cathetan cekak kanggo
ni made siti asih
dening : Bapakne Lintang
23.
Krungu kandhane Tiok sing ngrumangsani lupute ngono kuwi Bagus mung meneng wae. Bagus wis ngrasakne dhewe, sepira gedhene rasa gething neng atine Tiok marang dheweke. Merga Bagus ora nurut apa sing dadi panemune Tiok. Luwih saka lima las tahun Tiok ora sudi lorohan karo Bagus. Lan wektu kuwi Bagus ya nimbangi. Wong lanang loro sing isih sedulur tunggal bapa biyung, merga rebut bener, nganti padha ora sapan sinapan. Tiok rumangsa bener merga minangka sedulur tuwa ora digugu nalika aweh pitutur marang adhine. Bagus rumangsa bener merga sing ditindakne babar pisan ora gawe rugine sapa wae, kalebu marang sedulur lan wong tuwane. Nek ana sing menggak kekarepane sing ora nerjang sarak lan paugeraning bebrayan kuwi padha karo wis arep ngatur-ngatur uripe. Satemene Bagus ya ora seneng satron karo sedulure tuwa, nanging arep ngajak bali becik, Bagus durung oleh dalan sing apik. Ngrumangsani yen uripe lagi mapan ing ngisor, bakal sansaya remeh menawa nganti niyate sing becik jebul oleh tanggapan sing ora nocogi atine, bisa-bisa olehe duwe niyat ngajak bali rukun kaya biyen dikira merga wis ora kuwat urip sajroning kacingkrangan .
Saiki, Tiok gelem mara menyang omahe lan gelem ngakoni yen Karmini kuwi wis dadi ipene, Bagus rumangsa seneng. Mula kandhane Tiok ya mung dirungokne wae lan Bagus banjur ngati-ati anggone nanggapi, aja nganti tanggapane nuwuhne rasa gela ing atine sedulure lanang kuwi.
"Jebul pandakwaku marang Karmini nalika samana ora sing bener babar pisan" Tiok nutugne rembuge "pandakwaku marang awakmu meh kabeh ora bener. Sasuwene aku ora srawung karo awakmu, tenane aku ya niling-nilingake kaya ngapa lakune rumah tanggamu sing ora direstoni dening Kulawargamu kabeh kuwi. Jebul aku dadi weruh, Rumah tanggamu anane mung tentrem lan ayem sanadyan tata gelar panguripanmu ya mung pas-pasan. Aku ya ngerti yen awakmu kerep sowan Ibu nalikane omah lagi sepi. Aku ya ngerti, nek awakmu kuwi anak sing bekti marang wong tuwa lan bektimu tulus ora pamrih apa-apa. Mula aku banjur kepengin ndandani kaluputan sing wis tak tindakne sasuwene iki. Aku nyoba teka nyang omah kene, nalikane kowe ora ana omah. Sikep lan tangkebe Karmini marang aku apa dene mBakyumu banget olehe ngaji-aji, babar pisan ora katon tilasing lara ati merga sikep lan tangkebku marang dheweke sasuwene iki, malah sajake awakmu wong loro sengaja nutup-nutupi kabeh cacade kulawargane Bapak lan Ibu marang kulawargamu. Sing dingerteni dening anak-anakmu, kabeh wiwit Eyange nganti sedulur-sedulure bapak-e kuwi wong apik, apik kaya bapak-e".
"Uwis Mas" kandhane Bagus nugel rembuge Tiok "barang sing wis kebacut ora perlu diomong maneh. Aku wis rumangsa seneng lan matur nuwun banget marang Gusti Allah, merga aku lan Ibune Arka, wis bisa ngabekti marang Ibu, ngabekti klawan sakuwasaku. Mungguhku kuwi wis luwih saka cukup. Dadi Mas Tiok aja banjur nggetuni nemen-nemen barang sing wis kepungkur, mundhak ora becik kedadeyane".
"Iya Gus, nanging aku ya butuh takon marang awakmu, awakmu kuwi wis ngerti apa durung ?" Tiok dumadakan nakoni Bagus karo praupan ketok serius.
"Perkara apa kuwi Mas?" Bagus mbalik takon.
"Perkara harta kekayaanne wong tuwane awake dhewe?".
"Durung Mas, eneng apa?" Bagus takon maneh.
"Kira-kira limang tahun kepungkur, bandhane Ibu lan Bapak wis didum, kuwi sing duwe usulan mBak Tien sing banjur disetujoni Ibu" Tiok aweh katrangan marang adhine "jarene kanggo njagani supaya ing mbesuk nek Ibu wis kapundhut dening Gusti Allah, putra-putrane ora banjur geger rebutan warisan".
"Ngono nrak ya luwih becik ta Mas? wong ibu ya wis ora kagungan butuh apa-apa maneh, kanggo saben dinane pensiun tinggalane sawargi Bapak ya wis turah-turah wae" wangsulane Bagus ayem tanpa ekspresi apa-apa.
"Aja ngarani luwih becik dhisik nek awakmu durung ngerti, merga critaku durung rampung" Tiok wangsulan.
"Ya Mas Tiok bacutne crita, aku tak ngrungokne" kandhane Bagus nanggapi wangsulane Tiok.
"Olehe ngedum bandhane Ibu karo bapak kuwi ora adhedhasar hukum waris....."
"Ya bener ta Mas, wong ya ora andum warisan, nanging Ibu menehne barang-barange marang putra-putrane. dadi ya sakersane Ibu" Nagus bali nugel kandhane Tiok.
"Rungokna dhisik ta, aku tak omong" Tiok omong maneh.
"Oh, ya Mas, sorry....." Bagus ngguyu "mangga dilanjut....".
"Kaya sing mbok kandhakne mau, kabeh sakersane Ibu, nanging ora murni merga Ibu kari maca konsepane mBak Tien. Kabeh bandhane Ibu karo Bapak dipara papat, merga putrane Bapak karo Ibu kabeh papat. Kabeh wis dipasrahne marang putra-putrane Ibu, kajaba bageyanmu. Merga wektu kuwi, awakmu dianggep isih lunga lan ora kena dipesthekne kapan bisane bali. Ngerti sing tak karepne "lunga" ?". Tiok meneng sedhela nakoni adhine.
"Ya ngerti" Bagus mangsuli cekak.
"Yen sawayah-wayah bali, mangka bageyanmu lagi arep dipasrahne marang awakmu. Ning nek nganti ora bali, mbesuk arep dibagi kanggo wong telu maneh. Lan sasuwene nunggu balimu, bageyan kanggo awakmu kuwi sajroning panguwasane mBak Tien. Dadi asil sawah bageyanmu sajroning limang tahun iki kabeh dikuwasani dening mBak Tien. Lha pas dina riyaya kepungkur, mBak Evie nakokne bab asile sawah bageyanmu kuwi marang mBak Tien, disimpen apa dikapakne, karepe mBak Evie ora ketang sepira, anak-anakmu supaya diwenehi. Nanging mBak Tien ora bisa nampa, malah salah paham karo mBak Evie, jarene mbak Tien kuwi kabeh wis dadi duweke mBak Tien, mBak Evie karo aku ora oleh cawe-cawe. mBak Evie ya terus meneng. Lagi bareng mbak Tien karo Mas Har mulih, mBak Evie meling nyang aku supaya asil sawahe sing tak urusi tahun iki di wenehne menyang Karmini karo Mak Jiyah sing wis ngopeni awakmu. Dadi dhuwit neng amplop sing dhek emben dilungne Vero marang Karmini karo Mak Jiyah kae, dudu dhuwitku, nanging dhuwit saka mbak Evie. Sing saka aku ya mung telesan karo sajadah kae thok. Ngono kuwi critane Gus. Saiki kepiye mungguh panemumu ing babagan iki?" Tiok mungkasi anggone nyritakne bab bandhane wong tuwane sing wis didum saduruge diwaris.
Ora ana tandha kaget apa dene gumun ing praupane Bagus miturut panyawange Tiok apa dene Vero. Malah katone ya ayem-ayem wae, mung meneng karo manthuk-manthuk thok. Nek Karmini sing uga melu jagongan neng kono, ya ora ketok ana owah-owahan ing praupane. Ngerti sikepe Bagus sing ayem ngono kuwi, Tiok banjur mbaleni olehe njaluk panemu marang Bagus ing perkara sing wis dicritakne iki mau.
"Piye Gus? Awakmu kandhaa enek kedadeyan kang mangkono iku banjur kepriye?" kandhane Tiok nakoni adhine.
"Ngene ya Mas" kandhane Bagus alon nanging cetha "tak kira, aku omong utawa ora ya padha wae, merga aku pancen dianggep lagi lelungan. Lan aku ya wis ngerti, upama panemuku mengko ora jumbuh karo sing dadi kersane Raden Ayu Sri Hartini, mesthi bakal ditulak tur isih bakal ditambahi pangndamana sing marakake atiku lara. Mula tinimbang aku golek mala, luwih becik aku tak meneng wae Mas".
"Mengko dhisik, awakmu kok ngarani mBakyumu dhewe kanthi sebutan sing wis ora tau diucapne wong, kuwi karepmu apa Gus?" Tiok nakoni Bagus sing ora ana gegayutane karo perkara sing lagi dirembug.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar