- tumetesing rasa kangen kanggo sawargi Kyai Sukirna -
Nanging Marti uga ora wani mbantah apa sing dikandhakne Kadirin, Marti ngerti banget yen olehe ngandhani ngono kuwi merga juragane kuwi ngeman marang dheweke supaya ora dadi kurbane wong lanang sing isih sedulur ipene jurgane kuwi. Mula Marti banjur ora semaur, ngenteni tutuge pitutur sing arep dikandhakne dening Kadirin. Kadirin sing banjur rumangsa nek Marti ngenteni pitutur sabanjure, uga banjur guneman maneh.
"Kowe dhewe dhek bengi ya krungu ta? Piye olehku kandha marang Kang Kamdi supaya enggal bali kae?" Kadirin nakoni Marti kanggo nutugne pituture.
"Enggih, Jurgane criyos kuwatos nek rayate Mas Kamdi nguwatosaken sing jaler nek boten enggal wangsul" wangsulane Marti.
"Bener" Kadirin nyauti rembug "lan Kang Kamdi ya kandha nek olehe pamit nyang sing wedok jare mung arep niliki Si Lasmi sedhela wae ta?"
"Enggih"
"Saiki gagasen sing tenanan" Kadirin nutugne olehe kandhan-kandhan "nek pancen Yu Asmi bojone Kang Kamdi kuwi slingkuh tenan, apa ya mungkin sing lanang gelem pamitan ngono kuwi? Neng jagad ngendi wae, nek wong lanang kuwi wis kegelan atine merga diselingkuhi dening bojone, aja maneh kok ngajak omong, lagi weruh wonge wae mesthi wis ora gelem. Apa olehe mangsuli omonganku mau bengi ngapusi? Pikiren, nek karo aku wae sing kerep nambeli kebutuhan uripe gelem ngapusi apa maneh karo kowe? gagasen kuwi!".
"Enggih Gan" wangsulane Marti ngenaki rembug.
"Karo maneh ngene, Make Hajir" Kandhane Kadirin sabanjure "upama Yu Asmi kuwi wis slingkuh tenan lan wis ora keneng didandani, nek Kang Kamdi kuwi duwe utek mesthine ya piye carane olehe ngrampungne perkarane, ora kok malah dolan ing wayah bengi neng nggone randha ngono kuwi, luwih-luwih sadurunge Kang Kamdi ya ora pati raket karo sing diparani kuwi, kajaba nek sadurunge iki awakmu ki wis kerep aweh pitutur marang dheweke. Luwih ora klebu nalar maneh ki, kok bisa-bisane Kang Kamdi mbeber wirange dhewe, upama sing dicritakne marang awakmu kuwi tenan, marang wong liya, ora marang sedulure dhewe luwih dhisik, utawa saora-orane nek pancen arep golek solusi ya olehe crita kuwi menyang Kiyai, wong sing dianggep tuwa, utawa marang sing bisa aweh pitutur, ora kok marang Randha sing isih semok kaya kowe kuwi".
Krungu Juragane nyebut dheweke nganggo tembung semok, marti ngguyu. Kadirin melu ngguyu.
"Kok malah ngguyu ta Make Hajir?" kandhane Kadirin "kanthi ndeleng carane curhat Kang Kamdi iki, nek bener-bener Yu Asmi wis slingkuh tenan, Kang kamdi ki ora arep golek solusi piye murih petenging rumah tanggane enggal rampung, nanging malah arep nambahi ruwet utawa saora-orane arep golek kawigaten saka wong wedok liya, ngiras pantes ngenteni sadare sing wedok".
Kadirin leren olehe omong, merga arep nyumet rokoke sing lagi wae rampung olehe nglinting, mBako tandurane dhewe sing dilinting neng klobot janten, dibumboni cengkeh rajangan.
"Aku mung ngandhani kowe Make Hajir" kandhane Kadirin karo ngetokne pega udute "nek kowe pancen isih nggatekne kandhaku, aja gelem nampa tekane Kang Kamdi nek ora ana kancane sing wis mbok tepungi. Merga witing trisna kuwi jalaran saka kulina, pancen ya ora ana lupute kowe tresna marang Kang Kamdi, nanging sarate nek Kang Kamdi wis ora duwe bojo, dadi saupama Yu Asmi ki bener-bener selingkuh, banjur dening Kang Kamdi dipegat, lagi kena Kang Kamdi ngandhakne tresnane menyang wong wedok liya klebu marang kowe. Nanging, nek tibake Yu Asmi kuwi ora selingkuh, banjur Kang Kamdi kerep saba menyang omahmu gek kowe ya gelem nampa merga kowe rumangsa mesakne, mengko nek Yu Asmi nglabrak lan ngunek-unekne kowe, merga kowe wis dianggep ngrusuhi rumah tanggane, apa ora kowe sing arep kewirangan? Wis wirang bisa uga wis dadi kurban nafsu bejade wong lanang sing seneng nguja kasenengane dhewe. Kuwi pikiren!".
"Enggih Gan" bareng sansaya akeh olehe nampa kandha saka Kadirin Marti banjur gelem mikir lan nocog-nocogne apa sing dikandhakne juragane karo sing dicritakne Kamdi mau bengi kae.
"Lha kuwi, gembili durung nganti entek sak uwit wae kok wohe wis sak mono mbane?" dumadakan Kadirin ngelih rembugane.
"Enggih niku Gan?" wangsulane Marti "niki nembe sak sisih uwoh sing mengaler thok mawon empun angsal meh setengah senik, kamangka sing mengilen kalih mengetan dereng kula uthik-uthik".
"Ya wis, kuwi wae dhisik ndang digawa mulih" Kadirin prentah "liyane dipek-i sesuk wae, nek mlumpuk akeh sing salok rak bisa digawa nyang pasar. Pancen tangane anakku si Hajir ki adhem kok, nek nandur-nandur akeh cocoge".
"Enggih Gan, mugi-mugi benjing nek mpun ageng saged dados tiyang sing pinter ulah tetanen" wangsulane Marti.
"Ya muga-muga wae" Kadirin nyauti rembug "biyen bocah kuwi tirone apa ta?"
"Senen Pahing Gan"
"Senen Pahing? Lho rak saben dina no nek karo adhine ? Wong Lasmi dhek emben kae rak Selasa Pon".
"Enggih"
"He eh, pancen nek miturut ngelmu titen wong sing lahir dina Senen Pahing ki tangane adhem, cocog nek nyambut gawene dadi wong Tani, nandur apa-apa adhakane lemu tur subur, lha nek Selasa Pon kuwi apike nyambut gawe neng bebakulan".
Hajir sing dhek mau ndeloki tanduran gembiline wis mbalik mrono maneh, banjur nyauti kandhane bapake angkat :
"Dados apik no Bapak mbesuk niku?" pitakone.
"Apik piye?" Kadirin takon.
"mBesuk nek kula empun gedhe, adhik nggih empun gedhe, kula sing nandur terus nek empun panen sing ngedolne Adhik, lha dhuwite sing nyinggahne Bapak kalih Ibuk" wangsulane Hajir semangat.
"He he he ... " Kadirin ngguyu seneng krungu wangsulane anake angkat sing nuduhne nek duwe pikiran sing becik, banjur takon "lha Make dibagei apane?".
"Make nggih sing ndamelne sarapan terus ngirim Hajir nek pas teng sabin ngoten nika" wangsulane Hajir maneh.
"Cocog" Kadirin wangsulan karo ngethungne jempol tangane.
Karo ngindhit senik isi gembili, Marti mlaku mulih ditutne Hajir sing mikul linggise. Kadirin nerusne olehe ndelok-ndelok tanduran sing ana tegalan mburi omahe kuwi. Karo mlaku gagasane Marti ngungah ngudhunke apa sing dikandhakne juragane mau. Suwe-suwe Marti oleh dudutan, yen apa sing dikandhakne juragane mau pancen ya ana benere, senajan miturut panemune Marti ora kabeh bener, nanging ya ora luput kabeh. Arepa dikaya apa, sing jenenge urip dadi randha kuwi pancen kudu luwih ngati-ati.
Sauntara kuwi, neng omahe, Kamdi lagi wae jagongan gayeng karo Asmi, bojone. Wektu kuwi, Asmi isih lungguh ngadhep meja, nunggoni toko pracangane, rewange loro katon repot ngladeni wong-wong sing padha blanja neng kono. Kamdi lungguh neng tumpukan karung isi beras dagangan, sing diseleh mepet tembok ora adoh karo papan lungguhe Asmi.
"Mengko bengi aku arep njagong lho Bu" kandhane Kamdi marang bojone.
"Jagong neng nggone sapa Pak? aku melu apa ora? awake dhewe wis ketumpangan apa durung?" Asmi takon.
"Nyang Ponjen, Darmadi Sopir kae rak ditingkepi? mengko ya mung jagong lek-lekan wae, kowe ora sah melu, mbesuk wae nek wis lahiran genti kowe sing njagong" Kamdi aweh wangsulan.
"O ngono ta? ya wis, lha ngge njagong sampean mengko isih ana dhuwit apa ora?" Asmi nakoni sing lanang maneh.
"Isih ana sethithik, ning nek mbok tambahi ya luwih apik, wong bensinku ketoke ya wis kari sethithik" wangsulane Kamdi karo mesem.
Asmi jjedhirne lambene, banjur mbukak laci mejane arep njupukne dhuwit kanggo sing lanang.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar