42.
Darim lajeng linggih malih ing ngandhap wit punika kalian ngumbar gagasan, miturut cariyos ingkang dipun tampi saking Bagindha Kilir kala wau cetha sanget bilih Budheng Cemeng punika ingkang mitulungi piyambakipun nalika nandhang kasatan saha keluwen, dhuk rikala piyambakipun taksih wujud bayi abrit, inggih ing papan mriki . Ingkang kinarya ndulang piyambakipun rikala samanten uwohipun wit ing papan mriku ugi. Lajeng kala wau enjing, Darim ugi ngraosaken lemes dhempes tanpa daya, awit padharanipun ngraosaken kothong tanpa isi, lajeng sarana nedha wohing uwit punika piyambakipun saged waras pulih tenaganipun, malah lajeng kraos ngantuk temah tilem lan kapanggih kaliyan Bagindha Kilir. Inggih awit wontenipun lelampahan punika, Darim lajeng gadhah dudutan bilih piyambakipun sampun kaping kalih saged slamet awit wontenipun uwoh ingkang kulitipun abrit saha witipun cemeng punika. Pramila Darim lajeng nggadhahi janji ing salebeting manahipun bilih boten badhe ngethok utawi negor jinising wit punika kajawi manawi sanget kapeksa. Kaping kalih, piyambakipunj ugi janji salebeting manah bilih boten badhe ganggu damel dhateng Budheng Cemeng kados ingkang dipun tingali niku ing salami-laminipun.
Dinten punika ugi Darim lajeng amiwiti padamelan ingkang dinawuhaken dening Kanjeng Sultan Trenggana, inggih punika babat wana kinarya padhusunan, pategilan lan pasabinan. Prasasat boten tepang kaliyan sayah, Darim boten leren anggenipun nebangi Kajeng-kajeng ing wana mriku niku. Lan nyata estu bilih Kampak peparingipun Bagindha Kilir punika, dede kampak ingkang limrah nanging kampak ingkang sakalangkung nggadhahi daya kekiyatan ingkang linangkung. Namung ing salebeting sapeken, babadanipun Darim sampun ketingal wiyar. Darim nunten yasa gubug kangge palereman ing wanci dalu, yasa langgar kinarya manembah dhumateng Gusti, langgar punika dipun papanaken pas ing sangandhaping wit ingkang uwohipun kaanggep sampun dados sarana milujengaken gesangipun.Damel kandhang kangge lerem kapal ingkang dipun tunggangi wiwit saking Kudus ngantos dumugi papan mriku niku. Darim ugi miwiti nanem uwi gembili lan sapiturutipun ing siti tilas babadanipun, lan saged gesang kanthi subur, winihing wi gembili kapendhet saking wana sacaketipun, ing batos Darim ugi nggagas menawi sampun wiyar saestu, anggenipun ndamel pategilan, badhe pados wiji lan winih ing padhusunan, inggih wiji lan winih ingkang limrah dipun tanem dening para among tani, kados bangsanipun gaga,kacang, kedhele, jagung lan sapiturutipun.
Anuju satunggaling dinten, nalika Darim nembe ketungkul babad wana lan nyithak pategilan dumadakan wonten tiyang gangsal ingkang dugi mriku sarta nyaketi anggenipun merdamel.Tiyang Gangsal kala wau umur-umuranipun racak, langkung sepuh sakedhik menawi katandhing kaliyan Darim. Sedaya sami nggadhai bebau ingkang pengkuh lan katingal santosa. Darim lajeng kendel anggenipun makarya, saperlu badhe manggihi ingkang ndugeni.
"Nuwun sewu Kisanak, ndika wong lima nyedhaki aku sing lagi nyambut gawe iki sajake ana wigatine ya?" Darim nakeni tiyang gangsal kala wau kanthi tembung ingkang limrah, liripun boten kasar lan boten alus sanget.
"Aja dadi atimu Ki Sanak" wangsulanipun salah satunggal saking tiyang gangsal kala wau "ndika neng kene lagi ngapa? kanca ndika sapa? lan omah ndika kuwi ngendi?".
"Kaya sing ndika sawang" Darim lajeng wangsulan "neng kene aku mbabad alas, arep tak cithak dadi pategalan lan sokur yen mbesuke bisa dadi padesan barang, neng kene aku ijen tanpa rowang kajaba karo jaranku sing ana kandhang kae, lha nek omahku saiki ya gubug sing ana sisih kulon kae".
"Aneh" dumadakan tiyang wau wicanten alon, kados wicanten kaliyan badanipun piyambak.
"Aneh kepiye Kisanak? nDika kabeh kuwi sapa saka ngendi lan arep menyang ngendi?" Darim gantos nakeni tiyang gangsal kala wau.
"Iya aneh, ingatase mbabad alas kok ora duwe kanca, malah jare arep yasa pategalan lan padhukuhan barang, kamangka wis pirang sasi wae anggonmu miwiti gaweyan iki? Kajaba saka iku tak arani aneh awit babad alas kok milih sing adoh lor adoh kidul kaya ngene? Iki karep ndika dhewe apa ana sing ngongkon? teka tega temen sing ngongkon ndika mbabad alas kok ijen lan papane adoh karo padhukuhan liyane kaya ngene?". wangsulanipun tiyang wau kalih semu gumujeng, sajakipun tiyang punika nggadhahi panganggep menawi Darim punika tiyang ingkang boten jangkep nalaripun, temah purun nindakaken padamelan ingkang boten klebet ing nalar limrah.
"Sing aneh kuwi malah ndika kabeh, Kisanak" rumaos dipun gumujengi, Darim males mangsulaken dhateng tiyang kala wau.
"Aneh kepiye?" tiyang kala wau pitaken kaliyan ngempet anggenipun gumujeng.
"Pitakonan ndika kabeh tak wangsuli, nanging siji wae ora ana pitakonku sing ndika wangsuli, malah sing keri dhewe pitakon ndika iku nek tak rasakne kupingku cetha yen ndika wis ngremehake sing ngongkon aku mbabad alas iki, apa ndika isih pranakane para Dewa saka Kahyangan dene kumawani ndakwa Panguwasa Tanah Jawa wis tumindak tega marang abdine he?" wicanten ngaten punika Darim kaliyan suwanten sereng sinartan mripat radi mentheleng.
"Elho? sajake ndika ora trima karo sing tak ucapake ya Kisanak? nDika mentheleng kaya ngono kuwi apa ndika arep nantang aku?" rumaos dipun sauri mawi tembung sereng lan dipun penthelengi tiyang ingkang pitaken wau lajeng muring , lan wangsulan kanthi sereng ugi.
"Iya ora mung ndika sing tak tantang, wong lima barenga maju aku ora bakal mundur, tembungmu sing nyepelekne aku karo sing ngongkon aku iku mau sing ndadekne aku ora wedi nek mung ngadhepi ndika wong lima kuwi" Darim wangsulan kanthi suwanten ingkang atos nedahaken menawi manahipun nembe panas. Estunipun makaten punika Darim namung badhe nyobi kekiyatan saha dayaning ngelmu enggal ingkang dipun sinaoni saking Kitab Kanuragan yasanipun Pangeran Handayaningrat ingkang dipun paringaken dhateng Kanjeng Sunan Kudus.
"Ha ha ha.... wong ora waras arep nantang perkara" dumadakan kancanipun tiyang ingkang taken kala wau wonten ingkang wicanten kaliyan gumujeng seru, malah wantun ngelokaken Darim tiyang boten waras "kowe ora ngerti sapa aku wonmg lima iki he?".
"Neng ngarep wis tak akoni, aku babar pisan durung ngerti sapa sejatine ndika kuwi kabeh" wangsulanipun Darim suwantenipun panggah atos "nanging saupama ndika kuwi pranakane Dewa saka Kahyangan pisan, aku ora wedi ngerti?".
"Ngertiya he wong sing ora njawa" tiyang ingkang gumujeng wau sakalangkung ing nesunipun mireng wangsulan saking Darim ingkang makaten kala wau "aku wong lima iki adoh sangka Gunung Bancak, wis meh sewulan aku sakanca mudhun nindakne laku pangumbaran nuhoni dhawuhing guruku, ngeriya jenengku Anggara, sing iki sedulurku tuwa Kakang Lampit, sisihe sedulurku sing tuwa dhewe Kakang Sambada, sing iki adhiku Kartika lan sing iki adhiku sing nom dhewe Guritna. Saiki ngakuwa sapa jenengmu he?" .
"He he he" Darim gumujeng ngece "jebul mung bocah Gunung Bancak kono kuwi ta? Ya, ditepungake wae jenengku Darim".
"Iya, saiki pilihen salah siji saka wong lima iki sapa sing arep kok jajal ngelmune?" Anggara wicanten nari pun Darim. Dumadakan Darim mireng suwanten ingkang mlebet ing angen-angenipun, inggih suwantenipun Bagindha Kilir ingkang paring pemut murih Darim sampun ngantos damel sakitipun tiyang sanes. Wasana Darim lajeng wicanten dhateng murid-murid Gunung Bancak punika kanthi suwanten alon nanging kapireng cetha :
"Milih kabeh satemene ya bisa wae Kisanak, nanging rungokna aku kuwatir yen tumibane tanganku bisa ndadekne ora becike raga lan jiwamu kabeh".
"Apa karepmu He?" Anggara nggetak.
Darim boten semaur, nanging malah nyaketi sela item ingkang agengipun meh samenda njerum, Darim ngrapal aji, pitedah saking kitab kanuraganipun Pangeran Handayaningrat, sukunipun dipun angkat satunggal tanganipun kekalih dipun angkat kados badhe ngranggeh langit lajeng saking dhasaring jejantung mungel Kanthi Asma Dalem Dzat Kang Maha Misesa tan ana daya kekuwataning titah kajaba awit pitulungane Gusti Kang Maha Agung.
"Aku mung pengin ngerti, sirah ndika kabeh apa luwih atos yen karo watu iki?" Darim mungel makaten lajeng epek-epekipun ingkang tengen dipun tamplekaken dhateng sela item ingkang wonten ngajengipun kala wau.
"Byur" sakala sela item niku lebur dados awu ketiban tanganipun pun Darim.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar