Total Tayangan Halaman

Minggu, 21 November 2021

GEMBILI ING PAGER SATRU (10)

 

-tumetesing rasa kangen kanggo sawargi Kyai Sukirna -

 

Kamdi wis nemu cara kanggo nelukne Marti, isih durung surup srengenge Kamdi wis teka neng omahe Kadirin, macak bagus kaya wong arep budhal kondangan. Ora mlebu lan lungguh neng kursi njero omah, nanging Kamdi milih lungguh neng emper ngarep karo maca Majalah. Olehe mangkono mau jane ngono, Kamdi duwe karep arep  sawayah-wayah Marti bali saka omahe Juragane arep ditutne, dadi ora ana kalodhangan tumrap Marti kanggo nutup lawang omahe kanggo dheweke, lha mengko nek wis bisa mlebu omahe Marti, bakal luwih gampang olehe arep nelukne atine Randha anak siji nanging isih katon mencorong prabane kuwi.

 

Rancangane Kamdi pancen nyata, bubar maghrib Marti pamitan arep mulih, sawise kabeh gaweyan neng omahe juragane dirampungne. Marti ora ngerti nek saparipolahe wis diawasi dening Kamdi sing ethok-ethok maca majalah neng emper omahe juragane. Merga Marti ora ngerti, olehe mlaku mulih ya ora beda karo padatan. Ora tolah-toleh, butuhe mlaku ngener menyang omahe lan sing dipikir nek wis tekan omah ya arep enggal leren. Kamdi sing ngerti nek Marti ora weruh yen lagi diengon saparipolahe, mesem sajroning atine. Pikirane wis ndhisiki, yen sedhela maneh olehe wis suwe ngampet rasa marang Randha ayu lencir kuning sing rambute dawa ngandhan-andhan kuwi bakal bisa diwujudne. Weruh nek Marti wis mlaku mulih, Kamdi banjur lon-lonan ngetutne kanthi meneng-menengan, atine Kamdi dadi sansaya seneng merga weruh yen Marti temen-temen ora ngerti nek ana sing mlaku neng mburine. Olehe ora ngerti Marti kuwi padha karo olehe ora ngerti Kamdi nek satemene wiwit dheweke lungguh neng empere omahe Kadirin mau ana sapasang mripat sing kanthi sesidheman tansah ngulatne saparipolahe.

 

Kaya padatan, tekan omah Marti ya banjur nguripne lampu. Karo nguripne lampu omahe Marti mesem dhewe, uripe lampu kuwi ora suwe, merga kanggo njagani sing ora-ora, ajeg saben bar ngisak cengkling lampu-lampu neng jero omah kuwi mesthi banjur dipateni kabeh, bareng karo dikacinge lawange. Rampung nguripne lampu, Marti banjur mlebu kamare arep salin klambi, ganti arep nganggo dhaster sing longgar kaya lumrahe nganggo sandhangan nek wektu ana omah. Ya pas Marti mlebu kamare kuwi Kamdi mlebu, lawange omah sing maune menga alon-alon banjur ditutup, mripate Kamdi milang-miling nggoleke kancing lawang, nanging ora  ketemu, wasana lawang omah kuwi cukup ditutup rapet nanging ora dikancing. Pikire Kamdi sanajan ora dikancing ya ora apa-apa wong olehe mlebu omah kuwi mau ora ana sing weruh wae, dadi ya aman.

 

Bubar salin dhaster, Marti metu saka kamar arep nguripne Televisi Hitam Putih lungsuran saka nggone juragane. Nanging sepira kagete Marti lagi wae dheweke mbiyak slambu kamar sing ora ana lawange kuwi, neng ngarepe Kamdi wis ngenteni. Drijine penudinge tangan kiwa ditemplekne neng lambe aweh sasmita supaya marti ora nyuwara, tangane tengen dilebokne menyang sak clanane. Marti ndhredheg wel-welan, nanging pikirane isih bisa mlaku kanthi becik. Ngerti nek Kamdi ngongkon supaya dheweke meneng, Marti banjur omong nganggo suwara alon, rasa wedine disingadake.

 

"Ajeng napa Mas? Mangga pinarak teng kursi mrika lho" kandhane Marti karo nudingi kursi sing padatan dienggo lungguh nek ana wong sing mara nyang omahe.

Kamdi mesem, nggagas nek Marti bisa dijak rembugan, bisa digendhing murih nuruti apa sing dadi karepe.

 

"Kaget ta Dhik?" Kamdi takon karo mesem "pancen tak jarak kok, aku seneng wong ayu ki nek kaget dadi sansaya ayu wae. Ora, aku mung kepengin dolan neng omahmu kene kok, ora arep ngapa-apa".

 

"Nggih, mangga lenggah teng kursi mrika" wangsulane Marti ditatag-tatagne.

 

Kamdi ngalih banjur lungguh neng kursi sing ditudingi Marti, pikirane wiwit ngandhani atine supaya ora grusa-grusu nggone arep ngajak seneng Marti.

 

"Ya aku nyuwun pangapura, nek olehku mara dolan mrene ora ing wektune wong sanja" kandhane kamdi sawise mapan lungguh lan Marti uga wis lungguh ing waliking meja.

 

Marti ora semaur, mung meneng wae gagasane Marti lagi nggoleki piye carane supaya wong lanang sing isih sedulure juragane wedok kuwi enggal-enggal lunga saka omahe.

 

"Merga, golek wektu sing pas kuwi pancen rada angel" kandhane Kamdi maneh sawise Marti mung meneng wae "arep mara mrene awan-awan kuwi, slirane ajeg nek ora ana omah repot ngurusi gaweyan, arep mrene rada wengi sithik, Dhik Marti wis sare, mula aku ya nyuwun ngapura nek olehku mrene ing wektu kaya saiki iki".

 

Suwe Marti ora semaur, pikirane durung nemokne dalan piye carane nundhung Kamdi saka omahe.  Nanging Kamdi ya ora ndheseg njaluk diwangsuli, malah banjur ngetokne rokok saka sak klambine, nyeler sak ler banjur disumet, disedhot pegane, karo nyawang praupane Marti sing saka rumangsane Kamdi mundhak sansaya ayu timbang padatane. Saka praupan panyawange Kamdi mudhun sethithik, nganggo dhaster ngono kuwi Marti dadi luwih mencutake maneh, pikirane Kamdi sansaya adoh nggambarake kaendahan-kaendahan sing sampurna sing mung diduweni dening Randhane Taslim kuwi.

 

"Jane Mas Kamdi mriki niku ajeng gadhah kersa napa ta?" disawang karo mripat sing rumangsane Marti nggegirisi kuwi, Marti sansaya mundhak risi, gandheng durung nemu cara sing dikarepne, Marti banjur takon ngono wae.

 

Kamdi ngguyu lirih.

 

"Dhik Marti aja salah tampa banjur duwe pangira nek aku arep neka-neka marang Dhik Marti"  kandhane Kamdi.

 

"Lha enggih panjenengan mriki niku ajeng napa?" pitakone Marti keprungu pedhes.

 

"Repot olehku arep miwiti omong Dhik" kamdi wangsulan nadhane keprungu sedhih, eseme wiwit ilang, malah banjur nyedhot ambegan rada landhung "atiku lagi susah, pikiranku lagi kuwur, batinku krasa peteng.......".

Bubar muni ngono kuwi, Kamdi banjur pasang ulat murung, kaya wong sing lagi bingung . Marti gumun karo sikep sing dituduhne Kamdi ngono kuwi, nanging atine Marti luwih cepet olehe ngandhani nalare supaya ora ninggalake kaprayitnaning batin.

 

"Lha nek nembe susah kok malah mara mriki ta Mas?" Marti nanggapi gunemane Kamdi, suwarane wiwit ora galak maneh "kudune rak nggih damel rembagan kalih mBakyu, kersane saged wangsul padhang malih".

 

Kamdi gumuyu lirih, nanging guyune nuduhne nek guyu sing pait.

 

"Lha wong sing marahi petenging atiku kuwi mBakyumu, kok slirane ngongkon aku ngajak rembugan dheweke?" kandhane Kamdi sabanjure "Ibune bocah-bocah ki wis gawe laraning atiku, lara sing wis ora bisa ditambani maneh, kuwi sing ndadekne aku bingung, kudu piye?".

 

"Kok saged ngaten?" Marti wiwit kepengin ngerti karo sing dikandhakne Kamdi. Kamdi sing rumangsa nek Marti wis mlebu ing pasangane, mesem sajroning batin, ulate digawe sansaya peteng, karepe murih Marti luwih gelem migatekne marang sing arep dikandhakne.

 

"Ibune bocah-bocah kuwi wis slingkuh karo kancaku dhewe" kandhane Kamdi karo ngusapi mripate dhewe "aku pancen kalah sakabehane karo slingkuhane bojoku kuwi, dheweke luwih nom, luwih sugih, luwih bagus, isih jaka pisan, aku wis ora bisa apa-apa nek ngene iki".

 

Saka mripate Kamdi ketok ana luh sing wiwit mili, Kamdi bener-bener ketok nek lagi susah lan sedhih. Pancen Kamdi wasis nek mung arep main sandiwara ngono kuwi, wong dhasare Kamdi biyen ya tau melu melok gladhen Kethoprak neng desane. Marti wiwit suda sujanane marang tamu sing maune dikuwatirake tekane kuwi.

 

 

ana candhake.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...