- tumetesing rasa kangen kanggo sawargi Kyai Sukirna -
Oleh pitakonan sing kaya mangkono kuwi, Kamdi krasa nek lagi disemoni dening ipene, upama dicethakne ngono Kadirin arep ngandhani dheweke yen mung arep njaluk ngapura lan nggenahne olehe wis salah paham kudune ora kesuwen olehe mandheg neng omahe randha sing neng omah mung ijen tanpa ana kancane kuwi. Ing batin Kamdi ya rada gela kena semonan ngono kuwi, luwih-luwih sing nyemoni ipene dhewe, kadang ipe sing kapernah nom. Kamdi wis duwe panganggep nek Kadirin niyat arep ngrusuhi olehe arep seneng, utawa atake....... Kadirin tenane ya melik marang Make Hajir sing katon sumorot cahyane iki. Nanging kamdi isih rumangsa sungkan nek kudu najak padu adhine ipe kuwi.
"Iya wis rampung kabeh" wusanane Kamdi ngalah banjur aweh wangsulan nek urusane sing baku wis rampung.
"Lha nek empun nggih empun" kandhane Kadirin sabanjure "niki wekdale mpun rada wengi, timbang dadi rerasanane wong sing ora ngerti, kalih supads boten dados pangangen-angene mBakyu sing teng griya, mangga sak niki gek ndang wangsul mawon".
"Oh, Iya Dhik" wangsulane Kamdi disareh-sarehne sanadyan tenane gelane nyundhul pulung atine "wong olehku pamit mbakyumu mau ya mung arep niliki ponakane sedhela wae kok".
"Gek Make Hajir ya ndang leren" kandhane Kadirin genti marang Marti "jare sesuk arep mruput nggawekne sarapan wong sing matun neng sawah Gempol?".
"Nggih Gan" Marti wangsulan cekak.
"Aku tak pamit ya Dhik" Kamdi pamitan marang Marti sing di sambung kandha marang Kadirin "ayo dhik nek ngono, wong sepedhaku mau ya isih neng wetan omahmu kana kok".
"Nggih Mas" wangsulane Marti.
"Nggih, mangga" Kadirin ya wangsulan karo ngadeg banjur mlaku menyang lawang arep metu saka omah, Kamdi ngetutne ana mburine.
Marti nguntapne dhayoh-dhayohe nganti tekan lawang, bareng dhayohe wis rada adoh ninggalne omahe, lawange banjur ditutup, lampune dipateni, Marti mlebu kamare mapan leren. Sauntara Kadirin karo Kamdi ya banjur bablas bali. Tekan ngarep omahe Kadirin, jebul neng empere omah wis ana wong sing lungguhan neng kursi, padha jagongan karo udut-udutan, Apan, Simuh karo Jana. Kamdi nguwasi wong sing lagi padha jagongan kuwi sedhela, nanging ora omong apa-apa malah bablas njupuk sepedha montore sing diparkir neng wetan omah, banjur bablas lunga ora pamitan. Kadirin nyawang lungane sedulure ipe kuwi sedhela, banjur marani sing lagi umuk-umukan ana empere.
"Kok dhengaren bareng karo Mas Kamdi, saka ngendi iki mau Kang?" lagi wae Kadirin nyedhak, wis dipapag nganggo pitakonan dening Apan, adhine.
Kadirin ora enggal wangsulan, karo mapan lungguh malah ambegan dawa, nggresah nuduhne rasa jengkel ing atine. Apan, Jana apa dene Simuh ya wis ora ana sing wani nakoni maneh.
"Saka omahe Make Hajir" sawuse meneng rada sauntara Kadirin banjur wangsulan alon. Sing diwangsuli ora semaur, mung nyawang Kadirin karo mripat nyunarne tandha pitakon.
"Kang Kamdi ki ketoke arep kumat" kandhane Kadirin sabanjure suwarane digawe alon kuwatir yen krungu nganti tekan njero omah "wis pirang-pirang dina iki sajake lagi ngincer Make Hajir, lha iki mau konangan aku, terus tak memanuki. Wiwit bar maghrib mau mara nyang omahe Make Hajir, ngajak jagongan karo crita sing ora bener, merga nganti suwe ora bali-bali banjur tak susul mlebu tak kon ndang bali".
"Iya, jane aku ya wis krasa lan kober rasan-rasan karo Kang Simuh iki, karo Pakdhe Blendhus barang, wong pas sampean neng Rumah Sakit dhek emben, Mas Kamdi kober mrene nggoleki Make Hajir, nanging karo wong-wong diwarah nek Make Hajir sing mbok pasrahi tunggu omah wis suwe olehe turu, lawange wis dikancing saka njero. Wonge ya terus mulih, tak tawani kopi karo tela ya ora gelem" Apan banjur nyritakne kedadean sing tau dialami karo kanca-kanca Magersarine Kadirin sing ana gegayutane karo Kamdi.
"Ya wis, aja banter-banter ngrasani Kang Kamdi" wangsulane Kadirin alon "nek krungu sedulure wedok, marahi rame mengko".
"Iya, aku ya wis ngerti kok" Apan nyauti rembuge kakangane.
"Ning niki wau Make Hajir ketingale dereng kenging ta Gan?" Simuh genti takon marang Kadirin.
"Durung" Kadirin wangsulan karo nggedhegne sirahe "wong jan-jane ngono Make Hajir ki maune wis wedi karo Kang Kamdi, wong dhek emben tau arep disembranani neng amben pawon kono, tujune banjur konangan Hajir karo kanca-kancane. Bar kuwi banjur kanthi sesidheman Kang Kamdi nyoba arep marani Mak Hajir neng omah nek wayah bengi, nanging Make Hajir ethok-ethok ora krungu ya ora dibukakne lawang. Lha iki mau, Make Hajir dicegat neng emper kene banjur mulihe ditutne, durung kober nutup lawange, Kang Kamdi banjur nututi mlebu. Aku wiwit pisanan wis ngerti mula ya banjur tak dhedhep ana emper, njagani nek nganti Make Hajir dipeksa nuruti karepe wong sing lagi kesusupan dhemit kuwi".
"Lha nanging kok ngantos dangu temen Gan?" Jana sing genti takon "criyose wiwit bar maghrib? kok nganti yah menten nembe metu?"
Kadirin mesem, banjur meneng ora enggal wangsulan, liwat kaca omahe sing durung ditutup nganggo kordin, Kadirin weruh Sihmirah mlaku metu karo nggawa tompo, ketoke isi tela godhog karo nyangking ceret isi wedang kopi, sing kulinane kanggo nyawisi para Magersari sing padha rondha jagongan ing empere.
"Lha sidane Pake Lasmi mau nang ngendi ta? Kok pas Lik Apan mrene mau jarene ora eneng ki?" karo nyelehne gawane neng meja, Sihmirah takon.
"Aku ta?" Kadirin wangsulan "Anu mau bar saka langgar, diceluk Pak Uceng Radi dijak rembugan olehe arep Nglampet neng Dam Dhawuhan suk emben, terus lagi bali iki mau".
"O alah, tak kira neng ngendi? wong adadte ki nek lunga ki omong aku dhisik, kok iki mau ora? jebul mung diampirne Pak Uceng ta?" Sihmirah banjur mlebu omah maneh arep nunggoni Lasmi, anake sing sih bayi, sing turu ijen neng jero kamar.
"Ngene lho Na" kandhane Kadirin klesik-klesik sawise sing wedok bali mlebu omah maneh "jenenge Kuwuk ki nek arep nubruk pitik, kuwi nganggo cara, disangkani saka sethithik. Lha sawise dicoba nganggo cara kasar jebul ora kasil, banjur dicakne cara sing alus, api-api mara njaluk ngapura jare wis ngrumangsani lupute lan sapanunggalane, mesthi wae nganggo basa sing alus, sing bisa ngluluhne atine sing diparani, lha nek wis klena, lagi siyunge diisis banjur kurbane disedhot madu sarine nganti sat, nek wis bar ya banjur ditinggal kleyar, nek perlu banjur dibuwang neng pauwuhan utawa dikelekne neng kali ben gak ngambon-amboni. Ngono kuwi sing kulina dilakoni bajingan-bajingan tengik. Lha iki mau sajake Make Hajir lagi arep dibudidaya murih percaya luwih dhisik, nek uwis lagi dienteni klenanane. Ngerti?".
Jana manthuk-manthuk karo mesem, ngerti sing dikandhakne juragane ngono kuwi mau.
"Bolak-balik ki sing marahi ya Marti dhewe kok........" dumadakan Simuh grenengan ijen, nanging bisa dirungokne kancane jagongan.
"Marahi sing kepiye?" Kadirin takon semu gumun.
"Marahi nggih niku" wangsulane Simuh karo mesem "sansaya dangu Make Hajir niku sansaya ketok seger, dhasar ayu thik lencir kuning, ora mokal nek akeh sing dadi koming.........".
Kabeh sing krungu omongane Simuh banjur padha ngguyu, klebu Kadirin ya melu ngguyu.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar