Total Tayangan Halaman

Minggu, 28 November 2021

INSINYUR LAN BAKUL BUBUR

 

 

 

 

 

INSINYUR

& 

BAKUL BUBUR

dening : Immir.

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 - cathetan lembut kanggo ni made siti asih -

 

 

 

 

 

 

 

 

 

Crita iki dudu kisah nyata, dadi ya mung crita lumrah. Nek andilalah ana asma, papan, sebutan utawa kedadean nyata sing padha, kuwi mung dhapur kabeneran ngono wae. Aja ndadekne penggalihan sing kurang prayoga.

Nuwun.

 

 

 

Shalat jama'ah subuh neng Masjid Al-Kautsar wis rampung. Kyai Wahid sing kulina ngimami shalat Jama'ah neng masjid kuwi lenggah neng serambi karo njingglengi hp ne. mBuh lagi mirsani pesen-pesen WhatsApp mbuh lagi fesbukan, ora ana sing nggagas. Merga wong-wong liyane ya padha. Kasengsem nyawang hp ne dhewe-dhewe. Kabeh manfangatne Wifi-ne Masjid sing dipasangne Pak Heru, bakul hp sing usahane lagi maju. Nanging ngono kuwi ya ora suwe, merga diterusne jagongan ngrembug maneka warna urusan masjid, ngrembug warta-warta sing viral neng sosmed lan liya-liyane, sing kerep dadi pengajian saur manuk perkara-perkara sing magepokan karo ngibadah praktis saben dinane. Jagongan utawa cangkruk neng srambi bar subuhan ngono kuwi prasasat wis dadi tradisi tumrape jamaah masjid Al-Kautsar sing papane ora adoh karo Pasar Krempyeng, Dhusun Bulakan. Iya Pasar krempyeng kuwi uripe mung sak krempyengan sedhela banjur bubar, wong ya dudu pasar resmi, mung nek wayah esuk akeh bakul sayur, bumbon, jajanan lan keperluwan pawon padha dhasar neng pinggire dalan prapatan kuwi.

 

Mbalik nyang sing padha jagongan neng Srambi Masjid. Wong-wong kuwi ora pati nggatekne siji-sijine wong sing padha mampir nunut shalat neng kono, merga akeh bakul sing padha mampir shalat neng kono, ana sing wong thok, dagangane ditinggal neng dhasarane, terus shalat ning ya ora sethithik sing dagangane diboncengne neng pit-montore sing diparkir neng parkiran masjid. Mung siji saka para jama'ah sing duwe bendana nyele, yaiku kulina maspadakne wong "njaba" sing shalat neng Masjid kono, yaiku Taufiq Murjaka, bocah nom-noman sing anggone jama'ah neng kono nek ngepasi ana omah wae. Amarga Taufiq pancen isih kuliah neng Bandung.

 

Wis telung dina iki Taufiq weruh ana wong anyaran sing nunut shalat neng masjid kono. Isih enom nganggo jilbab, kira-kira umur pitulas - wolulas tahunan. Bocahe ketok sopan banget, najan masjid kuwi masjid umum, nek arep wudlu karo shalat, ajeg ngomong marang wong-wong sing lagi jagongan neng srambi.

 

 "Assalamu'alaikum, badhe nyuwun toya wudlu kaliyan ndherek shalat Bapak" ngono tembunge.

 

Adhakane wong-wong mangsuli : "mangga".

 

Samono uga nek wis rampung shalat, ya mesthi pamitan :

 

 "Sampun Bapak, matur nuwun.. assalamu'alaikum".

 

Wong-wong ya banjur wangsulan : "wa'alaikumussalam......".

 

Menang-meneng sikep lan slagane bocah kuwi jebul ndudut kawigatene Murjaka. Pangirane Taufik Murjaka, bocah kuwi mesthi  nyambut gawe bakulan neng pasar krempyeng kono. Bakul apa ya? Ing atase isih nom kok wis gelem bakulan wayah esuk-esuk ngono? Kamangka padatan bocah saumure bocah kuwi ki wayah ngene iki sing lumrah ya isih lagi padha tangi, utawa mlaku-mlaku nek ora ya dolanan ha pe kaya wong-wong sing neng srambi kuwi.

 

Ketang notole ati kepengin ngerti, esuk kuwi Murjaka ndhisiki metu saka masjid sadurunge bocah wadon kuwi rampung shalat. Murjaka mlaku alon-alonan tumuju Pasar Krempyeng. Pikire mengko lakune mesthi dilancangi bocah wadon sing saiki lagi shalat mau. Ora lidok, nalika lakune Taufiq tekan  ngarep Puskesmas Pembantu kepethuk karo Esti tangga ngarep omahe sing lagi ngadeg neng pinggir ratan, kaya lagi ngenteni uwong.

 

 "Ngenteni sapa Es?" Taufiq ndhisiki takon.

 

 "Anu, iki lho Mas, arep nukokne Bubur Bapak, bakule isih shalat subuh jarene" wangsulane Esti karo nudingi pit motor sing dijagang neng cedhake, neng nggon boncengan ana tombong ngiwa nengen kanthi tulisan BUBUR ENAK SABAR SUBUR.

 

 "Kadhingaren Mas Mur kok tindak-tindake tekan kene?" Esti genti takon.

 

 "Iya" wangsulane Taufiq karo mesem "sirku mau ya arep golek bubur, jarene bubure enak?".

 

 "He eh, enak kok Mas" Esti wangsulan karo ngguyu "lha kae bakule wis teka".

 

Taufiq noleh memburi, jebul sing diarani "bakule" mau bocah wadon sing lagi arep diselidiki sisik-melike.

 

" Lho jebule sing dodol bubur iki sampean ta mBak?" Cluluke Taufiq bareng Bakule Bubur nyedhaki dagangane.

 

 "Inggih Mas" wangsulane Bocah Wadon kuwi grapyak, disambung tawa-tawa "badhe ngersakne bubur ta? Dhahar mriki napa diasta kundur?".

 

 "Dimaem neng kene wae" wangsulane Taufiq karo mapan lungguh neng lincak cedhake "nanging sing luwih dhisik antri, ya sampean dhisikne".

 

 "Siiiip Mas Mur" sing semaur malah Esti sing banjur aba menyang bakule "papat mBak digawa bali"

 

 "Gak kurang siji ta Es?" Taufiq takon.

 

 "Gak Mas, wong mung Bapak, Ibu, Simbah karo aku, wong Lindhu gak seneng bubur"

 

Olehe ngedoli Esti wis rampung, Esti ngelungi dhuwit eketan disusuki telung puluh, dadi regane Bubur iku limang ewu. Atine Taufiq ayem, merga neng sak klambine dheweke isih ngesaki dhuwit rong puluhan siji.

 

 "Mangga Mas" bakule ngladekne bubur diseleh neng lincak panggonane Taufiq lungguh. Taufiq ngangkat mangkoke lan nyendhok bubure, sauntara bakule ngladeni wong tuku liyane, ana wong telu, kabeh aba diplastiki.

 

Sepisanan ngemplok bubur, ilate Taufiq wis bisa ngrasakne, bubur iki pancen enak. Ora mung mandheg ana tulisane wae.

 

 "Unjukane Toya mineral gelasan Mas" lagi ngrasakne enake bubur bakule mara karo ngelungne banyu neng gelas plastik.

 

 "Matur nuwun" Taufiq nampani banyu, karo "sampean bakule neng kene tekan jam pira mBak?"

 

 "Boten mesthi Mas" wangsulane bakule "nek sepi nggih kula terusne ider teng margi kampung ngantos telas".

 

 "Oo ngono? Lha sampean wis suwe ya bakulan bubur ngene iki?".

 

 "Sampun, kit kula kelas setunggal riyin, ning nggih nek  ngepasi libur mawon, wong kula namung mbantu Bapak kok, asline sing sadeyan Bapak".

 

 "Sampean saiki kelas pira ? Sekolahe neng ngendi ?".

 

 "Kula ta ? Teng MAN 1 Ngawi, nembe bakda Ujian seminggu kapengker".

 

Taufiq, manthuk-manthuk. Bubur neng mangkoke wis entek. Bubar ngombe, banjur ngogoh sak arep mbayar.

 

 "Sampean bener-bener hebat mBak" kandhane.

 

 "Napane Mas?  Tiyang sing damel Bubur niku sanes kula, sing damel Simbok, kula kantun ngiderne thok".

 

 "Ora kuwi. Karepku" Taufiq wangsulan "jaman saiki arang lho bocah saumuranmu gelem nyambut gawe ngene iki, sing akeh ya wegah utawa isin. Beda karo sampean sing ketok percaya dhiri tur ya ora wedi kangelan".

 

 "Enggih ta ? Lha marahi kula aktif tumut Pramuka dados ngeten-ngeten niki mpun biasa mawon "

 

 "Oh, iya. Dadi asline oleh sampean dodolan iki ider ya?  Nek ngono, nek sampean shalat subuh ngana kae dagangane digawa neng masjid pisan wae, ketoke jama'ah Al Kautsar kae nek eneng panganan mara ya seneng tuku".

 

 "Nggih cobi mbenjing enjing kula cobine"

 

Taufiq ngelungne dhuwit rong puluhan, disusuki patbelas ewu.

 

 "Kageme bubur gangsal ewu kalih toyane sewu Mas" kandhane bakule.

 

 "Oh, ya sampean asmane sapa? Daleme ngendi? Nek nomer Hp sing iki nomere sampean ya?" Taufiq takon karo nudingi tulisan nomer hp neng tombonge bubur.

 

 "Nggih Mas, nami kula Ima, griya kula Bendo. Lha Mase?"

 

 "Aku Taufiq Murjaka, omahku kulon daleme Kyai Wahid" wangsulane Taufiq karo tangane thak-thik nyimpen nomere Ima neng jero hp ne.

 

Karo mlaku mulih Taufiq Murjaka ngangen-angen, upama bocah nom kuwi bisa kaya Ima ngana kae kabeh, kira-kira Indonesia iki ya bakal makmur. Nanging piye maneh, wong saiki iki ora mung bocah nom thok, nanging ya klebu bocah cilik lan bocah tuwek pisan, kabeh luwih akeh konsumtive tinimbang produktive. Sing lanang racak- racak seneng nge-game, pesbukan karo tweteran. Bapak-bapak kapilut ngrembug politik sing sakjane mung anut grubyug ora weruh rembug, olehe jagongan ngrembug kahanan sing jarene ora karuwan jluntrunge kuwi entek-entekane ya mung oleh pegel karo gregeten nanging ora bisa apa-apa, persis Baladewa sing ucul gapite. Sing bocah wadon wis kasengsem gojegan neng Instagram, Facebook, WhatsApp wis ngalih dadi papan ngrumpi ora mligi dadi sarana komunikasi. Ibu-ibune ya ora beda, kajaba seneng ngentekne pulsa hape isih disambi melu tangisan nggetuni lakune crita Drama Korea neng televisi.

 

 "Lha kowe dhewe piye?" Taufiq mesem, nalika saka  nuranine nakoni atine dhewe.

 

Mahasiswa Teknik Sipil ITB sing uga Aktivis IMM kuwi banjur nyoba ngungak tapak-tapak lakune. Sak jege dadi Mahasiswa neng Kutha Bandung, kajaba kuliah dheweke melu aktif neng Ormas kemahasiswaan IMM melu nindakne dakwah amar makruf nahi mungkar bil hal, yaiku klawan tenaga lan pikiran nuntun masyarakat sing kasrakat supaya mentas saka kasangsaran. Menehi conto lan marahi wong-wong nandur sayuran neng pot-pot plastik sing diseleh tritisan omah, ngingu lele sing neng ember. Marahi bocah-bocah nom bukak tambal ban lsp, manfangatne limbah dadi barang kerajinan lan sapiturute. Kanyatane pancen durung bisa ngentasne wong-wong mau saka juranging kamlaratan. Nanging sejatine nek gelem ngrasakne, ora ketang mung satitik ana asil sing bisa dirasakne.

 

 "Lha kok saka lor, awakmu mau nyang ngendi ta Mur?" lamunane Taufiq Murjaka buyar nalika lakune tekan ngarep Masjid Al-Kautsar mbarengi sing padha jagongan neng serambi padha buyaran, Pak Kaji Tarom sing dhisik dhewe tekan ratan nakoni Taufiq.

 

 "Mlampah-mlampah Pak Kaji" wangsulane Taufiq sakkecandhake.

 

 "Layak, mau didhengarekne karo Nardi, jare bar shalat ora nganggo mandheg-mandhegan, bablas metu mlaku ngalor. Tekan ngendi wae mau?".

 

 "Walah namung dugi prapatan Bulakan mriku thok kok. Terus sarapan Bubur" .

 

" Iya, jare Watik anakku, sok-sok neng Bulakan ki eneng Bubur enak, gek bakule jare ayu pisan. Apa awakmu mrono kuwi?" Muni ngono Kaji Tarom karo mesem.

 

 "Inggih menawi" wangsulane Taufiq nimbangi mesem "wau bubure eca, nek sing sade taksih nem. Niku lho sing damele subuhan teng masjide kiyambak".

 

" Iya ta?. Tiwas aku ora salah inget. Kapan-kapan bubure kuwi perlu dicoba ketoke, nek mathuk rak kena ngge langganan sarapan nek bar saka masjid".

 

 "Nggih, ngoten nggih sae sajake".

 

Wong loro bali mlaku maneh arep mulih nyang omahe dhewe-dhewe, ora suwe disusul wong liyane sing uga arep padha bali.

 

Esuke ngarepne Adzan Subuh Taufiq Murjaka wis budhal menyang Masjid. Luwih gasik timbang padatan sing nek budhal ngenteni Iffat putrane Pak Basuki adzan, malah sok-sok ngarepne iqomat lagi tekan masjid. Jebul neng masjid wis akeh sing padha lungguh karo dzikir alon-alon sing mung bisa dirungokne dhewe-dhewe, eneng Kyai Wahid, Pak Guru Sukir, Ustadz Syaifulloh, Pak Setyo lan liya-liyane. Taufiq uga banjur shalat sunat rong rakaat, pas rampung olehe shalat Iffat nyandhak Mik banjur adzan. Bar adzan wong - wong ya banjur padha shalat sunat, ora let suwe Iffat Iqamat. Kaya padatan neng masjid kono iku nek bubar shalat jama'ah olehe dzikir ora keprungu suwarane, kabeh padha dzikir dhewe-dhewe. Sing wis rampung banjur padha metu, lungguhan neng serambi karo nyekeli hape. Sing ngadeg metu dhisik dhewe juragan Heru, Taufiq wis niyat olehe metu arep rada keri, dheweke kelingan nek dhek wingi esuk ngomongi Ima supaya nggawa dagangane nyang masjid. Taufiq kepengin ngenalne bubure Ima marang wong-wong, mula sisa dhuwit honor olehe nulis puisi neng Tabloid Lentera wis disaki mau nalika arep budhal subuhan mau. Eketanewon ana limang lembar. Jroning ati ngetung jama'ah sing ajeg leren cangkrukan, nek komplit ana wong sewelas, ateges dhuwite ora bakal kurang nek kanggo ngenalne bubure Ima marang para jama'ah.

 

mBarengi jumenenge Kyai Wahid arep jengkar saka Pangimaman, Taufiq ngadeg banjur mlaku ngetutne Kyaine sing uga arep lenggah neng serambi. Astane sing tengen ngrogoh sak klambi penadhone ngetokne hape, diiling-ilingi didelok pesen-pesen sing mlebu.

 

Nalika tekan serambi, Taufiq ngrasa ana sing aneh, jebule Ima wis ibut nyidhuki bubure banjur diladekne marang wong-wong sing lagi lungguh neng srambi.

 

 "Tambah loro maneh mBak" Pak Heru sing lungguhe paling pinggir cedhak bakule menehi aba, banjur ature marang Kyai Wahid "mangga Kyai pinarak rumiyin, sarapan bubur niki".

 

 "Oh, Waaa.... Ciamik bener iki" wangsulane Kyai Wahid karo mapan lenggah.

 

 "Tulung Mur sing hapemu apik, dishoting terus engko diunggah neng Grup Takmir, wong-wong sesuk ben melu ngrasakne bubur milenial iki" kandhane Pak Heru maneh marang Taufiq.

 

Ora semaur Taufiq ngetokne hape ne banjur wiwit mideo wong-wong sing lagi sarapan bubur, ora kliwatan olehe ngeshot bakul lan dagangane rada digawe suwe tur dicedhakne.

 

 "Uwis Mur aja suwi-suwi" Nardi Pecel alok nyang Taufiq "buburmu ndang dipangan selak adhem mengko".

 

Taufiq ngesaki HP ne terus mbalik lungguh ngadhepi bubure.

 

 "Lho iki thik nganggo Mangkok Masjid?" aloke Taufiq karo nyendhok bubure.

 

 "Inggih Mas. Amargi kula namung mbeta mangkok pitu, lha tiyange sewelas, terus diampili mangkok kalih Pak-e niku sekawan" wangsulane Ima.

 

Ora pantara suwe wong-wong wis rampung olehe sarapan bubur. Kaji Tarom sing wingi esuk rasan-rasan arep nyoba ngincipi bubur sing jarene enak kuwi, ngadeg ngrogoh sak ngetokne dhuwit atusan rong lembar banjur nyedhaki Ima.

 

 "Enak tenan buburmu mBak, cocok aku, sesuk mrene maneh ya?" Kandhane karo ngelungne dhuwite menyang Ima "wis gek ndang dietung, bubure sewelas tambah krupuke sak kresek, ngombene sewelas. Kabeh pira?"

 

 "Sampun diparingi kalih Pak sing ngagem rompi cemeng niku kok Pak" Ima wangsulan karo panyawange diinger menyang pernahe Pak Heru.

 

 "Halah, uwis ta  An?" Pak Kaji Tarom nyawang Pak Heru Aprianto.

 

 "Empun" wangsulane Pak Heru karo mesem.

 

 "Ning nggih boten napa-napa disukakne mBak Ima kok Pak Kaji" Taufiq melu semaur, karo nyawang Ima "kangge mbenjing enjing, ya mBak Ima?"

 

 "Ngono ya kenek" wangsulane Kaji Tarom "kowe ki jebul wis tepung ta karo mBak-e iki?".

 

 "Nggih empun" Taufiq ngguyu, terus genti nyawang pernahe Pak Istiyono "wong mBak Ima niki anak buahe Pak Is, kesupen ta Pak Is?"

 

Pak Istiyono Komendhan WAG Wiratha kuwi, ndengengek sajak rada kaget, banjur nyawang pernahe Ima karo takon :

 

 "Sapa ya?"

 

 "Ima, Imasithoh Saka Bhaktiusada MAN 1 Ngawi, Kak Is" sing wangsulan malah Ima dhewe. Taufiq mung mbumboni guyu thok.

 

Pak Istijono rada mlenggong. Banjur ngendika :

 

 "O alaaa ....., iya.........iya. Layak ta, mau aku nggagas kok kaya wis tau ngerti aku?. Tibakne laskare Kak Cholik karo Kak Siswati.....

 

 "Walah...." Kyai Wahid melu ngendika " jebule batih dhewe kabeh ta iki mau?".

 

 "Lha enggih, nggih Kyai?" Taufiq semaur karo nggleges.

 

Ora suwe Ima nerusne laku menyang Pasar Krempyeng. Wong-wong sing neng srambi nerusne jagongan nganti padhang.

 

Esuk kuwi Ima ora ider, bubure entek neng Pasar Krempyeng, lha wong pas teka pasar wong-wong sing arep tuku wis padha antri. Kalebu Esti sing omahe adhep-adhepan karo omahe Taufiq.

 

 "Dhengaren kok rada telat ta mBak?" Pitakone Esti.

 

 "He eh, mau bar subuhan mandheg neng masjid, bapak-bapak padha ngersakne dhahar bubur" wangsulane Ima.

 

 "Paling bapak-bapak kuwi diomongi Mas Mur nek bubure mBak Ima ki enak tenan"

 

 "Iya jarene"

 

Karo ngenteni rampung didoli, Esti crita akeh-akeh sing magepokan karo Taufiq Murjaka. Ima mung ngrungokne wae.

 

Durung nganti jam wolu wis tekan omah. Wadhahe bubur dikoreti isih oleh telung mangkok. Didokok neng meja pawon ditutupi. Terus ditinggal korah-korah.

 

 "Lho kowe mau wis teka ta Ma ?" Simboke sing lagi mulih saka sawah, ngirim bapakne, takon. Pancen nek Ima prei sekolahe sing bakul bubur ki Ima, bapakne mesthi nandangi gaweyan neng sawah sing ambane wolulas are tinggalane simbahe. Lha nek Ima mlebu sekolahe, sing ider bubur kuwi Bapakne Ima sing jenenge Sabar. Mula tombonge bubur ditulisi : BUBUR ENAK SABAR SUBUR.

 

 "Sampun mBok" wangsulane Ima "kelarisan niki wau. Nika kantun tigang mangkok kula deleh teng meja nek damel sarapan Simbok"

 

 "Iya" wangsulane Simboke "lha kowe pa wis sarapan?"

 

 "Mengke mawon nek mantun isah-isah".

 

 "Ya wis tutugna, mengko wae sarapan bareng".

 

Muni ngono kuwi Simboke karo mlaku mlebu omah. Anggone Ima isah-isah ya wis rampung, barang-barange dikurepne neng widhig sing tumumpang lincak, mengko nek wis garing lagi dientas terus dilapi.

 

Ima banjur nusul Simboke mlebu omah bablas nyang Pawon. Wong loro bareng sarapan bubur.

 

Dina kuwi ana rasa sing beda karo padatan neng atine Ima. Bocah kuwi ya ora mikir apa sing dadi sebabe, neng atine sing paling jero ana rasa seneng, rasa gembira, rasa semangat urip sing makantar-kantar. Mung sok-sok sakcleraman swarane Taufiq sing lagi dikenal wingi kuwi kaya-kaya keprungu neng pangrungoning atine. Pranyata rasa jroning ati kuwi, kuwawa kasawang saka sumringahing praupan. Dadi Simboke ya weruh lan ngerti nek wektu iki anake lagi seneng atine.

 

 "Ma, apa kowe bubar kepethuk Zainal ?" Ing sela-selane mangan bubur Simboke takon.

 

 "Zainal sinten ta mBok? Boten niku?!? Enten napa ta?" Ima genti takon.

 

 "Zainal Nongkorejo kae lho, putrane Pak Roji" .

 

 "Oh, sing mulang teng MI niku ta?"

 

 "Iya. Kae kajaba dadi Guru ya ngrangkep dadi Angkatan lho, wong sok-sok nganggo pakaian seragam komplit. Nek dhong arep latihan klambine ditutupi suket barang. Malah eneng sing crita  dadi kropus apa piye ngono lho?!?".

 

 "Napa mBok? Kropus? Provos ta?" Ima takon karo mesem.

 

 "He eh ngono kuwi pokoke pengawase angkatan lah".

 

 "Nika Angkatan ning angkatan  Sukarelawan mBok, senes Tentara nggih senes Polisi, gajine pahala saking Gusti Allah" .

 

 "Lha angkatan apa kuwi?"

 

 "Nika Provose BANSER Pemuda Ansor".

 

 "Oooo ngono ?"

 

 "Nggih. Boten kok mBok, kula boten nate panggih kalih piyambake, paling simpangan teng radosan, sami-sami numpak udhuge. Enten napa ta mBok?"

 

 "Ora eneng apa-apa kok" wangsulane Simboke rada adhem "mengko wae, nek Pakmu wis eneng omah, kowe rak dikandhani dhewe. Ben luwih genah" .

 

 "Nggih empun nek ngoten".

 

Bubar sarapan lan reresik mangkok piring. Ima mlebu kamar, mbukak HP wis akeh WhatssApp sing padha mlebu, saka grup-grup WA sing dieloni. Bubar maca pesen-pesen kuwi, banjur nyandhak buku pelajaran sing kulina disinau nalika durung ujian dhek emben. Pancen niate sinau golek ngilmu dadi najan sekolahe keneng diarani wis rampung lan wis ketampa neng  Fakultas Teknik Industri ITS liwat penyaringan "bidik misi", Ima isih terus nyinaoni apa-apa sing tau diwulangake dening guru-gurune, Ima percaya wong sinau iku ora ana rugine.

 

Nyuuuuut...... kelingan nek durung nindakne shalat Duha. Pancen Ima kuwi wiwit isih sekolah neng Tsanawiyah kulina nindakne shalat duha, nek nganti gothang duhane susahe kegila-gila, semono uga nek bengi, ora tau gothang nindakne Qiyamul Lail utawa shalat tahajjud. Bukune ditutup terus bablas nyang sumur, wudlu.

 

Oleh patang rakaat olehe shalat duha banjur leren, umak-umik ndedonga marang Gusti Allah muga-muga kaparingan rejeki sing mbarokahi, didohne saka barang sub-hat luwih-luwih sing haram, nyuwun supaya uripe ing donya iki bisa manpangati tumrap awake dhewe, tumrap kulawargane, tumrap tangga teparone, tumrap bangsa lan negarane, ora kliwatan uga ndongakne keslametan lan kabecikane wong tuwane, guru-gurune, uga nyuwun muga uripe bisa dadi wong Islam sing tenanan lahir lan batine.

 

Metu saka pashalatan, Ima kelingan tembunge simboke sing nyebut jeneng Zainal, kamangka dheweke kuwi keneng diarani ora pati kenal karo bocah lanang putrane priyayi sugih Nongkorejo kuwi. Eneng apa ya?. Apa eneng sing crita menyang simboke nek dheweke srawung karo anake wong sugih sing sawahe hektar-hektaran kuwi ?. Gek sing crita ya sapa?. Kok simboke ya ngomong nek mengko arep diomongi Bapakne?  Gek arep dikandhani apa sing eneng gandheng cenenge karo Sarjana Lulusan STKIP Modern Ngawi sing jaman kuliahe aktif neng PMII kuwi ?. Nanging nganti suwe anggone ngira-ira, Ima panggah ora oleh wangsulan sing maremake atine.

 

 "Takon kok aneh-aneh ta Simbok kuwi? Upama olehe takon : kowe mau bar pethuk sapa? Mesthi tak wangsuli nek bar pethuk Mas Taufiq Murjaka, Mahasiswa Teknik Civil iTB sing omahe Tempuran kuwi" Ima mbatin karo ngguyu dhewe. Mau esuk pancen Esti pelanggan bubure, sing omahe jare ngarepe Taufiq kuwi crita akeh-akeh. Nek jarene Taufiq Murjaka kuwi wiwit cilik sekolahe adoh saka omah, SMP ne neng SMP Muha Yogya, terus SMA ne ya neng MUHI Yogya . Pancen Bapakne Taufiq kuwi duwe sedulur neng Yogya. Bar kuwi terus kuliah neng ITB Bandung. Bocahe sopan, pinter srawung, sregep ngaji, sabane turut masjid..........

 

 "Sapa Ma? Taufiq Murjaka Santri sing bocahe alus sing suwarane lembut kuwi ta? Pancen bocah kae sopan tur bagus gek mesthine pinter pisan. Apa kowe seneng karo Taufiq Ma? Lha kana kira-kira seneng pa gak nek karo kowe? Wonge wis duwe pacar apa durung?"  saka batin sisih kana metu pitakonan marang awake dhewe.

 

 "Ah, embuh ah" Ima semaur karo nutup kupinge.

 

Kanggo ngipatne gumuruhing atine  cekat-ceket, mlaku menyang pawon arep ngrewangi simboke olah-olah kanggo mangan mengko awan.

 

 "Mengke masak napa mBok?" tekan pawon banjur takon marang Simboke.

 

 "Njangan Semanggi, olehku ramban mau wae, ning mengko wae nek wis awan. Saiki maruta klapa ngge mbothok welut olehe mbasang telik Pakmu mau bengi, welute tak bethetane dhisik" wangsulane Simboke karo nudingi klapa sing wis wawaran neng tampah ndhuwur amben.

 

 "Nggih" Ima wangsulan karo mara nyang paga njupuk parut.

 

Neng ngarep Laptop Taufiq Murjaka thak-thik nulis artikel kanggo ngisi rubrik GAUNG neng Buletin INTERUPSI sing diterbitne IMM neng kampuse. Nanging lagi oleh sak halaman, pikirane angel difocusne. Solah bawane Ima si Bakul Bubur tansah katon sliweran neng angen-angene. Ora mung ayuning rupa sing ngreridhu atine nanging uga olehe cag-ceg tumandang gawe, sopan santune, taate anggone ngibadah......

 

 "Hm.... pancen ing jaman saiki angel nemoni bocah nom sing kaya Ima ngana kae...... bocah kuwi bener-bener hebat"  Taufiq ngudarasa dhewe.

 

 "Lha nek hebat arep kok kapakne?" saka ati sing sesisih ana pitakonan sajak ngece.

 

Taufiq Murjaka mesem, ngesemi awake dhewe.

 

 "Luwih angel maneh, nek bocah kaya si Ima kae durung duwe pacar" suwara batine bali nyuwara.

 

 "Lha ya ? Kira-kira Ima kae wis duwe pacar pa rung ya?" batin saka ati sisih tengen takon.

 

 "Nek wis duwe ya ngapa? Nek rung duwe? Arep mbok pek pa piye? Apa kowe diarepi? Apa sing arep kok ngge bunci ngesir Ima? Wong kowe kuliah wae isih njagakne bea siswa karo kiriman saka wong tuwamu ngono kok!".

 

 "Lha ya? Nanging Ima kae luar biasa tenan lho........" .

 

 "Kabeh wong ya ngerti Mur nek cah kae ki luar biasa, mbok nek nyata kowe pinter, goleka bocah biasa terus tuntunen ben dadi bocah luar biasa. Nek pengin oleh bocah sing kaya Ima kae, kabeh wong ya pengin".

 

"Thuit....thuit..." Hape sing diselehne neng meja muni. Ana pesen WA mlebu.

Gageyan Hapene dicandhak.

 

 "Mas dienteni bocah-bocah neng Masjid"_ana pesen WA sing dikirim Ardian.

 

 "Iya enteni sedhela" Taufiq wangsulan uga liwat WA.

 

Taufiq lagi kelingan nek dhek wingi ngajak Remaja Masjid Kerja Bhakti gawe len badminton neng latar masjid sisih mburi. Laptop age-age ditutup, terus metu saka kamar nggoleki ibune sing lagi olah-olah neng pawon.

 

 "Buk, kula badhe kerja bakti teng masjid" pamite marang ibune.

 

 "Iya, kerja bhakti apa ta Mur neng Masjid?" wangsulane Bu Sobron, ibune Taufiq.

 

 "Damel len badminton Buk"

 

 "Lha kowe apa wis golek tiket ngge ngulon sesuk?" Bu Sobron nakoni anake.

 

 "Mangke nek bakda kerja bhakti mawon langsung mrika, wau mpun WA mBak Siti Bulakan kok".

 

 "Entenana dhisik nek ngono, tak jupukne dhuwite"

 

 "Ngangge arta kula riyin mawon Buk, niki taksih wonten kok".

 

 "Ya wis nek ngono"

 

 "Assalamu'alaikum" Taufiq salim karo ngambung astane Ibune.

 

 "Wa'alaikumussalam, ngati-ati" wangsulane Ibune.

 

Taufiq budhal nyang Masjid, numpak sepeda merga mengko arep terus nyang Bulakan tuku tiket bus.

 

Tekan Masjid wis ana bocah papat sing nunggu, yaiku Ardian, Iffat, Bayu karo Dika.

 

 "Wis tuku cet pa rung?" Taufiq takon marang bocah-bocah kuwi.

 

 "Wis Mas, wis komplit ki" sing wangsulan Iffat.

 

 "Apa wae?" Taufiq takon maneh.

 

 "Iki cat putih, kuas, meteran, tali rafia, blabag......." .

 

 "Ya wis, ayo ndang ditandangi" muni ngono kuwi Taufiq karo mlaku menyang plataran mburi masjid sing amba, pavingane ketok rata. Bocah papat ngetutne neng mburine karo nggawa pirantine.

 

Tandange bocah nom tur sing ngarahne ya endhag. Cag-ceg, cekat-ceket, sarwa cepet, nanging ora kebat kliwat. Len badminton dimal nganggo kapur tulis, lagi di tindesi nganggo cet putih. Sing loro nggarap saka, sing loro nggarap saka tengen.

 

Taufiq kelingan nek arep golek tiket, mula banjur pamit nyang bocah-bocah :

 

 "Tak tinggal sedhela ya?" Kandhane.

 

 "Arep nyang ngendi ta Mas?" Bayu takon.

 

 "Nyang Bulakan golek Tiket" wangsulane Taufiq "arep titip apa?".

 

 "Ora Mas, tak kira nek arep golek bubur. Yah mene bakule bubur wis mulih" muni ngono Bayu karo ngguyu.

 

 "Bayu ki lho, sing dieling-eling esuk sore kok mung bubuuuur wae" Iffat semanta. Bayu ngguyu ngakak.

 

 "Aku iya ki Fat?" Ardian melu nrambul omong "nek kowe ngono saben sekolah mesthi pethuk".

 

 "Kae wis bar ujian ya? Wong kae kakak kelasku. Dadi saiki pethuke mung nek esuk nukokne Bubur Pakku thok".

 

Krungu omongane bocah-bocah kuwi Taufiq mung mesam-mesem thok. Batine semaur : "aku ya ngono kok!" kuwi batine, ning sing kelair beda :

 

 "Wis tak tinggal dhisik ya? Paling ora suwe kok".

 

 "Ya Mas" bocah papat wangsulan bareng.

 

Taufiq nyandhak sepedhane bablas golek tiket. Pikirane sing dhek mau kober munyer nggagas Ima, saiki kumat maneh. Gara-gara bocah-bocah sing jebule wis luwih dhisik ngerti nek enek bakul bubur sing duwe rupa ayu. Kanthi mengkono sansaya cetha nek sing ngarah Ima dadi pacare kuwi genah luwih akeh. Karo medhal sepedane Taufiq Murjaka mung ngguya-ngguyu dhewe.

 

Dening mBak Siti, agen bus malam, jebul tikete wis disiyapne. Bus Garuda budhal saka Bulakan jam setengah loro awan. Kajaba tuku tiket Taufiq ya tuku banyu ngombe patang botol gedhe, omben-omben neng gelas plastik sing rasane legi lan  jajanan,  arep diwenehne bocah-bocah sing lagi kerja bhakti.

 

Sadurunge mulih, tiket bus diiling-ilingi sepisan engkas.

 

 "Sesuk jam setengah loro Dhik" mBak Siti ngomongi.

 

 "Nggih" wangsulane Taufiq karo nglebokne tiket neng sak "sing munggah saka kene wong pira ta mBak?".

 

 "Mung sampean dhewe, sing numpak jurusan Bandung ki arang, sing akeh ya Jakarta. Buse ya mung siji Garuda kuwi thok".

 

 "O, nggih mpun, aku tak mulih dhisik"

 

 "Iya Dhik, aja lali sadurunge setengah loro kudu wis neng kene lho, nek telat gak eneng bus liyane".

 

 "Nggih".

 

Alon-alon Taufiq mancal sepedhane. Banyu karo jajan diwadhahi kresek, diseleh kranjang ngarep. Karo ngepit Taufiq duwe gagasan, mengko nek len badminton wis dadi, bocah-bocah lan bapak-bapak, sokur nek ibu-ibu barang padha gelem olah raga badminton neng kono, mbesok nek dheweke bali endhang omah, arep matur ibune, meja pimpong sing wis ora tau kanggo kae arep dilih neng gandhok masjid sisih kidul cedhak bedhug. Dadine kejaba bisa kanggo olah raga wong-wong sing kulina nyang masjid, uga kena dienggo daya tarik bocah-bocah sing durung gelem nyang masjid gelema padha nyang masjid. Terus nek wis ngono jama'ah bisa dibina ing babagan pengembangan usaha rumah tangga kaya sing dicakne bocah-bocah  IMM neng neng Komisariat Teknik Civil kae. Taufiq uga nggagas, arep mbentuk Saka Taruna Bumi Pramuka neng masjid Al Kautsar kono,  kanggo nampung madhahi bocah-bocah nom lan remaja Masjid sing akeh-akehe saka kulawarga tani. Nek angen-angen iki bisa diwujudne insya'allah masyarakat sakiwa tengene masjid bakal dadi masyarakat muslim sing berkemajuan lan bisa dadi rahmatan lil'alamiin, dudu masyarakat sing seneng krodha nglumahne asta, dudu masyarakat sing senenge nek nampa bantuan, nanging masyarakat sing mandhiri lan seneng aweh bantuan marang sing mbutuhake.

 

Ora krasa Taufiq wis menggok neng plataran Masjid maneh, banjur marani bocah-bocah sing lagi padha kerja bhakti. Jebul neng kono wis ana wong liyane bocah papat mau. Yaiku Tarmuji bocah nom sing wis cekel gawe neng Kementerian Agama, wong iki seneng olah raga badminton. Mula nalika ngerti nek enek bocah-bocah gawe len badminton banjur diparani.

 

 "Mathuk banget kuwi Mur" kandhane Tarmuji nalika ngerti Taufiq teka kono.

 

 "Nggih Mas" wangsulane Taufiq karo nyelehne gawane "kersane lare-lare purun Olah Raga".

 

 "Apik kuwi, mengko nek wis dadi bapak-bapak barang rak padha melu dolanan raket neng kene, klebu aku he he he".

 

 "Niku sing dadi pangajeng-ajeng kula" Taufiq banjur ngomong marang bocah-bocah "leren sik cah, iki lho tak gawakne banyu karo camilan".

 

Bocah papat padha leren, banjur melu lungguh ing cedhake Taufiq lan Tarmuji sing lagi jagongan. Ardian mbukak kresek, isine diwetokne kabeh, njupuk omben sing gelasan di seleh ngarepe Tarmuji siji , neng ngarepe Taufiq siji.

 

 "Mangga diunjuk Mas Tar" kandhane Ardian sopan.

 

 "Mangga Mas" Taufiq melu manggakne karo nyandhak gelase.

 

Karo ngombe lan mangan jajanan sing digawa Taufiq mau, Tarmuji aweh semangat marang bocah-bocah, dadi cah nom supaya luwih giat olah raga, ben awake luwih sehat lan ora gampang keneng "pengaruh negativ" ing pasrawungan modern. Najan Taufiq ya ngerti nek critane Tarmuji mau ya eneng sing hoax kecampuran umuk, nanging Taufiq ora mbantah, malah manthuk-manthuk ngiyani wae. Bubar crita Tarmuji pamitan arep nerusne laku. Taufiq nanggapi kanthi sopan :

 

 "Asring ditiliki mriki lho Mas, kersane lare-lare tambah gregete".

 

 "Aja kuwatir Mur, aku mengko mesthi kerep mrene" wangsulane Tarmuji mantep.

 

 "Nggih Mas, Matur nuwun".

 

Bubar Jama'ah Maghrib, wis dadi pakulinan wong-wong sing nek esuk bar subuh cangkruk neng srambi, ora terus bali. Nanging milih lungguhan neng teras masjid karo ngobrol ngalor ngidul. Ngono kuwi meh ajeg saben dina, nganti tekane Adzan Isyak.

 

 "Mau bocah-bocah sida mbok jak gawe lapangan bulu tangkis ta Mur?" Pas Taufiq metu saka jero masjid dipapag Kaji Tarom nganggo pitakonan.

 

 "Siyos Pak Kaji" wangsulane Taufiq karo mapan lungguh "mpun dados nika, kantun ndamel".

 

 "Beneran nek ngono, mengko bar ngisak tak metu golek raket, wong raketku kae wis coklek".

 

 "Golek nyang ngendi Ji?" Kyai Wahid nyela gunem "aku tak titip pisan, ngge aku karo ibune".

 

 "Neng Ngawi, apa bareng-bareng pisan? Sak mobil sapa sing melu?"

 

 "Aku ya gelem Pak" Nardi sing lungguhe rada adoh muni banter.

 

 "Mampir nggone Pak Lancur gak? Nek mampir aku ya gelem melu" Heru nrambul.

 

 "Nek perkara kuwi, beres pokoke, aku sing tanggung" Kyai  Wahid wangsulan.

 

 "Oke deh, Kyaine bar oleh rejeki akeh kok" Nardi semaur karo ngguyu.

 

 "Ya wis, aku tak balik dhisik, ngetokne Mobil, mengko bar ngisakan langsung budhal gak sah mulih dhisik, kewengen mengko" Kaji Tarom ngadeg arep mlaku mulih.

 

 "Lha aku rung nggawa dhuwit ki?" Nardi semanta.

 

 "Tak cukupi dhisik mengko" Heru sing nyauri.

 

Kaji Tarom bablas mulih. Wong-wong nerusne olehe jagongan. Ngrembug piye masjide ben sansaya makmur. Taufiq Murjaka tau nggagas, upama jagongan ngene iki diowahi dadi kajian rutin saben sore ngono mesthine luwih becik. Nanging gagasane mau durung bisa diwujudne, kejaba angele golek Ustadz sing bisa nocogi atine wong kono, uga ana pawadan liyane. Pirang tahun kepungkur Kyai Wahid tau nggelar ngaji modhel weton, sing dieji Kitab Bidayatul Mujtahid sing kulina dieji Santri Gontor kae, mung bisa bertahan sepasar. Wong-wong padha semanta nek jare nalare rung tekan, terus padha ora melu ngaji. Karo Kyai Wahid diganti Kitabe, yaiku ngaji Kitabe Imam Ibnu Atha'ilah Al-Askandariy sing aran Kitab Hikam, kitab sing keneng diwiwiti diwaca saka mburi, ngarep, tengah. Mlaku oleh rong minggu, wong-wong njaluk diganti nganggo tanya-jawab sing magepokan karo cara ngibadah sing dilakoni saben dinane. Kyai Wahid ya mung nuruti karepe jama'ah, saben bar maghrib karo bar subuh mbukak kajian tanya jawab. Jebul ora eneng sing gelem takon. Ya wis, wekasane ya mbalik nyang jagongan lumrah, mung wae Kyai Wahid sing dhasare Ulama' ahlul 'ilmi, pinter ngondisekne kahanan, jagongan lan obrolane kerep diisi sing ana manfangate. Wong-wong ya gak eneng sing protes, dadi kajiane dadi kajian sing ora resmi.

 

Bubar shalat Isya' Kyai Wahid, Kaji Tarom, Heru, Nardi menyang Ngawi arep golek raket. Taufiq ora melu, merga arep tata-tata kanggo budhal bali menyang Bandung sesuk. Taufiq uga kepengin ngrampungake gaweyane sing durung kober dirampungne.

 

 "Ora melu nyang Ngawi ta Mas?" nalika mudhun saka masjid weruh nek Taufiq arep bali, Kyai Wahid takon.

 

 "Boten Kyai, badhe tata-tata, benjing siang wangsul teng Bandung" wangsulane Taufiq.

 

 "Lhah.... arep dijak nyate karo Kyaine kok malah mulih ta Mur?" Kaji Tarom melu takon.

 

 "Sanes wekdal rak nggih wonten malih ta Pak Kaji?" Taufiq semaur karo ngguyu.

 

 "Ya wis nek ngono, nanging aja lali lho ya?"

 

 "Napa niku?"

 

 "Kirim WA nyang Bakul Bubur, sesuk sing jama'ah tambah, dagangane kon nambahi".

 

" Beres Pak Kaji" wangsulane Taufiq karo ngecungne jempolan tangane.

 

Tekan omah Taufiq terus mbukak laptop, nerusne gaweyan sing dhek awan kepunggel kerja bhakti. Kira-kira jam wolu gaweyane wis rampung. Lagi kelingan yen durung mangan bareng krungu suwara kluruk neng wetenge. Pance neng kulawargane Bu Sobron kuwi nek mangan kerep ora bareng, merga duwe acara sing beda.

 

 "Kowe mau durung maem ta Mur?" nalika Taufiq mapan lungguh neng kursi ngarep meja makan Bu Sobron marani karo takon.

 

 "Dereng Buk" wangsulane Taufiq.

 

 "Kowe kuwi senengane kok  lali mangan lho, ora becik ngono kuwi" .

 

 "Inggih Buk, nyuwun pangapunten".

 

 "Aja nyuwun ngapura nyang Ibuk, njaluka ngapura nyang lambungmu. Merga wong sing seneng lali mangan ngono kuwi padha karo nyikara lambunge dhewe. Wis gek ndang maem, mau tak masakne karemanmu lho".

 

 "Napa niku Buk?"

 

 "Wis ndang maem, rak ngerti dhewe" Bu Sobron ninggal anake lanang, balik menyang ruang keluarga. Nonton TV. Anggone cepet-cepet ngalih iku sejatine Bu Sobron kelingan sawargi Pak Sobron sing ndhisiki kapundhut nalika Taufiq Murjaka lagi setahun kuliah neng Bandung. Bu Sobron ditinggali anak loro, sing siji Dewi Indraswari saiki wis omah-omah karo Alfian, sawijining Perwira Marinir TNI AL lulusan AAL. saiki manggon neng Surabaya. Sing sijine ya Taufiq Murjaka iki. Dadi sak ploke Taufiq kuliah neng Bandung Bu Sobron neng omah kerep ijen.

 

Taufiq mbukak tudhung saji, jebul wis cemawis panganan sing dadi karemane. Iwak bengawan jinis wagal dimasak bumbu rujak. Pancen Taufiq kuwi paling seneng karo iwak saka bengawan, jarene ibune persis karo karemane sawargi bapakne.

 

Sapandurat Taufiq meneng. Ngucap syukur marang Pangeran, dene diparingi Ibu sing gemati banget marang dheweke. Jroning atine kepengin banget bisa gawe senenge ibune.

 

Bubar mangan, piring lan piranti mangan sing reget diisahi dhewe banjur diseleh neng paga kaya adate. Terus nusul ibune sing lagi nonton tivi neng ruang keluarga.

 

 "Wis rampung maem ta Mur?" Ibune takon "piringe wis kok isahi pisan ta?".

 

 "Sampun Buk, enggih".

 

 "Kowe ki saiki wis gedhe Mur, ora perlu isah-isah ngono kuwi. Calon Insinyur Civil kok isah-isah? Disawang wong ora patut. Piring reget umbaren wae, mengko nek Ibu wis kober rak ya diisahi".

 

 "Gek sing mboten matutne niku sinten lho Buk? Kula mpun gedhe niku nggih kudu ngerti damelane Ibuk niku mpun kathah, mandhak isah-isah ajange dhewe wae kok gak gelem, niku sing boten patut" wangsulane Taufiq.

 

 "Pancen kowe kuwi jebles karo Sawargi Bapakmu kok. Ora seneng nek Ibuk repot".

 

 "Wonten bentene lho Buk" Taufiq matur ngalem.

 

 "Apa?"

 

 "Kula mboten udut".

 

 "Nek kuwi aja niru bapakmu"  Bu Sobron suwarane kedher "biyen ibuk wis ping ma kaping matur bapakmu supaya ora ngrokok, nanging bapakmu ngeyel, wekasane ibumu ditinggal, jantunge bapakmu sing kenek....."

 

Luhe Bu Sobron wiwit dleweran. Taufiq nggetuni omongane. Ibune dirangkul karo matur :

 "Ibuk, Mur nyuwun pangapunten nggih Buk........".

 

Bu Sobron ngusapi luhe, terus sirahe Taufiq dielus-elus.

 

 "Wis. Sing wis ya wis. Ora perlu dieling-eling, sing penting kowe ora kena ngrokok. Selawase!!".

 

 "Nggih Buk".

 

Taufiq bali ngadeg, kelingan welinge Kaji Tarom mau. Ngrogoh sak hapene ditokne. Mbukak WA kirim pesen marang Ima.

 

Wektune wis bubar Maghrib. Ima ngrewangi simboke nyepak-nyepakne kanggo mangan sore. Ora suwe Pak Sabar wis bali saka langgar, wong saomah banjur padha mangan bareng, katon seger, nadyan mung lawuh kuluban jlegor, sambel terong dices nganggo bakaran watu, cokotane tempe benguk gaweyane Simboke Ima dhewe. Pancen enake panganan kuwi nek digagas dumunung ana rasane sing mangan, nadyan wujude mung sepele nanging nek sing mangan rasane enak ya enak. Kuciwane wis suwe rasane manungsa kuwi kablithuk dening gelaring wujud, imej yen iwak lan daging kuwi luwih enak tinimbang godhong menyok kuwi wis kadhung tinandur bakoh neng panganggepe, mula akeh-akehing wong banjur milih lawuh ayam goreng tinimbang lawuh tempe, sanadyan siji loro ya ana sing luwih seneng tempe bacem tinimbang iwake.

 

 "Mengko Pak-e arep ngomong sethithik karo kowe Ma" kandhane Pak Sabar ing sela-selaning mangan.

 

 "Nggih Pak" wangsulane Ima cekak. Ima banjur kelingan omongane Simboke mau esuk, sing eneng gandheng cenenge karo Zainal, Provos Banser sing nyambi dadi GTT neng MI.

 

Bubar mangan, Ima nata piring-piring sing reget arep dikorahi, Simboke ngomong :

 

 "Wis nDhuk, nyedhaka Pakmu kana, sing isah-isah Simbok wae. Mandhak mung sethithik wae kok".

 

 "Mengke mawon mBok kula isahane, wong namung niku thok mawon kok. Simbok ngancani Ima mawon" wangsulane Ima marang simboke.

 

 "Ya wis nek ngono, kana ndhisika, aku tak ngombe dhisik" wangsulane Simboke karo ngangkat Kendhi arep ngombe.

 

 "Ngene lho Ma" Pak Sabar miwiti omong sawuse Ima lungguh neng kursi ngarepe, Simboke lungguh neng kursi sisihe "dhek wingenane Pak Roji Nangkareja kae rak mrene"

 

 "Dhek napa niku Pak?" Ima sumela atur.

 

 "Dhek wingine dhek wingi, pas kowe mulang Te Pe Qi neng langgar kae"

 

 "Oh, nggih"

 

 "Pak Roji kae biyen rak kancane Bapak" Pak Sabar nerusne omong "pas padha-padha mondhok neng Pesantrene Kyai Rodli Efendi, Gading, Madiun. Mung bedane Bapak mung mondhok ngaji thok , lha nek Pak Roji kae nek esuk sekolah neng PGA, mulane bisa dadi priyayi, wong kabare bar saka PGA ya terus nerusne sekolah maneh neng Unika Widya Mandala"

 

 "Inggih"

 

Pak Sabar nyruput kopine disambung nyedhot udute, banjur nerusne rembuge :

 

 "Lha tekane mrene wingenane kuwi, kajaba silaturrahmi, ya nakokne awakmu".

 

 "Nangkletne kula Pak?" Ima nugel rembug karo ndengengek.

 

 "Iya" wangsulane Pak Sabar "Pak Roji arep ngajak Besanan Bapak. Kowe ditembung arep diolehne karo anake lanang sing jeneng Zainal kae".

 

Ima meneng durung semaur. Ing batin muni nek jan-jane dheweke keneng diarani durung ana rasa sengsem marang Zainal, nanging ora diomongne. Nganti Bapakne nerusne omonge :

 

 "Kuwi nek kowe gelem. Piye".

 

Ima suwe ora wangsulan, pikirane  muser ora karuwan. Sak keplasan wewayangane Taufiq Murjaka liwat neng angen-angene, banjur genti wewayangane Zainal teka ing jejere. Beda banget. Nanging apa kira-kira dheweke diarepi Taufiq ? Wong olehe kenal wae rung genep rong dina. Lha nek Zainal? Gagahe ya gagah, ganthenge ya gantheng, nanging embuh pisan pindho ketemu, nanging kok ora ana rasa apa-apa ing atine. Beda karo pas ketemu Taufiq Murjaka pas ngedoli bubur neng srambi masjid esuk mau.

 

 "Hm........" tanpa krasa Ima unjal ambegan landhung.

 

 "Piye Ma. Bapak pengin krungu panemumu?" Pak Sabar nakoni Ima sing suwara ambegan landhunge lagi wae keprungu.

 

 "Menawi pamanggihipun Bapak pripun? Ima ngertose Bapak boten badhe ngarah boten sae gesangipun Ima".

 

Pak Sabar mesem amba krungu wangsulane Ima sing keri dhewe iki.

 

 "Nek miturut pamawase Bapak" Pak Sabar ngomonge alon "miturut ujare para pinter, Wong lanang kuwi sadurunge rabi kudu nduweni siji : Kurung, tegese omah sing bisa dienggoni urip karo bojone, ora ketang kuwate ya mung mondhok utawa ngontrak, sing baku kudu bisa. Loro : Panggung, tegese papan kanggo obah golek sandhang pangan kanggo nyukupi butuhing uripe kulawarga. Telu : Burung......."

 

Tembunge Pak Sabar kandheg, merga disela guyune Ima karo Simboke. Pak Sabar melu ngguyu sedhela, banjur nutugne omong :

 "Aja kok guyu dhisik, iki ora rusuh,  merga sing dikarepne burung kuwi dudu cocak rawa sing dawa buntute kae, nanging tegese burung kuwi open-open utawa ingon-ingon sing dipurih unine utawa ulese, Perkutut dipurih anggunge sing Kung, Derkuku sing suwarane bisa mbendhe mataram,  Jalak Penyu, Murai Batu sing pinter ngoceh. Uga Merak sing ulese nengsemake lan liya-liyane. Lha manggung utawa ngocehe sarta ulese manuk iku diperlokne kanggo lelipuring ati, dadi ora kudu wujud manuk-manuk ngana kae. Teka kene wis ngerti karepe ?"

 

 "Inggih sampun" Ima wangsulan alon.

 

 "Lha saiki pamawasku ngenani Zainal. Bocah kae Kurung ya wis ana, wong jarene Pak Roji Zainal ki ya wis digawekne omah dhewe, sawayah-wayah rabi wis duwe enggon dhewe. Panggung, Zainal saiki iki wis cekel gawe, dadi Guru najan durung PNS kae ya wis Sertipikasi. Burung utawa open-open wis ora kurang, TV, Radio, kendaraan, wis duwe kabeh. Gek ya duwe sawah. Dadi nek urusan kabutuhan urip wis ora ana kurange. Sing paling baku Iman, Zainal kae putrane Tokoh Agama, wiwit cilik kulina diwulang ngaji, malah saiki ya aktif neng Ansor dadi BANSER pisan, dadi ya wis cukup babagan agamane. Merga ngene, antarane Iman karo kabutuhaning urip kuwi kudu padha anane. Sugih bandha, duwe pangkat nek gak duwe iman ya gak ana gunane, kosok baline nadyan imane kuwat nek gak gableg apa-apa paribasan arep mangan wae ndadak golek-golek kanthi ngrekasa, ya ora pantes didadekne mantuku, bapak gak pengin uripe anake ngrekasa".

 

 "Nuwun sewu Pak" Ima genti ngomong.

 

 "Iya piye?" Pak Sabar nanggapi "apa kowe duwe panemu sing beda? mBok menawa kowe ngerti cacade Zainal sing Bapak ora weruh?" .

 

 "Boten Pak, namung bab cekaping kabetahan lan gandhengipun kaliyan Iman".

 

 "Iya piye?"

 

 "Menawi pamanggih kula Agami utawi Iman punika ingkang nomer setunggal. Bab cekaping kabetahaning gesang punika wewenangipun Gusti Allah. Gusti Allah sampun nyawisi sedaya ingkang dipun betahaken manungsa, lha rejekining manungsa punika sampun dipun ukur dening Gusti Allah dados sampun pas, lan tiyang ingkang nggadhahi iman boten badhe nilar ngibadah, boten badhe ngresahi keyakinan lan ngibadahipun tiyang sanes, tiyang ingkang nggadhahi iman boten badhe boten purun nyambut damel madosi rejeki ingkang dipun cawisaken dening Gusti Allah, ringkesipun Tiyang Iman punika mesthi purun ngibadah lan purun pados rejeki, bab suwarga utawi neraka, bab sugih utawi miskin, punika namung awit sih katresnanipun Allah. Dados Bapak sampun kuwatos menawi gesang kula ngrekaos, nanging kula langkung remen menawi Bapak lan Simbok nguwatosaken kula kecalan iman. Dene bab panembungipun Pak Roji, kula manut Bapak, namung kula nyuwun syarat setunggal".

 

Pak Sabar manthuk-manthuk apa sing dikandhakne anake luwih bener tinimbang panemune. Pancen iman sing tenanan kuwi paling aji tumraping kawulane Gusti Allah. Nanging Pak Sabar uga rumangsa seneng dene anake nurut apa sing dadi karepe. Gelem nuruti panjaluke Pak Roji sing bakal ngepek mantu anake.

 

 "Iya, iya panemumu ketoke luwih pas nDhuk. Kuwi Bapak bisa nampa klawan seneng lan kebak rasa syukur marang Pangeran. Lha bab sing ana gandheng rapete karo Zainal, jaremu ana syarate. Gek syarate kuwi apa?" Kandhane Pak Sabar sing lagi kalegan atine kuwi karo mesem seneng.

 

 "Inggih Pak" wangsulane Ima alon "kepareng matur sakniki?"

 

 "Iya ndang kandhakna, kapan-kapan bakal tak kandhakne Pak Roji".

 

 "Syaratipun gampil kok. Kula nyuwun wekdal, menawi Mas Zainal estu badhe mundhut garwa kula, kedah kersa nengga kula  lulus S-1 rumiyin. Lan mangke menawi sampun kelampahan dados semahipun Mas Zainal, kula kedah dipun keparengaken pados pengasilan ingkang jumbuh kalian kabisan kula. Namung niku Pak syarat ingkang kula aturaken. Menawi Mas Zainal purun kula nggih purun dirabi, ning nek boten purun ateges Mas Zainal boten tresna kalih kula nanging badhe ndadosaken badan kula kangge nuruti katresnanipun dhateng awakipun piyambak, nek ngoten niku kula trimah mopo" .

 

Pak Sabar meneng sauntara, rembuge Ima sing kaya mangkono iku mula pantes dilimbang lan ditimbang. Dipikir-pikir paribasan wong dol-tinuku, ditandhingne kulawargane Pak Roji, kulawargane Pak Sabar ora ana unggule, kabeh sarwa kalah. Lha syarat sing diaturne Ima iki mbok menawa kanggo rada ngimbangi. Lan iki ya klebu nalar sarat iki uga kanggo nuduhne yen kulawargane Ima ya duwe "harga dhiri" ora mung bisa seneng dumeh oleh besan sugih sing kinurmat uripe.

 

" Iya, iya aku ya njurung apa sing dadi syaratmu, mbuh sesuk mbuh suk emben bakal tak omongne Pak Roji" sawuse meneng rada suwe Pak Sabar ngomong.

 

Atine Ima dadi lega. Nanging satemene ya sadar nek syarat sing dijokne kuwi mung langkah sing spekulasi. Tegese bisa wae Zainal nampa syarat kuwi, nek ngono tenan ya alhamdulillah, kuwi nuduhne nek olehe arep ngepek dheweke ora mung nuruti hawa nafsu, nanging temen-temen kepingin mangun bebrayan, mujudne kulawarga sakinah. Nanging nek ora gelem nampa syarat mau, ya alhamdulillah. Amerga ing atine Ima dhewe ya durung kethukulan rasa tresna marang   Zainal.

 

Saka langgare Kaji Yunus keprungu suwarane wong adzan Isyak, Pak Sabar ngadeg pamitan arep melu shalat Jama'ah. Ima karo Simboke, menyang pashalatan, shalat jama'ah neng omah.

 

Bubar shalat Imah kelingan yen isih duwe gaweyan, isah-isah. Mula ya terus njupuki piring-piring sing reget digawa nyang isah-isahan. Bu Sabar nggelar klasa terus nonton televisi. Ima wis rampung isah-isah, arep nusul Simboke  nanging ora sida, merga kelingan durung maca Al-Qur'an, sing adate rutin ditindakne saben bubar maghrib. Lha dhek mau ora, merga diajak rembugan Bapakne.

 

Lagi oleh telung kebet olehe ngaji, hp ne muni. Olehe ngaji leren, ndelok Hape sing ngabari nel ana pesan WhatsApp mlebu.

 

 "Assalamu'alaikum w.w., mBak Ima, tulung sesuk esuk nyang Masjid maneh ya? Bapak- bapak sing jama'ah jumlahe tambah, kepengin sarapan bubure mBak Ima. Maturnuwun" sing kirim WA ngono kuwi Taufiq Murjaka. Banjur ngisore ana tambahan :

 

 "Ora usah ngasta mangkok akeh-akeh, nganggo mangkok masjid wae" .

 

Ima mesem, atine krasa seneng. Ora mung merga sesuk dagangane bakal kepayon akeh wae, nanging embuh sebab apa, dheweke rumangsa seneng nampa WA saka Taufiq, sanadyan isine ya mung lumrah-lumrah wae. Gageyan Ima ngetik balesan :

 

 "Wa'alaikumussalam  wr.wb. Inggih Mas Mur, Insya'allah. Matur nuwun".

 

WA dikirim, ing pojokan ana tanda centhang loro, nanging rupane durung biru. Sadurunge WA ditutup, Ima isih kober ndelok profil  WA  ne Taufiq. Poto profile nganggo foto bocah cilik sing sirahe Gundhul. Lucu. Tulisan jenenge mung rong huruf TM. Neng Info dan Nomer Tlp ditulis : hanya seorang hamba Allah, dlo'if dan fakir ilmu, ingin terus berusaha bisa menggapai ridla-Nya. Ima mesem, atine kasengsem maca tulisan kuwi.

 

Ora suwe HP diselehne maneh banjur nerusne olehe maca Al-Qur'an. Oleh sak juz Qur'ane ditutup, banjur mapan turu. Lagi wae ngglethak hp ne muni maneh.

 

Ana nomer anyar mlebu neng WA ne. Gageyan dibukak arep diwaca apa isine.

 

 "Malam Ima, ini aku Zainal. Besok ada acara? Aku ingin main ke rumah, boleh kan?"

 

Jebul sing kirim WA kuwi mau Zainal sing sore mau lagi dirembug karo Bapak lan Simboke.  Nadyan rada aras-arasen, Ima ora pengin gawe gelane sing kirim WA.

 

 "Inggih Pak Zainal, matur nuwun. Acaranipun nggih kados padatan, enjing ider bubur, siang ngrencangi Simbok. Menawi ngersakne rawuh teng Griya, saged radi sonten mawon, bapak kalih Simbok wonten griya. Suwun".

 

Bar mbalesi WA ne Zainal, data selulere dioffne. Terus bali mapan turu. Durung suwe turu, Ima ditekani Nini wis tuwa banget, nanging awake isih katon pengkuh. Ima digandheng diajak metu, terus dijak mlaku adoh banget, ngliwati dalan-dalan sing durung tau diliwati, wekasane tekan sawijining omah sing gedhe tur apik, Ima ora ngerti kuwi omahe sapa. Platarane jembar ditanduri kembang sing apik-apik. Nini-nini tua kuwi ngajak Ima lungguh neng dhingklik sing ana plataran omah kuwi.

 

 "Lungguh kene dhisik nDhuk" kandhane Nini-nini kuwi, karo dheweke ndhisiki lungguh. Ima mapan lungguh, banjur takon :

 

 "Niki daleme sinten ta mBah ? Kok Sepen ngaten?"

 

Nini-nini kuwi ngguyu, wangsulane :

 "Omahe wong sugih".

 

Ima ora takon maneh merga krungu wangsulan sing ngono kuwi. Jeneh ora sah diomongi ya ngerti dhewe nek omah gedhe, mewah, plataran jembar dientha taman ngene iki genah nek duweke wong sugih. Nek wong kelase Bapak lan Simboke, sing gaweyane mung nggarap sawah wolulas are disambi bakulan bubur, mbok nyambut gaweya nganti tuwek, asile dilumpukne kabeh ora dilong, ya tetep langka bisa mujudne omah ngono kuwi.

 

 "Upama kowe dijaluk supaya manggon neng omah kuwi, apa kowe gelem ndhuk?" Nini-nini mau genti takon.

 

Ima ora ngerti sing dikarepne Nini-nini kuwi, tembung dijaluk karo manggon kuwi apa karepe? Sing njaluk sapa ? Manggon neng kono statuse apa ?. Mula timbang mumet dhewe, Ima banjur wangsulan :

 "mBoten mBah, eman-eman griyane" .

 

 "Kowe pinter nDhuk, manggon kuwi ora ateges nduweni ning dianggep nduweni. Sanadyan ora nduweni tetep duwe kuwajiban ngopeni. Yen olehe ngopeni ora kabeneran, sisip sembire bisa nuwuhake lara ati".

 

Ima manthuk-manthuk, rumangsa mathuk karo kojahe Nini-nini kuwi.

 

 "Ya wis. Nek ngono ayo nerusne laku" kandhane Nini-nini kuwi karo ngadeg. Tangane Ima digandheng diajak mlaku maneh. Ima mung bisa manut, ngetutne lakune Nini-nini kuwi.

 

Sawuse nasak gegrumbulan, ngliwati dalan saktapak rada adoh, Nini-nini kuwi ngajak mandheg.

 

Neng pinggir dalan kuwi katon ana lemah suwung tanpa tanduran, ing sisihe rada adoh pating jentrek omah pirang-pirang kaya modele perumahan sing dibangun pengembang ngana kae. Upama lemah suwung kuwi didegi omah mesthine apik dadine. Neng kono ana tulisan : Tanah ini dijual .

 

Sawuse rada suwe mandheg, Nini-nini kuwi takon maneh :

 "Upama kowe dijak nuku lemah iki terus dijak bareng-bareng ngedegne omahe, banjur omahe mengko padha-padha dienggoni, kanthi hak lan kuwajiban sing padha. Apa kowe gelem nDhuk?"

 

Ima mikir sedhela, embuh apa sing marahi dheweke duwe rasa sengsem marang lemah suwung kuwi mau. Mula wangsulane :

 "Nek kula gadhah arta nggih purun, mBah........".

 

Nini-nini kuwi ngguyu, banjur saka waliking setagene ngetokne kanthong, dibukak taline, isine dhuwit mbuh pira cacahe, sing cetha akeh, dituduhne Ima karo muni :

 

 "Aku mau dititipi dhuwit, kon menehne awakmu ndhuk, ning syarate kowe kudu bisa njupuk dhewe. Wis saiki jupuken kanthong saisine iki".

 

Muni ngono kuwi Nini-nini kuwi terus ngadeg. Kanthong disawatne mendhuwur, temangsang neng ndhuwuring pang wit gedhe sing ana sacedhake.

 

 "Ndang dijupuk nDhuk, tak tinggal sedhela......" .

 

Ima kaget, nyawang kanthong sing temangsang pang, banjur nyawang Nini-nini mau, jebul wis ilang. Ima bingung nggoleki menyang ngendi parane si Nini-nini......

 

 "MBah..... mBah....." Ima celuk-celuk kanthi suwara banter. Dumadakan ana suwara musik banter neng cedhak sirahe, Ima kaget. Jebul musik kuwi suwara alarm. Wektune wis Jam 02.15. Wayahe tata-tata kanggo shalat wengi.

 

Oleh 11 rakaat anggone Shalat Wengi, Ima leren. Impen sing dhek mau tansah gawang-gawang neng panyawang. Ima kepengin atine luwih percaya nek impen kuwi mung kembanging turu, nanging angel..... batine angel dikandhani supaya ora nggagas impene. Omah gedhong magrong-magrong, dalan saktapak, lemah kosong, dhuwit temangsang neng pang. Ah. Apa maknane?.

 

Wekasan Ima mung bisa ndedonga, nyuwun marang Sing Wenang Murba Wasesa jagat saisine, murih slamet donya akhirate. Lamat-lamat krungu suwara, simboke wis mlaku menyang pawon, nggodhog bubur sing arep diiderne esuk iki. Ima bali kelingan, yen mengko bakal kepethuk Mas Mur, neng Srambi Masjid Al-Kautsar. Ima mesem. Nek wis pethuk njur arep ngapa?. Lan aja lali, mengko sore Zainal arep dolan nyang omah. Ima mrengut. Mbuh karepe.

 

Mlaku menyang sumur arep adus wayahe tata-tata budhal thawaf lan sya'i ne panguripan sinartan pandonga muga-muga Gusti Allah ngucurake iline banyu zam-zam . Bubar adus lan tata-tata, saka Masjid tuwa tinggalane mBah Kyai Saleh Bendosari wis keprungu suwara kumandhanging ayat-ayat Qur'an. Pancen saben dina setengah jam sadurunge manjing wektu subuh, saka masjid kono diputerne murattal Qur'an, perlune tangga kiwa tengene ben ndang padha tangi terus budhal nyang masjid. Pak Sabar wis tangi wiwit mau, tombong bubur wis ditata neng pit montor sing arep dienggo Ima ider mengko. Ima mrepegi montore, tas isi dhompet lan hp wis dinggo kalungan, serbet sing dikumbah lan disetlika wingi awan dilebokne kothak neng tombonge.

 

" Ima bidhal Bapak kalih Simbok, nyuwun pangestu" kandhane karo nyalami lan ngambung tangane wong tuwane.

 

"Assalamu'alaikum"

 "Wa'alaikumussalam, ya nDhuk duga-duga digawa, ngati-ati aja keri" wangsulane Bapak karo Simboke meh bareng. Tembunge Ima lan Wong Tuwane ngono kuwi saben esuk ajeg diucapne, dadi ya wis apal banget. Tembung donga jawa tumrap anak sing arep metu saka omah lan wangsulane wong tuwa sing aweh paweling murih sing budhal lelungan ora tinggal ing kaprayitnan.

 

Alon-alonan Ima nggelak pit montore mengetan, nyabrang dalan sepur tapel watese Dhusun Melikan lan Dhusun Tempurejo, bablas tekan protelon cedhak kuburan menggok mangiwa tumuju Dhusun Tempuran. Nalika markir motore neng plataran Masjid Al-Kautsar, saka plawangan Masjid katon Taufiq Murjaka mlaku arep budhal subuhan. Ana rasa geter ing atine Ima, rasa geter sing ngemu rasa gembira sing ora karuwan sebabe. Nalika semana anggone adzan Iffat lagi wae rampung, batine Ima ngunjukne syukur marang Gusti Allah, dheweke bisa melu shalat berjama'ah, malah kepara isih keduman wektu kanggo shalat sunah fajar, sing ajine luwih gedhe timbang jagat saisine.

 

Cekat-ceket Ima ngunggahi masjid, nusul shafe ibu-ibu sing mapan ing mburi sisih kiwa. Rukuhe wis dienggo pisan, dhasare isih durung kena hadas, dadi ora ndadak wudlu luwih dhisik. Nalika tekan ngarep lawang pawestren (panggonan shalat kaum wanita) ora sengaja Ima noleh manengen, kang mangkono iku mbarengi lakune Taufiq  tekan ngarep lawang masjid sing uga tanpa sengaja noleh manengen. Ana panyawang tempuk, nadyan kekarone ya terus ndhingkluk, nanging tempuking panyawang mau pranyata nuwuhake geter-pater ing jero dhadhane nom-noman loro iku.

 

Ima enggal-enggal mlebu ing pawestren, banjur nindakne shalat fajar. Bubar shalat ngenteni iqamat, umak-umik ndedonga nyuwun pangapura marang Gusti Allah. Arepa rasa lan geter ing atine, sarta kumlebating wewayangane Taufiq sing kerep liwat ing angen-angene iku dudu karepe, nanging dheweke ya weruh nek rasa lan angen-angen kang mangkono iku  ora kena diumbar, yen nganti diumbar bakal ambabar dadi rubedaning urip sing wis gilig mung arep ngabdi marang Gusti Allah.   Nalika lagi khusuk ndedonga, dumadakan impen mau bengi kumlembar ngrenggani angen-angene. Ima nambahi panyuwune yen impen mau mung kembanging turu muga enggal ilang saka pangeling-elinge, nanging yen mengku sasmita minangka ru'yah shahihah muga enggal kaparingan ngerti kang dadi jarwane.

 

Kyai Wahid aweh sasmita, Iffat ngadeg banjur iqamat. Shalat jama'ah subuh enggal kawiwitan. Taufiq oleh panggonan shaf ngarep dhewe ing sisih kiwa. Pancene masjid kono kuwi paling akeh jamaahe nek Maghrib, Isyak lan subuh ya rong larik, utawa telung larik gak kebak. Nek shalat Jumuah bisa tekan srambi, nek Idul Fitri sok tekan plataran.

 

Bar salam, Taufiq olehe maca wirid khusuk tenan. Bubar maca wirid sing biasane, ditambahi donga. Nyuwun marang Gusti Allah, Taufiq wis ngrumangsani ringkihing awake, ringkih merga mung anake randha sing uripe mung njagakne pensiun warisane bapakne.  Kuliah wae upama ora oleh beasiswa mbuh bisa mbuh ora. Mula bareng digagas rada dawa, dheweke kuwi wektu iki lagi kesandhung ing dalan sing rata, kabentus ing awang-awang. Merga sak ploke pethuk lan ngerti critane Bakul Bubur, aktivis Pramuka iki, ing atine kethukulan rasa sengsem marang prawan ayu sing sregep kuwi. Kang mangkono mau ndadekne pikirane Taufiq sulaya karo atine. Atine duwe rasa kang seneng, pikirane ngandhani nek senenging atine kuwi nek eneng kurang bejane, bisa nuwuhake sengsaraning ati lan pikirane. Merga ora mung dheweke sing nduweni rasa sengsem marang Ima, nanging mesthi akeh bocah lanang sing apa-apane sarwa ngluwihi dheweke sing uga duwe rasa marang Ima kaya rasa sing ana atine saiki iki. Yen wis ngono kuwi, wis bisa ditebak ing kompetesi iki dheweke akeh tersingkire tinimbang menange. Lha nek wis tersingkir gelem ora gelem bakal ndadekne binggeting atine. Mula tinimbang mengkone nemu wirang, pikirane ngandhani menyang atine supaya murungake karepe, mundur alon-alon. Nanging ya kuwi ati kuwi sok ngeyel, angel dikandhani, jeneh ati kuwi ora bisa mikir, bisane mung ngrasakne. Kamangka nek nganti antarane ati lan pikir ora ana sing gelem ngalah bakal nuwuhake double standar, kurang bejane bisa nuwuhake spleat personality , harak banget andrawasi dadine . Mula Taufiq tansah nyenyuwun marang Pangeran supaya kaparingan slamet lahir lan batine, donya lan akhirate.

 

Rampung anggone ndonga, Taufiq metu njujug lemari sing kanggo nyimpen grabah duweke masjid. Njupuk Mangkok cacah sewelas, diserbeti banjur digawa nyedhaki tombong bubure Ima.

 

 "Iki mBak Mangkoke, sewelas wong jamaahe mung tambah nem klebu remaja sing wingi ora melu sarapan, dadi kabeh pitulas" kandhane karo nyelehne mangkok neng tatakan tombong. Anggone muni dingati-ati banget, supaya ora katutan getering ati. Ewa samono, tetep ana gregel-gregele.

 

 "Inggih Mas, matur nuwun" wangsulane Ima sing duwe rumangsa yen suwarane Taufiq sing lumrah kuwi malih kaya swara kidungane hapsari saka suwarga. Ndadekne neng ati adhem ayem semangat bungah campur dadi siji.

 

Taufiq bali munggah menyang srambi . Ima ibut ngiseni mangkok-mangkok nganggo bubur dagangane, mangkok ditata papat-papat diseleh lengser, banjur diladekne wong-wong lungguh neng srambi. Weruh ngono kuwi, Taufiq tanggap nyenggol Ardian supaya mbantu ngladekne, ben olehe ngedoli bisa luwih cepet. Rindik asu digitik Ardian budhal nindakne pakone Taufiq karo mesam-mesem. Taufiq dhewe ya melu mesem. Sepa. Sepa banget.

 

Kaji Tarom sing esuk kuwi dhapuk dadi Boss, ngomong banter :

 

 "Iki sing ngersakne tanduk ya oleh lho. Bocah nom-nom kuwi adate sak mangkok sok kurang, tanduk wae gak sah pekewuh".

 

 "Siap Pak Kaji" Heru  semaur ora kalah bantere.

 

 "Kleru Ji, Cah Nom kuwi ngibarate dagangan nek mangan neng pasamuwan digawe sethithik, beda karo sing wis tuwek-tuwek ngene iki. Iya ta Mas Mur?" Kyai Wahid udhu rembug karo nyawang Taufiq. Sing disawang mung mlengeh. Ngguyu alon. Tanpa rasa. Cemplang.

 

 Esok kuwi Ima teka omah luwih esuk tinimbang dhek wingi. Amerga kajaba kepayon akeh dening jamaah subuh masjid Al-Kautsar uga laris manis neng pasar Krempyeng prapatan Bulakan. Ima uga ngrasakne ing atine ana sesuatu sing marahi urip luwih semangat. Nanging  sesuk esuk dheweke ora kepethuk Mas Mur, merga Senin jam 08.00 kudu ngadhep nyang Kampus ITS saperlu ngrampungake persyaratan mlebune dadi Mahasiswa suk emben. Gandheng acarane neng kampus ITS kuwi jam wolu sesuk, mula rencanane mengko sore Ima arep budhal nyang Surabaya, njujug lan nginep neng kos-kosan-ne Palupi kakak kelase sing saiki wis oleh rong smester kuliah neng ITS, mlebune dhek emben ya liwat jalur bidik misi. Palupi ya wis di kabari lan malah ngomongi Ima supaya njujug lan nginep neng kos-kosane, sesuk nek Ima nyang Kampus arep  dikancani.

 

 "mBok, mengke sonten kula bidhal teng Surabaya lho" Ima ngomongi Simboke "wonten panggilan menghadap, saking Kampus, benjing jam wolu".

 

 "Lha nek budhal mengko sore, mengko bengi olehmu turu neng ngendi?" Simboke takon.

 

 "Kalih mBak Palupi ken njujug kosane mawon, benjing enjing teng Kampuse ajeng dikancani" Ima nggenahne rencanane marang Simboke.

 

 "Ya, mengko sangune ben digolekne Pakmu"

 

 "Boten sah mBok, arta leh kula nyisihne sekedhik-sekedhik nika ketoke mpun cekap ngge sangu kok. Benjing bar king kampus nggih terus wangsul kok, paling Maghrib mpun dugi griya malih".

 

 "Ya wis nek ngono. Ning omonga Pakmu lho, mbok menawa Pakmu meling apa ta apa, kana ndang omong mumpung Pakmu gak neng sawah, saiki wonge lagi nganam pring gawe telik neng mburi omah"

 

Ima mlaku nyang mburi omah, arep nemoni bapakne sing lagi ngenam pring apus diirati digawe telik. Pancen Pak Sabar kuwi seneng golek iwak klebu golek welut kanthi cara mbasang telik neng sawah. Entuk-entukane lumayan bisa kena dienggo lawuh malah ora arang bisa didol barang. Nek mbasang telik sore bubar ngasar, mengko ngentase jam sewelas utawa rolas bengi, kuwi nek mbeneri dheweke esuk ider bubur. Ning nek sing ider bubur anake wedok, ngentase bubar subuhan.

 

"mPun dados pinten Pak?" Ima mapan lungguh neng cedhake bapakne karo takon.

 

 "Pitu, bapak arep gawe sepuluh ngge nambahi telik sing isih ana kae, ben genep selawe" wangsulane Pak Sabar, disambung karo pitakonan "eneng apa ta nDhuk?".

 

 "Mengke sonten kula ajeng teng Surabaya, njing-enjing jam wolu ken ngadhep teng kampus. Mengke dalu kula nyipeng nggene mBak Palupi, enjinge nek teng kampus ajeng dikancani".

 

 "Apa olehe kuliah wis wayahe mlebu?"

 

 "Dereng Pak, niki nembe nglengkapi persyaratan bidik misi, njing-enjing kula nggih terus wangsul, paling maghrib mpun dugi griya malih".

 

 "Dadi rung perlu sangu sing rada akeh ?"

 

 "Dereng Pak, kangge sangu mangke, kula taksih gadhah kok, dados boten perlu diparingi sangu riyin".

 

Pak Sabar manthuk-manthuk, jroning batin matur nuwun marang Pangeran dene anake iki ora kaya bocah sak pantarane, saben metu saka omah ajeg njaluk sangu wong tuwane.

 

 "Lha olehmu budhal mengko jam pira ?" Pak Sabar genti pitakonan.

 

 "mBak Palupi mapag teng Bungurasih bakda maghrib, kula king Ngawi nggih antawis jam kalih" wangsulane Ima "mangke motore kula titipne teng terminal mawon, benjing bapak kersane boten sah mapag".

 

 "Apa ora nyegat neng Bulakan wae?" Pak Sabar takon.

 

 "Boten Pak, kula ajeng numpak Bus Patas mawon kersane radi cepet, Patas rak boten liwat Bulakan?"

 

 "Iya, saka Ngawi terus nyang Caruban liwat Karangjati".

 

 "Nggih"

 

 "Ya wis nek ngono bapak mung meling, neng ngendi-endi kuwi kudu tansah ngati-ati".

 

 "Inggih Pak. Ima ajeng tata-tata rumiyin" Ima ngadeg bali menyang omah, Pak Sabar nerusne olehe gawe telik.

 

Karo tata-tata Ima kelingan senengane kancane, si Palupi, yaiku kripik tempe weton Ngawi. Ima banjur metu nyang warunge Bu Yunus golek senengane kancane kuwi kanggo oleh-oleh.

 

Kira-kira jam siji, Ima wis pamitan wong tuwane, budhal. Saka Benda numpak pit montor dhewe bablas tumuju Terminal Ngawi, liwate Paron ngalor terus Jrubong. Dalane ora pati rame, dadi ya bisa rada cepet. Lungguh neng bangku terminal, mbukak ha-pe ne.

 

 "Lho Zainal mengko rak arep teka nyang omah?" Ima kelingan WA ne Zainal mau bengi. Dheweke wis ngomong nyang Zainal nek pancen arep dolan kon rada sore wae, ben mbarengi Bapak lan Simboke neng omah. Lha kok saiki dheweke malah arep nyang Surabaya.

 

 "Dhuh, atake Zainal nesu? Aku dikira nglungani. Piye iki?" Ima nakoni awake dhewe.

 

Durung nganti pitakone diwangsuli, Bus Patas jurusan Yogya - Surabaya wis teka. Ima ngadeg Hp ne dilebokne neng tas. Banjur munggah bus sing kursine isih akeh sing kothong. Ima milih kursi ngarep dhewe, lungguh neng cedhake sopir.

 

Bareng buse wis mlaku, Ha Pe ne ditokne maneh. Ana WA mlebu, saka Palupi.

 

 "Budhal jam pira say?" pitakone Palupi neng WA ne.

 

 "Iki wis neng njero Bus, mBak. Lagi budhal saka Ngawi"   balesane Ima.

 

 "Numpak Sumber apa Mira? Entuk lungguhan pa gak? Adate dina ngene iki penumpange rame" Palupi kirim WA maneh.

 

 "Alhamdulillah, oleh lungguhan mBak, iki melu Patas kok" wangsulsane Ima.

 

Palupi mangsuli nganggo stiker jempol telu. Ima mung mesem. Ha pe ne dilebokne maneh terus sendhen nyang kursine. Arep ngeremne mripat, ora sida. Kondhekture Bus wis nyedhaki arep narik ongkos.

 

Lagi bareng kondhekture ngalih, Ima nyendhekne gegere neng kursi bus. Nyuuuuut, wewayangane Taufiq liwat neng angen-angene.

 

 "Ah. Sesuk ora pethuk Mas Mur" batine Ima karo merem "wonge nakokne aku pa gak ya?"

 

 "Lha olehe nakokne nyang sapa ?" batin sisihe genti takon "nyang Bapakmu?sing dodol kok panjenengan Ima teng pundi Pak ? Ngono ?.

 

 "Ah. Embuh.... embuh....".

 

 "Ya ben ora nggoleki, di-WA wae ta!"

 

Ima mesem dhewe, hape-ne dicandhak. Mbukak WA. Thathik, tangane wiwit ngetik pesen menyang Taufiq.

 

 "Assalamu'alaikum. Nyuwun pangapunten, Mas Mur. Namung ngabari, benjing enjing sing ider bubur Bapak piyambak. Kula wonten acara ing Kampus ITS Surabaya. Selasa paling kula sampun sadeyan malih. Nyuwun pangapunten" .

 

WA dikirim, centhange lagi siji. Seluler HP ne Murjaka lagi ora aktif.

 

Ima rada "kecewa" pesen WA ne durung bisa diwaca Taufiq.  Dumadakan Ima kelingan nek dhek mau durung sida anggone arep ngabari Zainal, nek dheweke  nyang Surabaya. Banjur genti ngetik pesen marang Zainal.

 

 "Pak Zainal, Nyuwun pangapunten. Mangke sios tindak Benda ? Bapak lan Simbok wonten griya kok. Kula dereng saged manggihi, wonten acara ing Kampus. Nyuwun pangapunten".

 

Padha, WA ne Zainal ya ora aktif. Pesene Ima lagi centhang siji. Nadyan mangkono, rasa sing ana atine Ima krasa yen beda. Centhang siji sing keri iki ora ndadekne rasa apa-apa. HP dilebokne nyang tas maneh, banjur nata sendhene, bali ngeremne mripate.

 

Tekan Bungurasih wis surup. Metu saka terminal wis dipapag Palupi, banjur boncengan tumuju kos-kosane Palupi. Neng dalan ora pati akeh sing diomongne.

 

Ing wektu kang meh padha, ing salah sijining kursi bus Garuda, Taufiq mbukak mripate, sawuse wiwit munggah saka Bulakan mau merem karo sendhen neng kursi. Hp ne sing di-offne wiwit arep budhal mau, diuripi. Ora suwe keprungu, swaraning pemberitahuan yen ana pesen lumantar WA mlebu pirang-pirang. Ana sing saka kancane, nakokne wis budhal pa rung, ana saka bocah-bocah remaja masjid, sing akeh saka WAG sing dieloni. Kabeh diwaca mung sacleraman, diwangsuli cekak aos saperlune. Mung siji pesen sing bola-bali diwaca, lan olehe arep mbalesi ndadak nganggo mikir sing rada suwe. WA saka Ima sing pamitan arep nyang Surabaya. Atine Taufiq krasa kaya siniriman sari-sari ..........

 

"Hm......" tanpa diniyati dheweke unjal ambegan landhung, batine "Ima pancen bocah apik tenan, arep prei olehe bakul wae ndadak nganggo pamitan barang".

 

 "Ya lumrah wae ta?" ana suwara liya ing atine "ben ora gawe kuciwane pelanggan, dadi aja ditampa kanthi pikiran neka-neka" .

 

Taufiq mesem, banjur nulis balesan :

 "Wa'alaikumussalam wr.wb. 😀😀 padha mBak, aku iki ya lagi perjalanan nyang Bandung, nunut Bus Garuda. Donga dinonga wae mBak, muga-muga kabeh kaparingan lancar. Aamiin. Oh, iya nek sampean Selasa wis neng omah, aku kira-kira suk Lebaran lagi bisa tilik omah".

 

WA wis terkirim centhang loro durung biru. Hp dikanthongi maneh, wewayangane Ima sing cak-cek tansah kumanthil neng angen-angene.

 

Jebul wewayangane Ima ora mung neng angen-angene Taufiq thok. Zainal sing lagi manasi Er-tiga ne Bapakne lagi ngangen-angen meh padha karo angen-angene Taufiq. Sabubare maca WA saka Ima sing ngandhani nek dolan rada sore wae, atine Zainal wis krasa seneng. Miturut psikologi perpacaran milenial, cewek di-japri liwat WA gelem mangsuli kuwi minangka isyarat lampu ijo. Sajake anggone Bapakne nemoni Pak Sabar wingenane wis ana asile. Pancen rada beda antarane Zainal karo Taufiq nalika ing atine tuwuh rasa sengsem marang Ima. Zainal sing duwe rasa percaya diri sing kuwat, duwe panemu yen dheweke iku type cowok idaman tumrape bocah wadon. Jeneh Zainal iku wis Sarjana, aktif neng Organisasi, gagah, pidegsa tur ya tegas. Mula dheweke optimis Ima mesthi gelem didadekne sisihane, luwih-luwih sing ndalani bapakne dhewe, priyayi sugih sing duwe pengaruh gedhe.

 

Sing diangen-angen Zainal mengko arep maghriban neng Masjid Bendosari, terus Ima arep dijak metu golek mangan malam nyang Ngawi, sak Bapak lan Simboke pisan. Kanthi mangkono Ima bakal ngerti yen dheweke dudu bocah lanang sing ecek-ecek, nanging wong lanang sing bisa nuduhne tanggung-jawabe. Ora bocah lanang sing seneng adol bagus.  Mula jam lima sore Zainal wis macak, nganggo clana jeans asli, jakete Banser ya dienggo pisan. Bareng arep ngesaki rokok, Zainal malih ragu Ima kuwi klebu anti perokok apa ora? Ning nek Ima anti rokok mengko piye nek dheweke konangan ngrokok ?.

 

 "Ah, gampang, wong Pakne Ima ya ngrokok wae kok" batine karo ngesaki Sampoerna Mild. Kanggo Pak Sabar ya wis ditukokne 234 revil rong conthong.

 

Pas Adzan Maghrib, lakune R3 sing digelak Zainal wis menggok plataran Masjid cedhak daleme mantan Lurah Yunus.

 

 "Lha iki mau saka ndalem wae, apa saka ngendi ta Nak ?" Pitakone Pak Sabar nalika Zainal wis lungguh neng kursi ruang tamu.

 

 "Saking griya kok Pak" wangsulane Zainal karo ngesrokne rokok 234 revil nyang ngarepe Pak Sabar, karo kandha "sesipun Pak"

 

 "Weleh, kok ndadak njajakne rokok barang ta Nak? Wong Pak-e iki kulinane nglinting kok".

 

Zainal mung mesem, banjur kandhane maneh :

 "Kula wingi mpun criyos teng Dhik Ima nek badhe sowan mriki kok".

 

 "Oo, wangune Ima lali, ora ngomong Pak-e. Wong bocahe mau jam loro budhal nyang Surabaya, jare enek urusan neng calon kampuse. Pa piye ngono?!?".

 

Zainal rada mlenggong, Ima kok ora crita nek ora neng omah. Kamangka wingi wangsulane jare ngongkon rada sore. Bareng ditekani sore kok malah nglungani.

 

 "Hm........" Zainal nggereng alon karo ngetokne hp ne. Niyate arep kirim WA nyang Ima.

 

Zainal mlenggong ping pindho, jebule dhek awan Ima wis ngabari, nek arep nyang Surabaya.  Getune Zainal ora karuwan, ya gene sedina mau ora nyandhak ha pe ?.

 

 "Oo alaaah........". Zainal mesem.

 

 "Piye Nak ?" Pak Sabar Takon.

 

 "Tibake Dhik Ima mpun ngabari kula nek wonten panggilan mendadak teng Surabaya. Ndelalah sesonten wau kula boten mbikak Ha Pe, dados boten ngertos". wangsulane Zainal.

 

 "Oooo ngono?"

 

 "Inggih Pak" Zainal mesem kecut.

 

Pak Sabar melu mesem, batine sing dhek mau arep ngluputne anake wedok, dadi ora sida.

 

 "Tiwas Ima arep tak srengeni" Pak Sabar ngomong alon.

 

 "Sampun Pak, Dhik Ima boten lepat, kula mawon sing mblalo" Zainal nuduhne sipat sportipe.

 

Tujune Pak Sabar baud crita, dadi Zainal banjur diajak crita akeh-akeh. Nadyan cuwa, Zainal oleh hiburan merga diajak crita iku mau. Kira-kira ngarepne manjing ngisak Zainal pamitan. Pak Sabar nguntapne tekan ngarepan.

 

R-3 ne Bapakne ora digelak mulih dhisik, nanging digelak menyang Ngawi, wetenge Zainal wis krasa luwe. Sing krasa luwe jebul dudu mung Zainal, nadyan Pak Sabar jane ya wis luwe. Mula bareng tamune wis pamit ya banjur mlebu omah njujug babragan nggon mangan, Bu Sabar sing uga wis luwe wis sawantara ngenteni tekane sing lanang neng kono.

 

 "Ayo ndang madhang, mbokmu" kandhane Pak Sabar karo nyandhak piring imbuh sega.

 

 "Jane mau, si Zainal arep tak jak mangan bareng neng kene" kandhane Bu Sabar tanpa mangsuli omonge sing lanang.

 

 "Lha thik ora sida?" Pak Sabar takon.

 

 "Lha wong lawuhe mung jangan kelor karo bothok mlandhing, kuwatirku bocahe ora doyan".

 

Pak Sabar ora semaur, mung ing batin maido sing wedok. Kudune ora ngono, malah ben Zainal ngerti nek kulawargane Ima kuwi uripe mung prasaja. Ben mikir pisan engkas, nek dheweke gelem karo Ima ya kudu nggelemi urip sing prasaja ngono kuwi. Nanging pamaidone mau cukup dibatin ora diomongne bojone.

Pas Pak Sabar rampung olehe mangan, kenthongan Langgar wis ditabuh. Wektune shalat Ngisak wis teka.

 

 "Tak ngisakan dhisik mBokmu" kandhane Pak Sabar karo nyelehne kendhi neng meja.

 

 "Ora sah kesusu Pakmu, wong lagi kenthong wae lho" wangsulane sing wedok "jare mBah Kaji kae nek budhal shalat ki ora oleh kesusu".

 

 "He eh. Tak gak kesusu" wangsulane Pak Sabar karo mlaku arep metu saka omah. Tekan emper, ngrogoh sak njupuk rokok sak ler disumet, terus disedhot karo mlaku. Saka langgar suwara puji-pujian keprungu nggalur-nggalur.

 "Astaghfiruullaaaahal 'aaaaaadziiiiiiiiiim... ".

 

Kaya lumrahe kanca sing wis sawatara ora ketemu, ing kamar kos-kosane Palupi bocah loro kuwi padha ngethuprus olehe crita. Palupi sing wis luwih dhisik ngrasakne urip neng paran akeh critane sing lerehe aweh pitutur marang Ima suk emben ben ora kaget urip dadi bocah kos, sing adoh wong tuwa. Piye carane murih tetep semangat nadyan uripe kena diarani kecingkrangan, nanging kudu bisa lancar pasinaone nganti lulus dadi Sarjana.

 

 "Nek aku lho Say, nomer siji bisa kuliah, nomer loro bisa lancar nggone kuliah, nomer telu bisa oleh biji apik olehe kuliah. Ora usah mikir liyane dhisik" ngono kandhane Palupi marang Ima.

 

 "Liyane gak sah digagas dhisik ya mBak? Klebu pacaran ya?" Ima takon karo mesem.

 

 "Lho dhirimu wis duwe pacar?" Palupi mbalik takon karo mesem.

 

 "Durung sih mBak" wangsulane Ima.

 

 "Duwe pacar ya ora apa-apa kok say, sing penting ora pacaran dhisik" kandhane Palupi.

 

 "Maksude piye sih mBak ? Keneng duwe pacar nanging ora pacaran ki?"

 

Palupi ngguyu, banjur kandha :

 "Ngene lho Say, upamane dhirimu naksir Artis Korea sing bagus-bagus kae, oleh wae. Ning ya aja terus njingglengi tivi terus nganti apa-apa dadi klendran. Keneng ndelok ya sak madya laah. Aja ngalahne sinaune".

 

Ima meneng sedhela sajak mikir sing lagi bar diomonhne kancane kuwi.

 

 "Upama wis duwe kanca akrab" Palupi nerusne kandhane "ya cukup komunikasi lumrah wae, ora sah nganggo tetemon berdua sing ngundang marang perkara sing ora ana gunane"

 

Tangane Ima kumlawe nyandhak hp. Jebul ana pesen WA sing mlebu. Atine rada geter sithik. Sing kirim WA jebul Taufiq. Palupi sing weruh owah-owahan praupane Ima, takon :

 

 "Eee... sajake si do'i kirim WA ya ?".

 

 "Dudu kok mBak, pelanggan Bubur. Pamitan".

 

 "Pelanggan? Apa pelanggan?" Kok nganggo pamitan barang ki? Palupi wiwit nggodha.

 

 "He eh, adate nek aku ider dikon mampir, ning sesuk wonge lunga nyang Bandung rada suwe dadi ben gak kecelik aku diomongi gak sah mampir".

 

 "Ooo. Wonge nyang Bandung Sambipasar?"

 

 "Dudu, Bandung Ibu kota Jabar, Sambipasar ki rak Bandung breng" wangsulane Ima karo ngguyu.

Palupi melu ngguyu. Banjur Ima  takon :

 "Iki serius mBak. Nek ditakokne cowok liwat wong tuwa padha wong tuwa, terus disemayani nek wis bar kuliah, ngono kuwi dosa pa gak ya?".

 

 "Dirimu wis dilamar maksude?".

 

 "Resmine durung mBak. Lagi ditakokne"

 

Ima banjur nyritakne Zainal sak wutuhe. Nganti tekan W A ne Zainal sing arep dolan neng omahe kuwi barang.

 

 "Nek mungguhku Say, syarat sing mbok jokne kuwi ya sah-sah wae. Sokur  nek Zainal gelem nampa, merga jujur wae golek bojo wong sing wis mapan ngana kae kuwi angel. Nanging aku ya mendhukung dhirimu ngejokne syarat kuwi, merga dadi wong wedok kuwi aja gelem nek diposisekne Suwarga nunut neraka endha....".

 

 "Kok neraka endha apa ora kleru mBak? Sing bener rak neraka katut?" Ima motong rembug.

 

Palupi ngguyu banter, wangsulane :

 "Kuwi biyen, jaman wong wedok durung pinter. Saiki wis beda. Biyen beja cilakane wong wedok kuwi gumantung beja cilakane bojo. Nek bojone sugih wong wedok melu ngrasakne sugihe, nek bojone bangkrut, wong wedok melu nglakoni rekasane. Saiki wis beda, wong lanang sugih wong wedok melu kepenak, nek wong lanang cilaka wong wedok nyang Pengadilan Agama ngajokne Gugat Cerai".

 

Ima mesem krungu keterangane kancane ngono kuwi. Nadyan isih nom wawasane Palupi pranyata wis jembar, ya ora maido wong Palupi kuwi aktivis LDK.

 

 "Dadine ora dosa ta mBak?" Ima negesake.

 

 "Ora. Nanging dirimu kudu setia. Lire ora keneng tolah-toleh cowok liyane maneh. Lan selama durung dinikahi secara syah, ya nek Zainal kepengin ketemu dirimu ya kudu neng omah pas Bapak karo Simbok eneng. Kuwi panemuku, dirimu keneng nganggo, ya keneng ora".

 

 "Iya mBak".

 

Wengine terus nggremet, bocah loro kuwi banjur mapan turu. Beda karo Palupi sing sajak wis kulina, bubar crita ya terus angler turune, Ima kethal-kethil kaya wong kancilen. Sedhela-sedhela mbayangne apa sing arep ditemoni sesuk neng kampus. Banjur kelingan Zainal sing rung mbalesi WA ne.

 

 "Apa kira-kira cuwa ya? Thik WA ku ora dibales, kamangka mau ketoke ya wis centhang loro biru?" ngono pitakon jroning atine.

 

 "Nek ngono wae didadekne alasan ngge nggelani uwong jenenge cugetan kuwi Ma" ngono batin sing sesisih ngrewangi semu mropokasi "wong cugetan kuwi luwih becik disingkiri wae, nek dicedhaki mesthi kerep ngajak padu".

 

 "Aja kesusu ndakwa sing ora-ora, olehe durung mbalesi kuwi mbok menawa wonge lagi repot utawa ana urusan liyane. Wong WA saka Mas Mur ya durung mbok balesi ngono lho?!?" Batin sing dhisik mau bali ngandhani.

 

 "Oh. Iya" Ima ngranggeh hp ne mbukak WA  arep mbalesi WA ne Taufiq. Ben ora dikira nyepelekne.

 

 "Inggih Mas Mur, kula boten dangu malih nggih badhe menetap teng Surabaya kok, saged tilik griya nek prei mawon. Mugi-mugi kula saged ketularan Mas Mur, kuliah saged lancar".

 

WA wis kekirim, ana tandha centhang loro rupane wis biru. Murjaka lagi Online. Ora suwe Taufiq wangsulan, cekak .

 

 "Aamiin".

 

Hp diselehne, kemule digeret munggah, Ima kepengin enggal bisa turu, kaya Palupi sing wis angkler.

 

Acarane neng kampus ora ngentekne wektu rong jam. Jam setengah siji awan, Ima wis munggah Bus Patas jurusan Yogya, neng terminal Bungurasih. Kaya pas budhal wingi, sing numpak Bus Patas iki durung rame. Kursine isih akeh sing kothong. Ima mapan lungguh neng kursi ngarep dhewe, manggon persis neng mburine Sopir.

 

Karo mapan sendhen, ngeremne mripate, kabeh pituture Palupi tansah diangen-angen neng jero atine. Ima rumangsa beja uripe dene duwe kanca kenthel kaya Palupi kuwi. Ima lan Palupi pancen padha-padha dadi anake wong sing ora pati duwe. Wong Bapakne Palupi kuwi Penjaga SD sing olehe diangkat dadi PNS sawuse Palupi gedhe. Ndelalah duwe kasenengan sing padha, yaiku seneng berkegiatan lan seneng organisasi, Palupi kanca kakak kelas wiwit Sekolah neng SMP AL-ISLAM Pehnangka, sing Kepala Sekolahe Pak Sukirna, S.Pd. sing daleme Tambaksela Kedunggalar kae. Pancen wektu mlebu SMP biyen Ima meh wae ora nutugne sekolah, merga ekonomine wong tuwane rada berantakan, Bapakne lara merga kecelakaan, tiba saka wit Mahuni ngepasi golek rambanan kanggo wedhuse. Sikile ngalami "patah tulang", mlebu rumah sakit ngentekne wragat pirang-pirang, kabeh wedhuse didol ya durung cukup. Najan wekasan sikile mari, nanging pirang-pirang sasi ora bisa nyambut gawe sing rada abot. Bareng Bapakne waras, genti Simboke sing mlebu Rumah Sakit, gara-gara maag sing wis rada kronis. Akhire Ima dijak sedulure simbokne nyang Pehnangka disekolahne neng SMP AL-Islam.  Wiwite akrab karo Palupi, merga Ima sregep melu kegiatan Pramuka lan nyambi neng PMR. Lha Palupi sing luwih dhisik mlebu ya aktif neng Pramuka. Olehe Ima seneng Pramuka kuwi merga kagum karo tanggane neng Pehnangka, sing asmane Pak Cholik. Saka panyawange Ima Pak Cholik sing aktif neng Gerakan Pramuka kuwi, neng tengahe masyarakat tansah katon bermanfaat, tansah dibutuhne dening wong akeh. Mula Ima kepengin ing mbesuke bisa dadi kaya Pak Cholik sing aktif neng Gerakan Pramuka. Banjur bareng mlebu MAN ndelalah ya padha-padha MAN 1 Ngawi.

 

Jane wingi kuwi Ima ya kepengin nyritakne nyang Palupi perkara impene wingenane kae. Nanging kegawa saka cupete wektu, Ima kelalen. Lagi kelingan bareng wis tekan Terminal mau.

 

Sauntara iku, sing ana Bendosari,  bar shalat jamaah ngasar neng langgar, Pak Sabar ngomong marang bojone :

 

 "Tekane Zainal mau bengi kok ndadekne aku kepengin ndang ngomong nyang Pak Roji ta mBokmu?!?".

 

" Ngomong pripun Pak? Ngomong nek Sampean wis mathuk njodhokne Ima kalih Zainal?" tumanggape sing wedok karo takon.

 

 "Ora ngono!" Pak Sabar wangsulan.

 

 "Lha pripun?"

 

"ngomongne nek Ima ngajokne syarat kae lho!!!"

 

"Oh, nggih.... nggih...."

 

"karepku, mbuh niyate Pak Roji kuwi sida diterusne, mbuh ora nek syarat kuwi diomongne saiki, rak ora marahi kaget?"

 

"nggih leres niku, Pakmu"

 

Ora gantalan wektu, sore kuwi Pak Sabar nyetater montore, budhal nyang Nongkorejo.

 

Tekan ngarep daleme Pak Roji, kabeneran sing kagungan dalem katon lagi lelenggahan neng teras ngarep. Pak Sabar markir motore neng ngisor wit pelem. Pak Roji sing ngerti nek Pak Sabar teka, banjur ngadeg mudhun saka teras, mapagne tamune, karo grapyak semanak, mbagekne.

 

 "Mangga, pinarak njero kana Kang Sabar, kok Ibune Gendhuk gak dijak?" Guneme karo nyalami tamune.

 

 "MBokne Ima mau jare arep njagong" wangsulane Pak Sabar "ketoke luwih santai neng Teras wae Pak, luwih isis".

 

 "Mangga nek ngono, ayo lenggah kana".

 

Wong loro mlaku munggah nyang teras. Nadyan mung sak teras, nanging terase wong sugih, dadi ya jembar lan ngresepake. Meja kursine ya apik-apik tur rega larang, saka kayu jati ukiran modhel jeparan, diplitur beningan alus, soca-socane katon cetha. Jogane teras saka marmer modhel wajakan, gilap. Plapone teras wujud kayu jati dirajang cilik-cilik, peni, diplitur kuning gadhing katon yen seni tur asri.

 

Pak Sabar ngati-ati mapan lungguh, neng ngarepe Sing kagungan dalem kedhang-dhangan meja kayu gandhengane kursi sing dilungguhi. Pak Roji ngrogoh sak klambi koko sing dienggo, ngetokne rokoke GG International, didudut siji terus disumet. Pak Sabar tiru-tiru, rokok jajane Zainal mau bengi ditokne diseleh neng ndhuwur meja.

 

Bu Roji metu karo nyangga baki isi Kopi loro, karo lodhong isi panganan.

 

 "Unjukane Pakdhe" kandhane Bu Roji marang Pak Sabar.

 

 "Inggih matur nuwun" wangsulane Pak Sabar. Bubar laden Bu Roji bali mlebu omah.

 

 "Diunjuk Kang" Pak Roji ngacarani tamune, karo nyandhak gelase sing ana cangkingane "kopiku ki kopi pahit, mbuh ngapa saiki aku ora pati seneng legi".

 

 "Nek jarene wong-wong pinter kae, ngombe kopi kuwi apik sing gak nganggo gula. Nek aku ya sak kecekele, nek mbokne Ima dhong duwe gula ya legi, nek dhong telat ya pahit" wangsulane Pak Sabar karo nyruput kopine.

 

 "Sing apik ya ngono kuwi, aku ki ya ora nyirik gula. Nek neng warung apa neng nggone kanca ngana kae, masia legi ya tak ombe. Ya ora ana pengaruh apa-apa".

 

Wong loro kuwi banjur jagongan gayeng, ngrembug nostalgia jaman padha isih nome biyen. Jaman isih padha ngangsu kawruh neng Pondhok Pesantren Radlatul Huda, Gading, Madiun. Nyantri marang Kyai Rodli Efendi, kira-kira patang puluh tahun kepungkur. Jaman semana bocah loro sing dipangan ajek sega liwet lawuh sambel bancik, mangane kadhum karo cah akeh ajang dhulang. Sing bisa cepet lan tahan panas bisa wareg tenan, nek mung cimat-cimit ya ketinggal karo kancane. Ngombene banyu intip, padha ngokobe. Ewa semono kabeh ora ana sing lara, malah kepara padha waras kabeh.  Mung bareng wis padha tuwane, duwe nasib dhewe-dhewe. Pak Sabar saiki dadi Bakul Bubur, Pak Roji bisa dadi Priyayi luhur.

 

Sawuse ngobrol sawantara. Pak Roji banjur takon :

 

 "Mengko dhisik Kang. Iki mau Sampean mung perlu silaturrahim utawa mampir thok, apa ana perlu liyane?".

 

Pak Sabar, nata lungguhe. Meneng sedhela nata ukarane. Pak Roji ya meneng sajak ngenteni ucape Pak  Sabar apa sing arep diomongne. Pak Sabar nyruput kopi sing neng ngarepe, kanggo nelesi gorokane. Banjur wiwit ngomong klawan sajak ngati-ati :

 

 "Pancen bener Pak Roji, sowanku mrene mau kejaba silaturrahim ya ana perlune sethithik. Ya sadurunge, tak suwun pangapurane Pak Roji saha mBakyu marang aku, marang nyaiku ya marang anakku si Ima".

 

Pak Sabar meneng sedhela, Pak Roji durung nimbangi rembug mung polatane sajak mikir lan takon-takon apa candhake rembug saka Pak Sabar.

 

 "Rong dina kepungkur" Pak Sabar nerusne rembuge "anakku wedok ya si Ima wis tak blakani bab rawuh panjenengan karo mBakyu neng Bendo dhek emben kae. Anakku wedok ya wis tak jarwani klawan utuh apa anane sapa putrane Panjenengan sing jeneng Zainal kuwi. Sateruse, anakku banjur tak tari lan tak takoni mungguh panemune menawa aku lan panjenengan kepengin luwih ngraketake anggone mangun paseduluran klawan cara bebesanan".

 

 "Banjur panemu lan wangsulane putrane sampean?" Pak Roji takon klawan suwara sing anteb. Sajak ana rasa kuwatir ing sajroning atine.

 

Sepisan maneh Pak Sabar nyruput kopine. Terus ngomong :

 "Anakku wedok, ya putrane panjenengan si Ima mung manut karo sing dikarepne Bapakne".

 

Byar. Krungu rembuge Pak Sabar sing keri dhewe iki, polatane Pak Roji dadi padhang.

 

 "Alhamdulillah....." keprungu pangucap syukur saka lathine Pak Roji.

 

 "Mung wae, anakku duwe panyuwunan" Pak Sabar nggenepi rembuge.

 

 "Kuwi lumrah Kang Sabar, jenenge prawan ditembung terus duwe panjaluk utawa cara kunane pasanggiri, kuwi lumrah, terus apa sing dijaluk anakku wedok kuwi Kang?"

 

 "Panyuwune putrane panjenengan Si Ima iki gegayutan karo kesanggupane Ima lan Pemerintah". wangsulane Pak Sabar.

 

 "Bab apa kuwi?"

 

 "Ima kuwi rak tau melu ngajokne Beasiswa Bidik Misi, alhamdulillah ketampa nyang Teknik Industri ITS. Dadi Ima duwe tanggung jawab moral nerusne Kuliah nganti lulus Sarjana. Lan sawuse lulus mengkone kudu ngecakne ngilmune  sing migunani marang masyarakat. Mula panyuwune si Ima gelem panjenengan pundhut mantu nek wis lulus kuliah terus nek wis dadi mantu panjenengan Si Ima nyuwun supaya anakku Zainal paring idin Ima ngamalne ilmune kuwi ing tengahing bebrayan. Ya mung kuwi sing dadi panyuwune putra panjenengan si Ima. Muga-muga ora ndadekne dukaning penggalih panjenengan".

 

Pak Roji katon njengkerutne bathuke. Sajak mikir lan ngangen-angen kabeh sing dikandhakne Pak Sabar. Nek kudu nunggu Ima rampung kuliah, ateges isih rada suwe wong saiki lagi arep mlebu. Gek kuliah neng Pas kuwi adate luwih suwe luluse tinimbang sing neng Sos. Luwih-luwih neng Perguruan Tinggi sing wis duwe jeneng kaya ITS ngono kuwi. Rung karuwan Ima bisa ngrampungne kuliahe jroning wektu limang tahun. Pak Roji ya nggagas, panjaluke Ima iki kena diarani pitukon sing kudu diwujudi, nek nganti ora diwujudi ateges panembunge dhek emben kae padha karo ora kanggo alias ditulak. Nek dinalar pancen Ima duwe alasan sing kuwat, kabeh ana sambung rapete karo tanggung jawab moral. Nanging nek kudu manut Ima harak ya kesuwen? Kesuwen mungguhing nyonyahe sing wis kepengin ngudang putu. Kesuwen mungguhing Zainal sing wis wancine mengku wanita. Apa kira-kira Zainal gelem ngenteni ? Upama Zainal ora kanti nek kudu nunggu Ima rampung kuliahe, kuwi ya aran lumrah. Amarga bebasan dagangan Zainal kuwi klebu akeh wong tuwa sing kepengin ngepek mantu, akeh prawan sing pengin dipek bojo. Nek nganti mangkono, ateges pepengine nggone bisa besanan karo Pak Sabar dadi gagar wigar lan ambyar.

 

Kamangka wiwit jaman semana, nalika Pak Roji isih Jaka, wis nyingidake wewadining ati sing  nganti saiki durung ana wong liya sing ngawruhi. Kalebu anak bojone dhewe. Ya iku nalika ing sawijining dina Pak Roji ketemu sawijining Syarif sing asring mampir ing masjid pondhok. Syarif kuwi kagungan tabiat sing rada aneh. Saben teka mesthi maringi apa ta apa marang santri sing ditemoni. Malah ora arang menehi dhuwit marang Santri sing kebeneran lagi kentekan sangu, kamangka si Santri ora tau crita marang sapa-sapa yen lagi kentekan sangu. Syarif kuwi uga seneng maringi lenga wangi marang sapa sing disenengi. Lan andilalah kersane Allah, santri sing bar diwenehi lenga wangi kuwi dadi mundhak sregep nggone ngaji lan ngibadah. Tumindake Syarif liyane sing klebu aneh yaiku seneng nata sandhal utawa bakiak sing neng ngarep masjid, sandhal sing maune madhep nyang masjid diwalik dadi ngungkurne masjid. Sing ditata kuwi sandhale sapa wae.

 

Anuju sawijining dina, Pak Roji weruh yen Syarif kuwi lagi jagongan karo Pak Sabar. Gandheng anggone jagongan lagi ketok serius, Pak Roji ora wani melu nggabung. Nanging Pak Roji sengaja "curi dengar" saka walik waranane srambi papan jagongane wong loro kuwi.

 

 "Kang Sabar kula kandhani nggih?, ning nggih sampun percaya nemen-nemen, merga niki mung saking panyawang batin kula, saged bener lan saged lepat" ngono kandhane Si Syarif marang Pak Sabar sing dirungu Pak Roji.

 

 "Nggih Syarif" wangsulane Pak Sabar sing uga dirungokne Pak Roji.

 

 "Mbenjing sampean titeni, sampean bakal kaparingan anak wadon setunggal. Sampean mong sing sae, mergi anak sampean mbenjing niku bakal mbekta kamulyan, kamulyan tumrap sampean tumrap semah sampean lan ing tembene tumrap sisihan lan maratuwane. Empun niki mawon, sampean titeni omongan kula niki"  cetha pangandikane Syarif marang Pak Sabar sing dirungokne Pak Roji.

 

Sawuse wektu mlaku pirang-pirang tahun, Pak Sabar klakon wis omah-omah, miturut panitene Pak Roji, ngendikane Syarif biyen iku wis numusi siji. Yaiku Pak Sabar bener mung kaparingan anak wedok sitok sing jeneng Ima kuwi.

 

Ya wewadi iki sing njalari Pak Roji banget kepengin ngajak besanan Pak Sabar. Nanging wewadi iki durung dingerteni anak bojone.

 

Nganti sawatara Pak Roji ora bisa aweh wangsulan. Wong loro dadi padha meneng-menengan, mung udute wae sing bola-bali disedhot, nganti keluke rokok ngembuleng campuh dadi siji ing dhuwur sirah.

 

Pak Sabar sing anggone omong wis diati-ati suprandene meksa nuwuhake rasa kaget ing atine kancane. Nanging arep kepiye maneh syarat sing dijokne Ima pancem wajib diomongake marang Pak Roji. Wusanane sawuse padha meneng sauntara, Pak Sabar banjur nerusne kandhane :

 

 "Pancen wong tuwa kaya aku lan panjenengan iki wenang duwe pepinginan, nanging kabeh mau gumantung marang sing nglakoni Pak Roji".

 

 "Pancen benere mangkono Kang" wangsulane Pak Roji sajak abot.

 

 "Mula, muga-muga Anakku Zainal bisa kanthi legawa minangkani panjaluke putrane panjenengan si Ima, nanging kabeh-kabeh mau ora becik dadine yen nganggo cara peksan",

 

 "Bener Kang, ya pangestune sampean wae sing tak suwun, muga-muga putramu si Zainal bisa mujudi apa sing dadi syarat kaya sing diaturne anakku si Ima".

 

 "Aamiin".

 

Wektune wis rada wengi, sedhela maneh maghribe teka. Pak Sabar pamitan, arep bali menyang Bendo.

 

Jam setengah lima sore bus patas sing ditumpaki Ima wis mlebu Terminal Kertonegoro Ngawi. Ima gage-gage mudhun, jroning atine ngunjukne rasa syukur marang Pangeran, awit ora kewengen neng dalan. Mudhun saka bus akeh tukang ojek sing padha nyedhaki, nawani jasa ngeterne.

 

 " Matur nuwun" Ima wangsulan sopan "mbeta kendaraan piyambak kok Pak".

 

Tukang-tukang ojek padha nyingkir, Ima nerusne lakune menyang panggonane nitipne pit montore.

 

 "Entosi sekedhap nggih mBak, sepedhane teng nglebet kersane didalne anak kula rumiyin" ibu sing duwe penitipan kuwi nampani kartu parkir karo ngomong, banjur mlebu omah nggoleki anake sing arep dikongkon ngetokne pit montore Ima.

 

 "Inggih Bu" wangsulane Ima sing terus mapan lungguh neng dhingklik ngarep parkiran, sing uga kanggo warung Es karo sing duwe parkiran. Neng warung kuwi ana sing lagi andhok jajan, ketoke suami istri sing lagi saka lelungan. Kekarone sajak lagi ngomong wigati.

 

 "Tenan ta ? Sing didhawuhne Bu Nyai wingi pas banget, cocog karo kanyatane" sing wadon kandha marang sing lanang.

 

 "Iya, aku mau ki ora nggorohne apa sing didhawuhne Bu Nyai Bu" sing lanang wangsulan "nanging aku ngukuhi dhawuhe Bu Nyai sing keri dhewe, nek tawilan impen kuwi ora mesthi cocoge. Mula aku mau mung ngomong aja nemen-nemen olehmu ngarep-arep, mbok menawa takwilane Bu Nyai mleset" .

 

 "Alaah, nek aku ya ora, wong aku wis apal Bu Nyai kuwi wiwit Pak Kyai Zarkasi isih sugeng, nek nakwil impen ki gak tau mleset, wong sak Tempuran tekan Tempurejo ki wis apal kabeh".

 

 "Dheg!!!" Imah rada kaget krungu rembugane wong loro kuwi. Dheweke bali kelingan karo impen sing dhek wingenane kae.

 

 "Ya wis, sesuk tak kone ngeterne Simbok sowan Bu Nyai nyang Tempuran" ngono suwara sajroning batine.

 

 "Niki ta mBak Sepedhane" pitakone bocah lanang sing nuntun pit montore saka njero.

 

 "Inggih Mas" wangsulane Ima karo nyedhak, nampani pit montore "sampun nggih Mas, maturnuwun"

 

 "Nggih mBak sami-sami" wangsulane bocah lanang kuwi.

 

Teka omah isih rada padhang. Isih kober adus lan reresik awak sakcukupe, lagi keprungu suwarane Kenthongan sing ditabuh mratandhani nek wektu Maghrib wis teka. Ima uga banjur shalat jama'ah karo simboke. Pak Sabar wiwit mau durung bali.

 

Lagi bareng wis rada wengi Pak Sabar teka.

 

 "Aku mau bablas nyang Langgar kok" kandhane marang simboke Ima, karo njagangne pit montore. Pit montor mati pajek sing wis mbuh pirang tahun suwene, Yamaha tujuh lima, rupane abang, sing wis salin rupa dadi pating cloneh, merga wis akeh cete sing nglonthok.

 

 "Lha Ima mau leh teka yah apa?" durung kober oleh wangsulan Pak Sabar wis nyusuli pitakonan.

 

 "Wau ngajengne serap" sing wangsulan Ima " lha Pak-e wau saking njagong teng pundi, kok ngagem Clana kalih batikan ?" .

 

 "Ora saka Jagong, saka nggone Pak Roji, ngomongne syaratmu wingenane kae".

 

 "Pripun Pak Roji ? Saged nampi ta?"

 

 "Durung wangsulan, isih arep dirembug karo Bu Roji lan Zainal, wong sing arep nglakoni rak Zainal ?!?".

 

 "Wis saiki ayo ndang padha madhang, mau aku kelan terong tak wenehi rambak rada akeh" mBokne Ima nrambul gunem ngajak mangan, pancen wektune wayahe mangan sore.

 

Wong saomah mangan bareng kaya adate. Ima sing dhasare wis luwe, ditambah lawuh jangan terong sing dimasak karemane, olehe mangan krasa seger banget. Samono uga Pak Sabar, nadyan dhek mau bar disuguhi jadah bakar karo kopi dening Bu Roji, nanging saiki wis krasa luwe. Mulane olehe mangan ya krasa enak banget.

 

 "Mau piye Pakmu?" Ing sela-selane mangan mBokne Ima nakoni sing lanang.

 

 "Piye, piye ta? Ya ra piye-piye lah" Pak Sabar wangsulan sajak sakepenake.

 

 "Tegese ki Pak Roji kaget pa ra? Ketoke cuwa pa boten? Ngoten lho kajeng kula ki" mBokne Ima nggenahne.

 

 "Kuwi ta? Ketoke ya rada kaget, ya rada cuwa. Ning piye maneh? Wong kuwi sarat saka anakmu, gek aku dhewe ya melu ngrojongi. Dadine mau Pak Roji ya durung bisa aweh wangsulan".

 

Mbokne Ima ora takon maneh, nganti sing padha mangan rampung. Regetan diangkat Ima arep dikorahi neng Pawon.

 

Bubar isah-isah Ima mlebu omah, weruh Bapak lan Simbokne padha lungguhan neng kursi karo meneng-menengan, mung Bapakne ketok lagi klepas-klepus, nyedhot pegane rokok. Ima nyedhak melu lungguhan neng cedhake mBokne.

 

 "Simbok mpun ngertos daleme Bu Nyai Tempuran?" Ima nakoni mbokne, sawise rada sawantara meneng.

 

 "Sapa? Bu Nyai Tempuran? Bu Kaji Zarkasyi kuwi ta?" mBokne Ima nggenahne "ya wis no Ma. Eneng apa ta?"

 

Ima ora terus wangsulan, arep blaka isih ragu-ragu.

 

 "Kowe apa ngimpi sing angel mbok lalekne ta nDhuk?" Pak Sabar takon semune mbedhek sing ana jero atine anake.

 

Ima ndhingkluk, rada isin, wadine diwiyak dening bapakne dhewe.

 

 "Ora apa-apa Ma" mBokne nuturi "mbokmu karo Pakmu kuwi biyen ya kerep sowan nggone Bu Nyai, malah wiwit jaman Pak Kyai Zarkasi isih sugeng biyen".

 

 "Nanging aja salah tampa, Bu Zarkasi kae dudu Dhukun Tukang Bedhek, sing bisa ditakwil kuwi mung ngimpi ru'yah shahihah, dudu ngimpi kakehan turu utawa ngimpi merga impen-impenen" Pak Sabar aweh katrangan.

 

 "Enggih Pak, Ima mila ngimpi estu, ning duka titiyoni, duka gandayoni, duka puspa tajem. Ima dereng ngertos. Nanging impen wau terus nemplek teng angen-angen terus" Ima mangsuli katrangane bapakne.

 

 "Lha ngimpimu kuwi piye?" Pak Sabar banjur takon.

 

Ima banjur nyritakne impene kanthi wutuh, ora ditambah lan ora disuda, uga ora diowahi babarpisan.

 

Pak Sabar njengkerutne bathuke, ketara nek lagi nggagas ngimpine anak wedok sing lagi dicritakne.

 

 "Mengko dhisik nDhuk" sawuse meneng sauntara Pak Sabar ngomong sajak ngati-ati "apa sak liyane Zainal, apa ana bocah lanang liya sing sajake mambu ati karo kowe?"

 

 "Ima boten ngertos Pak, tiyang Ima nggih boten tau akrab kaliyan kanca lare jaler. Klebet kalih Zainal Ima nggih boten ngertos saderenge dicriyosi Bapak nek Pak Roji nangkletne  Ima nika" wangsulane Ima ketok nek tenanan. Rasa aneh neng atine marang Taufiq Murjaka ora diomongne, wong Ima ya ora ngerti, Mas Mur kuwi sir dheweke apa ora.

 

Pak Sabar sansaya njengkerutne bathuke. Tujune kenthongan langgar wis ditabuh, tandha salat jama'ah isyak wis wayahe ditindakne. Pak Sabar, ngadeg banjur pamitan arep budhal ngisakan dhisik. Ima karo simbokne ya banjur mlaku menyang padasan arep wudlu.

 

Sawantara iku meh bareng wektune, ing daleme, Pak Roji lagi jagongan karo Bu Roji lan Zainal. Pak Roji lenggah neng kursi, ngadhep kopi pahit karemane, sing semandhing karo jadah bakar sing isih kumebul pegane. Udute bola-bali disedhot sajak nikmat banget ngana kae. Ing ngarepe Pak Roji iring tengen, katon Zainal lagi lungguh karo sedhela-sedhela ndeloki HP ne. Keletan meja, Bu Roji linggih kursi, karo ngrahabi Teh anget sing dikancani bendhot goreng sing lumrah diarani mete.

 

 "Awan mau ki Kang Sabar rak rene" karo ngetokne keluk rokoke Pak Roji kandha, alon nanging cetha.

 

 "Sajake wau ngantos dangu ta Pakne?" Bu Roji semaur luwih dhisik.

 

 "Iya, wong ya ngrembug perkara sing wigati" wangsulane Pak Roji.

 

 "Ngrembag napa Pak? Napa mangsuli panembunge Bapak bab Ima nika?" Zainal takon, Hape ne diselehne.

 

Pak Roji unjal ambegan landhung luwih dhisik, lagi aweh wangsulan :

 

 "Iya. Nanging wangsulane rada gawe susah nalare Bapak" .

 

 "Lha napa larene boten purun ta Pakne?" Bu Roji takon karo suwara rada dhuwur.

 

 "Nek lma boten purun nggih mpun neh Pak, wong prawan sanese nggih taksih kathah mawon kok" Zainal melu omong karo suwarane kaya wong ora butuh.

 

Pak Roji banjur nerusne omonge :

 "Mengko dhisik ta, tak omong, padha rungokna".

 

 "Nggih"  Bu Roji karo Zainal wangsulan bareng.

 

"Kang Sabar karo bojone jane wis mathuk njodhokne anake wedok karo Zainal, Ima ditari Bapakne ya gelem"

 

"Lha nek mpun ngoten kok, Pakne wau ngendika nek wangsulane Pakdhe Sabar ndadosne susah nalare sampean?" Bu Roji motong rembuge sing lanang maneh. Zainal nyawang Bapake sajak ora mudheng.

 

"Ima gelem, nanging ana syarate, bocah kuwi nduweni patukon"  wangsulane Pak Roji karo nyeceg rokoke nyang asbak.

 

"Lah, ngoten mawon kok didamel susah, thik kaya wong tipis mawon Pakne niku. Pitukone napa? Gelang, Kalung, Ali-ali? Botena ditembung nggih mpun kula pikir nggolekne. Napa.... napa Pakne?"  Bu Roji takon.

 

"Napa nedhi sepeda motor Pak? Celengan kula nggih tesih turah kathah kok nek namung ngge numbasne Sepedha Motor Ima mawon"  Zainal melu takon.

 

Pak Roji ngguyu, ning ngguyune rada sepa. Kandhane :

 

"Nek mung kaya sing padha mbok omong kuwi ngono wae aku mesthi gak mumet. Nanging iki pitukon sing mbutuhne kaikhlasan lan kasabaran kok".

 

"Gek napa niku no Pakne? Napa Kayu Klepu Dewandaru, Kembarmayang pupus cindhe puspita kados sing teng Kethoprak nika?" Bu Roji suwarane wiwit dhuwur maneh.

 

"Kula malah sansaya bingung kalih ngendikane Bapak niki"  Zainal mbumboni tembunge ibune.

 

"Ngene lho.  Ima kuwi dhek emben rak kasil lolos Bidhik Misi ?" Pak Roji kandha karo suwara sajak sareh.

 

"Bidhik misi? Napa niku?" Bu Roji nyela takon.

 

"Iku lho Buk, bea-siswa kanggo cah sekolah sing wong tuwane kurang mampu"  Zainal sing mangsuli pitakone Ibune.

 

 "Oo alaaah, lha terus pripun Pakne?" Bu Roji nerusne takone.

 

"Kamangka ketampa neng ITS Surabaya, mulane Ima njur njaluk nek awake dhewe niat ngukub Ima, ya kon ngenteni sak luluse Ima. Terus kaping pindhone, mbesuk nek wis lulus lan Ima wis dadi bojone Zainal, upama Ima kepingin kerja sing jumbuh karo kuliahe awake dhewe ora oleh kabotan. Piye?"

 

"Lha upama Bidik misine niku dibatalne napa boten saged?" Bu Roji takon  "nek Ima pengin kuliah mawon, wong teng mriki nggih enten sekolahan, gajege tiang-tiang sing mpun anak-anak nggih kathah sing dha kuliah. Napaa ajeng rabi mawon ndadak ngenteni lulus?. Nek Ima purun nikah sak niki, terus nerusne kuliah teng Paron, napa teng Ngawi, mbok kula ragadane".

 

"Jane, bidik misi niku nek boten dinyangi, nggih boten enten balung-erine mawon lho Pak? Napaa kalih Ima didamel repot?" Zainal udhu panemune.

 

Pak Roji meneng sedhela, bali ndudut rokoke terus disumet, disedhot pegane jero banget. Disedhot maneh, karo ora omong apa-apa, ketara nek lagi seser pikirane.

 

 "Empun genah ta Pakne? Penemu kula kalih penemune anak sampean mpun klop. Kantun sampean sak niki pripun?"  Bu Roji nakoni sing kakung, setengahe rasa nodhi kaantepaning pikir.

 

 "Iya" Pak Roji wangsulan cekak.

 

 "Iya pripun Pak?" Zainal takon.

 

"Jenenge panemu, kuwi kabeh wajib diajeni, diwadhahi diworne panemu liyane, diworne banjur dipetung, lagi bisa dijupuk dudutane" wangsulane Pak Roji sareh.

 

 "Rak mpun genah ta Pakne? Kula kalih anak sampean mpun klop. Kantun sampean, nek dipetung upama panemune sampean beda, niku mpun kalah suwara loro bandhing siji....."  Bu Roji rada ngengkel.

 

 "Mengko dhisik ta!" Pak Roji wangsulan rada banter  "aku iki durung duwe panemu, sing duwe panemu kuwi Ima, Kang Sabar karo bojone banjur ditambah panemumu karo panemune anakmu. Lan kanggo njupuk keputusan ing bab iki ora ana akeh-akehan suwara. Najan awake dhewe kukuh karo panemune, nek karo keluargane Kang Sabar ditolak, ya petunge dadi bubar. Kosok baline, nek sarate Ima kuwi ditolak ya ora apa-apa, Zainal ora sida rabi karo Ima. Kowe karo Zainal iki tak jak rembugan bisaa oleh dudutan : siji sarat sing dijokne Ima ditolak, ateges petungku karo Kang Sabar, bubar. Loro sarat sing dijaluk Ima ditampa, ateges olehmu mantu nunggu Ima lulus, telu digolekne cara liyane, petung ora bubar ning olehe mantu aja suwe-suwe. Mudheng?"

 

Bu Roji karo Zainal inget-ingetan sedhela, banjur Bu Roji omong :

 

 "Ngerti ne nggih ngerti Pakne. Ning nek jare kula lho, mbok diselehne mawon. Ora besanan karo Pakdhe Sabar rak nggih boten napa-napa ta? Golek mantu sing gak kakehan punika  ngoten niku ketoke nggih boten angel kok".

 

 "Ya aja ngono dhisik Buk" Zainal sing semaur sajak ora pati mathuk karo sing dikarepne ibune  "nek isih keneng dipetung, ya dipetung dhisik, cara wong tetukon ya kanthi cara dienyang dhisik" .

 

 "O alaaah Le, le. Kowe kuwi anakku, anake Pak Roji. Rupamu ora kurang bagus, sekolahmu dhuwur, wis sarjana, mandhak ditembungne Ima anake Pakdhe Sabar, Bakul Bubur ideran wae kok entuk wangsulan nganggo sarat telek kicek barang. Mungguhku, Ima kuwi wis nampik kanthi alus, mbok menawa wis duwe sir-siran liya sing rung karuwan sing disir gelem. Karo maneh, jare nek wis lulus kuliah kudu oleh nyambut gawe. Iki kabeh mungguhku ngalamat sing ora becik, durung sida dadi bojone wae wis angel diatur, lha kuwi mengko nek wis klakon dadi bojomu terus kaya ngapa?".

 

"Ibuk ki ya aja terus ngono kuwi, wong kuwi aja terus mbandhing-mbandhingne ngono kuwi, bener Pakdhe Sabar kae ketoke mung bakul bubur, ning uripe urung karuwan nek kalah bahagia karo sing bakul sepur" Zainal mangsuli omongane Ibune.

 

 "Dadi kowe gelem ngenteni nganti Ima lulus kuliah, gek pirang tahun engkas ?"

 

"Mengko dhisik aku tak genti omong" Pak Roji motong rembug "tak akoni, sing wiwitan duwe karep besanan karo Kang Sabar kuwi aku. Terus tak omongne kowe wong loro. Ibune jare mathuk, Zainal ya sarujuk. Iya apa ora?".

 

"Inggih Pak" Zainal wangsulan alon.

 

"Kula mathuk mawon, nek sarate boten neka-neka ngoten niku" Bu Roji wangsulan rada atos.

 

"Kowe ngerti, apa sebabe aku duwe karep ngono kuwi? Nek durung ngerti ya gene aku kepengin besanan karo Kang Sabar, saiki padha rungokna. Tak critani".

 

Jaman semana aku  puruita marang Kyai Sepuh sing asmane Kyai Mahfudz neng Oro-oro Ombo Madiun. Manggonku neng Pondhok sing disuhi putra pambarepe Kyai Mahfudz sing asmane Kyai Basith, neng Jalan Trengguli. Bocah saka Ngawi akeh sing padha mondhok neng kono, yen esuk sekolah nek bengi sinau ngaji. Ing antarane yaiku Sawargi Kang Juwari Jambangan, sing tau dadi Guru Agama neng Bojonegoro kae, Kang Makhrus Dung Jambu sing kabare saiki dadi Ustadz MTA kuwi, Pak Muchson Dungwaru sing dadi Guru Agama neng Dunggalar, Pak Musliman adhine Pak Mahfudzi Penggedhe STIT KP Paron, Pak Sururi, Pak Umar Faruq adhine Kyai Sarwan Gunawan Ngasinan, Pak Nur Rohman ponakane Kyai Dardak Winong sing garwane saiki dadi Ka.UPT.Pendidikan kae lan isih akeh maneh.

 

Bareng Kyai Mahfudz seda, ngiras nyedhaki sekolahanku sing neng Manguharjo, aku ngalih, genti puruita marang Kyai Rodly Efendi neng Pondhok Pesantren Raudlatul Huda, Gading, kulon Asrama 501. Kaya jaman jik neng Oro-Oro Ombo, nek awan sekolah nek bengi ngaji. Kaceke nek malem Jum'at ditambah latihan Pencak Silat, Ki Ageng Pandan Alas. Sing nglatih Pak Martoyo sing saiki dadi Kyai neng Pondhok Modern Babussalam Kebonsari, karo Mas Ali sing saiki dadi Guru Silat OCC Pangastuti.

 

Neng Gading bocah sing saka Ngawi ora akeh, sing aku isih eling Pak Makruf Yahya, bocah saka Mantingan, jaman semana dadi Lurah Pondhok. Sing akeh malah saka njaban rangkah, kaya Rembang, Jepara, Nganjuk lan liya-liyane. Sing akeh padha nyambi sekolah, sing akeh neng SPG Beringin. Bocah Ngawi liyane ya mung aku karo Kang Sabar.

 

Kang Sabar kuwi ora nyambi sekolah, pancen mung mligi ngaji. Kanggo nyukupi butuh urip saben dinane Kang Sabar nyambut gawe sakecekele. Ning ya kuwi anggone nyambut gawe ora ngaya nemen-nemen, butuhe cukup dienggo mangan. Wong sing baku tujuwane kuwi golek ngilmu.

 

Kajaba ngaji, neng pondhok kono Kang Sabar yen bubar ngasar mulang ngaji bocah cilik-cilik anake penduduk sakiwa tengene Pondok. Ora oleh bayaran apa-apa. Wong bocah-bocah sing sinau ngaji ya ora dikongkon mbayar.

 

"Lha wong aku ngaji nyang Kyai Rodli wae ora mbayar, malah kerep diparingi maem, lha kok bocah-bocah ngaji kok kob mbayar? Ya ora lah" ngono kandhane Kang Sabar pas diomongi wong-wong supaya bocah-bocah sing ngaji ditariki urunan.

 

"Bener kuwi Kang" Kang Muklasin bocah asli Sumber, Rembang mbenerne Kang Sabar "nanging ben sampean ya ora pati rugi, piye nek diusulne sampean dibebaskan saka mbayar syahriah sasen?".

 

"Lha sing rugi kuwi sapa? Syahriah sasen kuwi rak ngge mbayari listrik pondhok karo ngge tuku barang-barang kebutuhane Santri? Nek aku dibebasne ya ora bener, kejaba nek aku pancen wis gak bisa mbayar tenan. Moh, aku isih bisa golek dhuwit kok" wangsulane Kang Sabar.

 

Nek wayah ora ana gaweyan, utawa nek wayah bengi bubar ngaji ngana kae, Kang Sabar kerep golek iwak neng Kali kulon Pondhok, malah sok teka bengawan Madiun barang. Oleh-olehane kerep diolah bareng-bareng karo Santri liyane, kanggo lawuh madhang. Sok nek entuke akeh, dicaosne Bu Nyai barang. Mulane Kang Sabar kuwi akeh sing padha seneng. Dhasare Kang Sabar kuwi arang guneman akeh, wektune entek dingge ngibadah karo ngaji lan nyambut gawe.

 

Mbarengi dina Selasa, bubar shalat dzuhur bocah-bocah arep padha budhal sekolah. Jaman iku sing akeh padha sekolah neng SPG Beringin, mlebune awan. Kang Sabar ya melu tata-tata, ora arep Sekolah nanging arep menyang kali golek iwak, nggawa pancing.

 

"Kok ngepel-epel tempe arep ngge apa ta Kang ?" pitakonku nalika weruh Kang Sabar ngepel-epel tempe bosok neng pawon.

 

"Arep ngge mancing, ketoke Kedhung cedhak Mancakan kono kuwi akeh iwake" wangsulane Kang Sabar karo terus ngepel-ngepel tempe nganggo tangane.

 

"Lha pa gak ngaji?" pitakonku maneh.

 

"Iki mau dina Selasa ta?" Kang Sabar genti takon.

 

"Ooo iya dhing".

 

Pancen nek dina Selasa ngono kuwi Kyai Rodli ora ngenekne sorokan utawa weton. Jarene Kang Sabar,  dina Selasa kuwi dina Sedane Imam Syafingi, ngajine prei.

 

Aku ya ora takon-takon maneh, wong kanca-kanca liyane wis padha ngetone pit saka kandhange. Oh, iya, Kang Sabar kuwi ora ngerti nek aku Sekolah nyang SPG. Ngertine aku sekolah neng PGA, merga SMP ku biyen neng MTs Gading kene, wong2 nek ngarani PGA Gading, merga sadurunge dadi MTs biyen sekolahan kono kuwi PGA 4 Tahun.

 

Sorene nalika aku mulih saka sekolah, wayahe wis ngasar cendhek, Kang Sabar isih nderes Al-Qur'an neng gothakane. Bubar salin aku naker beras arep ngliwet, kanggo rombonganku yaiku aku, Kang Sahlan, Kang Budi, Kang Zulkan karo Kang Muslim. Saben wong siji berase sak gelas.

 

"Arep ngliwet ta Kang?" Nalika aku mbalekne beras-berase rombonganku neng Gothakan, Kang Sabar ngungak liwat lawang karo takon.

 

"Iya, sampean wis ngliwet ta?" Aku ngerti Kang Sabar kuwi ora duwe rombongan dhewe, merga kerep pasa.

 

"Durung, nunut ya? Aku mau wis nglinting wader kok, dadi mengko gak sah nyambel, kanca-kanca sing ngliwet sampean omongi pisan nek wadere akeh, dadi gak sah padha gawe lawuh, karo neng lor pawon mau aku nyeleh kayu mancung karo carang nek nggo cethik geni".

 

"Iya Kang kebeneran nek ngono" wangsulanku seneng, ngalamat bisa mangan lawuh wader, tur ora usah ndadak golek kayu ngge ngliwet.

 

Kang Sabar mlaku nyang gothakan, njupuk berase sak gelas banjur disokne awor berase rombonganku.

 

Bar mususi beras neng sumur, tekan pawon wis eneng Kang Mul karo Kang Mansur sing uga lagi ngliwet. Aku cethik geni nganggo pawon liyane.

 

"Pawon kulon dhewe kuwi karo Kang Sabar ngge nggarang apa ta ? Kok tutupe ditindhihi bata?" Kang Mansur sing uga lagi cethik geni takon.

 

"Oh, iya" aku sing mangsuli "ngge nggarang wader, aku mau diomongi kanca-kanca gak sah nggawe lawuh. Jare olehe nggarang wader Kang Sabar akeh".

 

"Ooo, beneran nek ngono gak sida tuku klapa aku"  Kang Mul semaur "Kang Sabar nunut nggonmu ta?".

 

"Iya" wangsulanku.

 

"Ya mengko nek madhang bareng wae, dhulang papat digathukne, ben rada gumyak. Wong lawuhe padha wae kok, mau wis tak tiliki sing digarang Kang Sabar, kejaba ungkusan wader, ya ana badhere papat mbuh lima gedhe-gedhe" Kang Mansur usul.

 

"He eh, mathuk kuwi" .

 

Jama'ah Maghrib wis rampung. Sega liwet, telung gendhokan wis dikedhuk neng Dhulang Telu, ditata segi tiga, neng tengahe diselehi dhulang isi lawuh, rupa iwak kali sing diungkus godhong gedhang, dikukus terus digarang. Bocah rolas wis siap arep madhang, mung kari ngenteni Kang Sabar sing durung rampung olehe wiridan.

 

"Kang Sabar ki thik suwi men ta?" Kang Purwanto bocah saka Bajulan, Mejayan kuwi semanta.

 

"Biasa wi, Kang Sabar ki nek wiridan ajeg ngenteni Kyaine mudhun. Beda karo awake dhewe sing ajeg Birkalamcing" Kang Sahlan wangsulan karo ngguyu.

 

"Birka apa? Wong malah kerep masbuq kok" Kang Mansur melu semaur.

 

Bocah-bocah ngguyu kabeh.

 

"Tarah Santri Buki ya ngene iki" Kang Mul saulu "senengane ngaji weton, nek kyaine maca, ketoke nyemak tibake ngorok".

 

Kabeh ngguyu sansaya banter, ngguyu cacade dhewe-dhewe.

 

Kang Sabar teka, ora terus melu lungguh ngepung segane. Malah kandha karo mesem :

 

"Wis gek ndang padha mangan, aku ora sah dijatah. Aku ditimbali Bu Nyai didhawuhi mangan neng dalem".

 

"Alhandulillah......" Kang Purwanto muni banter "ayo ca ndang madhang selak lesu aku. Makasih ya Kang Sabar".

 

Kang Sabar mesem. Banjur mlaku arep nyang "dalem".

 

"Pancen wong ki nek seneng shadaqah rejekine tambah ki tenan" Karo mangan Kang Mansur ngomong.

 

"Lha tarah ya ngono ta Kang?" aku takon.

 

"Buktine iki" Kang Mansur bocah saka Pleset kuwi nudungi lawuhe "Kang Sabar shadaqah nyang awake dhewe iki, langsung ditimbali Bu Nyai nyang dalem, didhawuhi maem neng kana. Kuwi mengko mesthi nek wis terus diparingi rokok barang karo Mas Ndhung".

 

"He eh, mesthi kuwi" Kang Muchlasin nrambul "wong Gus nDhung mau lagi teka saka Gedhong Kedhiri, rokoke mesthi Oepet mengko".

 

"Terus karo Kang Sabar rokoke didumne nyang awake dhewe....." Arifin sing maune mung meneng melu omong.

 

Ora suwe olehe padha mangan wis rampung. Lawuhe isih turah. Gandheng mau sing dipasrahi Kang Sabar aku, mula turahan lawuh banjur tak kukud tak balekne nyang garangan pawon. Bocah-bocah wis padha bali mlebu gothakane dhewe-dhewe.

 

"Assalamu'alaikum" dumadakan ana wong munggah pondhok banjur uluk salam.

 

"Wa'alaikumussalam" saka jero gothakan aku wangsulan, karo mlaku metu ndelok sapa sing lagi teka. Jebul Syarif Ali.

 

Syarif Ali nek neng Pondhok-pondhok banget diaji-aji. Ora mung para Santri sing ngaji-aji, senadyan masyarakat padha kurmat, ta'dzim marang Syarif Ali. Awit kajaba diajeni merga Turun utawa Trahe Kanjeng Nabi liwat Sayidatina Fatimah, terus Sayidina Husein, Syarif Ali iki seneng tetulung marang wong sing lagi nandhang susah. Nek dicaosi apa ta apa uwong, ajeg didawakne ngamale kanthi genti disedekahne marang sing luwih mbutuhne, karo ngendika : "niki wau kula kaparingan rejeki saking Gusti Allah lumantar Si Anu, sakniki gentos kula caosne sampean, dadosa rejeki ingkang mbarokahi".

 

Mula nadyan Syarif Ali ora tau kersa dikramatake, nanging wong-wong angel dipenging yen kepengin salaman lan ngambung astane. Kalebu aku ya ngono, merga aku percaya yen ngalab berkahe wong sing sholeh kuwi utama dadine. Beda karo Kang Sabar sing duwe panganggep yen kabeh wong kuwi padha drajate, mula nek salaman karo sapa wae, kalebu karo Syarif Ali ya mung lumrah kaya nek salaman karo aku ngana kae.

 

Bareng ngerti Syarif sing rawuh, aku daya-daya nyedhak mbagekne.

 

"Mangga Syarif, ngaturaken kasugengan sarawuhipun" aturku karo nyalami lan ngambung astane sing dening Syarif cepet-cepet ditarik .

 

"Alhamdulillah pikantuk taufiqipun Allah wilujeng, harak inggih sami ginanjar bagas waras ta Kang?" Wangsulane Syarif Ali.

 

"Awit pangestune Syarif, sehat" wangsulanku "mangga Syarif kula dherekne dhateng Gothakan".

 

Pancen neng Pondhok kono kuwi ana gothakan cacah telu sing dikothongake, saben dina tansah disaponi lan diresiki karo Santri sing piket. Gothakan telu kuwi kanggo nyedhiyani nek ana tamu sing mbutuhne leren utawa nginep.

 

Tase Syarif Ali tak candhak arep tak gawakne, nanging ora pareng, karo ngendika :

"Sampun kula betane piyambak, tiyang boten abot kok".

 

Sawise tak bukane lawang Gothakan lan lampune tak uripne. Aku pamitan :

 

"Sekecakaken rumiyin Syarif, kula tilar rumiyin".

 

"Oh, nggih Kang Matur nuwun, oh, nggih niki wonten lisah kasturi kagem sampean" wangsulane Syarif Ali karo maringi aku lenga kasturi neng gendul cilik sakjenthik.

 

"Matur nuwun Syarif" wangsulanku karo nampani lenga wangi kuwi, terus aku bali nyang gothakanku dhewe. Aku seneng banget diparingi lenga sing regane larang iki. Tekan gothakan banjur tak oser-oserne nyang klambi karo sarung sing arep tak nggo shalat ngisak mengko.

 

Ora let suwe, Kang Budi sing kebeneran lagi ngayahi kuwajiban Bulisul Lail, nabuh bedhug banjur Adzan ngisak. Aku ya terus ngadeg tata-tata arep menyang masjid. Ngisakan.

 

Cathetan :

Gothakan =  kamar.

Gendhokan = liwetan/dang-dangan.

Dhulang = lengser amba sing digawe saka kayu kanggo ajang mangan bathu.

Lesu = luwe (basane cah mejayan, nganjuk, gresik lsp).

Bulisul lail = basa arab plesetan, karepe pulisi wengi, rondha.

 

Kaya padatan nek Syarif Ali rawuh, Kyai Rodli ngaturi supaya Syarif sing ngimami shalat. Pancen Kyai Rodli kuwi nek karo Syarif Ali ngajeni banget, kosok baline Syarif Ali ya ta'dzim marang Kyai Rodli. Wong loro kuwi pancen Ulama' sing ikhlas tur kena digawe patuladhan tumrap umat.

 

Sadurunge Shalat Kyai Rodli ngumumne nek mengko bubar shalat, Syarif Ali katuran paring ceramah nasihat marang para Jama'ah. Mula sanajan wis rampung shalat, para Santri ora ngalih saka masjid, semono uga para jama'ah liyane.

 

Tenan, bareng kabeh wis rampung olehe padha wiridan lan shalat sunat, padha mapan lungguh mubeng neng srambi masjid. Ora suwe Syarif Ali miyos dibarengi karo Kyai Rodli. Watara ana sak jam  Syarif Ali maringi nasehat marang para jama'ah. Najan satemene apa sing diandharne Syarif iki ya wis kerep diandharne dening para khatib jum'at, nanging saka rumangsaku nduweni rasa kang beda. Katone para jama'ah ya duwe rasa sing memper karo pangrasaku, ketitik anggone padha tekun ngrungokne pangandikane Syarif tanpa ana sing ngantuk, tanpa ana sing cemuwit ngomong dhewe, wiwit wiwitan nganti rampung. Malah sanadyan wis rampung ceramah, wong-wong ya ora enggal padha buyaran kaya nek sing ceramah dudu Syarif Ali ngana kae.

 

Lagi bareng Kang Sabar ngadeg karo ngomong :

 

"Nuwun sewu, Syarif kalian Kyai lan Sedherek sedaya, keparenga kula mire rumiyin. Mugi kasekecakna anggenipun sami lelenggahan".

 

Wong-wong padha melu ngadeg, pamitan.

 

"Lha kowe arep nyang ngendi ta Kang Sabar?" dumadakan Kyai Rodli ndangu Kang Sabar sing wis mlaku meh tekan lawang. Kang Sabar mandheg, banjur atur wangsulan :

 

"Badhe dhateng lepen Kyai".

 

"Ya wis yen ngono, sing ngati-ati" ngendikane Kyai Rodli, banjur ngendika marang Syarif "mangga Syarif teng nggriya rumiyin, ketingale Ibune lare-lare wau badhe wonten perlu sakedhik kalih Syarif".

 

"Mangga Kyai kula dherekaken" wangsulane Syarif karo mesem. Wong-wong sing ana kono wis padha mudheng, sing dikersakne Kyai kuwi mau basa liya kanggo ngarani nek Kyai ngajak Syarif Ali dhahar neng dalem.

 

Sawuse Kyai Rodli karo Syarif Ali jengkar ninggalne Masjid, santri-santri ya padha mlebu gothakane dhewe-dhewe. Ana sing terus nderes Al-Qur'an ana sing banjur sinau pelajaran sekolahe. Ya ana sing banjur padha jagongan lan guyon karo kancane. Aku dhewe ya banjur nggarap tugas saka sekolahan sing durung tak garap, kamangka sesuk tugas iku kudu ditumpuk.

 

Nalika petugas Bulisul-lail nabuh bel sing saka sinai sepuran digantung, ping sewelas garapanku pas rampung. Aku muled, ngeluk boyok. Metu saka gothakan, nyawang gothakane kanca-kanca wis peteng kabeh. Gothakan sing diengge leren Syarif Ali, lampune ya mati. Sepi. Nanging aku kebacut ora ngantuk, banjur neng padasan wudlu. Jebul neng pancuran sing kulina dienggo adus, keprungu swara banyu gemrojog mratandhani ana sing lagi adus.

 

"Sapa yah-yah mene adus ki? Lagi bar ngimpi numpak montor mabur pa?" Aku takon banter.

 

"Aku kok, lagi mulih saka Kali" jebul sing adus kuwi Kang Sabar.

 

"O, Kang Sabar ta? Untung pa buntung Kang?" Aku takon maneh.

 

"Lumayan" wangsulane Kang Sabar cekak.

 

Aku terus bali nyang Gothakan, mbukak Al-Qur'an wiwit nderes. Ngapusi setan, ben ngantukku teka. Temenan nderes oleh rong kebet, ngantuke wis ora jamak. Mapan ngglethak neng jubin, bantalan kandhi beras. Angler. Nglilir-nglirir bareng krungu suwarane Kang Budi adzan ngajak shalat wengi. Karo kriyeh-kriyeh, mangkat nyang jedhing arep sesuci.

 

Bubar Qiyamullail, sirku arep mbalik nyang Gothakan nyambung impen. Nanging tak wurungne, neng gandhok lor sing ketutupan warana keprungu ana suwarane wong omong-omongan alon-alon. Sawise tak tiling-tilingne, jebul sing siji suwarane Syarif Ali.

 

"Kula kandhani nggih?, ning nggih sampun percaya nemen-nemen, merga niki mung saking panyawang batin kula, saged bener lan saged lepat" ngono kandhane Si Syarif marang sing dijak omong.

 

 "Nggih Syarif" wangsulane sing dijak omong, jebule suwarane Kang Sabar.

 

 "Mbenjing sampean titeni, sampean bakal kaparingan anak wadon setunggal thil. Sampean emong sing sae, mergi anak sampean mbenjing niku bakal mbekta kamulyan, kamulyan tumrap sampean tumrap semah sampean lan ing tembene tumrap sisihan lan maratuwane. Empun niki mawon, sampean titeni omongan kula niki"  cetha pangandikane Syarif marang Kang Sabar sing tak rungokne saka walik warana.

 

Ya salah sijine ngendikane Syarif Ali iki sing wiwit kuwi aku duwe niat ngajak besanan karo Kang Sabar. Sansaya grengseng rasaku, bareng anakku pembarep metu lanang ya Zainal iki. Luwih grengseng maneh, bareng limang tahun candhake aku krungu kabar yen bojone Kang Sabar nglahirne anak wedok, lan nganti saiki anake Kang Sabar panggah mung siji, wedok kuwi sing jeneng Ima kae.

 

Dadi sepisan maneh tak ambali, anggonku duwe karep njodhokne Zainal karo Ima kuwi ora mung merga dumeh Kang Sabar kuwi kancaku. Ora merga niat nulung Ima ben mundhak drajate merga mlebu dadi Kulawargane awake dhewe. Nanging bares wae aku kepengin nempil kamulyan sing digawa anake wedok Kang Sabar kaya sing didhawuhne Syarif Ali, sing andilalah keprungu ing kupungku nalika semana.

 

"Nanging kuwi kabeh, ora bisa dipeksa" Pak Roji mungkasi critane "Ibune karo Zainal ora kudu percaya marang critaku iki mau. Dadi endi panemu sing dienggo aku manut".

 

Rampung olehe crita Pak Roji nyandhak gelas kopine, disruput kanggo nelesi gorokanne. Banjur panyawange gentenan ngingeti anake lanang karo bojone, ngemu teges ngenteni tangkebe Zainal karo Bu Roji mungguh crita kang lagi wae diomongne. Disawang Bapakne Zainal genti nyawang ibune. Wong loro inget-ingetan dhewe tanpa nyuwara apa-apa.

 

"Pancene aku ya durung kandha menyang Kang Sabar, kira-kira panjaluke si Ima kuwi kena diijoli liyane apa ora?. Aku dhewe jane ya rumangsa kesuwen nek ndadak ngenteni Ima lulus, nanging kuwi kari Zainal, merga sing arep nglakoni ya Zainal karo Ima dhewe" Pak Roji bali ngomong maneh sawise sauntara ora ana sing nyuwara.

 

"Pripun nggih Pak? Kula radi kuwatos, nek kedah nengga Ima lulus, atake salebete wekdal kuliah niku mangke Ima kenging godha lare jaler sanes? Utawi saged ugi kula sing kecanthol lare estri sanes?" Zainal nyoba ngomong marang bapakne.

 

"Lha terus solusine piye?" Pak Roji genti takon.

 

"Solusine Pakdhe Sabar kudu saged nata anake wedok, ben murungne niyate leh arep kuliah maneh niku" Bu Roji genti sing semaur.

 

"Sokur nek Kang Sabar bisa" Pak Roji nanggapi "lha nek ora bisa?".

 

"Nggih kudu bisa, mosok jenenge wong tuwek kok kalah kalih anak" Bu Roji ngukuhi panemune.

 

"Ya ora ngono Buk" Zainal numpangi rembug "sing dikersakne Bapak kuwi, ora kok njur nang-nangan ngono kuwi. Panemune Ibuk ngono kuwi jenenge nganggo wewaton pokok-e".

 

"Pancen iya, nek aku ya ngono kuwi ora seneng petung sing runyik, gelem ngono ra gelem ya wis. Rampung!. Gak mbuwang-mbuwang wektu ngge mikir".

 

"Nek nganggo penemune ibumu ngono kuwi, petung iki wis rampung" Pak Roji kandha alon nanging nandhes.

 

"Rampung pripun ?" Bu Roji takon.

 

"Lha ya gak sida besanan karo Kang Sabar. Wong sarat sing dijaluk Ima awake dhewe moh mujudi. Nek awake dhewe oleh muni gelem ya ngene, gak gelem ya wis, pihake Kang Sabar ya bisa muni kanthi tembung sing padha. Wekasane ya wurung besanan. Awake dhewe bisa muni wurung ya ora apa-apa, pihake Kang Sabar ya padha ora besanan karo keluarga Roji ya gak patheken. Bar ta?" Kandhane Pak Roji sajak semu muring.

 

"Nggih mpun ngoten ta Pak" Zainal udhu rembug "bares mawon, dadi napa-napa ati kula niki mpun ketanduran raos seneng dhateng Ima. Kalih malih nek ngemuti ngendikane Syarif kados sing dicriyosne Bapak wau, eman sanget lho nek ngantos wurung nggen kula badhe emah-emah kaliyan Ima".

 

"Aku ki malah bingung karo kowe ki Nal?" Bu Roji nyauti kandhane Zainal "jaremu mau nek tarah Ima ora gelem, ya ora apa-apa? Prawan liyane Ima sing gelem karo kowe jik akeh. Saiki malih, wis kadhung seneng karo Ima. Wong kok mencla-mencle, karo maneh wong Syarif dhewe ya wis meling nyang Pakdhe Sabar, aja dipercaya nemen-nemen, kok malah mbok walik. Janne karepmu ki piye ?".

 

"Ngene lho Buk" Zainal wangsulan "pancen bener aku ngomong nek tarah Ima emoh, aku ya ora apa-apa tenan. Nanging ngono kuwi ora ateges aku ora tresna karo Ima. Tresnaa kaya apa nek sing ditresnani ora gelem arep piye maneh?. Ning, Ima kuwi ora kok ora gelem, mung duwe sarat. Dadi beda karo sing dikersakne Ibuk...".

 

"Lha nek ngono kowe kudune nduwe solusi ta Nal? Ora kok mung nyalahne ibuk wae" wangsulane Bu Roji.

 

"Piye Nal?" Pak Roji nambahi pitakonan.

 

Zainal meneng sedhela, nata ati karo nata ukara sing arep diaturne wong tuwane. Pak Roji ndudut rokok maneh sak ler terus disumet, disedhot keluke.

 

"Upami ngeten pripun Pak?" Zainal wiwit ngomong.

 

"Iya, piye?"

 

"Ngentosi sak luluse Ima nggih boten napa-napa, nanging niku resmine" Zainal ngandhakne panemune.

 

"Kok nganggo tembung resmine ki karepmu piye?" Pak Roji negesne.

 

"Resmine niku tegese nikah kula kalih Ima niku ngentosi sak luluse Ima, niku nikah resmi teng KUA. Lha murih boten wonten sing kepencut lare sanes, kedah ditaleni kalih tali sing kenceng. Upaminipun ditengeri acara tunangan kanthi tukar cincin riyin utawi kula kalih Ima diijabne kanthi siri rumiyin. Pripun nek ngoten ?".

 

"Nek jareku" Bu Roji  sing semaur dhisik "aja maneh kok mung tukar cincin utawa ijab siri, lha wong sing wis anak-anak wae nek olehe ora awor kesuwen gampang buyar rumah tanggane kok. Nek jareku, nek Ima kepengin kuliah maneh ya ben kuliah neng Paron utawa neng Ngawi sing saben dina bisa mulih, terus ijabe ya ndang wae ora perlu ngenteni lulus, mandhak najan wis duwe anak, kuliah ya oleh wae lho? Nek gelem kuliah neng Ngawi apa neng Paron ngono kuwi, sing nanggung biayane tak aku ta wis".

 

"Nah, ngene iki aku seneng, diskusine bisa urip" Pak Roji kandha karo mesem "usulane Ibumu kuwi ya apik, usulanmu ya manis. Mung wae nek acara tukar cincin aku ora setuju, kuwi budayane wong barat, beda karo ijab siri, kuwi landhesane fiqih. Piye nek usulan loro iki, usulane Ibumu karo usulane Zainal dikandhakne menyang Kang Sabar?".

 

"Ngoten nggih mathuk Pakne" sing njawab dhisik Bu Roji "ning usulan kula niku dinomersijekne, nek ditulak nembe usulane si Thole sing dijokne. Pripun? Piye Nal?".

 

"Kuwi aku ya mathuk banget Buk" panyaute Zainal karo ngguyu.

 

"Nek loro-lorone ditulak karo Ima piye?" Bu Roji takon.

 

"Ya apa jare engko" Pak Roji wangsulan "saiki aku usul, piye nek olehe ngomongne usulan iki ora aku dhewe?".

 

"Lha sampean ajeng ngongkon sinten?" Bu Roji njengkerutne bathuk.

 

"Karepku, sing neng nggone Kang Sabar ki awake dhewe kabeh, aku, kowe karo Zainal. Ben kabeh krungu lan bisa ngandhakne karepe. Piye?".

 

"Kula nggih mathuk niku" Bu Roji mangsuli.

 

Zainal sing ulate wiwit bingar, pikirane dadi lancar banjur wangsulan :

 

"Ngeten mawon Pak, nek saged Pakdhe kalih mBokdhe Sabar, lajeng Ima, dijak medal saking griya. Dijak teng Rumah Makan sing kenging damel jagongan ngoten, dados suasanane beda. Mengke rak saged lancar musyawarahe. Pripun?".

 

"Ngono ya becik" Pak Roji wangsulan, atine krasa seneng anake lanang duwe pikiran sing encer "sesuk sore tak nyang nggone Kang Sabar".

**

 

Taufiq ngangkat hape ne. Ana telepon mlebu, jebul nomere Ibune.

 

"Assalamu'alaikum Buk" kandhane neng telepon.

 

"Wa'alaikumussalam" jawabe ibune saka kana "kowe ora apa-apa ta Mur?".

 

"Alhamdulillah , awit pandongane Ibu Mur sehat Bu. Wonten napa ta Bu, kok kadhingaren telepon?".

 

"Kok ndadak takon ta ya? Kit wingi kowe rak gak telepon Ibu ta? Mesthi wae Ibu kuwatir".

 

"Nyuwun pangapunten Bu" Taufiq wangsulan, lagi kelingan nek durung telepon ibune "kala wingi ha pe ne Mur dhawah, risak, nembe sonten niki wau saged didamel".

 

"Ya wis nek mung ngono wae. Nanging kowe ora apa-apa tenan ta?"

 

"Boten Bu, Mur sae-sae kemawon"

 

"Ya wis, welinge ibu aja nganti lali shalat lho ya. Assalamu'alaikum".

 

"Inggih Bu, waalaikumussalam".

 

Hape diselehne, pancen saben dina Murjaka kuwi nadyan mung sak menit ajek nilpon ibune. Mula bareng wingi ora telepon, Bu Sobron tuwuh rasa kuwatir ing atine. Ya ngono kuwi atine dadi ibu. Arepa anake wis diwasa nanging panganggepe isih kaya marang bocah cilik sing saben wektu tansah mbutuhne pambiyantune wong tuwa.

 

Taufiq bali nyandhak laptope, nerusne anggone sinau. Pancen niyate Taufiq dadi bocah pinter ki kuwat banget. Ora mung kepengin nilai es-ka-es e thok  sing apik, nanging kepengin ngerteni tenan ilmu sing ditampa saka kampus lan saka liyane. Taufiq ya duwe panemu nek sansaya akeh bocah ndesa sing pinter lan nguwasani iptek bakal sansaya suda bocah ndesa sing luru upa nyang kutha gedhe kaya saiki iki.

 

Nadyan lagi teka angen-angen, Taufiq wis duwe gagasan, kampus kuwi aja mung bisa nyetak buruh lan kuli, luwih-luwih nyetak pengangguran. Nanging piye carane supaya generasi muda kuwi bisa pinter lan bisa nyithak lowongan pekerjaan. Lan Murjaka percaya, kanthi kepinteran lan ilmu sing saiki lagi digoleki iki, dheweke bakal bisa mbantu masyarakat murih gampang golek pangupa jiwa, ora ndadak adoh-adoh menyang kutha lan mung dadi buruh pabrik outsorsing sing nasibe kaya endhog neng pucuk sungu.

 

"Aku kudu pinter. Mung kuwi sarate" kandhane Murjaka ing dhasar atine.

 

"Iya aku kudu pinter dhisik" sepisan maneh atine ngomong "nek wis pinter lagi mikir liyane.......".

 

"Lha Ima kae piye? Mbok pikir pa gak?" Ati sisihe takon sajak ngece.

 

Taufiq Murjaka meneng, wewayangane Ima sing tregal-tregel, cepet trengginas nek tandang gawe, katon ngegla, cetha wela-wela ing angen-angene.

 

"Hm........" Taufiq ambegan landhung.

 

Laptope ditutup, bali nyandhak hape ne. Ana suara cemuwit, pesen liwat WhatsApp mlebu. Saka Iin, aktivis Karang Taruna.

 

"Kang, énjing wengi énjing, naha anjeun tiasa motivasi murangkalih?  acara éta mangrupikeun rapat Karang Taruna se-Jembatangantung".

 

Taufiq kelingan nek wis rada sauntara Karang Taruna Kalurahan Jembatan Gantung ora ditiliki. Kamangka kuwi klebu binaane IMM. Mula karo mesem Taufiq ngetik balesan cekak :

 

"Insya'allah".

 

Sing ngirimi WA mau jenenge Ainul Iin, celukane Iin, anake wedok Kaji Ghafar, kajaba aktif neng Karang Taruna ya aktivis Nasyiatul Aisyiah. Bocahe ayu, pinter, sregep, terampil mung rada menel sithik. Iin nek karo Taufiq ketoke kemraket banget. Kanca-kancane padha nggosokne supaya bocah loro kuwi bisa sansaya cedhak. Pak Kaji Ghafar sing panggaotane bukak Toko Buah kuwi sajake ya seneng nek anake wedok cedhak karo Taufiq.

 

"Awakmu kuwi ketoke cocok lho Fiq nek karo Iin" Sidik, kancane Taufiq sing padha-padha aktivis IMM tau kandha.

 

"Cocok apane?" wangsulane Taufiq nalika iku.

 

"Padha pintere, padha sregepe, padha semangate, pokoke nek tempuk antarane kowe karo Iin kae, mesthi terwujud keluarga sing sakinah mawaddah wa rahmah tenan" .

 

Taufiq ngguyu.

 

"Kowe kuwi kok seneng men macok-macokne kancane, lho?".

 

"Aja nesu Fiq, angel lho golek cewek sempurna kaya anake Kaji Ghafar kae. Wis ayu, pinter, sregep aktivis pisan".

 

"Lha nek ngono, mbok kowe wae sing maju" wangsulane Taufiq karo mesem "uwong kok senengane ngejok-ngejokne kancane".

 

Sidik ngguyu banter.

 

Bubar mangsuli WA ne Iin, Taufiq metu neng teras, kepengin ngirup hawa njaba sing luwih seger. Karo lungguh neng kursi teras, kost-kosane kuwi, angen-angene Taufiq ngumbara ngunggahi langit.

 

Wewayangane Iin katon neng jroning angen-angen. Taufiq ngakoni yen Iin kuwi bocah wadon sing duwe daya tarik kuwat, ya saka wujude sing ayu, bening, direnggani nek nyandhang nganggo sarwa pantes, ya saka penampilane sing prasaja, grapyak, semanak, ya saka pola pikire sing cerdas, ya saka semangate berjuang kanggo kepentingane wong akeh. Kabeh oleh biji luwih saka wolu.  Nanging, Taufiq ya ngakoni, senenge srawung karo Iin kuwi ora tau nggeterne atine.

 

Beda karo nalika Taufiq ngerti wujude Ima. Ima nduweni daya tarik sing meh memper karo Iin, mung beda jinise. Nek dietung nganggo cara matematika ngono, Iin isih luwih dhuwur bijine tinimbang Ima, ning nek nganggo petung rasa, Ima nduweni rasa sing luwih kuwat daya tarike. Dadi sasuwene iki, Taufiq matesi nggone srawung lan kekancan karo Iin, awit Taufiq ora kepengin Iin ngira nek Taufiq kepengin duwe hubungan sing luwih pribadi. Beda nek karo Ima najan durung akrap nemen, rasane upama bisa kok kepengin Ima ngerti nek dheweke duwe rasa marang Ima.

 

"Lha nek Ima wis ngerti nek kowe duwe rasa marang dheweke, gek tibake Ima wis duwe pacar terus piye?" atine sing jero dhewe takon marang awake dhewe.

 

"Kuwi ta? Ngono kuwi dipikir keri, dadi wong ki aja pesimis" wangsulane ati sing sisih.

 

Taufiq, mesem dhewe. Tangane ngrogoh sak. Hapene ditokne. Mbukak aplikasi WA, banjur nulis status : GIRI LUSI ( TIDAK ADA UNDANG-UNDANGNYA PUNGGUK DILARANG MERINDUKAN BULAN).

 

Bar nulis status bali mlebu nyang kamare. Ngglethak mapan turu, lengene ditumpangne bathuk, mripate kethap-kethip nyawang pyan. Ana swara saka hp ne, pemberitahuan nek oleh WA ping lima. Kriyeh-kriyeh hp dicandhak, didelok sapa sing ngirimi pesen.

 

Dhisik dhewe jebul saka Iin, ngomentari status sing lagi wae diunggah.

 

"Giri Lusi, basa naon éta bro?  Naon éta hartosna?  naon hubunganana antara pungguk sareng DPR?  Kumaha cara anjeun nganggo Undang-undang? 😀😀😀😀😀".

 

Maca WA saka Iin ngono kuwi Taufiq mesem, banjur ngetik wangsulan :

 

"Iku maksude menyemangati diri. Masiya aku ora pinter ya ora duwe dhuwit akeh, kena wae duwe cita-cita sing dhuwur. Giri lusi kuwi karepe : nadyan suket sing kulina diidak-idak sikil, nanging bisa thukul neng dhuwur gunung. Dadi, bocah enom kuwi kudu duwe semangat kanggo menyongsong masa depane".

 

Balesan dikirim, langsung centhang loro biru. Iin lagi online, sing langsung mbalesi :

"Éta saé pisan, Kang.  sanggup ngamotivasi barudak isukan wengi Minggu".

 

Bar diwaca karo Taufiq wis ora dibales maneh.

 

Genti mbukak WA sing saka liyane, jebul saka Ima. Padha karo Iin, Ima ngomentari status sing diunggah Taufiq.

 

"Statuse Mas Mur damel kula merinding 😀😀😀".

 

Taufiq mesem, ana rasa seneng neng jero atine. Pranyata mbuh sepira gedhene, Ima duwe perhatian marang dheweke. Gage-gage Taufiq mbalesi :

 

"Merinding pripun mBak?. Statuse jomblo ngono mosok durung pantes he he he 😀😀😀".

 

Centhange wis loro,  nanging durung biru, WA ne Ima aktif limang menit kepungkur. Dienteni sedhela, meksa durung ana wangsulan.

 

Ditinggal mbukak pesen liyane. Saka Alfian, Kangmase ipe, terus saka Sidik, sing siji maneh saka WAG Komisariat. Sing saka Alfian, ngabari nek lagi wae tranfer dhuwit neng rekeninge.

 

"Ana rejeki sithik Dhik, kenenga ngge imbuh tuku pulsa" tulisan neng pesene Alfian marang dheweke. Neng ngisore ana foto bukti transfer liwat ATM pitung atus seket ewu rupiah.

 

"Matur nuwun lho Mas, barakallahufik" balesane, didelok centange lagi siji.

 

W A saka Sidik, ngomentari statuse sajak ngece.

 

"Oalah... wong ya wis cemawis ngono lho? Gek nggoleki sing kaya apa?".

 

Taufiq mesem karo ngetik balesan :

"Cemawis......cemawis, padhakne  sajen wae ta Om? 😂😂😂😂".

 

Ora ngenteni balesan, genti mbukak WA saka Komisariat. Jebul isine undangan evaluasi kegiatan.

 

Klithih, klithih nyang padasan, wudlu. Banjur mapan turu.

 

Jam 02.30 digugah suwara alarm. Taufiq gregah tangi mangkat nyang jedhing arep adus. Kaya padatan bar adus banjur nindakne Qiyamul lail, nganti jam setengah papat. Kamangka wektu Subuh isih mengko jam papat, dadi isih ana wektu setengah jam. Hp dicandhak, jebul jam telu mau Ima mbalesi WA ne :

 

"Mosok Mas Mur Jomblo? Jomblo napa menjomblokan diri? 😀😀😀 criyose mBok kula menjomblokan diri niku hukume wajib, leres napa boten Mas? Paling boten ngenteni lulus S-1 riyin, niku kandhane Simbok lho 😀😀😀".

 

Taufiq mesem maca WA saka Ima ngono kuwi, batine : "bocah iki pancen bener-bener hebat kok".

 

Mikir sedhela, lagi nulis balesan :

 

"Simbok pancen Top. Berbagagialah mBak Ima kagungan Simbok sing luar biasa. Simbok iku mirip Ibu nek pas ngandhani aku".

 

Bubar mbalesi WA ne Ima, Taufiq tata-tata arep nyang Masjid. Esuk iku Taufiq kepengin budhal menyang Masjid sadurunge Adzan.

*

 

Pak Sabar lagi wae mlebu omah, sawuse maghriban neng langgar. Ora terus mlebu nyang mburi kaya padatan, nanging malah mapan lungguh neng kursi omah ngarep. Lampune diuripne dadi ketok padhang, ora kaya adate sing padhange nek pas dinggo jagongan utawa nek ngepasi ana tamu. Lawange ya ora ditutup. Wengi kuwi Pak Sabar arep ngomongi anak bojone nek dhek mau awan lagi bar ketemu karo Pak Roji.

 

Dumadakan Pak Sabar rada kaget, lagi ngangen-angen apa sing arep diomongne mengko marang anak bojone, saka jero omah katon ana mobil menggok menyang platarane. Suwarane alus, sajake mobil rega larang. Pak Sabar menyat metu nyang emper, kepengin weruh sapa sing lagi teka.

 

Sing numpak mobil padha mudhun, karo ngedhukne koper lan embuh barang-barang apa, ketoke rada akeh, diwetokne saka bagasi sisih mburi.

 

"Assalamu'alaikum"  salah siji saka sing lagi teka uluk salam nalika ngerti nek Pak Sabar metu saka omah.

 

"Wa'alaikumussalam warahmatullah" Pak Sabar wangsulan karo ngeling-eling sapa dhayohe kuwi, merga kayane Pak Sabar tau ngerti marang sing duwe suwara kuwi, nek nyawang wonge Pak Sabar wis lali babar pisan dadi ora mung pangling wae, banjur pambagene "mangga.....".

 

Sing lagi teka ngguyu, sauntara kancane lagi nata-nata arep ngangkat gawane, kandhane  "Kang Sabar sajake rada pangling karo aku ya?".

 

Pak Sabar dadi yakin. Nek wong sing mudhun saka mobil kuwi genah nek ora kesasar, utawa salah alamat, wong sak Bendosari ki sing jenenge Sabar mung siji, yaiku dheweke dhewe.

 

"Mangga pinarak nglebet" kandhane mbagekne dhayohe supaya mlebu omah. Wong loro sing mau isih tata-tata ngangkat gawane, wis neng mburine wong sing uluk salam karo manthuk kurmat marang Pak Sabar.

 

Dhayoh sing sapa aruh maju ngunggahi emper, bareng wis adhep-adhepan karo sing duwe omah banjur kandha karo mesem sajak seneng :

 

"Eling karo Hartamin Candra Kartika?"

 

"Kang Hartamin sedulure Pak Yumani AURI ?" Pak Sabar ragu-ragu.

 

"Leres.....!" Wong kuwi mau wangsulan.

 

Ora sranta Pak Sabar nyaut tangane Hartamin dijak salaman kanthi digegem kenceng. Hartamin nimbangi, Pak Sabar dirangkul kenceng, wong loro rerangkulan. Sing weruh padha mesem. Setengahe melu trenyuh, kaya - kaya bisa melu ngrasakne rasa seneng ing atine kanca loro sing wis lawas ora ketemu kuwi.

 

"Mangga, mangga mlebu....." setengah digeret tangane Hartamin dijak mlebu Pak Sabar, banjur marang wong loro sing bareng Hartamin, Pak Sabar ngacarani :

"Mangga Bu, mangga Mas......".

 

Bu Sabar sing ana omah mburi, krungu rame-rame neng ngarep, banjur metu. Kabeh banjur padha lungguh neng kursi omah ngarep.

 

"Ditepungne Kang Sabar" Pak Hartamin omong karo nudingi kanca-kancane "iki adhimu ya ibune anakku, Farida asli Kalibawang, Kulonprogo. Lha sing iki mBarepku jenenge Hamdan".

 

Bu Hartamin karo Hamdan nganthukne sirahe, karo mesem.

 

"Ya iki Bu Kang Sabar sing kerep tak critakne awakmu kae" kandhane Pak Hartamin sabanjure marang bojone.

 

"Nggih Bu, nggih kula niki sing jeneng Sabar sing riyin asring tukaran kalih Kang Hartamin niki" Pak Sabar nanggapi, terus ngenalne sing wedok marang dhayohe  "lha niki semah kula, mbokne gendhuk" .

 

mBokne Ima manthuk karo mesem marang dhayoh-dhayohe, pas kuwi Ima metu saka omah mburi. Terus nyalami tamu-tamune, Pak Sabar nerusne omonge :

"Lha iki ponakanmu Kang Hartamin, jenenge Ima".

 

"Lha putrane Kang Sabar ki pa lagi siji iki?" Pak Hartamin takon.

 

"Iya mung sithok ndhil iki, lagi wae lulus Aliyah" wangsulane Pak Sabar.

 

"Lha nek aku telu kok Kang, Hamdan sing mbarep, adhine loro, lanang kabeh siji Haidar isih kuliah neng Jakarta, sing sijine Hisyam kuliah neng Yogya".

 

"Nuwun sewu, sekecakaken rumiyin kula tak teng wingking sekedhap" mBokne Ima pamitan memburi, arep nggodhog wedang.

 

"Kula ndherek mBakyu" Bu Hartamin ngadeg karo ngangkat gawane sing diwadhahi tas kresek gedhe-gedhe cacah loro, terus ngetutne Bu Sabar sing mlebu omah mburi ditutne Ima.

 

Ora let suwe Ima metu nyangga baki isi unjukan, ditutne Simboke karo Bu Farida sing nggawa panganan diwadhahi piring-piring. Banjur diladekne neng dhuwur meja, papane jagongan Pak Sabar, Pak Hartamin lan Hamdan".

 

"Mangga Om, mangga Mas dipun unjuk" kandhane Ima marang dhayoh-dhayohe.

 

"Lha kok mung telu?" Pak Hartamin takon, merga sing diselehi unjukan mung ing ngarepe dhewe, ngarepe Hamdan lan ngarepe Pak Sabar.

 

"Inggih, Budhe Farida, Simbok lan kula teng nglebet" wangsulane Ima sopan.

 

"Mangga Om, ayo Mas dirahabi, wong wedang kalih jajan niku wau sing ngasta nggih Budhe Hartamin kok" kandhane mBokne Ima marang Pak Hartamin lan Hamdan.

 

"Layak ta" Pak Sabar nrambul gunem "aku mau wis mbatin, mbokne Ima kok duwe konok onggrok kuwi gek saka ngendi?"

 

Krungu kandhane Pak Sabar ngono kuwi kabeh padha ngguyu.

 

"Dalu niki mengke nedhane sampean mesthi rahab Pakmu, kalih Budhe Hartamin diastakne sekul pulen kalih ulam panggang kok" mBokne Ima nambahi omong.

 

"Walah, walah Budhene Ima ki kok ngerti temen karo karemanku lho" kandhane Pak Sabar karo ngguyu. Dhayohe melu ngguyu.

 

"Ning aku ya rada getun, mBokmu" kandhane Pak Sabar maneh.

 

"Sing digetuni napane?" Mbokne Ima takon.

 

"Lha jlegor sing mbok kukus karo leh nyambel bancik Ima, rak gak kepangan?".

 

"Sambel Bancik karo jlegor kukus? Mengke kangge kula mawon mBakyu" Pak Hartamin motong rembuge Pak Sabar "kula mpun enten telung-puluhan tahun boten panggih menu faforite Santri Gading niku".

 

Jagongan dadi sansaya rame lan gayeng. Mbokne Ima pamit mlebu, ngajak dhayuhe wedok, merga unjukane ana jero omah mburi.

 

Sidane olehe padha sorean (makan malam) ngenteni Pak Sabar mulih saka langgar, ngisakan. Pak Hartamin karo Hamdan ora melu ngisakan, jare mau wis dijamak qashar pas mampir maghriban neng mushalla pom bensin.

 

Pas Pak Sabar neng langgar, Ima, mBoke karo Bu Hartamin olehe lungguhan ngalih nyang Omah ngarep, ngancani Pak Hartamin karo Hamdan. Bola-bali Hamdan nyolong nglirik Ima sing sajake narik kawigatene. Slamete sing dilirik ora weruh, mung Bu Hartamin sing jejer dadi Ibu lan duwe Profesi dadi Dosen Psikologi, cepet ngerti yen anake bisa jatuh cinta pada pandangan pertama.

 

Karo ngenteni tekane Pak Sabar, Pak Hartamin nyritakne lelakone anggone kekancan karo Pak Sabar nalika isih nom biyen.

 

"Dening Bapakku, biyen aku dititipne Kyai Rodli ben bisa ngaji" ngono kandhane Pak Hartamin miwiti critane "lha kancaku sorogan Qur'an kuwi ajek karo Kang Sabar. Bedane nek Kang Sabar wis ngajekne sing disemakne nyang Kyai, bar kuwi lagi aku sorogan, saben ngadhep ditambahi  sok nganti sakebet, sok ya mung sa ayat rong ayat. Saben bar ditambahi Kyai Rodli, tekan gothakan tak deres disemak Kang Sabar".

 

"Dadi Pakdhe Sabar ki dadi asisten Kyai no Pak?" Hamdan nyelani critane Bapakne.

 

"Keneng diarani ngono, Kang Sabar ki nek marahi ya sabar tenan. Cocog karo jenenge. Aku ora dikon ngapalne jenenge wacan neng ngilmu Tajwid, nanging diwarahi carane maca sing bener miturut ngilmu Tajwid".

 

"Lha wau kok kula mireng Pakdhe Sabar nyebut-nyebut Pak Yumani AURI, Pak Yumani niku sinten Pak?" Hamdan takon.

 

"O kuwi ?. Kuwi mung guyonan, critane neng kidul Pondok ki ana priyayi perwira TNI AU tugase neng Maospati, bareng wis Purna sregepe neng Masjid ora karu-karuwan. Nek Jum'atan, tarawih, shalat limang wektu tekane mesthi ndhisiki, sadurunge manjing wektu shalat, mesthi wis lungguh neng pojokan lor kulon karo dzikir, mulihe utawa metune saka masjid ajeg keri dhewe. Lha gandheng Tentara, Pak Yumani kuwi nek cukuran mesthi cukur bros ngana kae. Priyayine ora udut. Lha ndelalah aku wiwit biyen nek cukuran ya ngene iki, bros pendhek. Tur sak pondhok kuwi sing ora bisa udut mung aku dhewe. Mula karo bocah-bocah liyane  aku dujuluki Hertamin Sedulure Pak Yumani".

 

"Tak kira olehe dijuluki sedulure Pak Yumani kuwi merga sregepe ngibadah padha karo Pak Yumani, jebul sing padha mung cukurane thok" Bu Hartamin melu omong.

 

Sing krungu padha ngguyu. Pak Sabar mlebu omah, durung nganti mapan lungguh wis dipapag rembug karo sing wedok, dijak sorean.

 

"Bablas mawon Pakne" kandhane mbokne Ima.

 

"Apa? Madhang ta?. Ayo Kang Hartamin, mangga mBakyu...." wangsulane Pak Sabar diterusne ngajak dhayohe.

 

Nadyan klebu priyayi sugih sing pangkate dhuwur, pranyata Pak Hartamin saanak bojone sing ana kono, bisa cepet manjing ajur ajer. Najan mangane lesehan neng klasa sing digelar neng jogan tatanan bata sing rung kober diplaster, ewa samono anggone padha mangan ketok nek seger. Kuluban jlegor sing diurap karo sambel klapa campur teri sing dices nganggo kreweng bakaran, dislamburi kecambah mentah, pranyata banget disenengi Pak lan Bu Hartamin uga si Hamdan, wong telu kuwi anggone mangan nganti tanduk. Iwak pitik sing dipanggang gawane Bu Tamin mung kalong sethithik.

 

"Jan seger tenan mBakyu" kandhane Pak Hartamin ing sela-selane mangan "ngelingne nostalgia jaman narayana biyen niki".

 

"Oraa nostalgia pencen masakane Budhe Sabar jan nggugah selera kok, aku wae nganti tanduk" Bu Hartamin melu omong.

 

"Niki sing masak Budhe Sabar napa Dhik Ima Budhe?" Hamdan malah takon marang Bu Sabar.

 

"Ya wong loro ta Mas, nek kulub karo sega sing adang ya mBokdemu, nek sambele gaweyane adhimu Ima" Pak Sabar sing semaur.

 

"Pakdhemu niku, nek sing nyambel mBokdhe nggremeng mawon mas, sing jarene cemplang, persak, kasinen pokoke maido mawon, ning nek sing nyambel anake wedok mendel mawon, mula ajegan sing tak kongkon nyambel ya mesthi Ima" mBokne Ima nambahi rembug.

 

"Layak ta?" Pak Hartamin sumela "sambele niki persis kalih sambelane Kang Sabar jaman semanten".

 

Nganti rampung mangan ora padha ngalih. Nerusne olehe jagongan ana ing jogan kono.

 

Rampadan karo piring-piring diloroti Ima digawa nyang Pawon, sing reget bablas dikorahi.

 

"Ngene lho Kang" Pak Hartamin ngomongi Pak Sabar "bares wae, tekaku mrene karo adhimu lan anakmu si Hamdan ki rak cara jawane ngono ngluwari ujar".

 

"Ujar? gek ujar apa kuwi?" Pak Sabar takon. Mbokne Ima melu nyemak apa sing arep diomongne dhayohe.

 

"Iya, ujar alias nadzar. Sing lagi bisa tak wujudne dina iki mau lan kira-kira karo sesuk".

 

"Genahe piye ta? Aku rung mudheng blas".

 

Pak Hartamin mesem amba. Bu Hartamin melu mesem. Hamdan ngguya-ngguyu weruh wong tuwa-tuwa sing rumangsane dadi lucu-lucu.

 

Pak Hartamin nata anggone sila, banjur takon anake lanang. Sajake lagi kelingan.

 

"Ham, mau jajane Pakdhe Sabar rak rung mbok caosne ta?"

 

"Nggih Pak, kula pendhete jik neng mobil kok" Hamdan ngadeg terus mlaku metu.

 

"Ora, iki mau jare arep omong ujar kok ngalih neng jajan ki piye ta?" Pak Sabar takon karo nyawang Pak Hartamin.

 

"Sik ta Kang Sabar, sabar dhisik" wangsulane Pak Hartamin karo ngguyu. Wong-wong melu ngguyu, krungu tembung "sing sabar" kuwi.

 

Hamdan mlebu karo nyangking tas kresek, banjur diselehne neng ngarepe Ibune. Bu Hartamin nyandhak kresek kuwi, banjur omong :

 

"Niki Pakdhe Sabar, wonten angsal-angsal boten mingsra kagem Pakdhe lan Budhe Sabar, namung telesan saking Gunung Menoreh".

 

Tas kresek diulungne marang mBokne Ima. Karo nampani, mBokne Ima wangsulan :

 

"Maturnuwun sanget lho Om kalih Bulik Har".

 

"Lha marai Ibune Hamdan durung ngerti nek duwe anak wedok, dadi Ima ora keetung" Pak Hartamin numpangi rembug.

 

"Sesuk wae Pak" Hamdan sing semaur "sing njajakne Dhik Ima ben aku wae. Sesuk nek karo metu mampir toko".

 

"Iya ngono ya mathuk, sesuk adhimu ben milih dhewe" Bu Hartamin ngegongi "ya mBak Ima?"

 

Ima sing krungu dadi salah tingkah, bisane mung manthuk karo mesem.

 

"Tak terusne critaku" Pak Hartamin bali omong maneh.

 

"Iya piye?" Pak Sabar nanggapi.

 

"Wiwit ninggalne Pondhok biyen aku blas ora tau ketemu  karo kanca-kanca sak barakan sing mondhok neng kana kae".

 

"Lha sampean kae gajege nerusne kuliah ngono ta?" Pak Sabar motong rembug.

 

"Iya. Aku karo Kang Mansur Pleset padha-padha njupuk Perintis siji. Alhamdulillah aku ketampa neng   Yogya, Kang Mansur sing rung katut banjur nerusne neng Jombang, ngiras pantes puruita neng Pondhoke Kyai Musta'in Romli.  Andilalah oleh sesasi neng Yogya, tugase Bapakku dipindhah neng Kandhang Menjangan, Kartasura, manggone ya neng kono pisan. Dadi aku nek tilik omah ya mrono".

 

Pak Sabar mung manthuk-manthuk, liyane padha meneng kabeh, ngrungokne kojahe Pak Hartamin.

 

"Bareng wis lulus, aku ketampa melu mulang neng kampus nggonku kuliah neng Yogya. Dadi buruhe negara, urusanku dadi akeh. Wong kejaba mulang aku ya sekolah maneh, dadi bisane kepethuk karo kanca-kanca jaman  narayana biyen ya mung neng impen".

 

"Nek ngono ya padha" Pak Sabar nyelani "mung kaceke, aku sing luwih keri metu saka Pondhok langsung ketampa dadi kuli macule Pak Kamituwa Tejo Melikan, he...he..he".

 

"Iya Kang" Pak Hartamin nerusne crita "patang tahun aku mulang, aku kepencut karo putrane Seniorku sing biyen dadi Dosen Pembimbingku, daleme Kulon Praga, lha wonge saiki lungguh neng sisihe mBakyu kuwi".

 

"Oooo" meh bareng Pak Sabar, Ima lan mBokne muni, karo noleh menyang Bu Hartamin.

 

"Padha karo aku, Ibune Hamdan kuwi ya mulang, mung seje kampus karo aku".

 

"Lha Bulik Har ngastane teng pundi Om?" Ima nyela takon.

 

"Ibumu neng IKIP sing saiki dadi UNY kae" wangsulane Pak Hartamin.

 

"Inggih, inggih".

 

"Lha gandheng Ibune Hamdan ki anak tunggal, tekan saiki sing tak panggoni ya pancet Perumahan Mertua Indah neng Kulon Praga kana. Lan wis diparingi anak telu, lanang kabeh, kaya sing wis tak omongne neng ngarep mau. Kanggo samben, aku ya nerusne sambene Maratuwa dadi PDI".

 

"Kok bisa? Jare Pegawe Negeri kuwi ora oleh aktip neng partai ?" Pak Sabar takon sajak gumun.

 

"Aja salah tampa Kang" Pak Hartamin wangsulan karo mesem "PDI sing iki dudu Partai Politik sing gambare Bantheng kae. Nanging singkatan saka Petani Duren Indonesia, dadi aku ngopeni kebon tinggalane Maratuwa sing tandurane Duren. Ya ora pati amba wong mung rong hektar".

 

"Mung kok rong hektar, lha aku iki melu nandur sakwit wae neng mburi omah kae, wis rong tahun ora modot-modot" Pak Sabar nanggapi karo mesem.

 

"Lha saiki tak crita sing enek gandheng rapete karo Nadzarku" Pak Hartamin kandha.

Pak Sabar ndudut rokoke, disumet disedhot pegane.

 

"Rong tahun kepungkur aku iki oleh ganjarane Pangeran rupa lara. Nganti kudu cuci dharah saben rong minggu pisan. Akeh kanca sing ngira nek ora suwe maneh aku mati. Aku dhewe ya wis pasrah, nanging ora ateges menyerah kalah. Kajaba ikhtiar lahir kanthi mertamba nyang dokter ahli, aku ya ora kendhat ndedonga nyuwun marang Gusti Allah. Aku kelingan jaman neng Pondhok biyen tau lara watunen terus nyang Kang Sabar diijzahi donga, bareng tak cakne, alhamdulillah watune metu cacah telu, terus laraku mari. Mula donga peparinge Kang Sabar sing mbiyen kae, banjur tak lakoni. Alhamdulillah, laraku sing wis nemen kuwi dadi waras. Malah saiki wis bali normal ora ana tilase lara".

 

"Alhamdulillah" Pak Sabar nyauti rembug.

 

"Lha pas nemen-nemene lara kae, aku duwe uni upama kaparingan waras maneh, aku arep ngajak bojoku menyang omahe Kang Sabar, ora ketang mung sawengi aku arep nginep turu neng kene. Lha ndelalah kersane Gusti Allah anak sampean si Hamdan kuwi lagi wae oleh nugrahaning Pangeran, oleh bea siswa kuliah S2 menyang Oxford University. Mula ngiras pantes kanggo syukuran sesuk kuwi Kang Sabar, mBakyu karo anakku wedok Ima arep tak jak plesir. Kuwi sing dadi nadzarku, saiki aku arep taren nyang Kang Sabar : apa nadzarku kuwi bisa diwujudi wiwit saiki?".

 

Pak Sabar njengkerutne bathuke sajak mikir, olehe menehi wangsulan marang pitakone Pak Hartamin. Jane ngono kuwi barang sing gampang, kari mangsuli "iya" ngono wae, nanging Pak Sabar kelingan, dhek wingi awan Pak Roji ngomongi nek dina sesuk Pak Sabar sakulawargane arep dijak dolan golek hawa seger neng njaba desa. Gek Pak Sabar ya wis nyaguhi, kari ngomong menyang  anak bojone wae. Mula bareng saiki Pak Hartamin sing adoh-adoh teka saka Pagunungan Menoreh duwe karep ngono kuwi Pak Sabar rada kangelan olehe arep wangsulan.

 

"Piye Kang?" Pak Hartamin takon, soroting mripate nuduhne yen kebak pangarep-arep.

 

"Tak wangsuli apa anane ya Kang?" Pak Sabar wangsulan karo nguncalne pitakonan.

 

"Iya Kang, Piye?".

 

"Ngene ya, sing sepisan nek Kang Tamin karo mBakyu lan anakku Hamdan ngersakne sare ana omah kene, aku ora kabotan malah kepara dadi senenging atiku sakbatih. Mung wae, sanajan prasaja, neng kene ana gothakan loro sing kothong sing siji kena nggo sare Kang Tamin karo mBakyu lan sijine kena dienggo bubuk anakku Hamdan, nanging ya kuwi ambene, amben pring galare pupuh ora ana kasure, mung digelari klasa mendhong nam-namane mBokne Ima. Apa padha bisa nampa?".

 

"Saged mawon Pakdhe" sadurunge Pak Hartamin wangsulan Bu Farida ndhisiki nyaut "tiang rumiyin kula nggih kerep kok, tilem teng daleme simbah kula tilem teng amben galar, malah kraos sekeco kok".

 

"Naaa, krungu dhewe ta Kang?" Pak Tamin ngegongi rembuge bojone "nek aku ngono, wong wis kulina turu neng jubin tanpa bantal tanpa klasa wae anglere ora jamak, kerep lagi tangi nek wis digrujug banyu karo Bulisul-lail he he he".

 

"Kula nggih kulina tilem teng sekretariatan kok Pakdhe, napa malih kok galar, tilem teng jogan mawon kula niki nggih kulina kok" Hamdan melu semaur.

 

"Sokur Alhamdulillah nek ngono" Pak Sabar nanggapi seneng "lan sing kapindho, kepiye nek ora sesuk olehe plesir?".

 

"Lha suk kapan? Apa sesukki dina naas ngono ta Kang?" Pak Hartamin takon rada gumun. Merga  biyen Pak Sabar kuwi mung nyirik ngaji dina Selasa thok, liyane apik kabeh.

 

"Ora" wangsulane Pak Sabar "aku ki wis kadhung nyaguhi Pak Roji nek dina sesuk kuwi Pak Roji, Bu Roji karo anake lanang ngajak aku sak omah, metu golek hawa seger nyang njaban desa, ngono".

 

"O alaah, Pak Roji mriki dhek awan wau ngajak dolan niku ta Pakne? Gek ajeng dolan teng pundi?" Mbokne Ima ketrucut ndhisiki takon sadurunge Pak Hartamin nanggapi kandhane Pak Sabar.

 

"Iya mau sirku lagi arep ngomong nyang awakmu karo Ima, ning rung sida".

 

"Sik, sik... Pak Roji ki priyayi ngendi ta? Kok aku kaya wis tau krungu?" Pak Hartamin takon.

 

"Ya genah wis tau krungu no, Kang Roji neh sing biyen gothakane awor Kang Mukhlisin Rembang" wangsulane Pak Sabar.

 

"O alaaah Kang Roji sing jare nerusne nyang Unika Widya Mandhala Jalan Manggis kae ta?"

 

"Iya, biyen aku nek nyeluk ya Kang Roji,  malih nek ngaturi dadi Pak Roji kuwi merga katut wong akeh, sing nek ngaturi dadi Pak, merga Kang Roji ki saiki dadi Pegawe dhuwur neng Kemenag Ngawi".

 

"Oo alaah, Kang Roji arep nggawa mobile terus ngajak Kang Sabar, ngono?" Pak Hartamin negesne.

 

"Iya, Kang Roji ki mobile saiki lagi wae ganti Suzuki R3, nek dhek emben rak Kijang Super. Adate sing nyetiri nek lunga saomah ngono kuwi anake mBarep jenenge Zainal Arifin".

 

"Ooo, nek ngono, ngene wae" Pak Hartamin kandha "nek perlune Kang Roji kuwi mung arep ngajak Kang Sabar sakbatih golek hawa seger, lire ora ana tujuan liya sing ngemu wewadi, dibarengne pisan wae. Dadi wong telung keluarga lunga bareng-bareng, Kang Roji ben sak mobil, mengko awake dhewe sak mobil. Piye nek ngono? Ning nek ora mathuk, olehe metu awake dhewe genti dina sesuke ya ora apa-apa".

 

Pak Sabar manthuk-manthuk, tandha nek mathuk,  karo sing dikandhakne Pak Hartamin kuwi.

 

"Nek aku mathuk banget kuwi Kang" kandhane "dadi Kang Hartamin ora mung kangen-kangenan karo aku sing wiwit biyen tekan saiki blas ora ana undhake iki, ning ya bisa tetemon karo Pak Roji sing padha-padha dadi wong pinter, dadi upama jagongan bisa sambung. Ora kaya karo Pakne Ima sing wiwit biyen ngertine mung doran thok he he he".

 

"Nggih boten ngoten Pakdhe" Hamdan melu omong "Pakdhe Sabar niku, ngibarate Kedhung sing jero. Najan nembe sepisan panggih, kula mpun saged ngrasakne kok, jagongan kalih Pakdhe Sabar niku memper maos buku, kathah manpangate, ngendikane kathah sing ngemu pitutur luhur pinoles basa ingkang lugu".

 

"Bener kandhamu kuwi Ham" Bu Farida melu kandha "aku ya ngono kok, Seduluran karo Pakdhe lan Budhe Sabar kuwi nyenengake, bisa luwih gawe tentreming pikir lan bisa mundhak caket karo Gusti Allah. Mula ya ora aneh nek banjur nurun nyang putrane, adhimu Ima kuwi najan sedhela maneh bakal dadi Mahasiswa ITS ning tetep kalem, prasaja, isih cak-cek nandangi gaweyan pawon".

 

"Oo, Dhik Ima ketampa neng ITS ta? Selamat ya Dhik, sukses selalu" Hamdan genti omong marang Ima.

 

"Aamiin. Wong mung Bidik Misi kok Mas" wangsulane Ima alon.

 

"Ora masalah" Hamdan menehi semangat "sing baku tenanan olehe kuliah. Aku budhal nyang Oxford suk emben ya bidik misi kok. Ora ragat dhewe".

 

Ima mung manthuk-manthuk thok. Jroning batin prawan ayu kuwi ngangen-angen. Iba bungahe, upama dheweke mbesuk ya bisa kuliah neng luar negeri kaya Hamdan Candra Kartika iki. Nanging dheweke wis kadhung pasang syarat marang Zainal, nek nganti Zainal ngarepi syarat kuwi ateges lulus S1 dheweke kudu nikah. Ning nek Zainal ora gelem karo syarat kuwi, lagi ana pangarep-arep bisa kuluah S2 sawise lulus S1.

 

"Lha wong S1 wae durung dinyangi kok nggagas S2 barang?" Suwara batine Ima ngandhani awake dhewe.

 

"Ketoke Zainal bisa nampa syarat kae apa ora ya? Durung ana wangsulan, kok malah Pak Roji sesuk ngajak plesiran sakulawarga?".

 

Ima mung meneng. Suwarane Pak Hartamin sing jagongan karo bapakne ora pati bisa dirungu dening kupinge.

*

 

Esuk kuwi dagangan bubure Ima disuda, merga mengko kudu bali esuk. Karo mBokne jane dikongkon prei olehe bakulan, nanging Ima kuwatir gawe kuciwane para pelanggan. Nek nganti pelanggan kuciwa atine, bisa ngrusak pasarane sing wis wiwit mlaku.

 

Nalika dhayohe durung padha tangi, lakune Ima wis mlangkahi ril sepur tapel wates Tempurejo karo Melikan. Bablas mengetan. Sadurunge Adzan subuh wis tekan plataran Masjid Al-Kautsar. Nek dhek emben sing nuku bubure, nek Ima mrono winates para Bapak sing padha jama'ah, saiki tambah Ibu-ibu, remaja putri, lan bocah-bocah sing omahe sakiwa tengene Masjid pilih melu tuku neng latar masjid kono. Sing ndadekne wong-wong luwih seneng, merga jamaahe subuh saiki tambah akeh. Ketoke wong - wong kuwi senengane sarapan Bubur neng masjid sawise shalat subuh.

 

Pelanggane Ima sing neng Pasar Krempyeng ya isih akeh, dadi saiki nek ider ora pati tekan awan. Nanging esuk kuwi Ima wis niyat mung arep dhasar neng latar Masjid Al Kautsar karo neng Pasar Krempyeng Bulakan thok. Olehe ider dilereni, merga arep dijak nglencer dening Kulawarga Pak Hartamin.

 

Ima isih durung batal, mula ora ndadak wudlu dhisik, langsung munggah neng Masjid njujug pawestren. Saben-saben teka lawang pawestren, wewayangane Taufiq Murjaka sing  anteng tansah katon neng angen-angene.

 

"Ah. Mas Mur....." Ima ora nerusne suwara batine. Milih terus nindakne shalat sunat fajar sing ajine luwih gedhe tinimbang jagat saisine. Ora suwe shalat jama'ah subuh diwiwiti.

 

Bubar shalat Ima mudhun saka Masjid wiwit nata mangkok-mangkoke. Jebul sing ngenteni wis akeh, rata-rata padha nggawa mangkok saka omah. Bubar ngedoli sing padha antri lagi ngedoli jama'ah sing wis mlumpuk neng Srambi.

 

"mBak sampean krasa pa ora nek jamaahe iki kurang siji?" Kaji Tarom pas nampani mangkok sing diulungne Ima dhewe.

 

"Rumaos kula malah tambah niku Pak Haji?" Ima mbales takon.

 

"Iya tapi tambah akeh nanging sing lawas kurang siji. Apal pa gak? njajal".

 

"Enggih, Mas Mur ta?" Ima negesi.

 

"He he he.... bener. Murjaka kae sing marahi wong-wong padha seneng karo buburmu".

 

Ima wis ora semaur maneh, merga repot ngedoli jamaah liyane lan wong njaba sing wis padha antri arep tuku bubure.

 

Najana ngono, omongane Kaji Tarom ngono mau wis ndadekne atine dielingne marang Taufiq sing saben-saben tansah sliweran neng angen-angene.

 

Durung nganti mlethek srengenge,  Ima wis ngalih nyang Pasar krempyeng. Lan sedhela wae dagangane wis entek gusis, payu kabeh. Karo ngucap syukur neng jero atine Ima mangkat mulih.

 

Sauntara iku, nalika Ima lagi ibut ngedoli wong sing padha tuku bubur. Mbokne Ima dikancani Bu Farida, neng Pawon nggodhog wedang, ngracik kopi karo nggodhog tela kaspe jinis tela randhu sing putih tur medhok. Pak Sabar, Pak Hartamin lan Hamdan lagi metu saka langgar, mlaku mulih.

 

"Hawane kene isih seger ya Kang" kandhane Pak Hartamin karo mlaku.

 

"Nek esuk ngene iki ya jik lumayan, durung akeh kendaraan sing liwat. Mengko nek rada awan sethithik ya bledug campur keluk kenalpot saingan gawe sumpek" wangsulane Pak Sabar.

 

"Mriki niki memper kalih Kalibawang, nggen Kebun Duren  mrika Pakdhe" Hamdan melu omong "sianga nggih kendaraan boten pati kathah kados nek teng Yogya".

 

"Iya, kene sadurunge ratan-ratan ditatani paving ngene iki, wong mlaku neng ratan tobat karo bledug. Nek saiki wis gak" Pak Sabar nyritakne kahanan desane.

 

"Nggih Pakdhe"

 

Tekan omah, Pak Hartamin karo Hamdan ora terus mlebu kaya Pak Sabar. Nanging mandheg neng latar cedhak ratan, nyawang wong liwat sing wiwit budhal nyang Sawah. Ana sing mlaku ana sing ngepit utawa numpak motor.

 

"Kowe sajake krasan Ham upama omah-omah kene ngono?" dumadakan Pak Pak Hartamin nakoni anake.

 

"Ketoke ya krasan Pak, wong mrika kalih mriki nggih bedane boten akeh" wangsulane Hamdan.

 

"Nek sajake krasan, ketoke Ima kae cocog nek karo kowe. Nek kowe mathuk dhilipana dhisik, mengko tak omongne Bapake".

 

"Bapak seneng ta nek kagungan mantu Dhik Ima?" Hamdan isin-isin takon.

 

"Upama Bapakmu ora seneng, Ibumu sing kepengin Ham" Bu Farida sing ora dingerteni Hamdan karo Bapakne, jebul wis ana cedhake kono, terus nyaut omongan. Hamdan kaget, terus noleh nyawang Ibune.

 

"Wis krungu dhewe ta? Nek Bapak ngono mung manut Ibumu kok" Pak Hartamin omong karo mesem.

 

"Nek Ham ngono mung kari ndherek apa ngendikane Ibu karo Bapak kok" Hamdan wangsulan.

 

"O alaaah, ilmune Bapakmu ki wis nurun nyang anake lanang, biyen jaman Bapakmu kuwi ditari karo mBahmu, jawabane jebles jawabanmu saiki iki, kamangka olehe nyurati Ibu wis ping mbolak-mbalik. Oh, iya aku mau arep ngomongi nek wis dicawisi kopi karo puhung godhog kok. Ayo ndang mlebu kabeh".

 

Muni ngono kuwi Bu Farida karo mlaku arep mlebu omah.

 

Kopi gorengan dhewe, olehe nggoreng dicampuri brambang karo irisan klopo. Didheplok neng lumpang sing digawe bongkote kayu gulun, alune tugelan kayu sawo. Bareng dadi wedang, sing kambang pirang-pirang, gandane arum gurih. Dhasare isih panas, disandhingne Tela godhog sing medhok, kemebul pegane, adune gula pasir dicampur klapa parutan, ndadekne mulya neng ati.

 

"Niki namine Roti Kampung Bulik" mBokne Ima ngacarani dhayohe "mangga ta diincipi, kersane pirsa raose panganan ndesa".

 

"O alah Budhe Sabar iki kok, kula mpun bola-bali malah mpun meh kwaregen kok niki" wangsulane Bu Hartamin "lha Bapakne niku, kit wau boten krungu suwarane, jebul nggethu ngrahabi tela, balapan karo anake lanang".

 

"Witikna, kadhung dicepaki kok" wangsulane Pak Hartamin "ya ngene iki sing marahi aku krasan lan terus tuman, neng nggone Kang Sabar".

 

Jam pitu kurang sepuluh Ima wis tekan omah. Mlebune liwat Pawon, terus bablas korah-korah pisan. Banjur adus, terus salin pisan. Dhasar kulina melu Pramuka, kabeh sarwa cepet. Banjur menyang omah ngarep nusul simbokne. Jebul kabeh wis padha rapi.

 

Ora let suwe, keprungu ana mobil mandheg neng ngarepan omah, parkir neng pinggir ratan ora mlebu pekarangan. Sing mudhun mung Pak Roji thok, anak bojone ngenteni neng mobil sing mesine ora dipateni.

 

"Kang Roji, Pangling karo aku pa gak?" Lagi wae Pak Roji mlaku tekan empere Pak Sabar, Pak Hartamin wis mecungul saka jero omah karo takon.

 

"Eng..... Kang Hartamin?" Pak Roji takon semu kaget. Pak Hartamin ngguyu banter, wong loro padha rerangkulan.

 

"Saiki iki sampean dhudhuke neng ngendi? Putrane wis pira? Wis mantu pa rung? Olehe teka kene dhek kapan?" Pak Roji takon.

 

"Wangsulane kabeh kuwi mengko wae Kang Roji. Aku wis diomongi Kang Sabar, nek dina iki Kang Roji ngajak Kang Sabar sakulawarga golek hawa seger. Ayo ndang budhal, Kang Sabar sak batihe ben bareng grobagku wae, panjenengan neng ngarep tak tutne saka mburi" wangsulane Pak Hartamin.

 

"Anu, Kang Sabar ben sak grobag karo aku wae" kandhane Pak Roji.

 

"Uwis, Kang Sabar sak mobil karo panjenengan kuwi wis kerep ta? Nek karo aku lagi arep pisan iki wae.  Wis, kana nek panjenengan gak kersa neng ngarep, mengko sing neng ngarep tak aku" Pak Hartamin nekad meksa.

 

Wekasane Pak Roji manut, mlaku nyedhaki mobile dhewe. Hamdan sing lagi manasi mobil, ngethungne jempol loro menyang Bapakne. Pak Hartamin mesem, bali arep mlebu omah. Nanging ora sida, merga Bu Farida, Ima lan Bapak karo Simboke wis metu nyang emper. Pak Sabar, nutup lawang terus dikunci.

 

Mobil Kijang Inova modhel paling anyar sing disetiri Hamdan kuwi etret, madhep nyang ratan, buntute mepet emper. Hamdan mudhun, mbukakne lawang. Kursi sing sisih kiwa dilungguhi mBokne Ima karo Pak Sabar, sing sisih tengen dilungguhi Pak Hartamin karo Bu Farida. Ima lungguh neng ngarep njejeri Sopir Hamdan.

 

Mobil R3 sing disetiri Zainal sidane manggon neng mburi, ngetutne Venturere Hamdan sing dilakokne ora pati banter.

 

Tekan dalan gedhe Ngawi-Maospati, menggok nganan. Pak Hartamin ngersakne ngajak kancane nikmati endahe sesawangan Gunung Lawu.

 

"Mengke liwat Maspati nganan Pak?" Hamdan takon nyang Bapakne.

 

"Iya, nek ngiri rak dalan nyang Pondhoke Bapak biyen" wangsulane Pak Hartamin "nganan terus mengko liwat jalan Sarangan - Tawangmangu, sesawangane asri".

 

"Nggih".

 

"Mengko sarapan neng Mojosemi, Bapak tau dicritani kancane neng kono ana Restoran sing enak, jare saka wetan kiri jalan ngono".

 

"Mengko nek enek Minimarket mampir ya Ham? Golek banyu karo klethikan, mosok linggih kit mau kok nggur nyepaplem wae, mau telane jane arep tak gawa ndelalah lali pisan" Bu Farida sing lungguhe jejer karo Bu Sabar kuwi ngandhani anake.

 

"Lha Pakdhe Sabar ya digolekne rokok pisan" Pak Hartamin nambahi.

 

"Ora sah Mas Hamdan, rokoke Pakdhe isih akeh kok isine" Pak Sabar cepet-cepet nyaut.

 

Hamdan mung meneng wae. Tekan mini market, reting diuripne menehi isyarat mobil sing ngetutne nek arep menggok. Hamdan mudhun dhewe, mlebu minimarket. Ora suwe metu nyangking tas kresek. Sing loro isi botol-botol banyu ngombe, sing loro isi panganan klethikan.

 

Tas kresek sing loro diulungne Ima, banjur mlaku nyedhaki Mobil R3 sing uga melu parkir. Zainal mbukak kaca mobile karo takon :

 

"Apa Pak?"

 

"Toya kalih klethikan, sing ndhawuhi Bu Sabar" wangsulane Hamdan sopan karo ngulungne kreseke sing ditampani Zainal terus diselehne jok ing sisihe.

 

"Awakmu sopire Pak Hartamin ya Mas?" Sadurunge Hamdan ngalih, Bu Roji kober nakoni.

 

"Injih Buk" wangsulane Hamdan karo manthuk "mangga Buk, Pak. Mas....".

 

Tanpa ngenteni wangsulan Hamdan ngalih mlaku menyang mobile dhewe.

 

Zainal nutup kaca mobile maneh. Banyu ngombe karo klethikan sing mau diseleh jok sisihe dijupuk diulungne Ibune sing lungguh jejer karo Bapakne neng jok tengah.

 

"Niki Buk, Jare sopire mau saka mBokdhe Sabar......".

 

"Iya aku mau ya krungu kok" wangsulane Bu Roji "paling saka bojone Pak Hartamin, terus ngongkon sopire kon ngomong nek saka mBokdhe Sabar".

 

"Pak Hartamin niku nyambute napa ta Pak?" Zainal takon nyang Bapakne.

 

"Kabare mbiyen nDhosen. Maratuwane Guru Besar, nyonyahe ya ndhosen ning seje kampus karo Kang Hartamin" wangsulane Pak Roji.

 

"Pantes tumpakane wae Venturer modhel sing paling anyar, ngingu sopir pisan" Zainal nggremeng kaya wong ngudarasa.

 

"Sopire sopan banget ya?" Bu Roji nrambul.

 

"Lha iya lah Buk, kulina ndherekne Dhosen kok" wangsulane Zainal "dipercaya nyekel Inova Venturer ki mesthi sopir sing wis pengalaman. Apa maneh sopire Dhosen Senior, sabane turut kampus, dadi otomatis kulina srawung karo wong pinter".

 

"Iya. Nanging isih kalah karo Sopire Pak Roji" Bu Roji guyon "najan mung Sopir Suzuki R3 wae, nanging rak Sarjana Pendidikan. Isih nyambi dadi Guru pisan. Nek sopire Pak Hartamin kae, masia pinter, sopan, bagus pisan,  rung karuwan nek tau mambu kuliah, masiya sabane turut kampus".

 

Zainal ora semaur, mripate ngawasne mobil Venturer sing mlaku neng ngarepe.

 

"Lha piye Buk, mengko sida ngomongne bab persyaratane Ima pa gak? Eneng Pak Hartamin karo bojone ki?" sawuse sauntara meneng-menengan Zainal takon.

 

"Kari Pakmu kuwi piye? Nek jareku, wong wis diniyati saka omah ora ketang mung sethithik ya metu wragat mbayari mangan neng warung mewah kok, ya kudu sida" wangsulane Bu Roji.

 

"Sida ya sida neh, malah kebeneran eneng Kang Hartamin karo Bojone, dadi bisa melu nyekseni rembug iki" Pak Roji  mangsuli rembuge bojone.

 

Pangirane Pak Roji mleset. Wingi sadurunge Pak Sabar diomongi nek arep dijak nglencer sakulawargane kae, Pak Roji wis aweh pralambang nek neng Gandhu eneng sentra Ayam Panggang sing kondhang enake. Lan Pak Sabar ya ngegongi nek nate krungu neng Gandhu kuwi sing paling rame nggone Bu Setu. Nanging kok mobil sing ditumpaki Pak Sabar ora menggok dalan menyang Gandhu ? Malah bablas mengidul ? Apa Pak Sabar weruh papan sing luwih istimewa tinimbang Gandhu?. Atake Pak Sabar ngarahne Sopire Pak Hartamin golek warung sing murah ? . Wah, blai nek ngene tenan, gengsine Pak Roji bisa mlorot, luwih-luwih neng kene mengko ana Pak lan Bu Hartamin sing wis dadi wong kinurmat, kajen lan kineringan jare.

 

"Lha wong ngarep kae kok bablas ki arep neng ndi? Ima telpunen Nal, takonana arep nyang ngendi kae!" Pak Roji ngongkon Zainal nakokne.

 

Zainal nyandhak hape ne diulungne Ibune, karo omong :

"Ibuk wae sing telepon, aku ora kepenak nek ngomong karo nyetir".

 

Bu Roji mampani Hape ne Zainal. Ora suwe banjur nelpon nomere Ima.

 

"Assalamu'alaikum, inggih Pak Zainal? Wonten dhawuh?" Saka telpon sing disetel banter kuwi keprungu swarane Ima.

 

"Wa'alaikumussalam, iki Ibuk Ma. Anu, matura Bapak kok bablas ngidul iki arep ngepos neng ngendi?"

 

"Inggih sekedhap Bu, pun tutup rumiyin mawon, mangke Ima ingkang telepon ngabari".

 

Bu Roji nutup ha pe ne, karo ngomong :

"Mandhak kari takon nyang Pakne sing ya neng kono wae. Kok ndadak kon nutup telepon dhisik. Bocah saiki ki ora cak-cek blas".

 

Pak Roji karo Zainal ora nanggapi omongane Bu Roji sing keri dhewe iki.

 

Ora let suwe, hape ne Zainal muni, Ima telepon :

"Iya piye Ma?" Bu Roji langsung takon.

 

"Nyuwun pangapunten, niki kula mBakyu. Farida, semahe Kang Hartamin".

 

"Oh, inggih nyuwun pangapunten, kula wastani nek Ima" Bu Roji rada kaget.

 

"Boten dados punapa mBakyu. Niki mangke ngepos dhateng Mojosemi rumiyin, nika lho dhateng Mbah Jo Resort, saking mriki kanan jalan".

 

Bu Roji ngingeti Pak Roji njaluk pertimbangan, kanggo wangsulan. Pak Roji manthuk karo ngethungne jempolan tangane.

 

"Halo...?"

 

"Inggih sampun, tiyang adate niku teng Gandu ler mriku wau" Bu Roji mangsuli "halone" Bu Farida.

 

"Criyosipun Budhe Sabar, nyobi sanese mBakyu. Menawi ing mriku rak sampun asring ta?".

 

"Inggih, inggih. Sampun, Assalamu'alaikum" Bu Roji nutup telepone.

 

Liwat dalan pagunungan, hawane krasa adhem, Hamdan mbukak kaca mobile. AC ne dipateni. Tangane ngrogoh sak tas slempange, ngetokne Rokok GG Inter 2 bungkus karo Djie Sam Soe Revil 2 bungkus, sing diwadhahi tas kresek cilik minimarket.

 

"Nek badhe Ses lho Pakdhe" tas kresek cilik kuwi diulungne Ibune supaya diwenehne Pak Sabar "AC ne boten digesangne niki".

 

"Mangga Pakdhe" Bu Hartamin nerusne marang Pak Sabar.

 

"Inggih matur nuwun, ngrokok mangke mawon nek mpun mudhun. Niki taksih nglaras asrine sesawangan gunung" Pak Sabar wangsulan.

 

"Lha iya?. Karo nglaras disambi udut rak sansaya nikmat ta Kang?" Pak Hartamin numpangi rembug.

 

"Weleh. Sampean ki thik kaya tau ngerti rasane udut wae" Pak Sabar wangsulan karo ngguyu.

 

"He he he" Pak Hartamin melu ngguyu "tau thik. Biyen tau jajalan udut pisan karo Kang Budi Nganjuk, entek setelon, terus sedina utuh neng sirah kliyengan tambah umor terus-terusan nganti Maghrib lagi mari. Bar kuwi terus kapok, ora ngrokok nganti saiki".

 

"Pancen ngrokok ki marahi mumet kok" Pak Sabar nyaut gunem "pisanan mumet merga mendem, nek wis ketagihan, mumet olehe arep tuku mbako".

 

Wong sak mobil padha ngguyu.

 

"Nek Kang Roji kae isih ngrokok ta Kang?" Pak Hartamin takon.

 

"Isih, malah rokoke ajeg Gudang Garem Pendhek. Jare sedina bisa entek rong adhah" wangsulane Pak Sabar.

 

"Lha nek Kang Sabar sing ajeg rokoke apa?"

 

"Aku ta? Sing ajeg ya Tingwe, mbakone olehe nandur dhewe, klobot janten ya nandur dhewe, sing tuku cengkehe, sakconthong mang atus kanggo telung dina. Rokok Gilig ngene iki ya nek dhong enek sing menehi wae".

 

Lakune Venturer sing tanpa suwara wis wiwit nanjak, Sarangan wis kliwatan. Ngarepne mlebu Mojosemi, Hamdan minggir, mobile diparkir neng kanan dalan, persis neng ngarep Mbah Jo Resort. Mobil R3 sing disetiri Zainal ya nusul melu parkir neng sisihe.

 

Sing numpak mobil loro kuwi padha mudhun. Pak Sabar karo sing wedok, Pak Hartamin, Bu Farida lan Ima nyedhaki Pak lan Bu Roji karo Zainal, kabeh padha sesalaman. Pak Hartamin ngenalne bojone marang Kulawarga Roji. Nanging ora suwe, Pak Hartamin banjur ngajak golek panggonan neng nggone mBah Jo Resort sing jembar kuwi.

 

Telung kulawarga mlumpuk dadi saenggon. Dhasare kanca lawas. Sing wis suwe ora ketemu, jagongane dadi gayeng. Guyon ger-geran. Crita-crita lucu jaman biyen, ditayangne ulang.

 

"Dadi wong telu iki sing anake akeh dhewe aku no ya?. telu lho lanang kabeh? Lha Kang Sabar siji, lha Kang Roji pira?" Pak Hartamin kandha, karo ngenteni tekane pesenan.

 

"Anake akeh dhewe Kang Hartamin, sing paling komplit aku" saute Pak Roji "nek Kang Hartamin telu, lanang kabeh, nek aku loro lanang wedok".

 

"Nanging nek neng omah sing paling bagus rak aku dhewe?" Pak Sabar moh kalah, melu ngomong.

 

"Kok ngono?" Pak Hartamin takon.

 

"Iya. Sing ayu dhewe mesthi anak wedok, sing bagus dhewe anak lanang. Kamangka aku rung duwe anak lanang, dadine baguse tak pek dhewe" wangsulane Pak Sabar sing terus disaut guyune kabeh sing ana kono.

 

Pelayan teka ngladekne panganan sing dipesen karo nota. Sing nampani notane Hamdan diiling-ilingi sedhela , didelok mbok menawa ana sing kliwatan pesenane. Bareng disawang sing dipesen karo isine nota wis cocok, terus ngadeg arep mara nyang nggon Kasir.

 

"Mengko dhisik Ham" Bu Farida nyandhet lakune Hamdan.

 

"Inggih Bu?" Hamdan mandheg.

 

Bu Farida ngrogoh dhompet ngetokne Kartu ATM diulungne anake lanang karo kandha :

 

"Nganggo iki wae Ham, jik apal ta?"

 

"Apal banget" wangsulane Hamdan karo nampani Kertu, banjur bablas nyang panggonane Kasir.

 

Bubar mbayari neng Kasir, Hamdan bali nyang kursine. Wong-wong wis padha ngrahabi pesenane dhewe-dhewe. Hamdan sing pesen Sop Iga karo ngombene Dhawet Kemangi ya wiwit nyandhak pesenane kuwi. Meneng-meneng Hamdan nglirik papane Ima, karepe  iseng wae apa sing dipesen Ima. Jebul pesenane Ima padha karo sing dipesen Hamdan. Ya mangane, ya ngombene. Tanpa krasa, Hamdan mesem. Anggone nglirik diterusne, mumpung sing dilirik lagi ketungkul mangan, lan wong-wong liyane ya lagi ketungkul karo sing didhepi dhewe-dhewe. Hamdan lagi paham nek Ima iki luar biasa tenan, nyandhang nganggone prasaja wae, nanging nduweni daya tarik sing banget gedhene.

 

Nanging Hamdan kudu ngendhegne nggone lirak-lirik, merga dumadakan Bapakne omong ing sela-selane mangan :

"Putrane Kang Roji kuwi loro, sing mbarep Mas Zainal iki, lha sing sijine kok gak dijak lho Kang?".

 

Pak Roji ora enggal wangsulan, merga isih ewuh mamah segane. Mula sing wangsulan malah Bu Roji :

"Larene boten ten griya Om, taksih kuliah ten Unsuri Ponorogo. Lha nek Zainal rak mpun lulus, mpun mucal teng MI Cakete Pakdhe Sabar".

 

"Enggih" wangsulane Pak Hartamin karo nyelehne ombene "sajake mpun ajeng mantu napa dereng Budhe? mpun kesupen nek mantu kula dikabari, tak rewangi ngentekne suguhane he he he".

 

"Duka niki Om" wangsulane Bu Roji "jane nggih mpun pengin mantu, nanging duka niki".

 

"Lha Kang Hartamin kira-kira olehe mantu kapan?" Pak Roji sing olehe mamah segane wis rampung genti takon.

 

Padha karo Pak Roji dhek mau, Pak Hartamin pas mamah. Dadi ya ora enggal bisa wangsulan. Banjur Bu Farida, genti sing tiru-tiru Bu Roji, mangsuli pitakone Pak Roji marang Pak Hartamin :

 

"Murugaken anak kula tiga niku sampi kuper sedaya. Dereng wonten sing gadhah pacar".

 

"Ketungkul sinaune niku mBakyu" wangsulane Bu Roji karo mesem "benten kalih thole niku, jane nggih kathah sing ajeng ngepek mantu, kathah prawan sing apel teng griya, ning si Thole Zainal niku angel".

 

"Naaaah, saiki aku arep genti takon nyang Kang Sabar" Pak Hartamin sing wis rampung nggone mangan kuwi omong.

 

"Gek sing arep ditakokne ki apa maneh? Aja takon kapan Ima duwe adhik maneh lho!" Pak Sabar wangsulan karo ngguyu, sing krungu ya melu ngguyu.

 

"Pitakonku iki guyon parikena, tegese nadyan mung sajak karo guyon, nanging ya tenanan".

 

" iya, sing katon takokna, sing ora katon tambuhna, bakal tak wangsuli, ning nek bisa" Pak Sabar olehe nanggapi ya karo guyon, nerokne basane Widayat nek dhong pentas Kethoprak ngana kae.

 

"Weleh-weleh, kok malah basa kethoprake ditokne" Pak Hartamin nanggapi karo ngguyu.

 

"Iya, nanging tak udut dhisik ben ora tumpang suh nggonku ngrungokne pitakone si Kakang" karo isih pancet ngethoprak, Pak Sabar ndudut rokok sak ler terus disumet.

 

"Ngene lho Kang, Sampean wis ngerti lan weruh wujude anakku mbarep si Hamdan kuwi? Kamangka sesasi maneh arep budhal nyang negara Inggris.......".

 

"O. Universitas Oxford kuwi neng Inggris ta?" Pak Sabar motong rembuge Pak Hartamin.

 

"Iya. Ora neng Sambipasar" wangsulane Pak Hartamin karo mesem.

 

"E alaaah. Tak kira nek neng Amerika" Pak Sabar semaur "iya, banjur piye?".

 

"Kamangka, Hamdan kuwi rak durung duwe bojo? Mula bares wae aku karo adhimu, duwe rasa kuwatir yen nganti Hamdan kecanthol cewek bule.......".

 

"Ya malah apik, panjenengan bakal duwe mantu Bule" Pak Sabar bali nugel rembug maneh.

 

"Nanging Adhimu sing kipa-kipa ora gelem" wangsulane Pak Hartamin.

 

"Lha terus?"

 

"Ya sadurunge aku nyuwun pangapura, ora ateges aku tinggal suba sita, aku arep ngomong lan arep takon. Mau bengi ki aku wis omongan karo adhimu lan esuk mau tak rembug karo anakmu lanang si Hamdan, nek panjenengan karo mbakyu mathuk sarta anakku wedok Ima setuju, sadurunge Hamdan kuwi budhal nyang Inggris, ben duwe rasa yen wis ora kena tolah-toleh bocah wadon liya, panjenengan arep tak jak besanan, bisaa Hamdan lan Ima nyawiji dadi suami - istri. Piye Kang?".

 

Bubar ngomong ngono kuwi mau, rasaning atine Pak Hartamin krasa lega. Banjur nyandhak gelase, wedange jahe disruput kanggo nelesi gorokane sing salit. Bu Farida ketok seneng lan marem, krungu apa sing lagi wae diandharne bojone marang Pak Sabar mau. Semono uga Hamdan sing wis merasa terwakili kepenginane, ketok bingar semu sumunar cahyane.

 

Nanging apa sing dirasakne  kulawargane Pak Hartamin iki, tiba kosok balen karo sing ana dhadhane Pak Roji, Bu Roji lan Zainal. Wong telu kuwi rumangsa kaget semu ora percaya karo sing lagi wae dikandhakne Pak Hartamin. Zainal sing dhasare isih nom, nggeget untu kanggo nahan gumronjaling dhadhane. Mripate nglirik Hamdan, sing jebul Sarjana S1 sing arep njupuk S2 ne neng Oxford, sing mau dikira mung sopire Pak Hartamin. Ana rasa gela kang tumuju marang bocah kuwi. Ora kacek adoh karo sing dirasakne Zainal, Bu Roji ketok mbrabak praupane, getem-getem kepengin muni, nanging bingung apa sing arep diucapne. Mung Pak Roji sing senajan kaget, nanging isih baut ngendhaleni rasane, nengenake nalare. Mula bareng ditunggu sauntara Pak Sabar ora enggal aweh wangsulan, Pak Roji banjur kandha, sing nadane serius, ora guyon parikena :

 

"Nuwun sewu ya Kang Hartamin? Kudune ki Kang Sabar sing aweh wangsulan menyang Panjenengan. Nanging gandheng tak enteni Kang Sabar ora enggal aweh wangsulan, kamangka aku ya butuh omong, mula aku tak omong dhisik. Piye?".

 

"Mangga Kang Roji, mirunggan wae" wangsulane Pak Hartamin.

 

"Ngene lho Kang Tamin" rembuge Pak Roji wiwit sareh "jane ngono, olehku ngajak Kang Sabar metu saka omah sakulawargane kabeh kuwi rak arep tak jak omong rada serius sing magepokan karo keluargaku lan keluargane Kang Sabar......".

 

"Lho mau bengi aku takon Kang Sabar jare mung dijak panjenengan golek hawa seger ngono thok?" Pak Hartamin nyela rembug "lha nek ngerti arep ana rembugan wigati, jathukna aku rak ora melu ngono?".

 

"Pancen aku ora omong Kang Sabar sadurunge nek arep tak jak rembugan serius, mung tak omongi arep tak jak golek hawa seger ngono wae. Lan hadire panjenengan ya malah dhapur kabeneran bisa ngerteni rembuganku karo Kang Sabar, sokur bage bisa dadi rujukan".

 

"Oh, ya wis yen ngono, mangga nek arep rembugan aku tak melu ngrungokne. Mbok menawa bisa udhu panemu, nek dibutuhne"  Pak Hartamin wangsulan.

 

"Iya. Maturnuwun Kang" Pak Roji miwiti omonge "bares wae, aku mau kaget kaya ditubruk macan ora keneng, krungu tembung Panjenengan yen arep ngajak Kang Sabar Besanan. Amerga, tenane anakmu si Ima kuwi rak wis tak tembung arep tak gathukne karo anak panjenengan si Zainal......".

 

"Bener kuwi Kang Hartamin" Pak Sabar nyelani rembuge Pak Roji "aku ya wis ngolehi, mung wae ana panyuwunan saka anak panjenengan si Ima sing teka saiki durung oleh wangsulan saka Pak Roji".

 

"Iya Kang" Pak Roji nanggapi rembuge Pak Sabar "ya bab kuwi jane sing arep tak rembug dina iki".

 

"Sik...aku oleh weruh apa ora wujud panyuwunane anakku Ima kuwi?" Pak Hartamin takon.

 

"Oleh Kang" Pak Roji sing mangsuli "Anakku Ima kuwi nyuwun supaya dililani kuliah dhisik nganti lulus, dadi olehe nikah ngenteni lulus S1, karo mengko nek wis nikah, supaya diparengne saupama Ima kepengin ngecakne ilmu olehe kuliah".

 

"Ooo ngono? Iya ta mBak Ima?" Pak Hartamin takon nyang Ima.

 

"Inggih Om, namung njangkepi dhawuhipun Pak Roji. Anggen kula badhe kuliah malih punika wonten gandhengipun kaliyan permohonan kula ndherek bidik misi niku, lha andilalah katut. Upami boten kula lampahi harak kula boten sekeca? Lan malih akibatipun mesakaken menawi sekolahan kula kenging sanksi. Milanipun kula inggih kedah nglampahi kuliah punika ngantos lulus, kajawi saking punika pancen Ima nggih kepengin pinter Om" wangsulane Ima nggenahne katrangane Pak Roji.

 

Pak Hartamin manthuk-manthuk, banjur kandhane marang Pak Roji :

 

"Lha wis genah ngono lho Kang? Banjur panyuwune anakku wedok iki bisa diwujudi pa ra? Nek disaguhi olehku nembung ngajak besanan Kang Sabar mau tak wurungne".

 

Pak Roji meneng sedhela, banjur kandhane alon-alon sajak ngati-ati :

 

"Iya, Zainal, Ibune lan aku bisa nampa bab kepingine anakku wedok Ima anggone arep kuliah, nanging iki upama dijupuk  paro-paro ngono piye?".

 

"Paro-paro kados pundi Pak?" Ima genti takon.

 

"Ngene lho Ma" Zainal sing nyauti pitakone Ima "bares wae, aku kuwatir nek awakmu kuliah neng Surabaya mengko, tiwas tak enteni ngaya-aya, jebul neng kana awakmu kecanthol cowok liya aku rak cotho dadine".

 

"Dados Pak Zainal boten percaya kalih Ima?" Ima takon serius "nek boten percaya nggih empun, boten sae nek dilajengne".

 

Kabeh sing ana kono padha kaget krungu wangsulane Ima sing krasa rada atos ngono kuwi. Zainal blangkemen, Pak Roji lan Bu Roji ketok pucet. Pak Sabar lan Bu Sabar dadi ketok kaya ora kepenak, awit kahanan sing malih dadi kaku lan tegang. Pak Hartamin sing nyemak katut dadi bingung, lan ngrasa melu salah. Kanggo ngedhemne suwasana ngono kuwi, Pak Hartamin banjur ngomong :

 

"Mengko dhisik mBak Ima, Mas Zainal ben nerusne olehe ngendikan dhisik, ben gak salah tampa. Wis mangga Mas Zainal".

 

Zainal nyruput ngombene, banjur omong :

 

"Ngene lho Ma karepku kuwi, ben awakmu ora kecanthol cowok liya. Hubungan antarane aku lan awakmu perlu ditaleni sing kenceng dhisik" Zainal meneng sedhela. Ima genti omong :

 

"Sampun napa dereng? Nek dereng rampung ditutugne riyin, mengke mawon nek empun genti kula sing omong".

 

"Ya tak terusne dhisik" Zainal wangsulan "taline kuwi wujude nikah, dadi sadurunge awakmu budhal nyang Surabaya. awake dhewe kudu nikah dhisik. Nek ora nikah resmi ya nikah siri. Piye?".

 

Sadurunge Ima wangsulan, Bu Roji genti omong :

 

"Ngene lho Ma. Pangrengkuhku marang kowe kuwi wis kaya anakku dhewe, aku tak omong coba saringen lan limbangen. Piye upama kowe ora usah kuliah adoh-adoh, wong neng kene ya ana nggon ngge kuliah, neng Paron ya eneng neng Ngawi ya enek. Nek kowe gelem nikah saiki, terus kuliah neng Paron utawa neng Ngawi rak ya bisa ta? Perkara wragat lan kabutuhan saben dinane, mengko Ibu sing nanggung sak lulusmu. Piye?".

 

Kahanan dadi sepi maneh. Amerga Ima durung gelem wangsulan, Zainal lan Bu Roji sing ngarep-arep wangsulan mung bisa meneng karo ngenteni.

 

"Uwis nDhuk. Ndang matur ta sing genah" Pak Sabar sing maune meneng, ngandhani anake "Masmu Zainal karo Budhe Roji ngenteni wangsulanmu".

 

"Inggih" Ima wiwit wangsulan "kula matur dhateng Bu Roji langkung rumiyin".

 

"Iya piye Ma?" Bu Roji semaur.

 

"Ngeten nggih Bu. Kula niki digulawenthah wiwit alit boten pareng mencla mencle, mangka dangu saderengipun Pak Roji ndhawuhi Bapak bab kula, kula sampun damel panyuwunan tumut bidik misi. Lha sareng kula katut lajeng boten purun nglampahi niku rak boten sae? Ping kalih nek kula boten siyos nglampahi ingkang kenging sangsi niku sekolahan. Napa pantes kula males sekolahan sing mpun momong kula tigang tahun kaliyan sangsi saking kampus? Nyuwun pangapunten Bu, kula ngertos niat saenipun Ibu, nanging kula boten saged nampi kasaenan saking Ibu kados ingkang sampun dhawuhaken wau".

 

Ima meneng sedhela. Ngulu idu, banjur ngomong maneh :

 

"Samangke dhateng Pak Zainal, kula minangka pendukung NKRI HARGA MATI badhe mbudidaya murih saged patuh lan tundhuk kaliyan aturan perundangan yang berlaku. Contone nggih masalah nikah niki. Tujuan nikah niku rak terbentuknya keluarga sing sakinah mawadah wa rahmah, suami kaliyan istri nggadhahi kuwajiban piyambak-piyambak, nek kula taksih kuliah terus nikah jujur mawon kula boten saged nglampahi, kula boten kepengin dados istri durhaka, lan kula boten purun dados Mahasiswa sing boten serius. Milanipun kula tetep dereng wantun dados istri rumiyin. Langkung-langkung nikah siri, niku kula boten purun nglampahi awit boten sah miturut Undang-Undang No.1 Th.1974. Dados sepisan malih, menawi Pak Zainal kersa nengga kula lulus S1, kula inggih ndherek dhawuhipun Pak Roji lumantar Bapak. Nek boten kersa. Inggih sampun boten dados punapa, mbok menawi pancen kula lan Panjenengan dede jodhonipun".

 

Nadyan suwarane Ima ora banter, nanging gandheng ora ana sing nyuwara apa-apa, suwarane Ima dadi cetha lan bisa dirungokne wong sing sapejagongan kuwi.

 

Kahanan dadi sepi campur singup krasa angker. Pak Roji ndhingkluk nyawang lemah,jroning batin ora bisa ngluputne panemune Ima, mung wae Pak Roji pesimis bojo lan anake lanang bisa nampa kanthi legawa karo apa sing dikandhakne Ima kuwi. Bu Roji mbrabak abang mangar - mangar, jroning ati kaya disiram lenga umub. Selawase urip durung tau ana wong sing wani ngendhakne kekarepane, teka iki niat becik ngrekakne murih becike, malah ditampik dening Ima, bayi wingi sore sing sajak ngendel-endelne kapinterane sing mung sak tapak meri jerone. Zainal pucet, untune nggeget. Pegel, anyel, mangkel, nesu mlumpuk dadi siji. Sasuwene iki ora mung siji loro bocah wedok sing kepengin cedhak karo dhewekne kamangka ya ayu-ayu rupane, elit pergaulane, ora mung siji loro wong-wong sing kepengin ngepek mantu, kamangka ya sugih-sugih bandhane, dhuwur pangkate, kinurmat ing pasrawungane, lha kok iki enek bocah sing mung anake tukang bubur, sing sabane ora adoh karo pawon lan korah-korahan wae, teka wani ngojahi dhewekne.

 

"Dadi cethane, panembunge Zainal liwat Bapakne wingenane niku ditulak, napa ngoten Pakdhe Sabar?" Bu Roji wusanane mentog Pak Sabar "nek ngoten tenan, kula nggih boten napa-napa kok. Mergi, kula dhewe nggih ngertos kajawi ayu Ima niku nggih pinter, mung kuciwa lare niki rada lali, nek ayune rupa niku mung winates ing kulit, sak dhuwure langit niku tesih enten langit, ning nggih mangga niku urusane Ima, dados nggih........"

 

"Nuwun Sewu Bu Roji" mBokne Ima sing wiwit mau ora keprungu suwarane, dumadakan omong rada banter, medhot omongane Bu Roji "nyuwun pangapunten, jane bares mawon kula niki rada nyirik rembagan kaliyan bangsa priyayi, mergi kula ngrumaosi lungguh kula sing gedibal sangalikur bebasane. Nanging, gandheng niki magepokan kaliyan anak, nggih kula wanek-wanekne nyauri dhawuh pangandikan panjenengan".

 

"Inggih mpun, sampean ajeng criyos napa?" Bu Roji sansaya dhuwur suwarane.

 

"Bares mawon nggih Bu?, nalika Pak Roji kundur bakda nembung Ima nika, kula sajar teng Pakne Ima, nek kula boten mathuk. Mergi kathah kedadosan, anake wong mlarat dadi mantune wong sugih niku apike sak kedhele, eleke sak jege. Kepenake sak klentheng, rekasane pirang-pirang rendheng, kurang-kurang bejane dipek mantu wong sugih niku bisa mlebu omah gedhe ning ora melu nduwe, isih mendhing dadi babu timbang dadi mantu, babu mben sasi oleh bayar nek mantu mben melek dipaido.........".

 

"Lha nek mpun ngerti ngoten, napa boten sampean sanjangne pas Pak-e mrika nika?" Bu Roji meh mbengok.

 

"Mengke riyin" mBokne Ima wangsulan "kula purun nggugu Pak-e Ima niku rak mergi Pak-e Ima criyos mpun digebyah uyah padha asine. Criyose Pak-e Ima najan sugih tur priyayi Pak Roji niku tiyang pinter, padatan wong pinter ki saged ngandhani atine, saged meper sipat gobloge, wong sugih sing seneng nyepelekne wong mlarat niku mesthi wong sugih sing goblog, priyayi sing drajate dhuwur ning seneng ngremehne tiyang sanes, niku mesthi priyayi sing akale boten genep. Kamangka criyose Pak-e Ima,  Pak Roji niku tiyang pinter, mula kula ngrujuki Pak-e Ima, kula ngomong teng Ima nek arep diajengne kalih Pak Zainal. Kula kalih Pakne mpun mathuk, Ima nggih mpun purun namung nggadhahi syarat kados sing diaturne Ima wau, lha kok panjenengan malah ngarani Ima mpun nampik Pak Zainal, panjenengan niku pripun? Jane mudheng kalih ature Ima napa boten?".

 

"Lho tembung kaya ngoten mawon kok boten mudheng? Nek kula nggih turah ngerti no. Padhakne wong ra duwe perasaan mawon, kula niki ngerti nek Ima niku nampik, ning ngangge pawadan, carane ngoten ngangge cara alus. Malah sampean sing ketoke, nganggep bodho tiang. Nek ajeng nggoblogne tiyang sanes mangga mawon, ning nek ajeng nggoblokne kula, nggih sorri mawon".

 

"Panjenengan rumangsa kula goblogne?, sing genah mawon......"

 

"Cukup....."  Pak Sabar muni banter ngendheg omonge bojone "nek diterusne olehe eyel-eyelan rembug iki mengko ora ana rampunge. Bener ap ora Pak Roji?".

 

Pak Roji sing disebut jenenge dening Pak Sabar ngono kuwi, dumadakan dadi mingkus atine. Miturut panyawange Pak Roji, wektu iki sing omong kuwi dudu Pak Sabar Bakul Bubur sing prasaja, nanging rumangsane Pak Roji kuwi Kang Sabar sing lagi nyemak bocah-bocah sing sinau ngaji, kalem, sabar ning wibawa. Mula Pak Roji mung bisa manthuk karo semaur :

"Bener Kang Sabar. Sampean bener".

 

Weruh sikep lan wangsulane Pak Roji sing mengkono iku, Pak Sabar ora terus mbacutne olehe arep ngomong, nanging malah meneng disambi ngombe wedange lan nyedhot keluk rokoke.

 

Pak Roji ora wani ndhisiki omong. Bu Roji ya ora omong maneh, kaya mBokne Ima sing banjur ndhingkluk, nggetuni omongan sing kadhung dikutahne.

 

Hamdan sing olehe lungguh cedhak Ibune sedhela-sedhela nglirik marang Ima, banjur ganti nyawang Ibune. Bu Farida sing tansah nguwasi mobah-musike si anak lanang, kanthi ngedhep-edhepne mripate, aweh sasmita marang Hamdan supaya meneng, ora macem-macem, Hamdan mesem lambene dututup nganggo tangane, terus ndhingkluk. Pak Hartamin, sing weruh anake lanang karo Ibune ngono kuwi, kapeksa ngampet eseme.

 

Bareng wis sauntara anggone padha meneng-menengan,  Pak Sabar nyeceg rokoke neng asbak, banjur kandha, alon, alus nanging ngemu wibawa :

 

"Sedaya mawon, kula  badhe nyuwun tulung, ketingale niki wau wonten sawan liwat. Mangga sareng-sareng sami nyuwun keslametan dhateng Gusti Allah kanthi wasilah surat Al-Fatihah kaping pisan kalajengaken maos istighfar kaping tiga. Mangga,......... li ridlaillahi ta'ala al fatihah.......".

 

Kabeh sing ana kono banjur nerokne Pak Sabar maca Fatihah, diterusne maca istighfar kaping telu. Banjur padha umak-umik dhewe-dhewe, ndedonga marang Allah nganggo carane dhewe-dhewe.

 

Pak Hartamin ngadeg, nyedhaki anake lanang. Hamdan dibisiki alon-alon. Hamdan banjur ngadeg, nyedhaki pelayan, pesen omben anyar  persis sing dipesen pisanan mau.

 

Ora suwe sing dipesen wis diladekne. Kaya mau Hamdan ndudut Kartu ATM-e Bu Farida banjur mlaku nyang Kasiran karo nggawa nota sing lagi wae ditampa bareng lan tekane pesenan.

 

"Mangga sami diunjuk" Pak Hartamin kandha karo suwara sing lumrah, sajak ora ana kedadeyan apa-apa. Pak Sabar lan Pak Roji meh bareng nyandhak gelase dhewe-dhewe.

 

Dumadakan kaya semayan, mBokne Ima karo anake wedok ngadeg banjur marani Bu Roji. Tangane dithungne ngajak salaman, karo ngomong :

 

"Bu Roji mugi wonten welasing penggalih, kula estu nyuwun pangapunten saking sedaya kalepatan kula dhateng panjenengan".

 

Ngerti Bu Sabar ngethungne tangan karo kandha ngono kuwi, ora sranta Bu Roji menyat, Bu Sabar dirangkul karo nangis sesenggrukan :

"Kula inggih makaten mBokdhe, kula ingkang lepat, mBokdhe Sabar kula suwun pangapuntenipun".

 

Wong loro kuwi kaya teletabis ngana kae, padha rerangkulan karo nangis sesenggrukan. Ima sing ngadeg neng cedhake melu mbrebes mili, tangan tengene Bu Roji kemlawe, Ima dirangkul semu digeret, wong telu padha keket rerungketan,karo luhe padha banjire.

 

Bu Farida sing ora melu rerangkulan, katut melu nangis ing palungguhane.

 

Pak Roji ndhingkluk, jroning atine krasa sumendhal weruh sesawangan sing nrenyuhake ngono kuwi. Pak Hartamin Hamdan lan Zainal kabeh dhingkluk, ngempet rasa aneh sing krasa nggrayangi jero dhadhane, kabeh meneng ora nyuwara apa-apa . Mung Pak Sabar sing klepas-klepus nyedhot udut dhewe. Karo jroning batin muji syukur marang Pangeran sing wis ngabulake panyuwune kanthi matak ajine sing jeneng Tariyaqul Karitsah.

 

Bareng dirasa wis cukup, Pak Sabar banjur kandha karo suwara sing rada digawe banter :

 

"Wis mBokmu karo kowe Ma, wis kene ndang padha bali lungguh. Sampun mBakyu, mangga kula aturi pinarak malih. Mundhak dikinten tiyang wonten napa-napa mangke".

 

Kaya gudel kineluhan, wong telu sing lagi ruket rerangkulan, banjur padha nguwali rangkulane, bali lungguh neng kursine dhewe-dhewe. Kabeh padha nyeka eluhe dhewe - dhewe. Nadyan mengkono praupane wis katon padhang kabeh ora kaya sedhela mau, sing padha ketutupan mendhung peteng.

 

Pak Roji sing maune mung ndhingkluk, karo polatan suntrut uga wis malih bingar. Tiru-tiru Pak Sabar, wiwit klepas-klepus nyedhot udute. Zainal sing nadyan ora katon seneng nemen, nanging ya ora katon nesu utawa susah, melu-melu ngetokne rokoke uga terus udut.

 

Pak Roji dhehem-dhehem ping pindho, banjur omong :

 

"Saiki aku tak ngomong, tak suwun kabeh olehe nampa omonganku mengko nganggo pikiran nek wis, lagi diudhukne neng ati. Piye? Wis bisa diwiwiti olehku arep ngomong iki?"

 

"Mangga" Pak Sabar sing nyaut dhisik dhewe.

 

"Inggih mangga Pak Roji" mbokne Ima nyusul semaur.

 

"Iya tak melok ngrungokne" Pak Hartamin udhu rembug.

 

"Ya sadurunge aku nyuwun ngapura luwih dhisik, merga sing arep tak omongne iki mengko rada dawa lan iki mung panemuku sing bisa pas lan bisa ora. Mula nek omonganku iki mengko pas, ya alhamdulillah, ning nek gak pas, ya ayo dirembug sing kepenak ben bisa pas. Tak wiwiti saka aku. Kang Sabar, mBakyu saha Kang Hartamin lan mBakyu. Bares wae, wiwit aku durung rabi biyen, malah wiwit nalika aku isih sekolah, aku wis duwe pepenginan nek Kang Sabar duwe anak wedok terus aku duwe anak lanang, aku kepengin ngajak Kang Sabar besanan. Kuwi ya wis tau tak omongne nyang Kang Sabar. Eling ora Kang?".

 

"Iya aku eling" wangsulane Pak Sabar "nek ora kleru, sampean ngomonge nyang aku pas mbarengi Syarif Ali tindak neng Pondhok kae ta?".

 

"Bener Kang. Merga bares wae, wektu kuwi aku bar nyolong kabar sing diasta Syarif kanggo Kang Sabar neng Gandhok lor. Eling ta Kang?".

 

"Iya, aku eling, ning.......".

 

"Sik, aja diselani dhisik, perkara isine kabar ora sah sampean bahas saiki, mengko wae nek aku wis rampung".

 

"Iya, mangga diterusne" wangsulane Pak Sabar.

 

"Kabar kuwi tak simpen rapet Kang Hartamin, merga kuwi tak anggep kabar gaib".

 

"Biyuh, gek kabar apa no kuwi?" Pak Hartamin takon.

 

"Tak arani kabar gaib, merga kabar kuwi sing nggawa Syarif Ali. Kabar bab nek Kang Sabar tembene  bakal duwe anak wedok mung siji thil, sing disartani kanugrahan sing akeh. Mula aku njur duwe pepenginan ngajak besanan, idhep-idhep nempil kanugrahan kuwi mau.

 

Pepenginanku kuwi ya wis tak aturne Kang Sabar. Ima tak tembung arep tak jodhokne karo anakmu si Zainal kuwi. Gandheng pas aku nembung kuwi, putramu Ima ora ana omah, merga lagi mulang ngaji neng langgar, Kang Sabar saguh arep nakoni, gelem orane Ima nek dijodhokne karo Zainal. Nek Kang Sabar jarene nek Ima mathuk Kang Sabar ya mathuk.

 

Let sepasar karo olehku nembung, Kang Sabar tindak nyang Nangkareja, nemoni aku lan dhawuh nek Ima gelem, janji panyuwune dituruti. Panyuwune Ima ya kaya sing wis diaturne Ima dhek mau. Aku ya banjur ngomongi Zainal karo Ibune, dudutan saka olehku sakulawarga rembugan, ya kaya sing diomongne Zainal lan Ibune mau. Karepku, olehku ngajak metu Kang Sabar sakulawarga iki mau, kajaba golek hawa seger ya ngiras arep ngajak rembugan,  nek bisa antarane panyuwune Ima karo panjaluke Zainal lan Ibune dikompromekne. Andilalah kersane Gusti Allah, Kang Tamin karo mBakyu lan anakku Hamdan ngepasi sanja nyang Benda, malah banjur sing ngajak dadi Panjenengan iki mau".

 

"Ora kok, niyatku mau rak nunut pisan melu silaturrahim, ngono lho Kang" Pak Hartamin nyelani rembuge Pak Roji "mangga dilanjut".

 

Ana pelayan teka ngladekne makanan ringan sing mau dipesen Hamdan.

 

"Ning karo disambi, ketoke kenthang goreng iki kok empuk. Mangga" Pak Hartamin ngacarani, karo nyontoni njupuk kenthang rajang sing digoreng diwadhahi cawan kuwi.

 

Pak Roji nyandhak gelase, gorokane krasa rada garing. Banjur nerusne olehe omong :

 

"Maune saka omah mau ya kepengin ngomong kaya sing diomongne Zainal mau. Nanging, bareng aku krungu karo ature anakku Ima, aku luwih mathuk karo sing diandharne Ima kuwi. Saiki sadurunge tak terusne omongku, aku kepengin nyuwun rerigen saking mBakyu Hartamin sing netral".

 

"Lho kok kula ta Pakdhe?" Bu Farida sing ora nyana nek bakal ketiban sampur kuwi semaur semu kaget.

 

"Inggih mBakyu" panjenengan kula kinten pihak yang paling independen, nek Kang Hartamin niku siyen remenane berbeda pendapet nek kalih kula he he he" Pak Roji wangsulan karo ngguyu.

 

"Lha nek gak ngono gak rame kok" wangsulane Pak Hartamin karo mlengeh.

 

"Inggih nuwun sewu lan nyuwun pangapunten saderengipun" Bu Hartamin miwiti omong "sepisan, kula atas nami kulawarga Hartamin nyuwun pangapunten ingkang kathah dhateng Pakdhe lan Budhe Sabar saha Pak lan Ibu Roji, awit kula lan Bapakne lare-lare, saestu boten ngertos menawi mBak Ima sampun dipun tembung kaliyan Pak Roji. Inggih kanthi punika, panembungipun Bapakne kala wau kula jabel.

 

Kaping kalih, saestu kula badhe ngraos bingah menawi Kulawarga Pak Roji kersa nuruti panyuwunipun mBak Ima, ngrantos menawi sampun lulus S1 rumiyin. Awit ngeten Mas Zainal, kula aturi pitados bilih ing mangkenipun suami punika purun boten purun wajib nenuntun istri dhateng kasaenan, lan nenuntun istri ingkang pinter punika langkung gampil. Sampun dipun walik : golek bojo aja sing pinter, ben gampang diapusi, lha pamanggih ngeten niki sing marahi Indonesia angel majengipun.

 

Kaping Tiga, saestu kula rumaos salut kaliyan lekasipun mBak Ima punika. Sedaya samukawis kedah dipun tindakaken kanthi serius, inggih ing babagan punapa kemawon. Sepisan malih kula ambali, kula salut dhateng mBak Ima. Pesan saya cuma satu LANJUTKEN.

 

Sampun Pakdhe, namung punika ingkang saged kula aturaken".

 

"Matur nuwun mBakyu" Pak Roji aweh tanggapan "saiki gandheng dadi apa-pa Ima kudu lulus S1 ITS dhisik, mula anggonku nembung dhek emben ya tak jabel, ora liwat aku ya nyuwun Pangapura marang Kang Sabar lan mBakyu. Marang anakku Ima aku titip weling, sing tenanan nggonmu kuliah muga-muga kasembadan apa sing dadi sedyamu"

 

"Aamiin" ora sranta Ima numpangi rembug.

 

"Wis ngono wae, saiki aku nyuwun Kang Sabar genti sing ngendika" Pak Roji mungkasi omonge.

 

Pak Sabar ndudut rokoke sak ler maneh terus disumet, sawise pegane disedhot bola-bali, lagi miwiti omonge :

 

Tak wiwiti saka Syarif Ali. Kaya sing  didhawuhne Pak Roji mau, aku tau dituturi dening Syarif. Yaiku abot sanggane dadi wong tuwa nek duwe anak wedok mung siji. Nanging ya gedhe nugrahane wong tuwa duwe anak wedok mung siji. Syarif meling nyang aku, nek ndelalah aku mung kaparingan anak wedok siji, aku kudu pinter olehku momong. Merga nek nganti kleru nggonku momong, kurang-kurang bejane bisa ndadekne sengsarane urip. Kosok baline, yen becik olehku momong senajan anak wedok mung sithok, nanging ing tembene bakal bisa nekakne kamulyan, kamulyan tumrap awake dhewe, tumrap wong tuwane, tumrap bojone ya tumrap maratuwane. Kanggoku welinge Syarif iki wigati banget. Mula kanggo nyukupi sandhang-pangane anakku, aku mbudidaya ora mburu rasa lan rupa, nanging aku murih sing halal lan guna. Merga aku wedi nek aku nganti cilaka, bojo lan anakku katut cilaka. Kuwi wae.

 

Dadi marang Pak Roji, apa sing panjenengan rungu nalika semana ora kleru, mung maksude wae sing kurang panjenengan gogohi nganti jero. Dadi aja kleru panampa.

 

Kaping pindho, gandheng Budhe Hartamin wis njabel panembunge, Pak Roji ya padha. Mula aku mutusake, mbuh sapa wae sing nembung Ima, ora bakal tak tampa, sadurunge Ima rampung kuliah S1 ne neng ITS kuwi.

 

Lha panuwunku marang Allah ta'ala, muga-muga paseduluran antarane awake dhewe iki kabeh, langgenga sokur bisa diterusne nganti anak putu. Aja nganti mung merga bedane panemu banjur dadi satru. Amerga awake dhewe iki kabeh ora mung kanca, nanging sedulur sing bebasane kaya banyu, pineranga sedina ping sewu tetep bali wutuh.

 

Mung iki kandhaku, yen ana sing weruh lupute tak suwun padha gelem nyaruwe murih benere".

 

Kabeh sing krungu tembung-tembunge Pak Sabar padha manthuk-manthuk tandha yen mathuk. Klebu Zainal, Hamdan lan Ima dhewe.

 

Tanpa krasa, luhe Ima netes ing pipi. Awit dumadakan wae dheweke eling simbah tuwa ing impene dhek emben kae. Impen sing duwe makna apa dheweke durung ngerti, arep disuwunke pirsa marang Bu Nyai Tempuran, nanging durung kober. Disusul wewayangane Taufiq sing katon kumlembar, ngandhani yen menjomblokan diri sadurunge rampung kuliahe, kuwi wajib hukume. Nanging, eseme Taufiq Murjaka kae, angel dilalekne.

 

Cuthel.

 

Telas sinerat ing Sanggar Maladi Hening. Selasa Wage, 20 Jumadilakir 1954. 2.2.2021.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...