Total Tayangan Halaman

Minggu, 16 Mei 2021

ABANG-ABANG KEMBANG KERTAS (9)

 dening : immir

9.


Saka buntaran Darma Sagi keplok-keplok nganggo tangan. Darmun gageyan noleh, merga ngira nek olehe Pakdhene Keplok-keplok kuwi nyeluk dheweke. Lan tenan, Darma Sagi ngangkat tangane aweh sasmita yen kirimane wis teka. Wis wayahe sing padha nyambut gawe leren sarapan. Darmun manthuk, banjur wisuh. Bar kuwi banjur ngomongi Yung Warti :


"Sarapane mpun dugi Yung, leren riyin".


"Iya dhisika, adate nggone Lik Darma ki nggawe bancakan, ingkunge wutuh digawa saka omah. Kana ndhisika ingkunge pothengana pisan" wangsulane Yung Warti karo nerusne tandur, nanging sedhela wae ya terus mentas, mlaku mengisor marani kanca-kancane, banjur diomongi supaya padha leren dhisik.


Karo mlaku Yung Warti kober nggagas anggone lagi wae omong-omongan karo Darmun mau. Neng angen-angene Babok Tandur sing wis rada akeh umure kuwi, ketoke upama Darmun gelem lan Iroh mathuk, bocah loro kuwi cocog upama dijodhokne. Iroh bocahe ayu lan Darmun ya bagus. Kekarone padha sregepe, padha pethele nyambut gawe. Mungguhe Yung Warti saupama bisa dadi Dhandhan lan kasil njodhokne bocah loro sing padha dene nduweni kaluwihan kuwi, padha wae nindakne kutamaning urip. Wis akeh Yung Warti kasil njodhok-njodhokne tangga teparone lan wekasane dadi kulawarga sing uripe tentrem, lestari ora pisahan nganti tuwa. Mula mengko Darmun arep ditakoni sepisan maneh, kepiye upama dijodhokne karo Iroh. Lha nek wis oleh jawaban sing sajake mathuk, lagi Iroh ditakoni, bar kuwi lagi nemoni Pak Bagong, ngabarne nek sajake ana wong lanang sing ngayunake anake wedok.


"Mentas dhisik Caaaaa......." Yung Warti mbengoki kanca-kancane "kirimane wis teka, ayo ndang padha sarapan selak maah-e kumat mengko".


"Nggiiiiiiih....... " sing padha lagi tandur wangsulan saur manuk .


"Kemajuan, Yung-e saiki ngerti Maah barang" Yu Katemi nylebung dhewe.


"Lha ya, ya?" Yu Sepi nyauri "kamangka Maah wonge neng nJakarta".


Sing padha krungu padhya ngguyu. Yu Saikem nyahut :

"Gek neng nJakarta Maah kumat apane neh? wong bocahe neng kana keceh dhuwit ora kurang enthong ora kurang irus?".


"Kumat samurate, merga kakehan mangan enak" Yu Sireng sing wiwit mau meneng melu urun rembug guyonan.


"Wis, gak sah geger" Yung Warti semaur saka dhuwur galengan "ndang padha mentas, kirimane selak didhisiki semut geni mengko".


Wong-wong ya banjur padha mentas lan wisuh neng kalen buwangan banyu.


Sarapan neng sawah kuwi pancen krasa luwih enak lan luwih seger. Kajaba dhasar wetenge wis padha krasa ngelih, uga merga kancane akeh. Sarapan sega kulub sambel klapa dilalapi lempeng goreng, rasane bisa ngalah-ngalahne panganan mewah weton restoran gedhe. Darmun mubeng dundum cuwilan ingkung. Dening sing didumi cuwilan iwak pitik kuwi ora padha dipangan, nanging disisihne, banjur diwor brekat sing arep digawa mulih. Racak-racak wong-wong kuwi padhya kelingan anak utawa batihe sing ana omah. Darmun dhewe kebagean brutu,sirah tanpa gulu, karo ceker loro tanpa pupu, banjur dienggo lawuh sarapan.


"Bedane wong wedok karo wong lanang ki ngene iki lho!" karo muluk segane Darmun ngomong.


"Bedane apa Pak Lik?" Yu Saikem nyauti omongan karo takon.


"Nek wong wedok oleh bageyan iwak sethithik mesthi ora dipangan dhewe, ning digawa mulih ngge anake. Beda karo wong lanang, oleh bageyan sepira-pira ya diulu dhewe, kaya aku ngene iki" wangsulane Darmun sadurunge ngemplok segane.


"Ya ora peh ngono dhing" Yu Sini nyauri omongane Darmun "wong lanang nek kondangan ngana kae, brekate ya digawa mulih kabeh kok".


"Alaaah, Kang Darmun bisa ngomong ngono kuwi merga rak durung ana sing ngarep-arep brekate" Yu Saikem mbumboni rembug "Nyatane Pakne Dodik ki saiki saben mulih saka basan ndhaut ajeg brekate digawa mulih".


"Njajal neh, suk emben nek wis duwe bojo, Kang Darmun kolu pa gak karo bojone?" Yu Sireng melu ngruyuk.


Rumangsa dikruyuk wong wedok pirang-pirang Darmun mung bisa cengar-cengir, ora wangsulan.


"Mulane ta Kang, ndang rabi ben enek sing digawakne brekat" Yu Warni nuturi.


"Ya suk emben Yu, aku tak rabi" Darmun wangsulan karo mesem.


"Suk emben kapan? selak kiyamat ora sida weruh rasane wong duwe bojo mengko" Yu Warni semaur.


"Ya suk emben nekwis eneng sing ngarepi, he he he......" Darmun ngguyu.


Karo sarapan lan ngomong ngono kuwi, bola-bali Darmun karo nglirik Iroh, sing ndadekne Darmun luwih kepencut. Iroh nyata ayu tenan, wis ayu manis tur ya ora kemayu, sapolahe ketok luwes, wong lagi yen mangan wae ya ketok nek njaga tata trapsilane. Kuciwa sing dilirik ora ngerti, dadi ya ora weruh nek ana jejaka sing ngunandika jroning atine : mendah mareme upama bisa mengku dheweke.


Iroh malah kelingan karo adhine sing ragil, sing saiki digawa pak cilike, disekolahne neng SD kutha kon ngancani anake pak cilike. Catur Prakosa sing ora tau ngrasakne panganan sing digawa saka anggone buruh tandur, Catur bocah sing bagus tur duwe utek sing encer, ketitik saka sekolahe sing ajeg kecathet dadi bocah pinter dhewe ing kelase.


"Ah, Catur oraa melu mangan brekate mBak, ning neng nggone Bulik mesthyi luwih kopen samubarange" Iroh mupus dhewe.


Bubar olehe padha sarapan, ora suwe kabeh bali nyemplung kedhokan, nyandhak gaweyane dhewe-dhewe. Darmun nambahi tempahan kanggo wong-wong sing tandur nganti mengisor oleh patang kedhok. Banjur karo mlaku munggah nyang arah tulakan dikoberne pamit :


"Nek maju pa mundur sethithik sing sabar nggih Yu, kula tak minggah nempahi angsale nanemi sepingan".


"Ya Kang, ndang ngancani Yung Warti kana" Yu Sireng sing nyauri "sing sabar nek ngladeni Yung-e, nek wonge mengko kalegan atine sampean rak direwang-rewangi golek bojo sing ayu tur sregep".


Karepe Yu Sireng muni ngono kuwi jane ya mung geguyonan. Nanging mungguhe Darmun, kuwi minangka sasmita saka Sing Kuwasa, sing wis kepareng ngobahne lambene Yu Sireng.


"Beres Yu" Darmun wangsulan karo ngempet guyu.


Sauntara iku mbaleni crita sing dhek wingi, tekan omah lan ngaturake kabeh sing perlu diaturake marang Bapak lan Ibune, gegayutan karo anggone diutus niliki sawah lan nemoni Pak Kandar, bengine Setya merlokne nemoni Ibune kanthi mirunggan.


"Ana apa ta Bas sajak arep ana sing kok aturke Ibu Ki?" Bu Muh ndangu putrane sing nadyan wis suntara lungguh neng cedhake nanging ora kawetu-wetu omongane.


"Inggih Bu, namung badhe matur yen Bas badhe shalat Istikharah rumiyin" wangsulane Setya alon.


"Lho, kok arep istikharah ki ana apa ta Bas?" Bu Muh takon karo mesem. Ing atine tuwuh rasa seneng, sajake anake lagi wae ketemu bocah wedok sing narik kawigatene. 


"Inggih Bu, Bas kala wingi kepanggih lare Dunggalar, ingkang radi benten kaliyan lare - lare sanesipun" Setya wangsulan.


"Alhamdulillah" ora krasa Bu Muh muji syukur nyang Pangeran "bocah wedok ta? syukur ta nek ngono, Cah Dunggalar, jenenge sapa? putrane sapa?"


"Mangke mawon Bu nek Bas sampun istikharah tak matur Ibu sing komplit, sak niki Bas nyuwun pangestu mugi-mugi pilihane Bas boten klentu".


ana candhake.

1 komentar:

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...