Total Tayangan Halaman

Kamis, 23 September 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 41

 


41.

Bagindha Kilir kendel sakedhap anggenipun criyos, nanging Darim boten wantun saulu nyelani rembag. Darim emut kaliyan cariyos saking Ki Kebo Kenanga bilih Kanjeng Nabi Musa nate dipun tilar dening Bagindha Kilir awit Kanjeng Nabi Musa boten kiyat ngampet anggenipun badhe taken dhateng Bagindha Kilir, lan Darim boten niru lekasipun Kanjeng Nabi Musa ing babagan punika. Sanaosa makaten, ing salebeting manahipun Darim sanget anggenipun nelangsa, kelara-lara inggih mikiraken tiyang sepuhipun kekalih pisan pranyata anggenipun pejah kenging winastan lumantar margi ingkang sakalangkung ngeres-eresi manah. Nadyan sakecap datan ngucap punapa-punapa nanging wedaling luh saking mripat boten saged dipun bendung, Darim nangis kanthi boten nyuwanten.

"Wasana Budheng sing lagi luru panganan kuwi weruh, sumbering suwara tangis kuwi" Bagindha Kilir nglajengaken cariyosipun "klawan obah sing cukat, Budheng ireng kuwi mudhun banjur marani bayi sing lagi nangis kekejer. Weruh yen bayi sing nangise kaya ngono kuwi, tuwuh rasa welas ing atine si Budheng. Bayi kuwi alon-alon dielus-elus, bareng weruh yen lambene garing Budheng nggagas lan duwe pangira yen Bayi kuwi lagi keluwen. Si Budheng banjur njupuk woh-wohan tunggale sing dipangan mau, bayi banjur didulang nganggo woh-wohan kuwi. Oleh separo saka woh siji, bayi wiwit katon anteng. Malah bisa ngguyu karo sikile mancal-mancal, ndadekne Si Budheng melu seneng. Bayi banjur dipondhong digawa menyang pandhelikane si Budheng. Dina sesuke, bayi bali digawa menyang ngisor wit kuwi maneh didulang nganti wareg. Banjur diajak guyon kaya dina wingine kae. Nanging dumadakan Budheng ireng kuwi kaget, kupinge krungu ana suwara rame-rame suwarane manungsa campuh lan suwara tracaking jaran sing mlayu tumujuu papan kono. Budheng nyipta lamun ana bebaya sing teka. Ora sepisan ora kaping pindho, Budheng krungu crita yen manungsa sing jarene titahing Gusti sing sampurna dhewe kuwi, kerep seneng ganggu gawe marang pepadhaning titah klawan sasenenge dhewe, malah kerep keprungu manungsa seneng gawe patine titah liya sing tanpa dosa. Mula Budheng Ireng kuwi banjur mlayu ndhelik neng gegrumbulan, karo nginceng apa sing bakal kedadeyan sabanjure. Bayi sing ditinggal Budheng, sing maune ngguyu-ngguyu seneng, malih dadi nangis banter, luwih banter karo tangis sing dhek wingi nalika wetenge lagi luwe.

Ora suwe banjur kesusul tekane wong akeh sing padha jejaranan. Pangirane Budheng yen manungsa sing liwat kuwi bakal nyebar memala jebul luput. Weruh ana bayi sing nangis, manungsa sing numpak jaran ing ngarep dhewe banjur mudhun. Bayi sing nangis kuwi banjur ditulungi diemban-emban nganti meneng. Budheng Ireng saka pandhelikane iya weruh yen manungsa-manungsa kuwi padha takon lan nggoleki wong tuwane si Bayi, nanging panggah ora bisa nemokne. Wekasan bayi mau digawa lunga dening wong-wong, mau. Lan saiki bayi kuwi wis gedhe ngancik wayah diwasa. Lha wong sing ngramut bayi kuwi ora liya Ki Ageng Kebo Kenanga sing lagi bali saka Palagan Majapahit.

"Mangkono critaku marang sira Darim, saiki apa sing bakal sira takokne marang aku?" Bagindha Kilir mungkasi anggenipun cariyos.

"Ngaturaken genging panuwun Kanjeng" Darim matur dhateng Kanjeng Bagindha Kilir "ingkang ndadosaken kirang trimahing manah kula, kenging punapa para prajurit punika degsiya dhateng tiyang sepuh kula ingkang estunipun boten sumerep punapa-punapa ing babagan peperangan kala wau?".

"Yen sliramu ora nrimakake, banjur arep apa? arep nggoleki prajurit sing wis ndadekne patine wong tuwanira kuwi?  Banjur arep males patine wong tuwamu?" Bagindha Kilir mundhut pirsa.

"Kasinggihan Kanjeng" wangsulanipun Darim.

"Sumurupa Darim, Gusti kuwi Maha Adil, patine wong tuwamu yegti wis ana dhewe sing malesake marang prajurit sing wis gawe patine wong tuwamu. Ora kudu sira dhewe sing kudu malesake, kajaba kedadeyan kuwi wis suwe banget, uga durung karuwan sing gawe patine wong tuwamu kuwi isih urip apa wis mati dadi rabuking paprangan. Luwih-luwih, patine wong tuwamu kuwi ora bisa dipisahake karo anane peperangan kuwi. Lan jenenge perang kuwi pancen mbutuhake kurban sing ora sethithik, ewa samono nganti saiki utawa malah mbuh nganti suk kapan, manungsa isih tansah dhemen nindakne perang mung awit nuruti kekarepane wong siji utawa loro, banjur nuwuhake kurban sing atusan akehe. Mula welingku marang sira, yen isih bisa dirembug karo lisan dirampungake nganggo pikiran, aja kesusu nindakne perang".

"Inggih Kanjeng"

"Sabanjure, sawuse sira weruh sapa sejatine wong tuwanira, mesthine banjur ana pitakon sajroning atimu kepriye mungguh carane ngabekti marang wong tuwanira sing wis ora ana kuwi iya apa ora?" Bagindha Kilir ndangu malih dhateng Darim.

"Inggih Kanjeng".

"Iku sing luwih becik sira tindakne tinimbang sira enggo nggagas olehmu arep nuruti panase atimu, males lara wirange wong tuwamu".

"Punapa ingkang kedah kula lampahi Kanjeng Nabi?" Darim lajeng nyuwun pirsa.

"Sumurupa, sira iku linahirake dening wong wadon utawa wanita, yen sira kepengin bekti marang biyungmu eling-elingen pawelingku, yaiku aja pisan-pisan kowe gawe lara lahir utawa atine wong wadon, mbuh wong wadon sapa wae. Yen ana wong wadon wis gawe seriking atimu, becik lunganana aja kok wales genti nglarani atine, yen ana wong wadon sing mbutuhake pitulungan aja wedi kangelan tulungana sakuwasamu. Kaping pindho yen sira kepengin bekti marang wong vtuwamu lanang, ngakeh-akehna tumindak becik marang wong lanang, aja dhemen ngremehne aja dhemen gawe cilakane, becik ngajenana marang sesama. Senenga tetulung marang sing mbutuhake aja seneng melik marang barang sing dudu darbeke, aja gandrung marang pangalembananing titah, nanging nggedhekna rasa wedi lan isin marang sing nitahake uripmu".

"Kula nyuwun pangestu panjenengan kanjeng, mugi kula saged nglampahi sadaya piwucalipun Kanjeng Nabi punika" Darim matur kaliyan kekembeng waspa.

"Mung kuwi welingku Darim, wiwit dina sesuk wiwitana nggonmu ngayahi wajib nindakne dhawuhe Kanjeng Sultan ing Demak. mBabad alas lan yasa padesan. Tak suwunake marang Gusti muga-muga nggonmu ngayahi kuwajiban iki antuka berkah temah nuwuhake kabecikan tumrap sakehing titah, wiwit kawitan nganti enteking jaman. Iki sliramu tak paringi piranti kanggo mbabad kayu, muga-muga kena digunakne".

Kanjeng Bagindha Kilir lajeng ngedalaken Kampak saking waliking jubah, kaselahaken ing ngajenge Darim.  Darim sakalangkung ing sukanipun, lajeng nubruk sukunipun Bagindha Kilir sarwi ngaturaken panuwun ingkang wongsal-wangsul. Nanging dangu-dangu Darim lajeng kraos gumun, awit Kanjeng Bagindha Kilir babar pisan boten paring wangswulan. Sareng Darim nyetitekaken kawontenan ing kanan keringipun, Darim nembe kraos menawi sadaya kedadosan ingkang dipun lampahi punika kala wau namung wonten ing alaming pangimpen. Darim sampun tangi saking tilemipun.

Eloking kawontenan, kampak peparingipun Bagindha Kilir ing salebeting impen kalawau samangke ketingal wonten ing ngajengipun. Kampak lajeng dipun pendhet dening Darim, dipun iling-ilingi, nyata menawi kampak punika kadamel saking waja ingkang pinilih saestu. Darim lajeng ngadeg, nyaketi wit ageng ingkang boten tebih saking papanipun tilem, kampak dipun angkat badhe katamaken dhateng wit punika kangge nyobi menggah landhep kethulipun. Nanging wurung, dumadakan Darim sumerep ing panging wit punika ketingal wonten budheng warni cemeng ingkang nembe luru woh-wohan kados ingkang dipun tedha wau enjing. Darim lajeng emut kaliyan cariyosipun Kanjeng Nabi Kilir, mmbok menawi menawi boten wonten budheng ireng saha woh-wohan punika, piyambakipun taksih gesang punapa boten.

 

ana candhake.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...