-tumetesing rasa kangen kanggo sawargi Kyai Sukirna -
Kadirin sing nampa wadulan saka Marti dai rada bingung olehe arep nanggapi. Kadirin luwih percaya yen apa sing diwadulake Marti kuwi akeh benere, merga Kadirin wis apal karo teku lan kelakuwane Kamdi sedulure Ipe kuwi. Nanging Kadirin ya ngerti nek bojone kuwi tansah aweh pambela marang kakangane, ora tau gelem percaya yen ana wong crita bab mrusal lan ora genahe si Kamdi. Ana kedadean apa wae, Kamdi mesthi bener, ora ana lupute, ngono kuwi pangangepe Sihmirah marang sedulure lanang. Mula Kadirin nggagas, nek nganti dheweke meneng wae ing perkara sing diwadulake Marti iki, tan wurunga bakal klakon Marti dadi kurbane Kamdi. Nanging yen dheweke tumindak kamangka kuwi ora ana bukti sing cetha wela-wela sing ora kena dibantah, mangka bakal nuwuhake pasulayan antarane dheweke kari Sihmirah, bojone, munggahe tekan mara tuwane barang.
"Ngene wae Make Hajir" wusana Kamdi mangsuli wadulene Marti "kanggo sauntara kowe sing sabar, sing penting nek kowe panggah duwe sikep kaya saiki, arepa kaya ngapa polahe Kang Kamdi ora bakal bisa njebol pertahananmu. Nek kowe neng omah, ya tetep tutupen sing rapet lawange omahmu, aja pisan-pisan mbok olehi wong kuwi mlebu. Nek kowe ana omah kene, usahakna aja nganti kijenan. Lha aku tak mikir piye carane murih Kang Kamdi bisa ngendheg nggone arep tumindak ora genah marang awakmu".
"Nggih Gan, matur nuwun" wangsulane Marti.
Dinane Kemis Kliwon, embuh apa sing dadi sababe, wiwit esuk wewayangane Taslim tansah kumanthil-kanthil neng mripate Marti. Marti ya kelingan nek dina kuwi, dina geblage sing lanang. Saking ora kuwat ngempet rasa kangen marang sing lanang sing wis entek slametane kuwi, Marti banjur kandha marang Sihmirah nek arep ngajak Hajir niliki kuburane Taslim. Sihmirah iya wis ngolehi lan meling supaya ngati-ati, aja nganti Marti njaluk-njaluk marang kuburan sing ora duwe daya kekuwatan apa-apa. Sorene kira-kira jam papat, Marti sida budhal nyekar menyang kuburane Taslim karo ngajak anake lanang. Sak jane ngono Marti ki ya ora klebu kerep nyekar ngono kuwi, setaun durung karuwan pisan dheweke ngendhangi kuburane bojone. Iki mau olehe nyekar, ya merga anane rasa kangen sing angel disuyuti wae, banjur rasa kangen kuwi arep disuntak ing pusarane wong sing dikangeni.
Wis dadi padatan kuburan kono kuwi nek dina Kemis sore akeh wong-wong sing padha ziarah kubur, dadi nek dina Kemis ngono kuwi kuburan ora tau sepi. Kaya sore kuwi, pas Marti tekan kono, neng regol wis akeh kendaraan sing diparkir, mratandhani nek sing nyekar neng kuburan akeh. Ana pit montor, lan uga ana mbil barang. Marti nyopot sandhale dhewe karo sandhale anake lanang uga dicopot, banjur dititipne neng regol kono.
"Arep nyekar ki pa kudu nyopot sandhal ta Mak?" Hajir sing durung ngerti karepe apa kok ndadak nyopot sandhal kuwi takon menyang make.
"Dhawuhe mBah Kyai kae, becike wong mlebu kuburan ki ngajeni karo sing dikubur neng kuburan, kanthi nyopot sandhale Le" wangsulane Marti "wis ayo ndang mara nyang kuburane Pakmu".
Bocah kelas siji SD kuwi ora semaur banjur ngetutne Make sing jare arep nuduhi ing ngendi Bapakne sing asli disarekne.
Tekan cedhak kuburane Taslim, Marti rada kaget, kira-kira kacek sajangkah ing wetane pusarane Taslim ana wong sing uga lagi nyekar ing sawijining pusara sing lagi dingerteni dening Marti sore kuwi. Nanging Marti ya ethok-ethok ora nggatekne wong lanang sing lagi lungguh ndonga ing cedhak pusara kuwi. Malah Marti banjur mapan lungguh ing cedhak maesane sing lanang banjur ngandhani anake :
"Ya neng kene iki Pakmu disarekne Le, wis kono ndang ndonga menyang Gusti Allah nyuwunke pangapura marang bapakmu".
"He eh, ora nyuwun apa ta apa nyang Bapak Mak?" Hajir takon.
"Ora, ora becik ngono kuwi" wangsulane Marti ngiras ngandhani anake "neng kana kuwi Bapakmu wis ora bisa apa-apa, sing diarep-arep kari dongane anake. Wis gek ndang ddidongakne".
Ora wangsulan Hajir banjur ngangkat tangane karo lambene umak-umik maca donga. Marti dhewe kajaba ndonga ya banjur ngeling-eling kabeh weling sing tau dikandhakne marang dheweke nalika Taslim isih urip biyen. Meh wae arep kawetu marang kuburane sing lanang kuwi perkara tumindake Kamdi sing wis ngganggu katentremaning uripe. Nanging ora sida, Marti kelingan nek wadul marang wong sing wis ora ana kuwi ora ana gunane.
Kira-kira limang menit Marti karo Hajir neng kuburane Taslim, banjur arep bali. Pas Marti ngadeg, mbarengi karo ngadege wong sing nyekar neg pusara sawetane pusarane Taslim kuwi.
"Ziarah sinten Bu?" wong kuwi takon karo mesem sajak kurmat marang Marti.
"Anu, Bapakipun si Thole" wangsulane Marti uga karo kurmat.
"Oo, keng raka ta?" wong mau takon maneh "sampun dangu nggih? Gajege, pas rayat kula disarekne nika pasareyanipun keng raka punika sampun wonten?".
"Inggih Pak" Marti wangsulan "antawis sampun meh sekawan tahun. Menawi Ibuk punapa sampun dangu?".
"Oo nek ngoten nggih radi dangu kaotipun kalih rayat kula niki" wangsulane wong kuwi "tiyang sewunipun rayat kula niki nembe wulan ngajeng punika kok".
"Inggih Pak" Marti nanggapi "tiyang bapakipun thole punika sewunipun sampun setahun kapengker kok".
"Dalemipun pundi ta Bu? Ibu ngagem asma sinten?" wong kuwi takon maneh.
"Kula namung, kidul mriku niku kok Pak., nami kula Marti nek tiyang-tiyang mriki ngarani nggih Make Hajir ngaten. Lha Bapak dalemipun?" Marti genti takon.
"Griya kula tebih kok Bu" wong kuwi wangsulan "kula saking Oro-Oro Ombo Madiun, nami kula Pak Harun. Nek rayat kula niki riyin asline kilen peken mriku, ning keluwargane sak niki nggih empun telas sedaya".
"Inggih, mangga Pak" Marti wangsulan ngiras pamitan.
"Inggih mangga-mangga, kula nggih ajeng terus wangsul kok niki" wong kuwi wangsulan sing uga banjur mlaku rada adoh njejeri lakune Marti.
Tekan regol Marti lagi ngerti nek Mobil biru sing diparkir neng cedhak regol kuwi mobile Pak Harun. Nanging Marti ya wis ora migatekne maneh, merga lakune banjur ungkur-ungkuran. Pak Harun mengulon nek Marti mangetan.
Karo mlaku mulih Hajir takon menyang Make :
"Kae mau sapa Mak? wonge karo Make kok basa ki?".
"Pak Harun wong Madiun" wangsulane Marti.
"Pak Harun mau ya nyekar ya Mak? padha ambek Make, ora nggawa kembang".
"Iya" Marti mangsuli "nyekar Bu Harun sing olehe seda sawise Bapakmu seda".
"Waa, Bapak neng kana dadi duwe kanca ya Mak?"
"Lha kok ngono?"
"Lha Bu Harun kuwi? kuburane rak sandhinge kuburane Pak-e? neng kana dadi kancane Pak-e. Lha Pak Harun saiki ya dadi kancane Mak-e, iya ta Mak?".
"Ya ora, wong Pak Harun ki daleme adoh, neng Madiun kana" wangsulane Marti karo mesem.
"Iya dhing" Hajir nyauti rembug "kanca, ning kanca sing omahe adoh".
"Iya" wangsulane Marti karo mesem. Ngesemi cara mikire anake lanang sing isih polos lan prasaja banget. Pikirane bocah sing isih suci durung kecampuran apa-apa.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar