Total Tayangan Halaman

Sabtu, 08 Mei 2021

ABANG-ABANG KEMBANG KERTAS (2)

 

2.

Mlebu omah Iroh nyelehne brekat, ingon tandur sing mung dipangan sethithik, neng babragan pawon, saka jero omah Depi mlaku cepet-cepetan nyang pawon nemoni mbakyune. Iroh mandheg karo nyawang adhine sing sajak gita-gita kuwi.

 

"Piye?" Iroh nakoni adhine "wis diisi kuotane?"

 

"Uwis mBak" wangsulane Depi karo mesem sajak seneng "wis tak ngge daring Matematika karo Bahasa iki mau".

 

"Lancar ta?"

 

"Alhamdulillah, Makasih ya mBak?"

 

Depi nyedhak karo ngrangkul lan ngambungi mBakyune.

 

"Heh, isih reget iki lho?" Iroh nguwali pangrangkule adhine, terus prentahe "wis kana, brekate kuwi diwadhahi neng cething, lawuhe disisihne, aja lali disisihne sethithik ngge maem Bapak nek mulih saka Bengawan. Awan iki ora sah adang, mengko sore wae".

 

"Iya mBak" wangsulane Depi karo mlaku menyang paga arep njupuk cething.

 

Iroh terus menyang sumur arep adus lan ngumbahi sandhangane sing reget keneng lendhut sawah.

 

Pancen Wong Buruh Tandur kuwi cara Ngarengan lan sakiwa tengene kono kuwi, sing duwe sawah olehe ngopeni (menehi konsumsi) beda karo wong buruh neng sawah liyane. Kajaba oleh sarapan, uga oleh brekatan, isine sega, lawuhe kulup gudhangan, bothok, jangan lombok, iwak ayam utawa endhog godhog. Dadi berkatane wong siji bisa dipangan kanggo wong saomah..... ning ya sithik-sithik.

 

Bubar adus lan umbah-umbah. Iroh lungguh neng lincak gaweyane Bapakne, neng emper mburi. Sikile dislonjorne, gegere disendhekne cagak emper. Ngrasakne kesel neng awak, kesilir angin angin sumribit, nuwuhne rasa ngantuk sing ora disadari. Ora krasa Iroh liyer-liyer, keturon. Depi sing mau arep ngajak omong  mbakyune nusul nyang emper mburi, nanging bareng weruh Iroh lagi lungguh sendhen cagak karo liyer-liyer, ora sida ngomong. Depi ngerti banget yen mbakyune kuwi kesel lan butuh leren. Depi mung pilih melu lungguh neng cedhak mbakyune karo sendhen gedheg. Prawan loro sedulur wedok kuwi pancen rukun banget. Iroh sing pernah tuwa, ngerti nek adhine kuwi mbutuhne sih katresnane biyung, gandheng ora ketunggon simbok, gek Iroh ngrumangsani kapernah luwih tuwa dadi dheweke mapanake awake minangka sesulihe wong tuwane wadon. Apa sing dibutuhne Depi sadurunge tekan bapakne mesthi luwih dhisik ngliwati Iroh. Kosok baline Depi, ngrumangsani yen mbakyune kuwi ora bisa dietung anggone ngalah kanggo nyukupi butuhe, kamangka satemene Depi ya weruh, Iroh kuwi ya duwe kabutuhan kanggo awake dhewe nanging ora arang Iroh nutupi kepengining atine, mung merga kepengin gawe senenge Depi. Mula Depi kuwi tembung satembung tansah njaga murih aja nganti gawe seriking atine Iroh. Kanthi padha anggone ngecakne sikep ngono kuwi ndadekne bocah loro sing wis prawan kuwi rukun ing lahir trusing batin.

 

Anggone Iroh duwe sikep mangkono iku ora bisa dipisahne klawan sikep sing ditampa saka kakangane, yaiku Bagong. Bagong sing saiki melu Pakdhene sing isih kapernah sedulur nak dulur saka Bapakne, kuwi tresnane marang adhi-adhine ora kena diukur kanthi ukuran lumrah. Lulus saka SMA ora mbacutne kuliah, najan sak jane uteke nyandhak, nanging pilih ngenger melu Pakdhene neng Surabaya sing dadi Kontraktor BTL. Bagong wiwitane dadi kernete tukang nggarap instalasi listrik sing diborong Pakdhene kuwi. Najan asile ora sepiraa nanging saben wulan ora tau lowok tansah ngedum asile nyambut gawe kuwi karo adhine-adhine. Saben nampa blanja saka Pakdhene, sabagian disisihne ditransfer neng rekeninge Iroh, merga Bapakne ora tau duwe rekening bank.

