Total Tayangan Halaman

Kamis, 23 September 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 40

 


40.

Sakalangkung pules anggenipun tilem pun Darim, inggih labet sampun pinten-pinten kirang tilem kawewahan keseling raga. Ing salebeting tilem Darim ngimpi bilih piyambakipun nembe wonten satunggaling nagari ingkang salaminipun gesang dereng nate dipun ambah. Nagari ingkang sakalangkung reja lan makmur kawontenanipun. Griya-griya ing salebeting kitha katingal sae-sae, tiyang-tiyangipun ugi sami grapyak semanak. Darim piyambak inggih gadhah lan ngenggeni griya ingkang boten benten kaliyan griyanipun tangga tepalihipun. Rumaosipun pun Darim, piyambakipun sampun boten apal kaliyan nagari punika. Ugi sampun akrap kaliyan tangga tepalihipun.

Pekaranganipun griya kalebet wiyar, ing kiwa tengening latar, miwah ing sawingkingipun griya kacithak minangka pategilan dening Darim kataneman Tela pohung ingkang sampun wancinipun dipun panen. Nalika samanten Darim nembe wonten ing pategilan sacaketing griyanipun kala wau. Ing pangangkah badhe amanen tanemanipun. Dumadakan Darim kadhatengan piyantun ingkang busananipun sarwa ijem, angagem sumping sekar melathi ingkang taksih katingal seger, piyantunipun taksih timur pasuryanipun resik sumunar kados cahyaning rembulan ing wanci purnama.

"Assalamu'alaikum" Piyantun kala wau nyaketi Darim lajeng uluk salam, kados limrahipun para kaum ingkang sampun nggilut agaminipun Kanjeng Nabi.

"Alaikum salam" kanthi grapyak semanak Darim mangsuli salamipun tamu ingkang nembe dugi niku wau, kalajengaken ngajak tamunipun mlebet griya "mangga kisanak, kula aturi pinarak ing lebeting gubug kemawon".

"Ora sah neng jero omah Darim, neng kene wae luwih mirunggan lan hawane uga luwih seger" wangsulanipun tiyang punika kaliyan mapan lenggah ing guludan ingkang resik awit sampun garing sanget sitinipun.  Darim inggih lajeng tumut mapan linggih ing caketipun.

"Nuwun sewu, sampun kawastanan tambuh pancen estu kula rumaos dereng nate kepanggih, Kakang punika dalemipun pundi ngagem asma sinten inggih?" pitakone Darim sawise mapanake lungguhe kanthi kepenak.

"Bener kandhamu Darim" wangsulanipun tiyang punika kaliyan mesem "pancen lagi sepisan iki aku karo awakmu kepethuk. Ya ditepungake wae, wong-wong ngarani aku iki Sang Hyang Ijowan utawa Bagindha Kilir lan ana sing ngarani aku iki Nabi Hidhir".

Darim rumaos kaget salebeting manah, pancen Darim nate pikantuk wejangan saking Ki Ageng Pengging bilih wonten titahing Gusti ingkang tuhu sakalangkung sekti lan waskitha aprasat anetra Muhammad apandulu Rasulullah, ingkang dhemen nyebar pitulungan dhumateng titah ingkang nembe nandhang kasangsayan, aparing pitedah dhumateng tiyang ingkang nandhang  bingung kecalan margi ingkang badhe dipun liwati. Ingkang asmanipun Bagindha Kilir utawi Nabi Hidhir.  Ki Gedhe Kebo Kenanga ugi nate paring dhawuh sok sintena ingkang karawuhan Bagindha Kilir, sami kemawon kaliyan kadhawahan nugraha saking Gusti Ingkang Maha Kawasa. Pramila dupi Darim mangertos bilih ingkang rawuh ing pategilanipun punika Bagindha Kilir, Darim lajeng angraup sampeyanipun Paraga ingkang busana sarwa wilis punika, sarwi ngunjukaken pangabektinipun.

"Uwis Darim" Bagindha Kilir nyepeng baunipun Darim lajeng kaangkat minggah murih linggih kalawan limrah "sira ngaturake bekti wis tak tampa, tumrapku nalika sira mangsuli uluk salamku mau wis cukup, aku lan awakmu iki temene padha-padha kawulaNe Gusti, sing ora sepi saka lali, luput, beja kalawan apes. Mula aku tansah ngajak marang sapa wae, kalebu marang awakmu aja kendhat nggone padha nyenyuwun pitulungan miwah pangayomaning Gusti Ingkang Maha Paring Slamet".

Tumrapipun Darim, pangandikanipun Bagindha Kilir ingkang makaten punika minangka wejangan kapisan ingkang dipun tampi lan badhe kaemut-emut ing salamining gesangipun saha badhe katindakaken sakuwasanipun.

"Darim" salajengipun Bagindha Kilir paring dhawuh malih "kabar sing tak tampa, awakmu keraya-raya ninggalake Bumi Pengging nganti tekan kene iki jare awakmu mung kepengin weruh lan mangerteni sapa sejatine wong tuwanira, apa bener mangkono?"

"Kaluhuran sanget ingkang dipun sabdaaken Kanjeng Nabi punika" wangsulanipun Darim sarwi tumungkul awit boten wantun ningali pasuryanipun Kanjeng Nabi Kilir "mila kula sakalangkung kepengin sumerep sinten tiyang sepuh kula".

"Yen wis ngerti banjur arep apa?" Bagindha Kilir mundhut pirsa malih.

"Kula kepengin sanget ngaturaken bekti dhumateng tiyang sepuh kula ingkang sampun dados lantaran wonten kula ing jagad padhang punika" wangsulanipun Darim.

"Sumurupa Darim" Bagindha Kilir nglajengaken anggenipun paring dhawuh "miturut kabar sing tak weruhi awakmu iki anake wong wong wadon sing jeneng Kitu lan wong tuwamu lanang  jenenge Sawung. Nalika awakmu isih bayi abang, wong tuwamu wadon lagi antuk pacoban rupane lara panas. Wong tuwamu lanang banget ing susahe, banjur pamitan arep ngupaya tamba. Nanging garising pesthi sok ora padha karo sing dadi karepe sing nglakoni. Nalika wong tuwamu lanang metu saka omah golek tamba kuwi, ambarengi anane perang gedhe antarane Trah Brawijaya Lima musuh Brawijaya Girindrawardana sing wis tuwa umure. Sawung kepethuk karo prajurit sing gedhe sujanane, didakwa minangka mata pitaning mungsuh banjur dilunasi dadi lan patine".

"Bapak kula pejahipun awit dipun pejahi Prajurit? Prajurit pundi punika Kanjeng?" Darim nigas rembag dhawuhipun Bagindha Kilir.

"Aja takon dhisik, critaku durung rampung" Bagindha Kilir paring wangsulan dhateng Darim. Darim rumaos dipun sendhu dening Bagindha Kilir, mila lajeng matur :

"Nyuwun pangapunten Kanjeng".

"Andilalah ana salah sijining tanggane Sawung sing becik atine, mayite Sawung banjur dikukub digawa bali arep dirukti klawan samesthine. Tangga sing becik atine kuwi mau banjur waleh marang Kitu yen bojone mati merga anane salah pangira saka Prajurit sing lagi ngayahi wajib. Malah miturut kabar sing ditampa wong mau, kabeh warga desa papane Sawung lan Kitu manggon, wis kecathet minangka desane para mata-pitaning mungsuh lan bakal dipidana kabeh. Mula wong mau banjur ajak-ajak tangga teparone kalebu marang Kitu sing isih nandhang lara lan duwe bayi abang sing durung bisa apa-apa supaya lunga ninggalne desa kono lan golek urip dhewe-dhewe. Akeh sing padha lunga ngungsi menyang panggonane sanak lan tepungane. Nanging uga akeh sing olehe lunga ora ngerti panggonan sing arep diparani, butuhe bisa ninggalne papan kono, ngono wae. Kalebu Kitu sing wis ora duwe sanak lan ora duwe kadang, Kitu lunga saparan-paran, mlayu mangulon karo nggendhong bayine. Ora ngrasakne larane awak Kitu terus mlayu karo ngendhong bayine. Bareng wis oleh rong dina anggone mlaku, Kitu kentekan tenaga lan leren ing sapinggiring kali sing adoh lor adoh kidul ing tengahing alas sing kena diarani gung liwang-liwung.  Kajaba kentekan tenaga Kitu uga kentekan banyu susu, bayine sing ngelak lan luwe njaluk ngombe mung bisa kekejer anggone nangis. Sanadyan wis tanpa daya, nanging Kitu tetep mbudidaya murih bayine bisa meneng anggone nangis. Situ weruh yen ing sacedhake ana kali, karo ngrekasa Kitu nggremet nyedhaki kali arep njupuk banyu kanggo menehi ngombe bayine. Wis dadi kodrating Gusti, Kitu kepleset suket garing sing dipidaki kacemplung neng jerone kedhung, Kitu sing kajaba wis ora duwe daya uga ora bisa nglangi kuwi kelem lan mati ana sajeroning kedhung. Bayi sing ditinggal ana pinggiring dalan sapecak kuwi terus nangis kekejer sansaya banter. Nalika iku ing wit gedhe sacedhake kono, ana kewan sing aran Budheng lagi penekan golek pangan ngundhuhi wohe wit sing dipeneki. Budheng sing wulune ireng kuwi krungu suwarane bayi sing nangis banter, mripate clilang-clileng nggoleki dununge sing lagi kekejer nangis.

 

ana candhake.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...