- tumetesing rasa kangen kanggo sawargi Kyai Sukirna -
Wektune wis nyedhaki surup, wayahe Marti mulih sawise wiwit esuk nyambut gawe neng omahe juragane. Kaya padatan, Marti kuwi bali menyang omahe nek wis rampung kabeh gaweyan lan ajeg sadurunge bali mesthi wis adus neng nggone juragane. Mengko tekan omah kari nglerenke awak. Neng omah ijen tanpa kanca, lha wong anak siji wae ya wis dipupu juragane. Tekan omah sawise nguripne lampu-lampu sing perlu diurupne, Marti ya banjur neng kursi karo nonton televisi . Mengko nek wis ngantuk lagi mlebu kamar banjur turu. Jaman kuwi Televisi ora kaya jaman saiki, enenge ya mung TVRI thok, ora ana tayangan iklane. Nanging gandheng enenge ya mung kuwi ya meksa ditonton, wong ora ana liyane.
Lagi kasengsem nonton TV dumadakan Marti dikagetne ana wong nothok lawang saka njaba. Bareng dibukak jebul sing teka Kamdi karo nggawa oleh-oleh Martabak, sing banjur diulungne marang Marti karo kandha :
"Martabak Dhik, kenaa ngge ngobahne uwang" muni ngono kuwi Kamdi karo mesem sajak seneng atine.
Marti dadi bingung, nek ana tamu nggawa panganan ngono kuwi kudune dheweke enggal-enggal nyuguhi kopi utawa teh. Nanging Marti sakjege ditinggal mati sing lanang, selawase ora tau yasa gula kopi utawa teh, wong nek dheweke kepengin ngopi utawa ngombe teh ya banjur nebeng neng pawone juragane. Tujune Marti banjur eling, dhek emben Marti krungu nek Kamdi ki wis ora ngombe kopi utawa Teh. Marti ora sida dadi bingung, banjur kandha marang Kamdi :
"Ngunjuke toya pethak nggih Mas? Kula pendhetne Kendhi riyin teng pawon".
"Ya, saanane wae, ra sah repot-repot Dhik" wangsulane Kamdi karo mapan lungguh neng kursi banjur ngetokne udute, rokok alus sing ora ana cengkehe.
"Lha niki wau saking tindak pundi ta Mas? kok yah menten mpun dugi mriki?" Marti nakoni dhayohe.
"Saka ngendi? ya saka omah neh, tarah aku kepengin dolan mrene" wangsulane Kamdi karo nyedhot rokoke "wong neng omah ya malah sansaya sumpeg wae, sing disawang ya mung kae, sing wis mentala natoni ati".
Marti rumangsa welas krungu suwarane Kamdi sing memelas ngono kuwi. Nanging Marti ora aweh wangsulan apa-apa, amarga marti ya kelingan olehe ngandhani Juragane lanang awan pas karo ngundhuh gembili mau. Aja gampang percaya karo omongane Kamdi, bojone Kamdi sing jeneng Asmi kuwi durung karuwan nek wis slingkuh tenan. Marti malah banjur nyedhakne Martabak sing digawa Kamdi, sing wis dielih neng piring kuwi menyang ngarepe Kamdi.
"Mangga didhahar Mas Martabake, ketingale tesih anget, mesthine langkung eca" kandhane Marti ngacarani Kamdi supaya mangan Martabak sing disuguhne.
"Iya Dhik" wangsulane Kamdi "apa-apa kuwi nek sing ngladeni wong sing nocogi ati, mbuh isih anget mbuh kuwi wis adhem ya bakal dadi krasa enak. Padha wae, senajan neng omah gedheg jogane isih pating brongkal urugan lemahe ngene iki, bisa dadi luwih krasa jenak lan krasan, nek bisa nyandhing wong sing apik kelakuwane tur ya nocogi ati. Nenga omah tembok, jogan keramik kursine ukir jepara pisan, nek sing enek ya mung wong sing kae wae, ya panggah ora krasan neng omah".
"Dheg!" dhadhane Marti kaya kena dhodhog, ukarane Kamdi sing neri iki cetha nek Kamdi wis nuduhake rasa seneng lan cocog marang dheweke. Dadi bener kandhane Kadirin, tekane Kamdi wingi bengi kae ora mung arep njaluk ngapura sarta nyritakne olehe selingkuh bojone wae, nanging uga dibarengi karo anane rasa kepengin ngarah marang atine Marti. Mula Marti banjur rumangsa kudu nambahi ing pangati-atine.
"Nggih ampun ngoten ta Mas" kandhane Marti mangsuli rembuge Kamdi "wong griya saisine niku boten ngertos napa-napa kok lajeng dikatut-katutne dosa, rak nggih boten leres ngoten niku? Kalih ngoten namine tiyang niku nggih sok saged kepleset saking dalan sing leres, mbok nek saged mumpung dereng kelajeng keng rayi niku dituturi sing sae murih wangsul teng dalan sing leres, ampun diumbar mawon".
"Oalaaah Dhik, dhik" Kamdi wangsulan karo nggresah "olehku ngandhani Ibune cah-cah kae ki wis ora kurangt-kurang, paribasane lambe satumang kari samerang, nanging ya kuwi, panggah ora gelem nggugu, aja maneh kok nggugua ngrungokne kuwi wae lho wis ora gelem. Anane mung mbeguguk makutha waton, nek tak terus-terusne entek-entekane dadi padu rame, njur dirungokne tangga dadi sansaya tambah wirang".
Satleraman tembunge Kamdi kuwi ya ana benere, ngono panampane Marti. Nanging Marti isih luwih mathuk karo kandhane Kadirin mau awan, yen pancen wis ora kena didandani kudune rak ya enggal dirampungne wae perkarane? ora malah ditinggal kluyuran saksenenge dhewe ngono kuwi.
"Lha nek tarah ngoten" Marti Gneman maneh "nggih ampun ditilar kesah ngoten niku, nek Mas Kamdi boten kesah king griya rak boten enten sing ajeng mara sesidheman ta Mas?".
"Walaaaah.... " Kamdi nugel rembuge Marti "wong ki nek arep slingkuh ora kudu ngenteni diparani Dhik, oraa lanangane sing mara ya wedokane sing nggoleki. Mula tak tinggal metu utawa ora ya padha wae, mboyak mbodhil aku wis wegah mikiri sing ngono kuwi, aku wis kesel tenan kok".
"Lha nek ngoten" Marti numpangi rembug "Mas Kamdi mpun niyat boten ajeng ndandani Rumah Tangga sing ajeng bubrah niku?".
"Lha arep kepiye maneh? wong pancen kahanane wis kaya ngono kok?!?".
"Lha niku....."
"Lha niku piye Dhik?".
"Jenenge omah niku nek bubrah, nek saged dijejegne melih nek tarah boten saged nggih ndang dibrukne pisan mawon, nek diumbar mawon, luput-luput saged ngebruki sing ngenggeni, rak nggih ngoten ta Mas?".
"Kuwi pancen bener Dhik" kandhane Kamdi suwarane lirih "aku emoh nek nganti aku dadi kurban kebrukan omah sing wis bubrah, mula aku banjur duwe niyat arep oncat saka omah sing wis bubrah kuwi. Upama diupamakne manuk ngono, aku wegah mencok neng pang sing wis gapuk, nanging aku arep mabur golek pencokan ing pang sing ana wit liyane. Lan aku ya ora ngawur nggonku milih pencokan kuwi, sanadyan biyen tau dipencoki manuk liya nanging rumangsaku pang sing arep tak ngge pencokan iki luwih kukuh lan ora gampang bokrak ketrajang angin utawa udan. Apa slirane ki durung pirsa karo pralampita sing tak gawa ta Dhik?".
Karo gunemen ngono kuwi, mripate Kamdi nyawang praupane Marti kanthi nunjem. Marti dadi sansaya ngerti lan sansaya mbenerake apa sing dikandhakne juragane mau awan, Kamdi mung kepengin mencok ing pang liya sauntara pang gapuk sing dadi pencokane arep ditinggal ngono wae, ora ana niyat kanggo nugel utawa ngethok pang sing wis dianggep gapuk kuwi, malah arep diumbar kareben cdeblok dhewe. Iki genah keneng ditegesi, anane manuk oncat saka pang sadurunge kuwi merga weruh pang sing isih seger, lan arep dipencoki ngono wae. Iki genah nek ora adil, sanadyan tau dadi pencokane manuk liya, nanging pang sing dipilih Kamdi kuwi ora gelem nek dianggep wis ngawe-awe Kamdi supaya ninggalne pang sing dipencoki sing jarene wis gapuk kuwi.
"Kepriye Dhik?" Kamdi takon sawuse rada sauntara Marti meneng ora nanggapi rembuge Kamdi.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar