dening : immir
10.
Ngarepne surup Darmun wis tekan omah, atine dadi rada ora kepenak, adate sakwayah-wayah dheweke teka Simboke mesthi mapagne, nanging sore iki ora. Malah sajake wonge ora ana omah. Kamar lawange simboke dibukak, suwung. Banjur bablas menyang pawon, simboke panggah ora ketemu. Darmun lingak-linguk, banjur menyang jedhing mbok menawa simboke neng kono, lawang jedhing bukakan, simboke ya ora ana. Darmun bali mlebu omah, terus mapan lungguh kursi ngadhep meja. Ngrogoh sak ndelok ha-pe ne, ana pesen mlebu ing aplikasi WhatsApp cacah telu, banjur wiwit diwaca siji-siji.
Sing dhisik dhewe WA saka Juragan Pardi : "Kang Darmun, mergawe neng ngendi? Suk Rebo wiwit ngrewangi aku mopok karo ngebyaki singkalan traktor, sawah kulon omah, bisa? Selasa lagi arep ditraktor Lempok".
Darmun meneng sedhela, gaweyan neng nggone Darma Sagi wis rampung, lan durung ana wong ngongkon maneh. Iki mau dinane Senen, dadi nek nyanggupi pakone Juragan Pardi sesuk bisa leren sedina. Mula banjur ngetik neng hapene aweh wangsulan :
"Saged Pak, tiyang niki wau mredamel nggene Pakdhe Darma Dunggalar nggih mpun rampung kok".
Kapinujon Juragan Pardi lagi online, mula banjur mangsuli WA ne Darmun :
"Kebeneran nek ngono, wiwit sesuk wae ngewangana Tamping pisan".
Alhamdulillah ora sida leren, batine Darmun.
"Nggih Pak" wangsulane liwat WA.
Banjur genti mbukak WA sing nomer loro, saka Danang, kanca sekolahe neng SMP, sing saiki dadi Polisi neng Tulungagung :
"Assalamu'alaikum, piye kabare Sekarputih Mun? Suwe awake dhewe ora ketemu ya? jane aku kangen, kepengin guyon karo jagongan kaya jaman semana he he he"
Darmun mesem, Danang kuwi pancen kanca kenthel jaman semanane, anake wong sugih mblegedhu omahe ya Kedunggalar, nanging ora gumedhe seneng nulung kancane sing lagi mbutuhake. Jaman sekolah biyen, kerep wae Darmun dijajakne, malah sing marahi Darmun bisa numpak pit montor ki ya Danang iki. Sawise pisah saka SMP, Darmun leren ora sekolah, Danang nerusne Sekolah nyang Madiun. Bareng wis dadi Polisi, sikepe Danang panggah ora owah. Yen wektu cuti utawa pas bali nyang Kedunggalar, ajeg mampir Sekarputih. Darmun uga nganggep yen Danang iki dudu mung mandheg neng kanca, nanging wis dadi sedulur, merga wiwit latihan nganti tekan disyahne dadi Warga Persaudaraan SH Terate, Darmun lan Danang tansah bebarengan. Darmun ya kelingan, pas arep syah-syahan biyen dheweke ora duwe apa-apa kanggo golek uba rampene, kajaba Jago Wiring Kuning sing diingu wiwit cilik, kabeh uba rampene syah-syahan dicukupi dening Danang.
Karo mesem dhewe, Darmun banjur nulis wangsulan :
"Waalaikumussalam, Kabar Sekarputih tekan Dunggalar aman dan terkendhali Guys. Ya padha aku ya wis kangen banget, nanging ya arep piye maneh? Ketoke Covid-19 ya durung gelem minggat ngene, dadi ya sing sabar dhisik. Muga-muga Corona ndang ilang, tetap laksanakan 5 M, he he he".
Pesen wis kekirim, kuciwa Danang ora online, centhange wis loro, nanging durung biru.
Pesen sing nomer telu saka Dhita, Randha teles ponakane Kamituwa Endra. Maune Darmun aras-arasen arep mbukak WA saka Dhita iki, merga ana tengara yen Dhita kuwi kepengin luwih raket karo dheweke, kamangka miturut panemune Darmun dheweke akeh ora cocoge nek raket-raket karo Ponakane Kamituwa sing kabare duwe simpenan neng Bank pirang-pirang Milyar kuwi. Pancen Dhita kuwi klebu bocah wedok sing gaul banget, omah-omah durung nganti genep setahun wis ngajokne gugat cerai neng Pengadilan Agama. Seneng dolan lan ora pati njawa gaweyan, rambute sing dawa dicet abang, kaya rambut jaran. Sak jane bocahe klebu ayu, pakulitane kuning tur resik, pawakane ora kuru ya ora lemu, singset, bocahe ya ketok energik. Nanging merga sing jarene Darmun Dhita kuwi cewek kebacut modern milenial, Darmun dadi wedi yen nganti cedhak-cedhak bocah ngono kuwi, pawadane klasik : ngrumangsani nek mung kelase buruh tani.
