Total Tayangan Halaman

Sabtu, 20 November 2021

GEMBILI ING PAGER SATRU (O8)

 

-tumetesing rasa kangen kanggo sawargi Kyai Sukirna -

 

Sihmirah karo bayine wis digawa bali, kahanane sehat ora kurang sawiji apa. Bayi wadon anake Kadirin kuwi banjur ditengeri klawan jeneng Lasmini Indraswati, julukane Lasmi. Sanajan isih bayi, Lasmi wis ketok yen ing tembe lamun wis gedhe bakal dadi bocah sing ayu rupane. Dhasar pakulitane kuning, rambute ketel, alis, mripat, irung, lambe, janggut kabeh sarwa becik. Ora mung wong tuwane wae sing duwe rasa seneng marang Lasmi, sanadyan Marti uga kasok tresnane marang bayi sing diakokne dadi adhine Hajir si anak lanang. Sak jege ana Lasmi, tekane Marti neng omahe Jurgane dadi luwih esuk lan baline dadi luwih wengi. Kadirin apa dene Sihmirah uga ngerti lan bisa ngrasakne nek Marti sak jege ana Lasmi iki, dadi mundhak sregep olehe ngawula ing omah kono. Gaweyan-gaweyan sing kulina ditandangi sasuwene iki tetep ditandangi kaya padatan banjur ditambah gaweyan anyar yaiku mbantu Sihmirah sajrone ngrawat bayine. Kang mangkono kuwi wis lumrah yen Kadirun lan Sihmirah banjur sansaya asih marang rewange sing wis ora duwe bojo kuwi. Kadirin apa dene Sihmirah uga ora nglalekne marang Hajir sing wis dadi anak pupone, sanajan wis duwe anak dhewe nanging katresnan marang Hajir ora suda kepara malah sansaya gedhe. Hajir dhewe, bener-bener wis nganggep nek Kadirin kuwi Bapake lan Sihmirah kuwi Ibune, mula ya sok ngalem barang marang kekarone. Sing dialemi ora nesu nanging malah wuwuh rasa tresnane.

 

Mundhak dina panguripane Marti uga mundhak dadi sansaya becik, merga mung duwe tanggungan ngopeni awake dhewe thok, Marti malih bisa macak sing luwih pantes, merga saiki Marti wis ora eman ngetokne dhuwit opah olehe dadi rewang kanggo  nyandhang lan kanggo macak, ngge tuku klambi apa dene wedhak. Mundhak dina Marti sansaya mundhak ayu lan mundhak mencutake, Marti bener-bener wis dadi Randha sing kerep dadi pocapan wong lanang-lanang sing padha kepencut marang dheweke. Ora sethithik wong lanang sing mbudidaya nyedhaki Randha ayu sing seger nengsemake ati kuwi. Ana sing anggone nyedhak mengku karep kepengin ngajak Marti urip bebarengan, mbangu rumah tangga. Nanging ya ana sing olehe nyedhak mung kasurung hawa nepsu merga kepencut kasulistyane Randha anak siji kuwi.

 

Marti ya weruh lan bisa ngrasakne nek keri-keri iki dheweke dadi incerane wong lanang-lanang. Nanging Marti isih kelingan karo kandhane jenate Taslim nalika Hajir isih cilik biyen.

"Sing bisa ndadekne Hajir dadi bocah sing becik lan tembene dadi wong sing ana gunane kuwi ora mung nek awake dhewe bisa nuruti kabeh pepenginane wae Makmu" kandhane Taslim jaman semana "nanging sing luwih baku ya kuwi carane nandukne rasa tresna marang Hajir. Nek nganggo istilahe wong pinter ngono, sing baku kuwi awake dhewe kudu luwih munjerake perhatian marang anake dhewe iki. Mula sanajan repota sing kaya ngapa, aja nganti awake dhewe banjur nyuda perhatian marang anak".

 

"He eh Kang" wangsulane Marti wektu kuwi "pancen bocah ki nek nganti kekurangan kasih sayang saka wong tuwa, dadine ya ora becik, sok dadi bocah nakal sing angel kandhanane ngana kae".

 

"Iya, mula awake dhewe aja nganti mung mburu kasenengane awake dhewe thok. Anak dadi klendran kuwi akeh-akeh merga wong tuwane mung mikir senenge dhewe ora ana wektu kanggo memperhatikan anake, nek anake rewel merga butuh kasih sayang malah diapusi nganggo dhuwit, ben ora rewel merga perhatiane bocah banjur ngalih marang seneng jajan lan seneng tetukon dolanan lan liya-liyane. Mulane, saupama, iki mung saupama lho?!?"

 

"Saupama piye Kang?" Marti takon merga Taslim ngendheg olehe arep omong.

 

"Saupama nganti wong tuwa mati salah siji, sok-sok anake dadi klendran. Merga sing ditinggal mati ya banjur mikir olehe golek gantine sing mati, nek wis entuk ganti kawigatene banjur ngalih marang sing anyar kuwi. Anake dilalekne merga ketutup mburu senenge dhewe. Luwih-luwih nek wong tuwane pegatan, bapake bocah banjur repot mikirne olehe arep seneng karo wong wadon liya, mBoke bocah entek wektune kanggo mikirne wong lanang liya, anak dadi klendran".

 

"Ya awake dhewe, aja mati salah siji dhisik ta Kang" wangsulane Marti "njur nek bisa ya aja nganti pegatan barang".

 

"Ya muga-muga"

 

Ya jalaran kelingan olehe jagongan karo Taslim nalika semana ngono kuwi sing ndadekne Marti ora wani nyaguhi nalika ana wong lanang sing nyedhaki dheweke arep dijak mbangun rumah tangga sing anyar. Merga sanajan wektu kuwi Hajir wis dipupu lan dipek anak dening Juragane, nanging Marti panggah ora negakne marang anake. Marti tetep rumangsa duwe kuwajiban aweh kawigaten sing cukup marang Hajir murih Hajir bisa dadi bocah sing bener lan ora dadi bocah sing nakal.

 

"Ya aku nyuwun pangapura wae Kang Pardan" ngono wangsulane Marti nalika Pardan, dhudha tanpa anak sing olehe pegatan karo sisihane wis luwih saka setengah tahun, mara menyang omahe dikancani Sidi, nembung Marti arep dijak urip bebarengan "bares wae, aku durung bisa nglalekne Pake Hajir, dadi wektu iki aku  rung wani arep omah-omah maneh. Embuh nek mbesuk-mbesuk".

 

Wangsulan marang Pardan ngono kuwi, meh padha karo wangsulan sing diwenehne marang wong liyane sing wis nelakake rasa kepengine ngajak Marti urip bebarengan.  Lan lumrahe wong lanang sing wis oleh wangsulan ngono kuwi ya banjur mundur alon-alon, merga bisa nampa apa sing dadi pawadane Marti.

 

Sing angel anggone ngundurne kuwi nek ana wong lanang sing isih duwe anak bojo, teka adol bagus ngendel-ngendelne bandhane sing ora sepiraa akehe, banjur ngajak tumindak sedheng. Manpangatne rasa adhem ing wanci sepi sing sok-sok nekani atine Marti. Wong lanang ngene iki angel dikandhani, malah sok wani ngincim arep nggunakne cara kasar barang. Mula ya ora aneh nek merga kuwatir, Marti luwih kerep ngancing lawange lan mateni lampu omahe, wiwit sore lan api-api ora krungu nek ana wong sing celuk-celuk njaluk dibukakne lawang klawan sesidheman.

 

Kamdi sedulure tuwa Sihmirah, sing neng omah wis duwe bojo lan anake telu klebu salah siji saka wong lanang sing angel diadhepi dening Marti. Wis bola-bali Kamdi nekani omahe Marti ing wayah bengi nalika kahanan wis sepi, guga-gugah njaluk supaya bisa mlebu omah. Nanging Marti panggah, wegah nuruti karepe Kamdi, Marti milih ora gelem nyauri, api-api nek lagi turu kepati. Nanging Kamdi kuwi klebu jinise wong lanang sing seneng nekad, ora kasil pisan pindho, ping telu, ping pat panggah wae olehe terus mbudidaya murih bisa kasembadan apa sing dadi karepe. Ora kasil nganggo cara nekani omahe Marti  ing wayah sepi, Kamdi banjur sengaja nemoni Marti ing wektu awan nalika Marti nyambut gawe ing omahe Juragan Kadirin. Wola-wali Kamdi golek kalodhangan kanggo bisa ngungrum Marti murih gelem nuruti pepenginane, kanthi tembung alus lan manis sing nengsemake, nanging uga sok nganggo cara aweh pangincim barang.

 

Marti sing rumangsa risi, suwe-suwe wani madulake tumindake Kamdi kuwi marang Kadirin, mesthi wae olehe wadul ya karo sesidheman merga Marti ngerti nek nganti krungu Sihmirah yen Marti wadul marang sing lanang, Sihmirah mesthi banjur nesu. Ora nesu marang kakangane sing nasar, nanging malah nesu marang Marti sing wani ngandhakne nek Kamdi wis tumindak sasar. Merga wis kondhang nek mungguhing kulawargane Kamdi kuwi anak lanang siji-sijine satunggalane Sihmirah sing sapa wae ora dililani ngarani Kamdi kuwi bisa tumindak sing ora bener.

 

 

ana candhake.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...