Total Tayangan Halaman

Jumat, 01 April 2022

SLENDHANG KUNING (012)

 

12.

Waginem nguntapne baline Sodik nganti tekan ngarep lawang, jane ngono kepengin Waginem nguntapne nganti Sodik mlebu Mobile, nanging gandheng neng kono ana Munir sing dhek mau wis pamitan nanging dipenggak, dadi olehe nguntapne ya mung tekan ngarep lawang banjur bali maneh, ngancani Munir sing isih lungguh neng kursine. Sauntara kuwi, sanadyan bisa ngrasakne cedhake sesambungan antarane Sodik karo Waginem, nanging Munir isih duwe gagasan yen wong loro kuwi mesthi durung suwe olehe padha wanuh. Ketitik antarane Waginem karo Sodik yen guneman isih migunakne basa krama sing alus, basane wong sing padha olehe ngajeni, nanging ya bisa ditegesi basane wong sing durung pati akrab olehe kekancan.

 

"Mas Sodik kuwi wis kulina dolan mrene ya Dhik?" lagi wae Waginem mapan neng kursine lungguh ngancani Munir, Munir wis ndhisiki ngajak guneman nganggo pitakonan.

 

"Lho gajege mau Mas Sodik rak ya wis crita dhewe menyang Panjenengan ta Mas?" Waginem rumangsa ora seneng ditakoni nganggo suwara sing sajake ngemu sujana ngono kuwi.

 

"Crita sing endi ta?" Sodik mbaleni pitakone.

 

"Pas sepisanan, ngendikan karo panjenengan yen olehe rawuh mrene merga kepethuk aku neng Polres padha-padha olehe arep nganyarne SIM, banjur Mas Sodik bareng karo aku mampir neng omahe Simbok iki. Kapindho, mau pas pamitan Mas Sodik rak ya ngendika sawise klakon weruh omahe Simbok ngono ta?" Waginem nggenahne wangsulane marang Munir.

 

"Oo, lagi sepisan iki ya? kuwi wae nek ora merga ketemu slirane neng Polres, ya durung karuwan nek arep tekan kene ya?" Munir takon maneh suwarane isih panggah nuduhne rasa ora senenge merga Sodik "ngapel" neng omahe Waginem.

 

"Ya mesthi wae ta Mas?" wangsulane Waginem sing saiki suwarane digawe dadi suwara ayem, sanajan atine krasa ora seneng urusan privacy ne dicampuri dening Munir sing uga dudu apa-apane "wong pancen Mas Sodik kuwi durung pirsa omahe mBokku kene sadurunge, ngertine mung winates yen omahku kuwi Ngawi, nanging Ngawi sisih ngendi wonge rak ya durung pirsa, padha karo aku, ngertiku Mas Sodik kuwi daleme Kedunggalar, Kedunggalar sisih ngendi aku rak ya durung ngerti?".

 

Diwangsuli ngono kuwi Munir ya mung manthuk-manthuk, ora semaur maneh. Malah banjur ngganti ngajak ngrembug urusan liyane.

 

"Lha Slirane arep nglebokne lamaran menyang sekolahane Mas Sodik kuwi tenanan ta? apa mung dhapur abang-abang lambe wae?" Munir takon bab olehe Waginem arep nglebokne lamaran "merga, aku mau ya arep ngomong nek durung suwe iki aku wis kepethuk salah sijining Kepala SMP kene, ngomongne nek slirane arep nglebokne lamaran".

 

"Kuwi ta Mas?" Waginem aweh wangsulan "aku ki ora kulina petung sing ora tenanan Mas, lha Mas Munir nemoni Kepala SMP kene ki SMP ngendi Mas?".

"Ora perlu slirane weruh dhisik SMP ngendi" kandhane Munir karo mesem "sing baku, slirane enggal wae gawe lamaran, mengko tak gawane lan nek sing nggawa aku, mokal lamarane Dhik Wagi bakal ditampik, merga ketoke genderane Munir kuwi nek neng Ngawi isih dhuwur kumlebate".

 

Menang-meneng Waginem anyel karo carane guneman Munir sing mamerake dhirine kuwi, luwih ora seneng maneh nalika dheweke rumangsa dibodhokne, butuhe manut lan percaya karo Munir, mesthi becike ngono wae, ketitik ditakoni SMP ngendi wae, wangsulane Munir ora perlu ngerti dhisik.

 

"Karo maneh" Munir nutugne olehe guneman sawise Waginem ora enggal aweh tanggapan marang apa sing dikandhakne kuwi "nek slirane kuwi olehe nyambut gawe panggah neng Ngawi rak blanjane ora entek ngge tuku Bensin ta Dhik? Nanging, ya karek Dhik Wag dhing, milih mulang neng Ngawi neng sekolahan sing faforit, jam mulange akeh merga siswane mbludag-mbludag, banjur blanjane perjam ya muni,  apa milih mulang neng SMA ndesa sing muride keneng dietung nganggo driji, jam mulange cetha nek mung sethithik, nanging duwe kaluwihan bisa santai, mbok menawa seminggu mung mlebu ping pindho utawa ping telu, kuwi wae bisane mlebu melu mulang neng kana ya durung karuwan, wong ora ana sing nggawa, bener mau ana sing saguh arep mbantu, nanging wong sing arep mbantu kuwi ya ora pati cetha statuse, neng sekolahane ya mung bala sadhuk ora nyekel panguwasa apa-apa".

 

"Ngono ya Mas?" Waginem wekasane semaur, kaya mau suwarane sareh nanging satemene ing sarehe suwara sumimpen rasa gela marang sing diwenehi wangsulan, merga ukarane sing seneng ngremehne liyan lan keladuk anggunggung dhiri "Ya nek nitik marang apa sing panjenengan ngendikane kuwi wis cetha endi pilihan loro sing luwih mencutake, nanging minangka kawulane Gusti Allah, sadurunge aku mutusake lamaranku arep tak lebokne menyang ngendi, aku kepengin sembahyang istikharoh luwih dhisik Mas".

 

"Lha wong mandhak mung kaya ngono wae kok ndadak arep nganggo istikharoh barang ta Dhik?" wangsulane Waginem sing ngati-ati kuwi jebul malah semu diluputne lan Munir nyendhu marang wangsulan mau nganggo tembung-tembunge "kok murah temen jenenge Istikharoh kuwi? perkara sing wis cetha bisa dirampungne nganggo nalar lumrah, kok ndadak arep istikharoh barang? apa ngono kuwi ora ngremehne Gusti Allah, wong mung barang sepele wae lho kok ndadak arep wadul marang Gusti Allah?".

 

"Aku ngrumangsani Mas, nek tenane ngono aku  iki titah sing ringkih lan bodho" wangsulane Wagienem tetep nganggo suwara sing lempeng "aku iki ora duwe apa-apa lan ora bisa apa-apa, kajaba yen oleh pitulunganing Allah, aja maneh kok arep ngono-ngono, arep guneman iki wae lho? upama Gusti Allah ora paring kekuwatan marang aku tangeh nek aku bisa ngobahne ilat lan mbukak lambeku. Dadi kanthi nindakne sembahyang istikharoh kuwi ora merga aku nganggep murah marang Istikharohe, merga aku ngrumangsani dudu menungsa sing apa-apa sarwa bisa dhewe, ora mbutuhne pitulungane sapa-sapa, merga wis rumangsa pinter, kuwasa lan bisa".

 

Oleh wangsulan saka Waginem sing kaya mangkono kuwi, gelem ora gelem Munir dadi krasa yen Waginem wis ora bisa dikandhani murih manut panggiringe maneh. Mula, Munir ya banjur wangsulan :

"Ya wis yen sliramu pancen duwe panemu sing mangkono kuwi, ya mangga nek arep Sembahyang Istikharoh dhisik. Mung wae, aku mung aweh weruh : dadi guru neng sekolahan sing manggon ana ndesa  tur muride ora akeh kuwi mbutuhake kasabaran lan pangurbanan sing gedhe, kawruh lan pengalaman bisa uga karire akeh mandhege, pengasilane ora kena dijagakne butuh, beda karo dadi Guru ing papan sing kabeh-kabeh sarwa njurungake marang dina mburi sing nyata luwih sampurna ing samubarange".

 

"Matur nuwun banget Mas Munir" alon-alon Wangsulan "panjenengan wis akeh paring pambiyantu marang aku, uga paring rerigen sarta wawasan sing jembar mungguh tebane, ya lemah teles Gusti Allah sing bakal males. Sepisan maneh aku matur nuwun banget lho Mas. Saupama ing mengkone jebul aku ora bisa nglakoni sing dadi rerigen sarta paringane wawasan saka panjenengan, kuwi ora merga lupute Mas Munir nanging merga ya saka bodho lan cublukku wae".

 

Olehe Waginem aweh wangsulan sing kaya mangkono mau kuwi, merga Waginem wis mentog olehe ngampet kesabarane ngadhepi Munir sing rumangsane Waginem seneng pamer kaluwihan, ngremehne panemune liyan, ora ana wong pinter kajaba dheweke ora ana sing menangan sing bisa ngalahne awake. Oleh wangsulan kaya mangkono kuwi, Munir ya banjur meneng, nanging pangrasane ora kesenggol apa-apa. Malah duwe panemu yen Waginem wis ngrumangsani yen panemune wis kasoran wibawa karo panemune.  Mula Munir ya banjur manthuk-manthuk karo mesam-mesem merga wis kalegan atine. Ya merga kuwi Munir nggraita sajroning nalare, yen dhek emben weling kanggo Waginem sing dititipne mBah Rawan, nadyan wis diragati nganggo rokok gabus rong conthong, nanging durung kober tumeka ing pangkone Waginem, mangka kanthi rembugan ing dina iku, Munir weruh ana lelawangan sing wiwit menga, sing bisa dileboni kanggo nelukne atine Waginem, Waranggana Karawitan Prasaja Laras sing rumangsane Munir angel senggolane.

 

Sawuse ngobrol perkara liya sing ora ngemu wigati apa-apa, Munir banjur pamitan. Padha karo nalika nguntabne Sodik mau, Waginem olehe nguntabne Munir ya nganti tekan lawang. Karo mangkat mulih neng atine Munir tuwuh pangira yen ora bakal mbutuhne wektu suwe, atine Waginem bakal klakon bisa ditelukne lan bakal nuruti apa sing dadi pepenginane. Beda karo kang ana atine Waginem, nadyan sing diuntabne baline kuwi Munir, nanging sing ora bisa dilalekne malah wewayangane Sodik, sing saiki kira-kira malah wis tekan omah.

 

"Oh, Mas Sodik, muga-muga ..................................." angen-angene Waginem durung kober ditutugne.

 

 

ana candhake.

 

 

 


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...