Total Tayangan Halaman

Kamis, 31 Maret 2022

SLENDHANG KUNING (011)

11.

Waginem sing weruh praupane Sodik katon owah nuduhne kageting atine,  duwe rasa sing ora pati kepenak. Kegawa saka rasa tresna sing wis wiwit thukul ing atine marang Sodik, Waginem kethukulan rasa kuwatir yen nganti Sodik salah tampa lan duwe pangira yen antarane dheweke karo Munir wis ana sambunging tresna. Atine Waginem dadi melang-melang ora karuwan. Nanging Sodik ya ora suwe nggone kepencokan rasa kaget, karo mesem grapyak Sodik ngethungne tangane, ngajak salaman adhine misanan kuwi  ngajak salaman.

"Sliramu ta Dhik? tak kira sapa ?" kandhane Sodik karo nyawang praupane Munir sing uga katon yen kacondhokan rasa gumun, merga ora duwe panyana yen bakal kepethuk Sodik ing omahe Waginem kuwi.

"Lha kok sampean neng kene ta Mas?" sawise bisa nguwasani rasa gumune, Munir wangsulan nganggo pitakonan.

 

"Iya Dhik, iki mau critane rak bareng karo mBak Waginem nganyarne SIM neng Polres, banjur aku mampir pisan, mumpung wis tekan Ngawi" wangsulane Sodik blaka apa anane "Lha Dhik Munir iki mau pancen sengaja arep tindak mrene apa saka ngendi?".

 

"Aku ta Mas?" Munire wangsulan "ya pancen niyat arep mrene, arep niliki Dhik Waginem merga wis  suwe ora katon neng Gladhen Karawitan Prasaja Laras, ya mung kepengin ngerti kabare wae, kok suwe ora melu gladhen".

 

"Nuwun sewu" Waginem sing wiwit mau mung plenggang-plenggong merga ora nyana nek antarane Munir karo Sodik wis padha tepung becik, nyelani guneman "jebul Mas Sodik menika sampun tepang ta kalih Mas Munir?".

 

"Boten trimah tepang mBak" wangsulane Sodik karo ngguyu "Dhik Munir niki kapetang taksih adhik kula tunggal mBah Buyut, kajawi menika wiwit alit sampun dados kanca dolan, jeneh dalemipun Om Hari, Bapakipun Dhik Munir menika caket kalih griyane Ibu kula, tunggal RW namung benten RT".

 

"Oo makaten ta?" Waginem lagi tanggap "kula blas boten nyana menawi Mas Sodik kalih Mas Munir menika jebul taksih sedherek caket".

 

"Ya pancen lumrah wae Dhik" genti Munir sing semaur "merga aku pancen ora tau crita nek duwe sedulur Mas Sodik iki, kajaba saka kuwi nadyan sedulur nanging kasenengane beda, aku seneng nglayab neng ngendi-endi, nek Mas Sodik iki ketungkul ngopeni sawah karo raja kayane ditambah mulang neng SMA. Mas Sodik iki senengane mirengne musik-musik barat klasik nek aku seneng karawitan karo campur sari".

 

"Lho Mas Sodik niku dados Guru napa ta jebule, jan nyolong pethek tenan?" Waginem takon karo mesem mripate nyawang Sodik.

 

"GTT mBak" wangsulane Sodik "namung mbantu Guru Mapel Bahasa Inggris kalih Bahasa Arab ing SMA Al-Hasan nggen kula mrika kok".

"Sae sanget niku Mas" kandhane Waginem maneh "siswanipun kathah nggih? kula tak nyobi nglebetaken lamaran mrika menawi makaten, mbok menawi taksih mbetahaken Guru Mapel Bahasa lan Sastra Indonesia".

 

Krungu tembunge Waginem sing mangkono kuwi mau, Munir sing duwe pangira nek antarane Sodik karo Waginem ora mung kekancan lumrah, sing Munir banjur aweh sasmita sinandhi marang Waginem nek senengane Sodik kuwi lagu-lagu barat klasik sing ora cocog karo senengane Waginem sing aktif ing pakumpulan Karawitan, dadi rada cuwa. Munir rumangsa getun dene wis ngandhakne nek Sodik kuwi ya dadi Guru barang, sing wekasane malah aweh dalan marang Waginem bisa luwih nyambung rembugan karo Sodik.

 

"Menawi siswanipun nggih klebet radi kathah mBak" Sodik aweh wangsulan marang Waginem, aweh katrangan ngenani kahanan sekolahane "kelas tiga setunggal kelas kanthi siswa tigang dasa sanga, sedaya ngrangkep nyantri ing Pesantren Al-Hasan, makaten ugi siswa kelas kalih ingkang cacahipun sekawan dasa setunggal, menawi kelas setunggal dados kalih kelas, amargi kajawi lare-lare saking Pesantren ugi kawewahan lare-lare saking njawi ingkang boten nyantri ing mriku".

 

Olehe padha rembugan leren sedhela, ana bocah wadon rewange Waginem sing kulina ngrewangi nyetlika sandhangane wong sing padha nglondrekne teka karo nggawa wedang kopi, disuguhne Munir sing olehe teka keri.

 

"Mangga diunjuk Mas Munir" Waginem kandha ngacarani Munir supaya ngombe suguhane.

 

"Matur nuwun" wangsulane karo mbukak tutup gelas kopine.

 

"Nggih lumayan kathah menawi makaten Mas" Waginem guneman maneh, Munir sing wiwit mau rumangsa getun, ngrasakne nek ora diwenehi wektu kanggo amul melu rembugan  "kinten-kinten menawi kula nglebetaken lamaran mrika menapa saged dipun tampi inggih?".

 

"Inggih dipun cobi mawon mBak, murugaken kula boten patos ngertos kabetahaning tenaga pengajar, ing mriku kula namung mbantu" wangsulane Sodik blaka.

 

"Angel Dhik mlebu nyang sekolahan kono kuwi" Munir rumangsa oleh bahan kanggo melu omong, tur ya ana gunane marang awake "merga Sekolahan kuwi rak ngayom neng Yayasane Pesantren? Gek slirane apa bisa urip kaya modhele Ustadzah? samubarang kudu syar'i, kudu nyingkiri barang sing Sub-hat luwih-luwih sing dianggep haram,  adoh karo kasenengane wong awam kaya tunggalane Dhangdhut, Campur sari luwih-luwih karawitan, neng Pesantren ki sing ana ya mung tunggalane Hadrah karo Qasidahan, apa slirane bakal krasan upama bisa ketampa mulang neng kana?".

 

"Napa nggih leres makaten ta Mas Sodik?" ora mangsuli apa sing dikandhakne Munir, Waginem malah genti takon marang Sodik.

 

"Boten sedaya sing dicriyosne Dhik Munir niku wau leres mBak" wangsulane Sodik karo suwara sing sareh lan ketara nek sing guneman iku wong sing sabar "malah sangertos kula ing sekolahan mrika niku wonten kalih Guru ingkang ngrasuk agami ingkang benten kalih sanesipun. Ingkang setunggal Bu Ni Made Siti Asih, menika priyantun asli Gianyar Bali, agaminipun Hindu, ing mriku ngasta pelajaran ekstra kurikuler Seni Tari, lajeng ingkang setunggal malih Pak Tasmadi ingkang ngrasuk agami Protestan ngastanipun Mapel Geografi. Lan malih pas mengeti Milad Pesantren tahun kapengker nika, Pesantren nggih nggelar Ringgit, Dhalangipun Ki Cahya Kuntadi Dosen ISI Surakarta, pesindhen Bintang Tamunipun mBak Eka Uget-uget saking Sragen".

 

Oleh wangsulan ngono kuwi Waginem mesem, atine krasa seneng. Beda karo Munir sing banjur mbesengut rumangsa nek dientahi dening sedulure dhewe. Sodik tanggap nek Munir kagelan merga krungu olehe aweh wangsulan marang Waginem ngono kuwi mau, Sodik ora kepengin gawe gelane adhine misanan kuwi, mula banjur nutugne olehe guneman :

"Mila kula inggih nate mireng menawi wonten Pesantren ingkang nyiriki Seni Karawitan utawi Wayang lan sapanunggalanipun, nanging kula nggih namung mireng dereng ngertos Pesantren pundi ingkang ngecakaken ngaten menika. Menawi jaman rumiyin pas kula nate mondhok Pasan dhateng Madiun, Ngaos Kitab Sulamut Tawfiq dhateng Rama Kyai Basith dipun wejang boten namung Karawitan kemawon ingkang prayogi dipun tebihi, nanging ugi Orkes Gambus lan Samroh ugi sami kalih karawitan, Penyanyi-penanyi Samroh ingkang brukut busananipun dipun sebat sami kaliyan Tledhek Santri. Menika sami kalih piwucal ingkang kula tampi saking Rama Kyai saking Pesantren ing laladan Bacem. Inggih sadaya menika wangsul dhateng awakipun piyambak, kados pundi anggenipun ngginakaken nalar jumbuh kalih mekaring  budayanipun sowang-sowang".

 

Waginem dadi sansaya kasengsem marang Sodik sing rumangsane mujudne wong sing duwe ngelmu lan kawruh sing jembar tebane. Beda karo Munir sing dhasare ngono kawruhe ing babagan sing lagi dadi rembugan ora pati akeh. Munir dadi ora jenjem anggone lungguh, rumangsa ora diuwongne babar pisan karo sing lagi padha rembugan.

 

"Tak kira wis cukup butuhku Dhik" nalika ana kalodhangan Munir gage-gage guneman marang Waginem "wong olehku mrene mau mung arep ngabarake kasarasane Dhik Wag kok, ora teka neng gladhen kuwi tak kira lara apa piye, nek jebul slirane sehat-sehat wae ya sokur alhamdulillah, aku tak pamit dhsik nek ngono, disekecakne Mas Sodik".

 

"Lho kok kesusu arep menyang ngendi maneh ta Dhik?" Sodik sing luwih dhisik nyauti tembunge Munir "aku ya arep ndang bali kok, wong neng kene wis wiwit mau".

 

"Lho kok kesusu ta Mas Munir?" Waginem genti sing semaur "ya kopine diunjuk dhisik no".

 

Munir sing wis ngadeg arep ngalih, bali lungguh maneh, nyandhak kopine banjur disruput sithik-sithik.  Genti Sodik sing banjur guneman :

 

"Kula kinten sampun sawatawis mBak, kula sampun sumerep dalemipun mBak Waginem malah sampun diparingi kopi kalih sukun napa, sak niki kepareng kula tak wangsul rumiyin. Benjang menawi longgar utawi menawi ngepasi dhateng Ngawi menawi keparengaken kula tak sowan malih".

 

"Lhah jane dereng tuwuk jagonganipun lho Mas Sodik, kok kesesa badhe kundur?" wangsulane Waginem sing sajak kabotan arep ditinggal mulih Sodik.

"Benjing-benjing mawon menawi wonten kalodhangan dipun sambet malih" kandhane Sodik karo ngadeg "o enggih, menawi ngersakne nglebetaken lamaran dhateng SMA panggenan kula,  tulung kula dikabari, mbok menawi kula saged atur pambiyantu matur dhateng Pak Setya Basuki Ketua Yayasanipun".

 

"Inggih Mas, matur nuwun lho?!?" wangsulane Waginem, atine mundhak seneng. Rasa ing jerone dhadha sansaya krasa ngrembaka. Rasa Apa hara?.

 

ana candhake.

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...