Sawuse sauntara dinengne, wekasan WA saka Dhita ya dibukak :
"Assalamu'alaikum Mas Darmun, aku mau ketemu Pak Parwita Dikbud, jare neng Kedunggalar arep dibukak Kejar Paket C. Jare dhek emben Panjenengan rasan-rasan kepengin melu Kejar Paket C ? Piye upama tak dhaftarne pisan bareng aku?".
Darmun kelingan, jaman arep Pemilu tahun 2019 kae, dheweke nate ketemu Kamituwa Endra. Darmun ditawani supaya gelem dadi caleg saka salah sijine Partai Politik sing duwe dhana akeh, sing gelem lan kepilih dadi caleg-e Partai mau arep diwenehi dhuwit sing lumayan akeh.
"Iki dienggo athuk apleng wae Mas Darmun" kandhane Kamituwa Endra nalika samana "ora dadi ya ora masalah, sing penting wis oleh dhuwit. Luwih-luwih nek ana begjane awak, ndelalah Mas Darmun oleh suwara sing akeh, terus dadi anggota Dewan rak ya malah apik? Apik tumrap panguripane sampean dhewe, ya apik tumrape masyarakat, awit angel lho golek anggota dewan ki sing jujur lan gelem mikirne rakyate".
"Walaah, lha wong tukang macul kok ditawani kados ngoten ta Pak Wa? sing pinter-pinter mawon turah-turah lha kok Panjenengan niku nawani kula?" wangsulane Darmun.
"Uwis ta, aja ndadak nganggo alasan neka-neka, sing baku sampean saguh ngono wae, mengko kabeh persyaratane dibantu karo DPC" Kamituwa Endra ndheseg supaya Darmun gelem dicalegne.
"Upami saged kula niku nggih puran-puruna mawon Pak Kasun" Darmun wangsulan alus "kula nggih percados, Pak Wa niku seneng lan sae kalih kula wiwit siyen, dados mokal nek ajeng njlomprongne kula. Nanging ajeng pripun melih? kula niki boten gadhah Ijazah SMA. Sekolah kula mandheg lulus SMP thok. Dados nggih boten saged nyaleg, lha wong ajeng ndhaftar dados Bayan napa Uceng mawon, kula niki nggih boten saged, merga nggih niku wau, boten gadhah ijazah".
Kamituwa Endra meneng sedhela, banjur kandhane :
"Oo jebule ngono ta? gampang sampean melu Paket C wae, ben entuk Ijazah Setingkat SMA".
"Lha nek sak niki nggih mpun boten nutut no Pak Wa? wong sinau teng Kejar Paket C niku nggih mbetahne wekdal paling boten nggih tigang tahun".
"Ya ora kanggo saiki, kanggo mbesuk Pemilu suk embene, utawa bisa uga keneng sampean gawe ndaftarne nek eneng lowongan perangkat"
Kamituwa Endra aweh tutur.
"Nggih, nek enten bukakan Kejar Paket C kula tak ndhaftarne" wangsulane Darmun ngenaki rembug.
Ya awit rembugane karo Kamituwa Endra jaman semana kuwi sajake sing ndadekne saiki Dhita nawani Darmun supaya melu mlebu ing Kejar Paket C.
Satemene Darmun dhewe sing ngrumangsani mung tamatan SMP mbutuhake tambahan ngilmu sing ora sethithik kanggo sangu urip ing masyarakat. Luwih-luwih jamane sansaya seser ubenge, sansaya banter playune. Yen dheweke ora ngudi supaya tambah kawruhe tan wurunga bakal kagiles dening rodhaning jaman, bakal kasingsal ditinggal playuning kahanan.
Gawanggawang ing angen-angene, biyen nalika jaman sekolah tau nampa wejangan saka Pak Istijono, gurune. Sing aweh pituduh :
"Urip neng ngalam donya iki prasasat mlaku neng tengah ratan gedhe, mandheg ateges mati, alon bakal digiles liyane, mung sing kebat lan cukat sing bisa tekan enggon sing dituju".
Ana Candhake.
oke-oke semangkin melebar ke mana-mana nih
BalasHapus