 

Sawuse liyer-liyer sawantara suwene Iroh nglilir, weruh Depi lungguh neng sandhinge gage Iroh ngomong :

 

"Lho wis suwe kowe mau neng kene? mBak keturon kok dadi ora ngerti".

 

"Lagi wae kok mBak" wangsulane Depi "ya diengge leren neng kamar kana ta mBak".

 

"Uwis mari kok kesele" Iroh wangsulan karo mesem "eneng apa?"

 

"Ora eneng apa-apa kok, mung arep crita sithik, ora penting kok".

 

"Crita apa? kok dhengaren kowe duwe crita barang"

 

Depi mesem, kandhane :

"Tak crita aja disrengeni ya mBak?"

 

"Ya kari ndelok critane ta? kapan mBak ki tau nyrengeni kowe, nek kowe ora luput, he?" Iroh wangsulan karo mesem.

 

"He he he" Depi ngguyu. Rumangsane Iroh ki Depi ketok luwih manis nek wayah ngguyu ngono kuwi.

 

"Ditakoni kok malah ngguyu" kandhane.

 

"He eh, anu mBak, aku bar diseneni Bapak" Depi miwiti crita.

 

"Dhek kapan? Lha ngapa ?" Iroh takon serius.

 

"Dhek esuk. Jane aku ki rak ya mesakne Bapak ta mBak? ning bareng tak omongne malah karo Bapak aku diamuk".

 

"Lha wong mesakne kok dicritak-critakne, Bapak ya gak seneng ta neh, wong Bapak ki ora butuh dimesakne sapa-sapa, lha nek pancen awake dhewe ki mesakne wong tuwa ya carane wae sing kudu dipasne, pisan aja nganti gawe ora senenge wong tuwa, loro dibisakne njaga asmane wong tuwa ora gawe wirang utawa isine wong tuwa, telu nglakoni gaweyan sing sajake bisa ngentheng-ngenthengi sanggane wong tuwa, cukup! ora perlu ndadak diomongne" Iroh nuturi adhine.

 

"Iya mBak" Depi wangsulan "aku ya wis ngerti nek bab kuwi"

 

"Lha terus bab apa maneh?" Iroh takon.

 

"Ngene lho mBak" Depi wiwit nggenahne karepe "Bapak ki rak wis suwe banget ditinggal Ibu? wong wiwit aku isih Kelas siji SD nganti saiki kelas rolas lho. Lha aku matur Bapak, bapak tak saran-ke supaya golek gantine Ibu, ben eneng sing dijak omong-omongan nek butuh tetimbangan apata apa".

 

"Lha terus?" Iroh ngguyu.

 

"Mergakna ngene mBak" Depi nerusne critane "kebeneran aku ki duwe kanca sak kelas jenenge Ita"

 

"Ita putrane Pak Nurkholis Lor Pasar?" Iroh nggenahne.

 

"He eh"

 

"Lha apa Bapak arep kok jomblangi karo Ita?" Iroh takon karo ngempet guyu.

 

"Sik ta mBak, tak tutugne omonganku" Depi mrengut.

 

"Iya- iya, terus piye?"

 

"Wiwit arep munggah kelas rolas kae, Ita ki rak wis ora duwe Bapak? Wong kabare Pak Nur kae seda keneng serangan jantung. Lha si Ita kuwi kerep curhat bab susahe ora duwe wong tuwa lanang menyang aku. Nek Ita curhat ngono kuwi, aku ya ngandhani nek ora perlu digawe susah nemen-nemen, wong aku ya nglakoni ora ketunggonan wong tuwa wedok. Lha saka curhat-curhatan ngono kuwi, banjur tuwuh gagasan antarane aku karo Ita kepengin besanan" Depi leren sedhela olehe crita, gorokane krasa garing, banjur clegak-cleguk ngulu idu ben ilang sangklite gorokan.

 

ana candhake

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...