Total Tayangan Halaman

Kamis, 31 Maret 2022

SLENDHANG KUNING (010)

10.

Waginem metu saka jero omah, nyangga baki isi kopi karo gorengan neng piring.  mBok Sadikem ngadeg, banjur pamitan marang dhayohe nek arep mbalik nunggoni dolanane neng warung. Waginem banjur mapan lungguh neng kursi, neng ngarepe Sodik keletan meja tamu.

"Diunjuk Mas" kandhane Waginem ngacarani "nyuwun ngapunten kopine kopi gorengane Simbok, namung nggereng kemawon".

"Matur nuwun" Sodik mbukak tutupe gelas karo wangsulan, kopi sing disuguhne isih kumebul gandane arum "kopi niku ingkang sae nggih kopi nggereng niku mBak, nek criyose lare-lare nem namine kopi koalisi".

Waginem ngguyu, Sodik ya melu ngguyu, kahanan dadi padhang ora kaku kaya pas Sodik lagi teka mau.

"Sak jane wau kula boten patos wantun lho Mas" Waginem guneman sawuse rada sauntara meneng "ngaturi Mas Sodik pinarak mriki niku?!?".

"Lho kenging napa ta mBak?" Sodik genti takon "napa kuwatos nek dipun dukani Simbok? Napa... napa nggih?".

"Boten niku Mas" wangsulane Waginem ketok rada serius "laladan mriki niki rak jane ngoten radi disiriki tiyang ta Mas? kathah ingkang boten purun kendel teng mriki, kajawi menawi tiyang mriki asli lan sakiwa tengene".

"Kok saged ngaten?" Sodik api-api ora ngerti, sak jane ngono Sodik ya wis tau krungu nek desa kono kuwi pancen akeh sing isih nyiriki.

"Nggih boten saged nglepataken ingkang nyirik niku Mas" Waginem wiwit waleh, kandha apa anane "rumiyin mriki rak kondhang panggenanipun tiyang estri nakal ta Mas? Nanging niku rumiyin, jaman kula taksih alit. Lajeng dening Pemerintah lokalisasi sing teng mriki ditutup, nanging namine laladan mriki kadhung kebacut panggenan ingkang boten sae, dados nggih dugi sapriki taksih kathah ingkang nyirik kendel teng papan mriki".

Sodik manthuk-manthuk sajak ngerti karo sing dikandhakne Waginem ngono kuwi. Pancen ya lumrah nek jenenge samubarang apa wae nek wis kadhung entuk cap elek, sanadyan satemene cap elek kuwi wis diilangi, panggah wae tilas-tilase angel bisane ilang.

"Nggih ingkang sabar mawon mBak" kandhane Sodik aweh semangat marang Waginem "mila limrah tiyang niku remen nggebyah uyah, sanaosa mriki rumiyin wonten lokalisasi, utawi kathah tingaipun nakal, nanging rak jane ngaten inggih taksih kathah ingkang sae?.  Lan malih, naminipun tiyang gesang menika saben-saben rak nggih saged ewah gingsir kahananipun ta mBak? saged mawon waunipun tiyang sae, sregep ngibadah, dumadakan kesandhung ing warata, lajeng katut panggodhaning setan, temah dados tiyang bubrah. Makaten ugi sakwangsulipun, tiyang ingkang suwaunipun kemulan dosa paribasanipun, njejemberi kawontenanipun, andilalah anyarengi dhumawahing kanugrahan saking Allah lajeng dados tiyang ingkang sakalangkung ing saenipun. Rak nggih makaten?".

 

"Leres sanget ingkang Mas Sodik dhawuhaken menika" Waginem wangsulan "nanging inggih niku wau, gandheng kebacut angsal cap awon, nggih kados kain pethak ingkang kacipratan tlutuh pisang, sanaosa sampun dipun kumbah mawi maneka warna sabun, inggih panggah kemawon tilas-tilasing tlutuh panggah boten saged ical".

 

"Ngaten mawon mBak, kangge ngadhepi pandumuk boten sae niku wae janipun kenging diwastani gampil" Sodik nutugne olehe guneman.

 

"Gampil pripun Mas?" Waginem ketok kasengsem karo sing arep dikandhakne Sodik.

 

"Nggih ngginakne unen-unen, milih dadi tunggak tinimbang dadi gagak ngoten nika lho" kandhane Sodik nggenahne "nggih kersanipun titiyang badhe mastani napa, mangga sauger awakipun piyambak boten kados ingkang dipunkandhakne tiyang-tiyang niku rak nggih sampun. Malah kanthi cara makaten kados sing dinyanyekne Nokus jaman siyen nika, Keadilan Tuhan".

 

"Inggih Mas" wangsulane Waginem alon "radin-radin tiyang mriki nggih ngecakne kados ingkang Mas Sodik dhawuhaken niku, boten kekathahen pangucap nanging nyatanipun Masjid wetan mriku niku sing agenge samanten, menawi Jumuah asring boten cekap dipanggeni tiyang ingkang jum'atan, saben wancinipun sembahyang gangsal wekdal inggih ketingal kathah ingkang sami sembahyang jama'ah. Makaten ugi kawontenanipun Gereja kilen nika, saben dinten Ahad inggih kathah ingkang ngrawuhi kebaktian ing mrika".

 

"Cak-cakan ingkang makaten niku wau, langkung trep mBak. Sae niku" kandhane Sodik aweh pangalembana karo apa sing dikandhakne Waginem.

 

"Kalih disambi lho Mas" Waginem mbaleni olehe ngacarani tamune "niki sukun goreng tanemanipun sawargi Bapak rumiyin ngantos sapriki taksih wonten".

 

"Inggih mBak, kleresan sanget sukun niku klebet kareman kula wiwit siyen, teng nggriya kula nggih nanem sukun kok, nembe kaping kalih anggenipun nguwoh" Sodik wangsulan karo njupuk sukun goreng sing ditawakne sing duwe omah.

 

Wong loro sing isih padha nome kuwi bali nutugne olehe padha omong-omongan. Sanajan batine Sodik ora leren-leren olehe aweh pangalem marang Waginem, sing rumangsane Sodik Waginem kuwi klebu unusaning para wanita, ayu pasuryane, alus solah bawane, krasa mentes apa sing dadi pangucape lan isih akeh maneh kaluwihane Waginem sing katon ngalela ing panyawanging batine Sodik, nanging sakecap ora ana sing diwetokne ing pangucape. Samono uga tumrape Waginem, wiwit sepisanan ketemu neng Bus kae, wewayangane Sodik tansah ora bisa ilang saka panduluning angen-angene. Saiki bareng bisa jejagongan maneh, rasa seneng lan rasa eram kuwi luwih gedhe maneh, ngrembaka ing sajroning nalar lan budine.  Tembung-tembung sing metu saka lathine Sodik, rumangsane Waginem nduweni bobot sing manteb, meh kabeh mung ngarah marang kabecikan, ora ana tembung sing nuwuhake ora becik. babar pisan ora keprungu tembung sing ngala-ala sapa wae. Waginem rumangsa ayem lan tentrem krungu kabeh tembung sing dikandhakne Sodik, kaya nalikane Waginem nyemak ceramahe para Ustadz sing mblarah ngebaki latare Youtube kae, malah kepara luwih nduweni kabecikan sing luwih akeh maneh.

 

"Nuwun sewu kula kok nate manggih unggahan teng Youtube, karawitan saking Karangasri Ngawi kok rumaos kula waranggane kados mbak Waginem ta? napa niku leres mBak Waginem saestu?" dumadakan Sodik takon bab karawitan sing dieloni Waginem, sawuse akeh olehe padha ngobrol.

 

"Inggih mbok menawi pancen leres Mas Sodik" wangsulane Waginem karo rada semu isin "mila kula ndherek gladhen seni karawitan ingkang rumiyinipun dipun kangge gladhen Ibu-ibu PKK dhusun mriki, namine Karawitan Prasaja Laras ingkang dipun pangarsani Pak Carik mriki. Mas Sodik nggih sok mirsani ta jebule? kula kinten menawi alergi kalih bangsane seni makaten menika?".

 

"Kula niki tiyang ingkang boten mudheng seni mBak" wangsulane Sodik karo mesem "nanging seni menapa kemawon boten wonten ingkang kula siriki, nggih ingkang campur sari, keroncong, napa karawitan sedaya kula remen. Pancen sok inggih wonten lagu-lagu ingkang unen-unenipun boten kula remeni, kados Gubug Asmara upaminipun, niku kula pancen boten remen, namung kemawon kathah lagu-lagu ingkang menggah kula cocok, langkung-langkung ingkang modhel klasik kados Uler Kambang, Glathik Glindhing, Gambir Sawit ngoten nika, kula remen sanget".

 

"Menawi makaten inggih sami kaliyan kula Mas" wangsulane Waginem "kula nggih boten radi mathuk kalih lelagon sragenan Gubug Asmara nika, nek dikengken milih kula langkung remen nyekar bangsane Pangkur Irama Lamba ngaten nika".

 

Bareng rembugane wis tekan babagan seni karawitan, olehe padha jagongan dadi sansaya gayeng. Luwih-luwih nalika Sodik kober aweh apresiasi marang gendhing-gendhing klasik, sing jarene Sodik ngemu akeh piwulang luhur, sing isine aweh panuntun marang para wong sing gelem ngrungokne, rupane ajaran adi luhung, mulangake moral sing becik sing jumbuh karo piwulanging kautaman salaras karo tuntunaning Pangeran sing wujud Agama. Waginem sansaya katrem lan kasengsem ngrungokne apa sing dikandhakne dening Sodik. Lan mesthi wae, rasa seneng sing tuwuh ing atine bocah wadon sing ora suwe maneh bakal diwisuda minangka Sarjana Pendidikan kuwi, dadi sansaya ngrembuyung mundhak ngrembaka. Sodik dhewe, sing bola-bali krungu tembunge Waginem sing sok nyelani olehe guneman, dadi sansaya ngerti yen Waginem kuwi nyata-nyata wong wadon sing intelektuale dhuwur lan duwe wawasan sing luwih jembar.

 

Nanging, olehe padha jagongan kuwi dadi kandheg bareng saka ngarep lawang keprungu suwarane wong kula nuwun. Nandhakne nek ing omah kono ketekan tamu anyar saliyane Sodik.

 

"Mangga......" Waginem ora sranta aweh wangsulan marang sing lagi teka karo mripate nguwasi pernahe lawang.

 

Sing dimanggakne ora ngenteni dipindhoni olehe manggakne, banjur mlaku leu omah nyedhaki sing lagi padha jagongan. Sepira kagete Sodik bareng dheweke ndengengek nyawang sing lagi teka, sing ora liya sedulure dhewe, sedulur tiba misanan sing ora liya.... Munir.

 

 

ana candhake.

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...