih wis sore. Bengi ya mung lungguh neng kursi ijen karo maca buku sing anak-anake ora ngerti tegese, wong bukune tulisan arab nganggo basa arab, nek gak ya buku sing tulisane jawa sing kandele padha Buku Al-Qur'an kae. Mulane Iroh ya banjur tuwuh rasa mesakne menyang adhine sing dhek esuk dinesoni Bapakne, nanging ing pojok atine Iroh ya ana rasa sing ora bisa ngluputne bapakne sing nesoni adhine kuwi.
"Ya wis, gak sah digagas" Iroh ngandhani adhine "kuwi tegese Bapak ora gelem mbok jodhokne karo sapa wae, klebu karo Bu Nur".
"Lha olehku ngomong nyang Ita njur piye mBak?" Depi takon.
"Ya omong wae nek Bapak ora seneng dijodhok-jodhokne ngono kuwi"
Depi ora omong maneh. pikirane nglambrang, ana rasa cuwa sajroning atine. Kamangka jroning atine wis kadhung tuwuh pangarep-arep supaya kulawargane bisa dadi kulawarga sing lumrah kaya kulawargane kanca, sedulur lan tangga-tanggane. Kulawarga sing isine ana Bapak ana simbok ana anak ana mbakyu kakang utawa adhi. Kulawarga sing saben dina keprungu suwara rembug jagongan antarane Bapak lan Ibune . Dudu kulawarga sing isine mung sidhem premanem ora ana suwarane ngene iki. Nanging pranyata pepenginane sing ora neka-neka kuwi gagar wigar, ora bisa kasembadan malah sajake kulawarga iki bakal wuwuh sepi lan angkere.
"Uwis, dadi wong aja gampang kendho semangate mung merga duwe karep durung kaleksanan" Iroh ngandhani karo ngelus-elus rambute Depi sing dawa ngandhan-andhan kuwi. Depi ora semaur, mung manthuk thok.
"Sing baku kowe kudu bisa mbuktekne nyang Bapak, nek kowe kuwi anake Bapak sing sregep sinau. Mengko nek Bapak ngerti kowe nyata-nyata bisa dadi bocah pinter sing olehe sekolah, Bapak rak seneng terus omonganmu ora dianggep kaya omongane bocah cilik maneh".
"iya mBak" wangsulane Depi .
Saka Masjid Al-Hasan keprungu suwara adzan dzuhur, Iroh banjur ngajak adhine wudlu diterusne shalat jama'ah neng omah. Nalika bocah loro kuwi rampung shalat, Pak Bagong ngepasi mlebu omah lagi mulih saka anggone mancing. Iroh diceluk, dilungi dhuwit eketan saklembar, asile mancing dina kuwi.
"Sing rongpuluh nyang Bapak ngge tuku mbako" kandhane Pak Bagong sawise Iroh nampani dhuwite.
"nggih, Bapak sakniki dhahar riyin nggih?" wangsulane Iroh karo nari bapakne mangan.
"Lha kowe karo Depi mau pa wis maem?" Pak Bagong genti takon "nek durung, ya ayo mangan bareng neng pawon kana".
"nggih Pak mangga" wangsulane Iroh karo mlaku ndhisiki mlebu omah pawon ditutne Depi.
Awan kuwi wong saomah mangan bareng, sing dipangan sega brekatan olehe tandur Iroh nggone Karta Mingan. Depi sing weruh polatane Bapakne wis katon ajer, atine dadi ayem. Luwih ayem maneh bareng ing sela-selane mangan, Pak Bagong kober ngajak omong entheng-enthengan. Ngrembug gurihe bothok pelas lan segere urap godhong lembayung sing dicarubi kecambah mentah. Pak Bagong sajake wis lali karo anggone nesoni Depi dhek esuk mau, Iroh ya ngrasakne kuwi dadi atine uga melu seneng.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar