Total Tayangan Halaman

Jumat, 24 September 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 43

 


 

43.

Tiyang gangsal ingkang sumerep kekiyatan ajinipun Darim sami cingak lan ngungun,  sami mengkeret manahipun, kajawi Anggara. Anggara namung sakedhap ngraosaken kaget, salajengipun malah gumujeng ngece. Anggara pancen nate mireng bilih wonten ngelmu ingkang namung dhapur wewayangan semu, inggih punika ngelmi ingkang namung apus-apus, ngapusi panyawanging tiyang sanes murih miris lan ajrih, nanging salugunipun namung semu kemawon. Makaten ugi ngelmi ingkang nembe kemawon dipun tingali, Anggara boten pitados menawi Darim gadhah kekiyatan ingkang ngedab-edabi kados makaten kala wau, nanging Anggara pitados bilih Darim nggadhahi ngelmi wewayangan semu, dados ingkang katingal sela item ajur katamplek epek-epekipun Darim punika kaanggep dening Anggara namung ngelmu apus-apus kemawon.

"Ha...ha...ha....." Anggara gumujeng kenceng lajeng kasambet kaliyan wicanten ingkang kapireng ngece "mung bocah cilik sing gumun weruh wewayangan sing nggegirisi sing nyatane mung ngapusi mripate wong akeh".

Darim ingkang dipun guyu dening Anggara radi panas manahipun, mila lajeng wangsulan :

"Sakarepmu anggon ndika arep ngarani, aku mung ngelingake  wae lan ora niyat pamer mung aku duwe pangeman marang tanganku aja nganti gawe cilik lara gedhene tatune wong sing ketibanan".

"Aja kakehan wuwus Darim, ayo kene dicoba dhisik" wangsulanipun Anggara kalih siyaga "tak wenehi wektu sepuluh jurus, nek kowe isih bisa ngadeg tak guroni kuwandhamu".

"Iya ta yen ngono, sepuluh jurus ta? limang jurus sing ngarep nek ndika bisa nyenggol kulitku, aku ngaku kalah. Limang jurus sing mburi nek ndika kuwat nangkis utawa ngendhani seranganku, ndika tak anggep wis menang. Piye yen ngono?" Darim wangsulan ugi kaliyan nata kuda-kudanipun.

Anggara sansaya kemropok manahipun, tanpa taha-taha tumunten ngrangsang Darim mawi sikil kananipun ngarah dhateng padharan. Kados ingkang dipun sumbaraken, Darim boten niyat nangkis, malah namung ngendhani mawi ebahing raga ingkang boten ngawistarani, inggih punika namung mawi miring sakedhik, panyerangipun Anggara sampoun saged dipun endhani. Ngertos menawi panyadhukipun namung ngengingi angin, Anggara sansaya muntab, lajeng mangsuli anggenipun ngrangsang. Tangan lan sikilipun ebah sareng, cepet kados ebahing kitiran ingkang katempuh angin . Ing wiwitan taksih ketingal limrah, nanging sansaya dangu sansaya cepet, temah ingkang katingal ing mriku namung wewayangan ingkang ngemu perbawa, kados lesus ingkang dados gambul muser boten wonten pedhotipun. Ewa samanten panggah kemawon, seranganipun Anggara ingkang kados lesus makaten kala wau boten wonten ingkang saged ngengingi raganipun Darim, labet saking pas anggenipun Darim ngecakaken ngelmi ingkang dipun angsu saking Kebo Kenanga ing Pengging. Sareng pangrangsangipun Anggara ingkang tansah lepat, langkung saking sedasa jurus. Darim mletik manginggil lajeng kaliyan njungkir walik radi nebih saking papanipun Anggara. Sasampunipun ngadeg jejeg ing siti, Darim nunten wicanten :

"Kisanak Anggara, tak anggep wis cukup nggonku tansah ngendhani pangrangsangmu. Saiki genti aku sing miwiti, seksenana nek nganti limang jurus ndika bisa ngendhani utawa kuwawa nangkis seranganku, ndika tak anggep menangake tetandhingan iki".

"Ora ah kakehan gunem Darim, ayo kene tibakna seranganmu, ora-ora nek aku bakal mundur nadyan mung sajangkah" wangsulanipun Anggara sarwi siyaga.

Darim lajeng maju, tanganipun kumlawe boten katingal cukat, ngarah sirahipun Anggara, boten banter namung alon kemawon. Anggara ingkang rumaos dipun remehaken , nedya nangkis seranganipun Darim. Nanging jebul ebahing tanganipun Darim benten kaliyan ingkang dipun nyana dening Anggara, panangkisipun Anggara boten ndadosaken tanganipun Darim kandheg, nanging bablas, driji temunggulipun Darim, kabantu driji jempolan, ebah nylenthik godhoh kupingipun Anggara. Sanaosa namung sak slenthikan, suprandene ndadosaken Anggara kados kapupuh mawi gada ing talinganipun, Anggara mencolot mundur sarwi nekem kupingipun mawi tangan.

"Siji" Darim wicanten banter. Anggara rumaos sansaya dipun remehaken, lajeng tata-tata malih, boten namung badhe nangkis utawi ngendhani panyerangipun Darim, nanging malah badhe mangsuli anggenipun badhe nyerang, nyadhuk mawi sikil utawi mupuh mawi tangan.

Nalika Darim badhe ngecakaken serangan dumadakan Anggara mencolot mengajeng sarwi ngirimaken sadhukan ngarah padharan, Darim kaget nanging inggih namkung sagebyaran, saderengipun sukunipun Anggara dumugi padharanipun, sikut kananipunpun Darim langkung rumiyin  ebah ngadhang lampahing sukunipun Anggara, saantawis lengenipun Darim ingkang kering kadamel nyangga mikuwati sikut kanan. Tumapaking suku ingkang nempuh sikut linambaran lengen, ndadosaken Anggara mencelat mundur ngantos tigang jangkah langkung, balung garesipun kraos sakit ingkang boten kanten-kantenan. Temah adegipun Anggara dados sempoyongan.

Darim mencolot maju mburu mangajeng, lajeng sukunipun ngirim sadhukan dhateng lambungipun Anggara. Sukunipun Darim nanggor balung iga, Anggara njerit banter awit boten kober endha, temah rebah ing siti, gulungt-gulung ing pangangkah badhe radi nebih saking pun Darim. Nanging Darim boten nyukani kalodhangan babar pisan dhateng Anggara. Nalika rampung anggenipun Anggara gulung-gulung lan nedya tangi, jebul ing ngajengipun Darim sampun siaga badhe mupuhaken tanganipun utawi badhe nyadhukaken sukunipun. Anggara wurung anggenipun badhe tangi, namung jaga-jaga badhe nangkis sawanci-wanci seranganipun Darim dumugi.

Darim ngepelaken tanganipun kanan, Anggara ngtinten manawi badhe kapupuh praupanipun, lajeng tata-tata badhe nangkis. Darim lajeng ngebahaken tanganipun ingkang sampun ngepel kenceng, nanging boten siyos kapupuhaken dhateng Anggara. Ing sacaketing Anggara wonten tunggak kajeng ingkang ageng , inggih tunggak sisaning babadanipun Darim. Kepelanipun Darim kadhawahaken dhateng tunggaki kala wau, wonten suwanten jumlegur, tunggak kobong mulat-mulat kados dipun besmi, oyotipun rungkat, tunggak ngalih papanipun.

"Yen iki kabeh isih ndika anggep wewayangan semu, aja ngluputake aku yen tunggak sing kobong kuwi genine nylomot lan ngobong kulit ndika" sarwi wicanten makaten Darim lajeng ngungkuraken Anggara ingkang taksih ngglethak kamitenggengen, Darim mlampah badhe dhateng papanipun nyambut damel malih.

Dumadakan Anggara wicanten seru nanging boten kepireng kados suwantenipun tiyang ingkang nembe nesu.

"Aja ngalih dhisik Kisanak, aku tulungana........!".

Darim lajeng mandheg, noleh dhateng wingking lajeng semaur :

"Aja ngalem kaya bocah cilik, ndika ora tatu lan ora apa-apa, mosok ora bisa tangi dhewe?".

Anggara kalih krengkangan nunten tangi, sasampunipun ngadeg lajeng maju nyaketi Darim, lajeng wicanten malih :

"Kisanak Darim, kaya sing wis tak ucapne ing ngarep mau. Yen sajroning sepuluh jurus, isih bisa ngadeg, aku bakal meguru marang ndika. Samengko wis kebukten, kliwat saka selawe jurus ndika panggah isih ora kurang sawiji apa, malah aku sing upama ana tegane ndika mesthi wis dadi bathang. Mula jagad saisine mugi neksenana........."

Anggara ndhawahaken awakipun ing siti, nunten dheprok ngapurancang sarwi wicanten :

"Guru mugi wonten sarjuning panggalih kaparenga nampi pasuwitan kula, prasetya kula pun Anggara, nadyan lebur kinarya sesawur, nadyan putung kinarya bebalang, Anggara boten badhe kawratan sauger Guru kepareng nampi pasuwitan kula".

"Mengko dhisik" Darim rumaos kaget kaliyan tingkah tuwin pangucapipun Anggara ingkang makaten kala wau . Nanging saderengipun Darim nglajengaken wicantenipun, Anggara sampun langkung rumiyin wicanten sora dhateng kanca-kancanipun :

"Kakang-kakangku lan adhi-adhiku saka Gunung Bancak, sing gedhe pangapuramu yen ndika arep nerusne laku aku mung bisa ngaturaken sugeng tindak, aku ora bisa melu maneh. Aku arep nyuwita marang Guruku Ki Darim neng papan kene".

Kanca-kancanipun Anggara ingkang cacah sekawan kala wau, dupi mireng wicantenipun Anggara lajeng sami mlampah nyaket, sasampunipun dumugi sacaketipun Anggara nunten sami ndheprok ing siti lan nindakaken kados lekasipun Anggara :

"Guru, kula Lampit"

"Kula Sambada"

"Kula Guritna"

"Kula Kartika"

"Nyuwun rumentahing sih kawlasan mugi Guru Kersa nampi pasuwitan kula. Mugi Bumi lan Langit anekseni, kula badhe nuhoni sadaya dhawuhipun Ki Darim inggih Guru kula".

 

ana candhake.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...