23.
Inggih wiwit punika putranipun Ki Jatikuning sakembaran lajeng kempal sapasanggrahan kaliyan Ki Bulakbadher miwah Ki Kunthara. Nem-neman kalih punika saged mangertosi punapa ingkang dipun lampahi punapa dene ingkang dipun rembag dening Ki Bulakbadher kalihan Kunthara nalikanipun wonten tiyang sanes ingkang mirengaken. Lan sadaya ingkang dipun sumerepi dening Sangkan saha Paran tartamtu badhe dumugi dhateng Ki Jatikuning miwah Ki Demang. Lan pranyata estu punapa ingkang dipun kuwatosaken dening Ki Demang, Ki Bulakbadher saha Kunthara anggenipun malik tingal punika, boten awit ngrumaosi bilih sadangunipun punika lekasipun lepat. Nanging awit wiwit kapisanan, lekas saha sedyanipun Ki Kahastha miwah siswanipun punika mila namung badhe pados andha kangge nginggahi tataran ingkang langkung inggil malih. Mila dupi Ki Bulakbadher mireng bilih Ki Demang Kedhungtuwung badhe pikantuk bebantu kekiyataning prajurit saking Banjarsemanggi, daya-daya ki Bulakbadher lan Kunthara malik tingal, lajeng anggolong dhateng ki Demang. Awit miturut petangipun Ki Pujud saha sedaya panyengkuyungipun badhe lebur kalindhes agenging kekiyatan Kademangan ingkang dipun bantu dening Padhepokan Banjarsemanggi.
"Kunthara" tuturipun Ki Kahastha dhateng siswanipun ingkang kober kapireng dening Sangkan lan Paran ingkang api-api sampun angkler anggenipun tilem "kowe kudu ngerti yen satemene mungguhing awake dhewe, Panjer apa dene Pujud lan kabeh para rowange, kuwi padha wae. Jalaran endi sing menang, kuwi mbesuk sing bisa kanggo pancikanmu kanggo ngranggeh kamukten sing wis tau tak critakne kae. Ngerti?"
"Inggih Bapa" wangsulanipun Kunthara "sedaya dhawuhipun Bapa boten badhe ical saking pangeling-eling kula".
"Mula aja nganti katon tidha-tidha nggonmu tumandang, sesuk tuduhna marang wong Kedhungtuwung lan wong Banjarsemanggi yen kowe nyata wong sing kena dipercaya lan pantes dadi piyandel tumrap Kademangan Kedhungtuwung. Nadyan kowe wis tau dadi panyengkuyunge Pujud nggone musuhi sedulur tuwane iki, nanging aja nganti ana rasa ewuh pakewuh ing sajroning atimu. Kowe kudu mentala gawe pepati sing saakeh-akehe ing golonganing Pujud, sokur bage yen kowe bisa nugel gulune Pujud lan sirahe kok pamerne marang Panjer" tuturipun Ki Kahastha salajengipun.
"Inggih Bapa" Kunthara namung wangsulan cekak.
Ing dinten candhakipun, wadya bala kraman ngedali jurit malih. Menawi ing dinten-dinten saderengipun kekiyatan antawisipun wadya kraman ingkang dipun pandhegani Ki Pujud kaliyan wadya bala Kademangan katingal meh imbang malah kepara wadya kraman radi unggul sakedhik. Ing dinten samangke lampahing perang dados benten, inggih labet saking wontenipun bebantu saking Banjarsemanggi, kawewahan kalih Ki Bulakbadher saha Kunthara ingkang malik tingal, nalika lampahipun surya nadyan dereng serap ing imbang kilen, sampun kapireng suwantenipun tengara bendhe saking barisanipun Ki Pujud, bilih para wadya kaparentah mundur wangsul dhateng pasanggrahanipun ing Durenan. Dupi sumerep wadya kraman sampun katarik mundur, Ki Demang ingkang jumeneng minangka senapati agung Kademangan ugi nunten dhawuh nabuh tengara murih prajurit kademangan mandheg saha ndhawuhaken supados paring pitulungan dhateng para prajurit ingkang nandhang tatu ing paprangan. Inggih Prajurit Kademangan ugi Prajurit Kraman sedaya kedah dipun ramut, murih enggal pikantuk usada. Makaten ugi tumrap prajurit ingkang kapeksa gugur, pejah ing palagan supados dipun klempakaken lan karukti samesthinipun.
Anyarengi para prajurit Kademangan sami nglempakaken para-para ingkang sampun pejah punapa dene ingkang nandhang tatu, para Bebau, Jagabaya miwah pangarsaning bregada sami rerembagan kaliyan Ki Demang lan para sesepuh, tuwin para senapatining prang.
"Sajake Pujud sakancane wis rada adoh nggone padha ninggalne palagan, sanadyan temene srengenge isih rada dhuwur" Ki Demang miwiti pangandikanipun.
"Inggih Ki Demang" Ki Bebau ing Dhusun Krajan matur minangka wangsulan dhateng pangandikanipun Ki Demang "pranyata awit pambiyantunipun Ki Jatikuning lan para warga Banjarsemanggi estu saged malik lampahing perang, kamangka dinten niki wau Ki Pujud ugi nampi pambiyantu saking Karangbening sasampunipun kendel kalih dinten boten ngedali jurit".
Mireng atur wangsulanipun Bebau Krajan ingkang semunipun langkung ngalembana dhateng kekiyataning pambiyantu saking Banjarsemanggi makaten kala wau, Ki Bulakbadher ketingal nglirik siswanipun kaliyan mesem sajak kanthi esem ingkang ngremehaken dhateng ingkang nembe kemawon matur dhateng Ki Demang. Ki Bulakbadher lajeng mawi kedheping mripat asung sasmita dhateng Kunthara murih matur dhateng Ki Demang. Kunthara tanggap kaliyan sasmitaning gurunipun, mila lajeng matur kanthi suwanten ingkang radi dipun serokaken :
"Nuwun sewu Ki Demang, punapa kula kaparengaken matur?".
"Sapa wae bisa ngandhakne sing dadi uneg-uneging atine Kunthara, waton kanggo kabecikane Kedhungtuwung. Jer kabeh sing ana kene iki duwe lekas kang padha yaiku murih rahayune Kedhungtuwung saka pangrusuhe Pujud lan kanca-kancane" wangsulanipun Ki Demang ugi kaliyan suwanten ingkang saged kapireng saking katebihan.
"Matur nuwun Ki Demang" Kunthara nglajengaken aturipun "mila estu, ing dinten punika prajurit Kademangan saged kawastanan sampun ungguling yuda, katitik nadyan dereng serap surya wadya bala kraman sampun langkung rumiyin mundur. Nanging, mugi kauningan Ki Demang lan para sedherek sedaya, sanaosa makaten kedah dipun emuti bilih paprangan punika dereng rampung, awit Ki Pujud dereng ngaturaken tandha panungkul. Dados duka benjing duka benjingipun malih prajurit kraman tamtu badhe wangsul mriki malih".
"Kuwi wis tak pikirake Kunthara" wangsulanipun Ki Demang "dadi tak jaluk marang kabeh para Jagabaya lan Para Bebau sarta para senapati tak jaluk padha ndhawuhake marang para prajurit sing dadi andhahane supaya tetep ing kawaspadan lan aja nganti ninggal kaprayitnan".
"Estunipun kala wau taksih wonten kalodhangan ingkang sae , nanging emanipun Ki Demang kesesa nuruti pikajengipun mengsah, temah kalodhangan ingkang sae kala wau inggih nunten ical tanpa tilas" dumadakan Kunthara matur semu nglepataken dhateng lekas ingkang katindakaken Ki Demang minangka senapati agung.
"Kalodhangan sing endi sing kok karepake Kunthara? Lan merga saking rasa kesusuku, awake dhewe banjur kelangan kalodhangan sing mungguhmu banget ing pangajine mau, coba kandhakna dadi sesuk maneh aku bisa mareni rasa kesusuku sing bisa gawe kapitunane wadya Kedhungtuwung".
"Nyuwun pangapunten Ki Demang" Kunthara matur kaliyan mesem "mesthinipun, nalika kapireng bendhe tengara mundur saking pabarisaning mengsah, Ki Demang boten perlu lajeng paring sasmita murih wadya Kademangan ngendeli anggenipun perang. Malah mesthinipun Ki Demang dhawuh murih bendhe katitir langkung seru, dados prajurit kraman boten saged mundur kanthi sae lan saged dipun tumpes sedaya, Kanthi makaten paprangan saged rampung dinten niki wau".
Para Bebau lan Para Jagabaya sarta para senapati kathah ingkang sami grenengan kaliyan kanca ing sacaketipun. Racak-racak sami ngleresaken pamanggihipun Kunthara ingkang makaten kala wau. Nanging ugi boten sakedhik ingkang kendel kemawon, malah wonten ingkang nyebekaken lathinipun kaliyan mbatos maiben dhateng Kunthara ingkang kaanggep sampun kaduk wani kirang dedugi, temah kumawantun maiben dhateng kawicaksananing sang senapati agung. Pirembagan ing madyaning tilas palagan lajeng dados radi kosek. Nanging Ki Demang nyata kagungan pamanggih ingkang langkung sae, temah saged ndadosaken pamanggihipun Kunthara ingkang makaten kala wau, ketingal cetha ing lepatipun.
"Apa sing sira kandhakne iku mau ana benere Kunthara" pangandikanipun Ki Demang, para ingkang sami greneng-greneng ugi lajeng sirep "nanging aku luwih eling manawa paprangan iki, paprangan mungsuh dhengkul dhewe, dudu mungsuh wong liya. Mungguhku yen awake dhewe bisa menanga pisan, ora oleh kukuban apa-apa lan tetep nandhang kapitunan. Awake dhewe bakal kelangan akeh sanak sedulur dhewe sing gugur dadi kurbaning paprangan. Anggonku ngendheg supaya prajurit kademangan mandheg ora nerusne mbujung mundure Pujud sakancane, iku wujud pambudidaya murih ora sansaya akeh warga Kedhungtuwung sing dadi kurban, iya warga sing manunggal karo Pujud iya warga sing tetep setya marang aku. Lan kudu padha dingerteni, sing wenang ngowahi mobah mosiking atine titah kuwi mung Gusti Sing Maha Wicaksana, tata gelar aku ngumbar Pujud mundur,nanging sajroning atiku aweh kalodhangan marang Pujud lan kanca-kancane supaya nggagas tuna bathine olehe wis padha mangun kraman iki, mbok menawa ing kono mbarengi tekaning pitulungaNe, Pujud sakancane banjur mosik pikire temah ngrumangsani ing kaluputane, banjur bali marang jati dhirine maneh, kaya lekase Ki Bulakbadher lan sira Kunthara sing dina iki wis gelem manunggal karo warga Kedhungtuwung sing tetep setya marang paugeraning Kademangan".
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar