-tumetesing rasa kangen kanggo sawargi Kyai Sukirna -
Kamdi krasa nek Marti wiwit kena dikendhalekne, atine surak nanging lahire digawe sansaya memelas. Dunadakan Marti kelingan, dhek emben pas Juragane neng Rumah Sakit kae, Kamdi nate tumindak sing murang susila marang dheweke, saupama wektu kuwi Hajir karo kanca-kancane ora tumuli teka rame-rame, Marti ora bisa nggambarake apa sing bakal tumiba ing awake. Polatane sing dhelk mau wiwit katon thukul rasa welas lan mesakne, saiki bali dadi sengit, polatane Marti bali murup lagi ngendhem kanepson. Kaya bisa maca isi atine Marti, Kamdi gageyan nutugne rembuge kanthi suwara sing ngasih-asih ngarep-arep sih kawlasan :
"Aku ya arep nyuwun pangapura marang Slirane Dhik Marti" muni ngono kuwi Kamdi karo nyawang praupane Marti "ya merga saka tumindake Ibune bocah-bocah kuwi sing kerep ndadekne aku lali, kepengin males rasa lara ing ati, nganti tumindakku ngawur, kaya dhek emben sing wis wani kurangangajar marang Slirane kae. Sepisan maneh tulung welasana Kamdi sing apes lan ngawur iki, apuranen sakehing luputku marang slirane, tenan aku janji ora arep mbaleni tumindak sing murang susila kaya dhek emben kae".
Marti ora gage anggone semaur, Kamdi disawang katon yen memelas banget polatane. Marti nggagas dadi olehe tumindak Kamdi ngana kae ora sabene, nanging kesurung ati bingung, rasa gela, cuwa, anyel lan mangkel dadi siji, temah ndadekne laline. Nek saiki Kamdi wis ngakoni lupute, lan jani ora arep mbaleni tumindak sing nasar ngana kae, apa alane yen dheweke aweh pangapura? Pancen manungsa kuwi papane lali lan luput, wong yen wis eling saka laline lan nggetuni kaluputane, janji arep ora mbaleni, sarta wis gelem njaluk pangapura, pancen wajibe kudu dingapura. Wong Gusti Allah wae bakal maringi pangapura marang titah sing dosane nganti sundhul langit paribasane, yen titah mau gelem nyuwun pangapura. Ya gene Marti sing mung drajate titah sing uga kasinungan lali lan luput ora gelem aweh pangapura?.
"Sak jane ya mung arep ngandhakne perkara kuwi lan njaluk pangapura iki aku bola-bali mara mrene Dhik Marti" kandhane Kamdi sabanjure "nanging embuh merga slirane wis sare tenan, apa mung merga slirane wis kebacut sengit lan gila weruh menungsa kebak dosa iki, saben-saben aku mrene lan nyoba nyeluk Dhik Marti, ajeg ora oleh wangsulan. Malah lampu omah kabeh mati, peteng dhedhet kahanane. Mula sore iki mau aku nekad mara, mung beteke kepengin njaluk pangapura marang slirane".
Krungu rembuge Kamdi sing alus lan keprungu melas ngono kuwi, Marti sing mau arep kobong atine, malih tuwuh rasa welase. Luwih-luwih nalika Marti nglirik, Kamdi ketok ndhingkluk amarikelu ketara yen banget anggone nggetuni tumindak sing ora bener sing tau ditibakne marang dheweke.
"Kula nggih nyuwun pangapunten Mas" Marti aweh wangsulan suwarane alus "jalaran inggih saking raos jinja, kula lajeng nggadhahi raos ajrih dhateng panjenengan. Mila sanajan kula mireng Mas Kamdi nyeluki kula, nanging kula api-api sampun tilem kepati, jalaran kula ngrumaosi ringkihe awak kula, ingkang boten badhe saged suwala menawi ngadhepi tiyang jaler ingkang gagah prakosa".
"Slirane ngono kuwi wis bener lan ora luput Dhik" kandhane Kamdi "merga slirane nindakne laku pangati-ati, lan nyujanani wong sing tau tumindak ala kuwi wis bener, ngedohi lan gila marang wong nasar kaya aku kuwi ya wis sak pase. Upama slirane ora percaya karo sing tak kandhakne mau, kuwi ya wis sak mesthine. Ora luput, pancen wong kaya aku iki wis ora pantes dipercaya omongane. Aku ya ora arep nesu nek slirane ora ngandel karo kandhaku, aku wis cukup lega slirane gelem ngrungokne kandhaku mau. Lan sing baku aku wis nyuwun pangapura marang slirane, dene diwenehi apa ora kuwi aku ora ngerti, nek dingapura ya sokur dene ora ya uwis aku wis iklas nampa pidana saka Sing Maha Adil".
Tembung-tembung sing metu saka Kamdi sansaya keprungu ngasih-asih kebak rasa getun, malah semu ngarah marang rasa "putus asa" . Kuwi sing ndadekne atine Marti tuwuh rasa welas rasa mesakne marang Kamdi, wong lanang sing gagah prakosa, sentosa bebaune, nanging atine lagi ketaman rasa sedhih, pikirane lagi kuwur, temah rumangsa wis kentekan pangarep-arep kanggo bisa urip sing ora disepelekne dening sapepadhaning titah.
"Nggih boten kedah makaten anggenipun Mas Kamdi nampi" wusana alon nanging cetha Marti wiwit omong nanggapi critane Kamdi "sedaya tiyang niku mesthi nate tumindak lepat. Lan sak sae-saenipun tiyang ingkang tumindak lepat niku ingkang purun ngakeni kalepatanipun saha purun nedhi pangapura loan janji boten ajeng mbaleni tumindakipun ingkang lepat kala wau. Mula saenipun Mas Kamdi sampun kesangeten anggenipun rumaos lepat, kula iklas lahir batin sampun ngapura sedaya tumindakipun Mas Kamdi dhateng kula".
Krungu wangsulane Marti sing ngono kuwi, ora sranta Kamdi ngadeg banjur nyedhaki Marti, tangane Marti dicandhak disalami karo diambungi kaya patrape bocah cilik sing ngambungi tangane wong tuwane ngana kae. Karo luh sing drodosan metu saka mripat Kamdi bola-bali ngaturake panuwune. Tata gelar Kamdi njaluk ngapura, nanging sejatine Kamdi wis kepengin bisa nyekel tangane Marti sing drijine mucuk tanjung kuwi, mripate ndrdodos ngetokne eluh, lambene ndremimil ngaturne panuwun, nanging atine surak ambata rubuh, rumangsa nek cara sing dicakne bakal antuk gawe.
Marti sing wis kebacut percaya, babar pisan ora weruh apa sing ana jero atine Kamdi, gageyan olehe kandha :
"Sampun Mas, mangga lenggah malih mrika, saestu kula sampun pitados dhateng Panjenengan".
"Iya Dhik, matur nuwun banget" Kamdi wangsulan karo bali lungguh neng kursi, dudu kursi sing dhek mau dilungguhi, nanging Kamdi milih lungguh neng kursi sing luwih cedhak karo kursi sing dilungguhi Marti "nanging aku kudu jujur, ora bisa nyelaki suwara batinku dhewe".
"Suwanten batin napa malih Mas niku?" Marti takon ora mudheng karo sing dikarepne Kamdi.
"Sasuwene aku urip neng donya, lagi iki aku kepethuk wong wadon sing sempurna tanpa cacad lahir lan batine" wangsulane Kamdi karo nyawang praupane Marti.
"Tiyang ingkang sampurna niku boten wonten Mas" wangsulane Marti sing rumangsa seneng merga ngerti nek dialembana dening Kamdi "saben tiyang niku gadhah kasaenan inggih gadhah kekirangan".
"Kuwi bener Dhik" Kamdi nindhihi rembug "nanging slirane iki salah sijining wong wadon sing pilihan tenan, kasetyane Dhik Mardi marang Pak-e Hajir ora luntur babar pisan sanadyan wis sauntara tahun ditinggal seda, ora gampang kepilut karo wong lanang sing nyoba nyedhaki Slirane kepengin ngajak mbangun rumah tangga anyar, kabar nek Dhik Marti kuwi jane akeh sing ngarepake gelema dadi bojone, nanging Dhik Marti kukuh wangsulan yen durung bisa nglalekne sawargi Pake Hajir. Kuwi sing sansaya marakne aku mundhak kagum marang Dhik Marti, mendah iba senenge sawargi neng kanane bisa duwe sisihan sing kasetyane kaya Dhik Marti iki".
"Ah, Mas Kamdi niku kok nggih saged mawon lho" Marti wangsulan karo mesem "kula niki jane ngoten nggih boten ngoten niku Mas, upami wonten tiyang jaler ingkang ngajengi kula gek ndelalah nocogi kalih manah kula, kula inggih badhe purun emah-emah malih. Wong rumiyin saderenge ngajal, Pake Hajir nggih sampun ninggal weling, menawi salah satunggal saking kula ngrumiyini ngajal, mangka ingkang kantun dipun prayogekaken emah-emah malih, namung kedah ngatos-atos sampun ngatos klentu ing pamilihipun".
Ora krasa, wong loro kuwi wiwit bisa jagongan kanthi kepenak tanpa rasa sujana apa-apa. Pancen wektune isih sore, wong loro seje jinis sing lagi jagongan kuwi dianggep lumrah wae. Kamdi dadi sansaya seneng, olehe masang wuwu wis arep ketok ana asile. Marti randha anak siji kuwi sansaya suwe disawang sansaya ketok ayune.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar