-tumetesing rasa kangen kanggo sawargi Kyai Sukirna -
Kamdi sing wis weruh nek Marti wiwit keneng dijak guneman kanthi kepenak tanpa rasa sujana, sansaya ngati-ati anggone ngecakne panggiringe murih Marti enggal bisa mlebu ing wuwu sing dipasang. Manut petungane Kamdi, wong wedok nek wis tuwuh rasa welas marang wong lanang kuwi adhakane banjur gampang digiring supaya manut lan nurut sing dikarepake wong lanang, lan saiki Marti wis wiwit duwe rasa mesakne marang dheweke, dadi upama wong adang ngono kari sasumuban maneh wis mateng, nadyanta mangkono nek sing sasumuban kuwi ora pas olehe ngecakne bakal mbuyarake rantaman sing wis mlaku kanthi becik.
"Tak kira, aku ya kudu nyuwun pangapura maneh marang slirane lho Dhik" kandhane Kamdi sabanjure marang Marti.
"Kok wongsal-wangsul nedhi ngapura niku napa melih ta Mas?" Marti takon.
"Iya" wangsulane Kamdi "iki magepokan karo rasa pangrasa, sanadyan Slirane ora krasa, nanging gandheng akiu wis rumangsa luput, aku kudu nyuwun pangapura marang Dhik Marti".
"Lepat napa malih niku Mas?"
"Ngene ya Dhik" kandhane Kamdi karo panyawange manther marang praupane Marti "jane aku ya ngerti nek wong wis duwe anak bojo kuwi kudune yen nemoni masalah-masalah sing gawe kodhenging ati playune ya marang anak bojone dhewe".
"Inggih leres niku Mas" wangsulane Marti "malah nek perlu sampun ngantos tiyang sanes mengertosi masalahipun saderenge sisihane ngertos. Amargi saged nuwuhaken panyenges saking tiyang sanes, jalaran sing limrah tiyang niku nek kancane susah sok dipun paido, boten dipun sukani solusi malah nek perlu dipun obori, mula bojo punika mapanipun nomer setunggal kangge ngrampungaken prakawis ingkang mbok menawi ngodhengaken pikir".
"Kuwi bener Dhik" Kandhane Kamdi mbenerne kandhane Marti "nanging, nyatane aku ora bisa. Aja maneh kok nganti ngajak rembugan karo bojo, wong lagi kepethuk utawa weruh bojo wae nek ngene iki ati iki luwih dhisik olehe umub, ya jalaran mumete utek lan petenging ati iki sing dadi tuk utawa sumbere ora liya ya merga saking kelakuwane bojoku dhewe sing wis tumindak sedheng, kanthi sesidheman andum katresnan karo kancaku dhewe. Nanging, aku dhewe ya dadi ora ngerti bareng aku nyritakne wewadi iki marang Slirane, neng ati iki dadi mak plong, neng pikiran dadi bisa rada padhang. Kamangka kudune aku ora oleh nyritakne wewadiku dhewe iki marang slirane, kaningaya temen awakku iki, sanja pisan wae menyang omahe Dhik Marti ora arep andum kasenengan malah nggawa crita sing ngeres-eresi ati. Nanging piye maneh? Jujur ya Dhik, mung marang slirane wewadi iki tak critakne. Mula aku nyuwun pangapura marang Dhik Marti, sing kudune ora melu-melu, malah dadi melu mikir ruweting pikirku".
Krungu ukara-ukara sing diucapne kamdi ngono kuwi, Marti dadi sansaya trenyuh. Rasa mesakake marang wong lanang sing tau disengiti kuwi dadi sansaya gedhe. Pikirane Marti dadi melu nglambrang, nggambarake sepira rekasaning pikire Kamdi, wong lanang sing diremehne dening wong wedok, nanging ora bisa apa-apa awit rumangsa wis kalah sakabehane luwih dhisik. Panemune Marti, nek eneng wong wedok sing wis gelem slingkuh, kuwi drajate luwih asor tinimbang drajate kewan. Wong wedok wis duwe bojo kok isih seneng karo wong lanang liya kuwi luwih dening remeh tinimbang wong wedok sing dadi wadon palanyahan. Ora disadari dumadakan ing atine Marti thukul rasa sengit marang bojone Kamdi sing jarene Kamdi wis tumindak sedheng, slingkuh karo kancane Kamdi dhewe.
Sauntara kuwi, Marti sing lakuning pikirane wis katut lan kelu karo sing dicritakne Kamdi, pranyata beda adoh karo lakuing pikirane wong sing lungguh neng emper omahe. Ya iku Kadirin sing wiwit mau tansah ngulati saparipolahe sedulure ipe, wiwit Kamdi teka banjur lungguh neng emper karo ethok-ethok maca majalah, nganti Kamdi mlebu omahe Marti tansah diulatne lan dingon dening Kadirin sing banjur ora sida budhal Maghriban neng langgar, milih lungguh ndhepipis neng empere Marti kanggo nguping apa sing bakal dumadi sawuse Kamdi klakon bisa mlebu omahe Marti. Bareng Kadirin krungu olehe rembugan antarane Marti lan Kamdi wiwit kawitan nganti pungkasan, tuwuh rasa kuwatir ing atine. Kuwatir yen nganti Marti kapilut karo omongane Kamdi sing pinter gawe crita ngayawara. Pancen wiwitane mung saka rasa mesakne, nanging saka rasa mesakne kuwi adhakane banjur tuwuh rasa tresna, lan yen rasa tresna kuwi diturut mangka bakal nuwuhake kasangsaran sing ora ana enteke. Awit rasa tresna kang mangkono kuwi rasa tresna sing ora tuwuh amarga rasa sing ora sabenere. Luwih-luwih tuwuhe rasa tresna jalaran kena apus krama kang sinungging dening crita kang ngayawara.
Nggagas teka kono kuwi, Kadirin banjur duwe tekad kepengin aweh pitulungan marang Marti sing wis akeh labuh labete marang kulawargane. Aja nganti Marti, sanadyan wis dadi randha nanging pranyata isih lugu, kebacut mlebu ing wuwu pasangane Kamdi, sing Kadirin dhewe wis ngerti kaya apa kelakuwane Kamdi sing sabenere, wong lanang sing seneng ngabotohan lan seneng royal mburu seneng karo wong wadon palanyahan. Angen-angene Kadirin ngandhakake, yen nganti olehe rembugan wong loro antarane kamdi karo Marti kuwi ora enggal diendheg, mangka kuwi bisa mbebayani marang Marti. mBok menawa pancen bengi iki Kamdi durung bisa ngisep madu asmaraning Marti, nanging mbuh sesuk mbuh suk emben bisa uga kanthi suka lila Marti bakal masrahake kaswargan sing diduweni diobok-obok dening Kamdi. Lan yen wis kelakon kaya mangkono iku, banjur disusul ramening warta rewange Juragan Kadirin wis ngrusuhi Rumah Tanggane Kamdi, sedulur tuwane Sihmirah bojone Kadirin.
Klawan sangu gagasan kaya mangkono mau, wekasan Kadirin banjur nata atine, ngadeg banjur mlaku nyedhaki lawang omahe Marti sanadyan tutupan nanging ora kancingan.
"Kula nuwun....!" Karo uluk salam Kadirin nyurung lawang sing tutupan kuwi saka njaba, ndadekne lawang dadi menga.
"Mangga......" ora sranta Marti wangsulan karo namatne sapa sing lagi teka "oh juragane ta? Mangga".
Ora semaur apa-apa, Kadirin bablas mapan lungguh neng kursi cedhak karo kursi sing dilungguhi Kamdi.
"Lho Sampean ta Kang? Kok teng mriki?" Kadirin nambong nakoni Kamdi.
Kamdi sing babar pisan ora ngira nek Kadirin arep teka, dadi salah tingkah, karo suwara groyok, Kamdi banjur wangsulan :
"He eh, Dhik. Wong saka omahmu mau aku banjur mampir mrene".
"Lha Juragane niki wau ajeng dhawuh napa? kok kadhingaren mriki piyambak boten kengkenan?" genti Marti sing takon marang Kadirin.
"Ora ana apa-apa kok" Kadirin kapeksa ora blaka karo Marti "wong aku mau saka nggone Apan, kok pas noleh mrene omahmu isih padhang, mangka padatan isih sore rak wis petengan? tak kira nek ana apa ta apa? bareng tak parani kok aku krungu ana suwara wong lagi jagongan, mula aku banjur mlebu mau, kepengin ngerti sapa dhayohmu, jebulane kok Kang Kamdi wong rumangsaku maghrib mau Kang kamdi ki lagi neng omah kana".
"Iya Dhik, iki mau aku rak kepengin nglurusne salah paham sethithik antarane aku karo Make Hajir, wong kanthi ora sengaja aku wis tumindak rada kasar marang Make Hajir, dadi iki mau aku mung arep njaluk ngapura ngiras nglurusne salah paham kuwi supaya ora dadi ndhem-ndheman keling antarane Make Hajir karo aku" Kamdi aweh wangsulan rada dawa marang adhine ipe.
"O ngoten ta? nggih empun" Kandhane Kadirin karo manggut-manggtut sajak ngerti karo sing dikandhakne Kamdi, banjur ditutugne nganggo pitakonan "lha lajeng sampean mpun nedhi ngapura teng Make Hajir? Make Hajir mpun nyukani pangapura, salah pahame mpun bar ta?".
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar