ABANG-ABANG KEMBANG KERTAS
dening : immir
1
Wektune lagi jam sepuluhan, nanging wong-wong sing tandur neng sawahe Karta Mingan wis mentas. Sawah setengah baon cilik, sing nanduri wong rolas dadi ya cepet rampung. Andilalah ora ana timbalan kanggo tandur neng sawah liyane, dadi wong-wong tandur sing dibaboki Yung Warti kuwi ya terus arep mulih.
"Kowe bablas mulih pa ramban dhisik Roh?" karo reresik awak neng sumur boor P2AT pojok desa cedhak sawahe Karta Mingan, Yu Sireng nakoni Iroh, kancane tandur.
"Arep terus mulih wae Lik" wangsulane Iroh sing jeneng komplite Koiroh "ketoke neng omah wis eneng janganan. Lha sampean pa arep ramban ? . Kana kae lho neng bengkok Modin semanggine ayu-ayu".
"Ora" wangsulane Yu Sireng "aku ya ngerti nek kana kae ki nggon lorogan semanggine lemu-lemu, karepku ki ngene lho, mau Lik Mingan rak titip rembug kon ngomongi Pakdhe Kunthet sing sawahe ndhuwur Bengkok Modin kuwi, nek isih butuh winih, kon dhaut dhewe neng pinihane Lik Mingan".
"Lho nggone Pakdhe Kunthet pa wis tandur?" Iroh takon.
"Wis, wingi, sing nanduri rombongane Dhe Sipah. Winihe kurang telung kedhok, wong olehe nyebar jare gak dadi. Lha awakmu nek ramban nyang Bengkok Modin mbok menawa pethuk Pakdhe Kunthet rak bisa ngomongne titipan rembuge Lik Mingan mau".
"Ora kok Lik" Iroh wangsulan.
"Ya wis, nek ngono, ayo ndang mulih" kandhane Yu Sireng karo mentas saka jedhingan sumur P2AT "mengko wae mampir nyang omahe, diomongne anake apa bojone sing neng omah rak ya keneng"
Iroh ora semaur, banjur ngetutne Yu Sireng mlaku nututi kanca-kancane sing wis mlaku rada adoh.
Koiroh kuwi anake Arja Sampun sing gaweyane tukang mancing neng bengawan, entuk-entukane didol dingge urip karo anak-anake sing cacah papat. Koiroh anak sing nomer loro, mbarepe lanang jenenge Pratama Yuda, celukane Bagong, adhine Iroh sing wedok jenenge Devia Sari, celukane Depi, sing ragil lanang jenenge Catur Prakosa celukane Catur. Bojone Arja Sampun wis ora karuwan dununge, wiwit Catur umur setahun wonge wis lunga, pamite jare nyambut gawe nyang Pabrik Tekstil sing manggone neng Sukoharjo, nanging nganti Catur kelas nem SD blas ora sambang ora layang babar pisan. Dadi statuse Arja Sampun ki ya rada ruwet, dudu dhudha nanging ora duwe bojo.
Koiroh anake Arja Sampun iki satemene duwe rupa sing ora nguciwani, pakulitane kuning ngemu giring, solah bawane alus nanging trengginas lan trampil, dhasare ya klebu pinter ing reh pasinaone. Nanging gandheng weruh ambegane bapakne sing kerep menggeh-menggeh nggolekne wragat ngge ngragati sekolah anak-anake, lulus SMA Iroh milih ora nerusne kuliah, sanadyan karo Bapakne jane ya kongkon nerusne.
Ora krasa lakune Yu Sireng sing ditutne Iroh wis tekan ngarepan omahe Kunthet. Yu Sireng banjur ngajak Iroh menggok, mampir nyang omah sing platarane amba, omahe gedhe magrong-magrong ngemu wibawa, wong dhasare omah kuna kuwi.
"Kula nuwun" Yu Sireng uluk salam neng ngarep lawang omah pawon sing manggon neng tengen rada memburi omah gedhe kuwi.
"Ana apa Yu ?" ana bocah wedok saumuran karo Iroh metu saka omah pawon terus takon.
"Anu mBak, tulung diaturne Bapak, oleh welingan saka Lik Karta Mingan, nek isih butuh winih kon ndhaut dhewe neng pinihane Lik Mingan, sawah cedhak P2AT" Yu Sireng ngomongne welingan sing diamanatne marang dheweke.
"Iya Yu" Bocah wedok kuwi wangsulan "mengko tak omongne Pak-e".
"Empun nggih mBak, matur nuwun" Yu Sireng pamitan
"Ya Yu" wangsulane sing dipamiti karo mlaku mlebu omah maneh.
Yu Sireng ya banjur mbalik arep nerusne laku, mulih nyang omahe. Dhasar wis dadi pakulinan, bareng olehe mlaku wis rada adoh karo omahe Kunthet, Yu Sireng wiwit ngajak Iroh rasan-rasan, ngrasani bocah wedok sing dititipi welingan marang bapakne mau.
"Gajege anake Pakdhe Kunthet mau rak kancamu sekolah ya Roh? Sapa jenenge?, lali aku" Yu Sireng miwiti rasan-rasan.
"Silvi, Silviana Hayuningrum" wangsulane Iroh "heeh, kanca neng SD karo SMP, SMA ne pisah aku nyang SMADA Silvi nyang Smurisa. Ngapa ta Lik?"
"Wong kok olehe sombong, marahi anake wong sugih kok ya?" Yu Sireng nerusne olehe ngrasani.
"Sombong piye ta Lik? genah ya kowe disauri apik-apik ngono lho? apa kowe pengin diampirne neng omah terus disuguh wedang kopi he he he ?" Iroh mangsuli disambung guyu cilik.
"Ora" Yu Sireng wangsulan karo suwara banter "upama diampirne, aku ya wegah, wong neng omah wis ditunggu karo gaweyan"
"Lha thik sampean ngarani nek Silvi ki sombong? kae bocah apik ya Lik, semanak, pinter srawung lan ora sombong" Iroh nggenahne panemune bab tekune anake wedok Kunthet.
"Gak sombong pethuk kancane sekolah kok mbisu wae?, malah ethok-ethok ora tepung, huh! dhasar Cah kemayu, mandhak sing dienggo kemayu ya bandhane Pak-e, tinggalane mBahe wae kok".
Iroh ora semaur, bocah kuwi milih meneng, ora nanggapi omongane Yu Sireng. Merga Iroh ngerti nek omongane Yu Sireng nganti ditanggapi, bakal terus tekan ngendi-endi, malah bisa-bisa wong kuwi mengko mampir dhisik nyang omahe, nerusne olehe ngajak rasan-rasan tekan awan, banjur gaweyane dadi klendran ditinggal rasan-rasan.
Ngerti ora ditanggapi, Yu Sireng ya ora nerusne olehe ngajak ngrasani Silvi. Malah banjur najak omong bab liya.
"Sesuk neng sawahe Pak Kandar lho Roh, wis ruh rung kowe sawahe? bar kuwi nimbal nggone Sigit" kandhane Yu Sireng ngelingne Iroh.
"Rung ruh Lik aku sawahe Pak Kandar kuwi, jare sawah nggone nDara Bei Naib Kutha? nggik ngendi ta kuwi? Nek nggone Mas Sigit aku wis weruh, cedhak Tanggulasi ta?" Iroh semaur karo takon.
"He eh, rada adoh kuwi Roh, sesuk numpak udhug wae wong udhugku mengko sore wis dadi kok, kowe sesuk tak gonceng"
"Iya Lik. Matur nuwun. Gak mampir sik Lik?" Iroh wangsulan karo ngampirne Yu Sireng.
"Ora Roh, selak awan. Wis Ya?".
Iroh menggok nyang omahe, Yu Sireng nerusne lakune.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar